BAB IV PIREMBAG
C. Kapitadosan Mrapen Abadhi ing Kitha Grobogan
Jaman rumiyin latu abadhi dipunginakaken Empu Supo kangge ngobong pusaka. Latunipun sapunika taksih saha boten pejah. Bebrayan Jawi anggadhahi kapitadosan bilih latu abadhi kangge upaca ritual supados dados barokah.
Miturut Ibu Mutakiyah kapitadosan ing latu abadhi dipunginakaken kangge nyumet latu pendamelan restaurant ingkang kawitan. Andharan Ibu Mutakiyah inggih punika.
“Api sebagai menyalakan api pembuatan restaurant pertama kali ”( Surya wawan rembag : 15 April 2010 ).
Miturut Ibu Ribudiyati latu abadhi kangge upacara ritual umat Buddha. Andharan Ibu Ribudiyati inggih punika.
“ Ritual umat Buddha buat pengambilan api ” ( Surya wawan rembag : 15 April 2010 ).
Miturut Buku Panduan Adicara Mendhet Api Dharma ing Mrapen Abadhi, bilih tegesipun latu abadhi inggih punika.
Api Dharma saking sumber latu alam ing Mrapen. Latu minangka tandha ingkang madhangi saking prakawis ingkang boten sae. Ngicalaken kawontenan ingkang boten sae dados sae, maringi kawruh ing pagesangan. Kanthi padhang manahipun pramila pagesangan saged tentrem dening utusan Dharma ingkang saged ngicalaken manungsa saking prakawis ingkang awon.
Ajining upacara ritual ingkang saged dipunpundhut saking tandha api dharma inggih punika ndadosaken umat Buddha madosi ing salebeting manah. Prakawis raos remen saha welas asih saged madhangi nagari kangge medal saking prakawis ingkang awon. Kanthi madhangi manah nagari Indonesia saged madosi raos remen ing donya saha pagesangan salajengipun.
Api Dharma minangka tandha pirantos peribadatan ritual umat Buddha ingkang tansah madhangi manah saha kemutan ing salebeting pagesangan sapunika. Tandha mendhet latu dipunwontenaken Perwakilan Umat Buddha Indonesia ( WALUBI ) ingkang ndadosaken sesrawungan saha rukun ing pagesangan umat agami katindakaken kanthi lelandhesan raos remen saha welas asih ingkang ndadosaken sedaya ingkang dipuntindakaken Buddha Dharma ing Indonesia.
Salajengipun tegesipun ingkang kakandhut ing adicara Waisak ? Buddha mucalaken bilih pagesangan inggih punika prakawis lampahan saha dumugi kasampurnan. Dalan kasampurnan inggih punika dalan ingkang utami beruas delapan. Dalan Bodhisatva ingkang kedah dipungayuh boten goroh, boten srakah, boten remen, saha boten bodho.
Pagesangan dipunlampahi kanthi saestu punika saged gayuh raos remen saha sampurna kados ingkang sampun dipuntuladhani Sang Buddha. Dalan sang Buddha inggih punika dalan ingkang luhur saha suci. Dalan ingkang wicaksana, raos remen, tetulung marang bebrayan. Dalan Sang Buddha inggih punika dalan kangge tumuju Nirvana menawi umat Buddha minangka ahli warisipun.
Prakawis ingkang ndadosaken sejarah ing Mrapen Abadhi miturut Rubiatno : 15 antawisipun inggih punika, Surya 1 Nopember 1963 dipunginakaken kangge upacara mendhet latu GANEFO 1, Surya 8 September 1981 dipunginakaken kangge upacara mendhet latu API PON X ing Jakarta, Surya 9 Februari 1983 dipunginakaken kangge upacara mendhet latu API POR PWI 1, Surya 8 September 1989 dipunginakaken kangge upacara mendhet latu
peresmian Stadion Sri Wedari, Surya 6 Oktober 1989 dipunginakaken kangge upacara kawitaning PON XII ing Jakarta, Surya 23 Agustus 1996 dipunginakaken kangge upacara mendhet latu PON XIV ing Jakarta.
2. Sela Bobot
Kapitadosan bebrayan Jawi kaliyan sela bobot kangge ngramal nasib. Sela bobot punika kangge upacara ritual. Miturut Ibu Rubudiyati bilih asringipun ngangkat sela bobot katindakaken dinten Jum’at Kliwon saha kathahipun wulan Sura surya kaping 1 – 10. Tiyang ingkang rawuh inggih punika saking dhaerah mriki kitha Pati, Jepara, Rembang. Dhaerah kilen inggih punika kitha Weleri, Kendal, Pekalongan. Dhaerah saking kidul inggih punika kitha Yogyakarta, Solo, Sragen. Limrahipun ingkang rawuh inggih punika bebrayan ingkang sampun nate ngangkat sela bobot.
Andharan Ibu Ribudiyati inggih punika.
Jum’at Kliwon kangge upacara ritual. Masyarakat yakin batu bobot dikeramatkan. Bulan Suro tanggal 1 – 10 full yang berkunjung. Biasanya yang berkunjung orang – orang lama. Mriki orang Pati, Jepara, Rembang. Kilen: Weleri, Kendal, Pekalongan. Kidul : Yogya, Solo, Sragen ( Surya wawan rembag : 15 April 2010 ).
Pikajengan bebrayan Jawi ingkang dipunsuwun punika mawerni – werni. Miturut Ibu Mutakiyah pikajengan ingkang dipunsuwun kados upaya ingkang dipuntindakaken kasil, mlebet ing sekolahan saged katampi, ngobati sakit kulit, calonan perangkat, calonan pegawe saged katampi, nyuwun pikantuk lare (keturunan ), saha nyuwun jodho.
Andharan Ibu Mutakiyah inggih punika.
Batu istilah menandakan tujuan apa dilaksanakan bagus atau tidak. Caranya mengangkat batu bagus atau tidak bisa terkabul. Kepercayaan masyarakat yang mempercayai untuk usaha sukses, menyembuhkan orang sakit, calonan perangkat, daftar pegawai, daftar sekolahan, minta keturunan, minta jodho ( Surya wawan rembag : 15 April 2010 ).
Miturut Ibu Titin kapitadosan bebrayan Jawi tumrap sela bobot inggih punika saged ngangkat sela bobot saged nyuwun jodho ingkang ayu, saged sugih saha ngobati sakit kulit.
Andharan Ibu Titin inggih punika.
Pancen nggih mrapen kathah damel kepercayaan. Watu bobot jarene saged ngangkat nyuwun jodho ayu, watune bisa sugih, gadhah penyakit, sembuh saged terkabul ( Surya wawan rembag : 15 April 2010 )
Miturut Ibu Sumiyatun kapitadosan para bebrayan kangge ngramal nasib. Sela bobot kanthi tiga angkatan kasil punika pikajengan ingkang dipunsuwun kagayuh. Andharan Ibu Sumiyatun inggih punika.
“ Percaya malih watu diangkat ping telu kuwat terus awujud utawi terkabul ” ( Surya wawan rembag : 15 April 2010 ).
Prakawis kasebat gumantung tiyang ingkang pitados. Kapitadosan miturut piyambak – piyambakipun. Bebrayan Jawi wonten ingkang pitados pramila pikajengan saged kagayuh. Menawi tiyang ingkang boten pitados nyeyuwun punika namung dhumateng Gusti Allah boten nyuwun kaliyan sela. Ngangkat sela bobot minangka lantaran supados saged barokah. Pitados boten pitados punika sampun kathah ingkang sowan nindakaken ngangkat sela bobot saha pikajengan ingkang dipunsuwun kagayuh.
3. Sendhang Dhudha
Kapitadosan bebrayan Jawi ing Dhusun Mlatih, Desa Manggarmas, Kecamatan Godong, Kabupaten Grobogan kaliyan toyanipun sendhang dhudha punika ngandhut welirang. Miturut Ibu Siti Fatonah kapitadosan bebrayan Jawi tumrap toyanipun sendhang dhudha punika kangge ngobati sakit, kangge pendamelan, saha petani kangge campuran nyemprot taneman.
Andharan Ibu Siti Fatonah inggih punika.
Banyu kepercayaan kangge obat, kangge usaha. Mandi dipununjuk ugi saged dienggo kangge ngelapi usahanipun ugi saged. Petani kangge nyemprot tanaman ( Surya wawan rembag : 15 April 2010 ).
Miturut Ibu Mutakiyah kapitadosan para bebrayan tumrap toyanipun sendhang dhudha inggih kangge ngobati sakit kulit ( toyanipun punika dipunginakaken siram ), ngobati sakit jero, petani kangge campuran nyemprot taneman saha tiyang ingkang ingon – ingon kangge ngresiki kandhang ingkang kawitan.
Andharan Ibu Mutakiyah inggih punika.
Air sendhang sebagai obat kulit digunakan untuk mandi. Diambil di kamar mandi untuk mandi, penyakit dalam bisa diminum. Pertanian sebagai campuran menyemprot tanaman, peternakan sarana membersihkan kandhang pertama ( Surya wawan rembag : 15 April 2010 ).
Bebrayan Jawi ingkang buktiaken toyanipun sendhang dhudha saged ngobati sakit kulit. Tiyang kasebat saking kitha Cilacap saha Godong anggadhahi sakit jiwa utawi ical akalipun. Piyambakipun telaten mendhet toya kanthi cara dipunsiram ing badanipun, pramila sakitipun waras.
Miturut Barokah ngandharaken bilih toyanipun sendhang dhudha punika kalebet faktor alam ingkang aneh. Kapitadosan bebrayan Jawi toyanipun asrep, toyanipun umup saged dipunsumet kaliyan latu. Toyanipun sendhang dhudha saged ngobati sesakit kulit.
Andharan Barokah inggih punika.
Faktor alam tetapi keunikan ing sendhang dhudha dipercaya masyarakat airnya dingin biasa, unthuke blekuthuk – blekuthuk saged disumet geni. Toyanipun bisa ngobati penyakit kulit ( Surya wawan rembag : 15 April 2010 ).
Miturut Ibu Ribudiyati kapitadosan bebrayan Jawi tumrap toyanipun sendhang dhudha inggih punika saged ngobati sakit kulit. Ingkang buktiaken tiyang ingkang sakit lumpuh. Piyambakipun telaten mendhet toya sendhang dhudha kangge siram. Pramila kanthi niat ingkang saestu sakit lumpuh punika waras.
Andharan Ibu Ribudiyati inggih punika.
Obat penyakit kulit. Air wonten gas belerang karena airnya masuk posisinya rendah. Orang yang membuktikan yaitu dia sakit lumpuh mandi disini sembuh, mungkin terlalu yakin ( Surya wawan rembag : 15 April 2010 ).
Sedaya kapitadosan para bebrayan ugi wonten ingkang pitados saha ingkang boten pitados. Tiyang ingkang aslinipun Dusun Mlatih, Desa Manggarmas menawi mendhet toyanipun punika jodho – jodhoan. Toyanipun saged ngobati sesakit kulit saha boten saged ngobati. Prakawis ingkang njalari sesakit kulit saged waras amargi toyanipun sendhang dhudha ngandhut welirang.