• Tidak ada hasil yang ditemukan

SERAT KEDUNG KEBO serat kedung kebo

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2017

Membagikan "SERAT KEDUNG KEBO serat kedung kebo"

Copied!
6
0
0

Teks penuh

(1)

S E R A T K E D U N G K E B O

Program digital ini dikembangkan untuk melestarikan dalam mendukung proses pelestarian sastra daerah di Indonesia. Hasil dari program digital ini berupa karya sastra Jawa yang disalin dalam bentuk teks digital format pdf. Semoga tujuan blog www.alangalangkumitir.wordpress.com adalah menjadi salah satu sumber digital karya-karya sastra Jawa dapat dibaca, ditelusuri atau diunduh oleh para sutrisna budaya ataupun masyarakat secara bebas.

Salam asah asih asuh. Nuwun.

@@@

SEJARAH DIPANEGARA

Bismilah kala tinulis

warsa Alip kan lumampah Jumadilawal sasine

Julurpujud wukunira marengi tangal pisan Buda Pon enjing rinipun mangsa kalih duk semana.

Sengkalanira ingangit boqmenawa kaleresan rehning bodho pujanggane windunipun windu Setra ing mangke sengkalanya catur ing, syaraning ratu Dyan Dipati karsanira.

(2)

dumateng ing putra wayah buyut tanapi cangah

dadosa pangemut-emut ing benjang sami ngertiya.

Ing akir kang dereng uning sedaya samya emuta gancare eyang lampahe kalane dherek lampahnya Kanjeng Gusti Pangeran Kusumayuda puniku

sakundure Jeng) Pangeran.

Ing mangke Raden Dipati pilenggah neng Purwareja ingangkat Kumpeni Gedhe Tuwan Besar nagari Olan sarta jinujung drajat leluhur sing rama Ibu jumurung sarta nugraha.

Wiwitan dalasan mangkin Dyan Dipati sampun wirya wus dumugi sakarsane ejrah Nabi dipun etung sewu dwi atus warsa seket taun tenggakipun marma aran tanpa sirah.

Sengkala ejrah winarni tataning netra awarna sengkala Jawi raose pandhita wikunng condra sewu saptatus warsa

seket pitung dasa langkung tunggal tenggak tanpa sirah.

(3)

nagri Mantaram wiyose Yugyakarta Adiningrat Nata dinukan Suksma

dhumateng Yang Maha Agung sirnane kabekta topan.

ASMARANDANA

Kasmaran samar ing galih galihe pekir kang nistha sangking sru sanget papane kinunjara neng Semarang mangkya seseming driya amurwa lelakonipun Pangeran Dipanagara.

Duk arsa mangun agami ngrata ing rat tanah Jawi carita puniku wite

anurun kagunganira nenggih Mangunsubrata Mister Jawa kang linuhung pilenggah nagri Semarang.

Mangunsubrata ingkang wit denya anurun carita

Babad Dipanegarane

Mas Behi SutanegaraPatih dibya ii) Samarai) kang kagungan babonipun

Babad srat Dipanegara.

(4)

Nuju Pujut wukuneki sengkalane tanah Jawa tata lawan) ajaring wong, Mas Behi Sutanegara dennya nurun carita

Dyan Dipati langkung wirya ing negari Purwareja.

Amangke Raden Dipati pan sampun jinunjung drajat Kumpeni kang lairake

Tuwan Besar ing Nedherlan wit sawabing luhurnya sangking rama miwah Ibu kasertan takdiring Allah.

Mila ta kangsi samangkin Dyan Dipati langkung wirya dumugi barang karsane ejrah Nabi dipun etang sirna tasik raningrat

menggah ing sengkala Jawa.

Bumi ardi resi siji

ing mangke amangun kondha nagri Mentaram kandhane inggih nagari Nayogya praja ing tanah Jawa rikala katekan bendu sangking Allahu Tangala.

(5)

Arja Winagun nagari andeling Panaraga

mangke kinunjareng manon wonten praja ing Semarang ngriku manggih carita nalikanira puniku Pangeran Dipanagara.

Mangun prang neng tanah Jawi dene ingkang paring kojah cariteku sadayane

sangking Raden Ali Basah gih Kerta Pengalasan ing uni punggawanipun Pangeran Dipanagara.

Lajeng rinipta ing kawi rinenggeng sekar macapat supados rahab kang maos menggah lepating carita inggih nuwun aksama

rehning kang marenggeng kidung meksih lit tan wrin pribadya.

Nalika murwa ing kawi Mangun langening carita Ing soma manis wancine Jam tri siyang nujeng tanggal Sangalikur kang wulan

Rabingulakir kang taun Prapalip surya duk katiga.

Julungpujud wukuneki sengkala Jawi pinetang tata lawang ajairng wong kang kinarya purweng kondha nagari ing Nayugya

anenggih sabakdanipun

(6)

Referensi

Dokumen terkait