Top PDF Owah-owahane Tegese Tembung Ing Basa Jawa Adhedhasar Drajate

Owah-owahane Tegese Tembung Ing Basa Jawa Adhedhasar Drajate

Owah-owahane Tegese Tembung Ing Basa Jawa Adhedhasar Drajate

nduweni pangkat, ora mbutuhake sekolah (pendhidhikan) kang dhuwur kanggo nindakake pakaryan kasebut, apa maneh ing bab gengsi kekarone iku klebu pakaryan kang kurang narik kawigatene masyarakat, sarta liya-liyane. Saengga nuwuhake penganggep yen pakaryan kasebut klebu pakaryan kang biyasa-biyasa wae, kepara tuwuh penganggep yen pakaryan kasebut klebu pakaryane wong cilik. Tegese pakaryan tukang cikar luwih cetha lan luwih gamblang (praktis) tinimbang tegese tembung bajingan. Bisa dibuktekake jalaran tegese tembung tukang cikar iku langsung tumuju menyang pakaryan, yaiku pakaryane wong kang narik utawa nglakokake cikar. Banjur tegese pakaryan bajingan dirasa luwih asor drajate lan krasa kasarjalaran ing wektu saikipenganggone tembung bajingan luwih tumujumenyang teges kang ala lan asor dening penganggo basa, mligine penganggo basa generasi saiki. Beda karo penganggone tembung bajingan ing wektu biyen, antarane periodhe 1975-1995, jalaran ing periodhe kasebut penganggo basa ngerteni lan nggunakake tembung iku mau. Ing periodhe 1975-1995 isih akeh cikar kang mlaku, beda karo jaman saiki, senajan cikar uga isih tinemokake ing dhaerah-dhaerah tartamtu.
Baca lebih lanjut

16 Baca lebih lajut

Lelewa Lan Pamilihe Tembung Basa Warok Ponorogo

Lelewa Lan Pamilihe Tembung Basa Warok Ponorogo

linguistik kang ngrembug ngenani siji-sijine basa kang awujud swara. Fonologi basa warok Ponorogo ing panliten iki dionceki babagan purwakanthi guru swara yaiku purwakanthi kang awewaton utawa paugeran swara, amarga sing dikanthi utawa sing digandheng swara (Padmosoekotjo, 1953:86), purwakanthi guru sastra yaiku purwakanthi kang awewaton utawa paugeran sastra utawa aksara, amarga sing dikanthi utawa sing digandheng sastra utawa aksara (Padmosoekotjo, 1953:86), lan lumaksita yaiku mujudake pangulangane tembung utawa wanda kanthi urut kang dumunung ing pungkasane gatra lan diambali maneh ing gatra sabanjure (Padmosoekotjo, 1953:56) (2) titi tembung (morfologi) mujudake bagiyan ilmu basa kang ngrembug utawa nyinaoni asal-usule tembung sarta pangaribawa owah-owahane tembung tumrap golongan lan tegese, utawa bisa ditegesi yen morfologi nyinaoni asal-usule tembung sarta fungsi owah- owahane bentuk kasebut, bisa awujud fungsi gramatikal utawa fungsi semantik (Ramlan, 1987:21). Morfologi basa warok Ponorogo ing kene dionceki babagan tembung saroja yaiku tembung rangkep. Maksude tembung loro kang padha tegese utawa meh padha dianggo bebarengan. (Padmosoekotjo, 1953:25) lan tembung entar yaiku tembung silihan. Tembung kang ora kena ditegesi mung sawantahe wae. Tembung iki ora nduweni teges asline utawa wis owah saka asline. Teges asline owah kanthi teges anyar kang isih ana sesambungane karo tembung wiwitane. Dadi teges kang anyar bisa diarani minangka tembung silihan (Padmosoekotjo, 1953:35).sing ana sajroning basa warok Ponorogo nalika ing pementasan. (3) titi makna (semantik) yaiku salah sawijining cabang linguistik kang ngrembug ngenani arti lan tegese tembung. Teges kang dikarepake yaiku makna kang kaiket ing sajroning unsure basa mau (Djajasudarma, 1995:5). Semantik sajroning basa warok Ponorgog ing panliten iki bakal dianalisis babagan relasi makna sinonimi yaikju njlentrehake ujaran (tembung, frasa, lan klausa) kang maknane kurang luwih padha karo makna ungkapan liya (Verhaar, 1978), lan antonimi yaiku ungkapan (kang arupa tembung, nanging ana uga sajroning frasa utawa ukara) kang maknane dianggep suwalike saka makna ungkapan liya Verhaar (1983:133), sarta uga ngonceki babagan makna tembung denotatif yaiku tembung utawa kelompok tembung kang lelandhesan saka sesambungan-sesambungan lugas antaraning satuan basa lan wujud ing sanjabane basa kang diterapi satuan basa kanthi trep, lan konotatif yaiku sawijining jenis makna sing stimulus lan respone ngandhut nile-nile emosional (Keraf, 2006:29).
Baca lebih lanjut

6 Baca lebih lajut

Elipsis Jejer Sajrone Ukara Camboran Ing Basa Jawa

Elipsis Jejer Sajrone Ukara Camboran Ing Basa Jawa

Adhedhasar perangan sing disingidake elipsis diperang dadi telu yaiku elipsis jejer, elipsis wasesa, lan elipsis lesan. Elipsis jejer yaiku nyingidake perangan jejer sajrone ukara kanthi tujuwan kanggo ngirit tembung nanging ora ngowahi tegese ukara. Elipsis wasesa yaiku nyingidake perangan wasesa ing ukara tanpa ngowahi tegese ukara, nanging ora kabeh wasesa bisa dielipsisake. Elipsis lesan yaiku nyingidake perangan lesan ing ukara tanpa ngowahi tegese ukara, ing elipsis lesan iki ora kabeh lesan bisa dielipsisake. Elipsis jejer kalebu perangane elipsis (Herawati, 2006:55). Titikane ukara elipsis yaiku (1) ana salah siji perangane ukara sing disingidake, (2) senadyan ana salah sijine perangan sing disingidake nanging ora ngowahi tegese ukara kasebut, (3) ukarane luwih ringkes nanging tegese ukara bisa dingerteni (Herawati, 2006:55). Jejer bisa awujud tembung aran, tembung sesulih, tembung wilangan, tembung kahanan. Jejer nduweni sipat±sipat : dadi prabot bakuning ukara minangka watesing tebane wasesa sing kapisan, madeg dhewe, kedadeyan saka tembung aran, ukara frase (Subagyo, 2011:31). Dene miturut Sasangka (2013:156) jejer yaiku perangan sing dadi bakune ukara utawa sing dadi lelajere ukara. Andharan ± andharane para ahli kasebut bisa didudut yen elipsis jejer yaiku nyingidake guna jejer sajrone ukara kanthi tujuwan kanggo ngirit tembung nanging ora ngowahi tegese ukara. Anane elipsis jejer sajrone ukara jalaran ing ukara kasebut jejer nduweni wujud lan guna sing padha. Kanggo ngerteni luwih rowa ngenani elipsis jejer ing basa Jawa bakal diandharake ing ngisor iki.
Baca lebih lanjut

13 Baca lebih lajut

Owah-owahane Kesenian Reyog Ing Desa Kauman Jalaran Pangaribawa Ajaranislamtintingan Folklor

Owah-owahane Kesenian Reyog Ing Desa Kauman Jalaran Pangaribawa Ajaranislamtintingan Folklor

Salah sijine budaya lokal kang ana ing Indonesia yaiku Kesenian Reyog saka Ponorogo. Kesenian Reyog tuwuh nalika jaman Hindu ing Jawa Wetan, nanging kesenian Reyog kang dikenal dening bebrayan saiki yaiku kesenian Reyog modern kang wis owah saka asline nalika jaman Hindu. Reyog asale saka basa Arab (Riyyuq), amarga anane pangaribawa saka dialek basa Jawa mula owah dadi tembung Reyog kang tegese khusnul khotimah utawa apik pungkasane (Maryaeni, 2005:83). Kesenian Reyog Ponorogo nduweni tujuwan minangka sarana panglipur utawa hiburan lan perangan saka upacara (komunal, individual utawa kulawarga). Dadi Reyog Ponorogo minangka salah sawijine kabudayan kang awujud kesenian tari nanging paedahe ora saderma kanggo sarana panglipur utawa hiburan wae, nanging uga minangka perangan saka upacara tartamtu. Mula ora salah yen Kesenian reyog diarani sawijine kesenian kang sipate sakral, amarga sadurunge mentasake kesenian reyog ponorogo ana upacara-upacara tartamtu kang kudu dilakoni supaya mikolehi berkah lan keslametan.
Baca lebih lanjut

13 Baca lebih lajut

Metonimi Ing Basa Jawa Masyarakat Desa Sobontoro, Kecamatan Boyolangu, Kabupaten Tulungagung

Metonimi Ing Basa Jawa Masyarakat Desa Sobontoro, Kecamatan Boyolangu, Kabupaten Tulungagung

Sesambungane teges metonimi uga dijlentrehake lan diandharake dening Djajasudarma (2009:86-87), sumber liya saka varisasi polisemi yaiku metonimi kang nduweni sesambungane marang panganggone kanthi cara figuratif adhedhasar asosiatif, metonimi bisa arupa nama ciri, utawa nama kang digayutake marang wong, barang, utawa samubarang kanggo ngganti acuane. Saka panemu kaseEXW ELVD GLZHQHKL WXODGKD NDQJ ND\D PDQJNDQH ³$NX DUHS QJXPEDK PRWRU´ 7HPEXQJ motor ing ukara kasebut nuduhake metonimi kang nuduhake sakabehe kanggo saperangan. Dene tegese tembung kasebut yaiku saperangane saka sakabehe motor (saliyane perangan kang ora kena diambah banyu kaya dene bageyan tengki bensin, lampu, mesin njero, lan sapanunggale).
Baca lebih lanjut

11 Baca lebih lajut

Tradhisi Manganan Ing Desa Janjang Kecamatan Jiken Kabupaten Blora (Wujud, Makna, Fungsi, Lan Owah Gingsir Budaya)

Tradhisi Manganan Ing Desa Janjang Kecamatan Jiken Kabupaten Blora (Wujud, Makna, Fungsi, Lan Owah Gingsir Budaya)

kanggo adicara kasebut adhedhasar petungan dina, lan pasaran. Taun-taun sadurunge saben acara manganan GLDQDNDNH GLQD -XP¶DW SDVDUDQH 3RQ PXOD SDUD ZDUJD ODQ OXUDK QJJROHN GLQD -XP¶DW 3RQ VXSD\D SDGD NDUR WDXQ sadurunge. Saliyane pada karo taun sadurunge dina kasebut kudu sawise panen pari kang sepisan. Pak Lurah lan para pamong liyane ing rembug desa banjur netepake GLQD NDQJJR DFDUD PDQJDQDQ \DLNX GLQD -XP¶DW 3RQ tanggal 9 Mei 2014 wiwit jam 8 esuk. Dina Manganan wis ditetepake, sabanjure netetepake dina kanggo tahlilan kang wis dadi tradhisi nalika ana manganan. Tahlilan dianakake wiwit agama Islam mlebu ing Jawa. Pak Harno minangka Modin netepake dina kanggo miwiti tahlilan yaiku dina Selasa tanggal 6 Mei 2014. Tahlilan dianakake ing bangsal Makam Mbah Janjang.Sawise netepake dina banjur ndhapuk panitia kang dumadi dadi ketua, sekretaris, bendahara, humas, seksi-seksi, lan liya- liyan e. Dhana adicara manganan dijupuk saka urunan warga desa. Pak Lurah netepake yen urunan saben KK yaiku rong puluh ewu lan kabeh warga padha sarujuk. Dhuwit urunan kasebut dikumpulake dening Pak Narko (kamituwa) lan dipasrahake marang bendahara desa Pak Sukatno. Saliyane dhuwit urunan saka warga desa uga ditambahi dhana saka kas desa.
Baca lebih lanjut

13 Baca lebih lajut

Basa Bakul Iwak Ing Pasar Ujungpangkah Kabupaten Gresik

Basa Bakul Iwak Ing Pasar Ujungpangkah Kabupaten Gresik

Panaliten iki nggunakake telung cara panliten, yaiku (1) carane ngumpulake dhata, (2) carane ngolah dhata, (3) carane nyajekake olahan dhata. Saben cara iku nduweni metode lan teknik dhewe-dhewe. Metode kang bisa digunakake kanggo nglumpukna dhata sajrone panliten sosiolinguistik bisa nggunakake metode kang biyasa digunakake ing panliten sosial (Mahsun, 2013:242). Sajrone panilten iki nggunakake metode simak lan cakap. Dhata kang wis diklumpukake banjur dijlentrehake kanthi cara deskriptif. Mahsun (2013:279) ngandharake asile analisis dhata kang ditliti minangka wujude asile undheraning panliten. Sajrone nyajina asile panliten ana rong metode, yaiku formal lan informal. Metode informal yaiku ngandharake asli jlentrehan dhata kanthi cara nganggo basa lan formal yaiku kanthi cara ngandharake tanda-tanda lan lambang-lambang (Sudaryanto, 1993:144). Dadi, asil analisis kang bakal disajekake nganggo klasifikasi kanthi cara menehi kode-kode dhata kang dianggep tindak tutur lokusi, ilokusi, lan perlokusi.
Baca lebih lanjut

5 Baca lebih lajut

tata tembung morfologi bahasa jawa

tata tembung morfologi bahasa jawa

Unsur langsung pandhapuking tembung wonten ing basa Jawi • Tembung wod namung sakedhik • tembung lingga kawuwuhan, kacambor, karangkep • Tembung lingga andhahan  tembung ingkang ka[r]

7 Baca lebih lajut

Pamilihie Tembung Lan Lelewane Basa Sajroning Antologi Geguritankidunglingsir Wengianggitane Suharmono Kasiun

Pamilihie Tembung Lan Lelewane Basa Sajroning Antologi Geguritankidunglingsir Wengianggitane Suharmono Kasiun

3DPLOLKH DQWRORJL JHJXULWDQ ³KidunJ /LQJVLU :HQJL´ angitane Suharmono Kasiun kang dadi objek panliten iki didhasari kang kapisan jalaran Suharmono Kasiun mujudake penggurit sing wis suwe nlateni ngripta geguritan ing MDJDGLQJ NDVXVDVWUDQ -DZD 6DODK VDZLMLQH NDU\DQH \DLNX ³.LGXQJ OLQJVLU ZHQJL´ .DSLQJ SLQGKR VDMURQH DQWRORJL JHJXULWDQ ³ ./:´ GLWHPRNDNH DNHK EDE SDPLOLKH WHPEXQJ ODQ OHOHZDQH EDVD VLQJ QMDODUL WXZXKH VXUDVD NDHQGDKDQ Kaping telu, antologi geguritan iki nduweni wujud kreatif kang beda karo juru gurit utawa pengarang liyane. Mula VDND LNX DQWRORJL JHJXULWDQ LNL GLGDGHNDNH REMHN SDQOLWHQ ³./:´ QGXZHQL PDNVXG DQJHQ-angen ing wektu tengah wengi. Sajrone antologi geguritan kasebut geguritan-geguritan kang apik dipilih. Antologi geguritan iki ana 53 guritan nanging ing panliten iki dijupuk 12 geguritan kang dadi objeke yaiku: kampus, keluke cerobong pabrik, kekudangan, omahku omah putih, lakon, nalika tilik ngomah, sawijing dalan, jenengku aceh, sapata, ing desa ora ana apa-apa, ponorogo tengah ratri, lan wus. Dene milih 12 geguritan kasebut amerga bisa makili isi saka antologi geguritan KLW, lan guritan kasebut nduweni tema kang meh padha yaiku ngenani sosial, politik, lan pitutur kang becik.
Baca lebih lanjut

13 Baca lebih lajut

Variasi Basa Sajrone Lagu Basa Jawa Anggitane Andjar Any

Variasi Basa Sajrone Lagu Basa Jawa Anggitane Andjar Any

Tembung cekakan sajrone tembung nduweni tujuwan kanggo ngurangi kanthi sengaja wanda tembung kang digunakake panganggit, kanthi tujuwan kanggo njangkepi cacahe wanda sajrone ukara. Wujud pemendekan sajrone lirik lagu Jawa anggitane Andjar Any yaiku akronim, wancahan, garba, lan plutan. Tembung among dadi „mung‟, tembung ora dadi „ra‟ tembung aja dadi „ja‟, frasa tanam mundur dadi „nandur‟. Panganggone basa wujud vocal lan konosan yaiku bab fonologi lan morfologi, Panganggone basa perangan fonologis wujude ejaan basa Jawa mawa aksara latin kaperang dadi nulis vokal lan konsonan, kang akeh dilakoni yaiku wujude ./ ᴐ / kang kudu ditulis nganggo akasara /a/, vocal /i/ dadi swara [i] utawa sawara [i] jejeg lan [I] swara /i/ miring kang memper swara [e] kudu ditulis aksara /i/. vocal /u/ kaperang dadi swara [u] jejeg lan swara [u] miring kudune ditulis nganggo aksara /u/ masiya swarane memper aksara /o/. vocal /e/ diperang dadi [e] lan [ ԑ ]. Vocal [e] swara jejeg lan [ԑ ] swara e jejeg kang kududne ditulis nganggo aksara /e/ . Panulisan
Baca lebih lanjut

16 Baca lebih lajut

BASA KIAS ING CAKEPAN TEMBANG CAMPURSARI ANGGITANIPUN MANTHOUS.

BASA KIAS ING CAKEPAN TEMBANG CAMPURSARI ANGGITANIPUN MANTHOUS.

awe saha ngelingake dadosaken rembulan ing cakepan kasebut kadya gesang saha saged berinteraksi kaliyan manungsa. Personifikasi ing cakepan tembang kasebut ugi gadhah fungsi kangge ndamel endahing ukara. Kaendahanipun ukara saged katingal saking purwakanthi guru swara. Purwakanthi kasebut inggih punika swanten saking huruf vokal e ingkang sami, wonten ing tembung rembulane, ngawe-awe, ngelingake, saha sore. Babagan ingkang sami kala wau ndandosaken sajak a a a a. Cakepan tembang ing nginggil kirang endah bilih tembung ngawe- awe dipungantos nyeluk-nyeluk, sanajan gadhah makna ingkang memper inggih punika salah satunggaling kawiyatan kangge sesrawungan utawi nyeluk manungsa.
Baca lebih lanjut

142 Baca lebih lajut

BASA KASAR WONTEN ING PENTAS LASKAR DAGELAN.

BASA KASAR WONTEN ING PENTAS LASKAR DAGELAN.

c. Kronolek inggih punika variasi basa ingkang dipunginakaken dening kalompok sosial wonten ing wekdal tartamtu. Wonten ing basa Indonesia tuladhanipun wujud panganggening basa salebeting taun 1930, 1950 saha variasi ingkang dipunginakaken wonten ing jaman samenika. Variasi basa adhedhasar jaman ingkang beda punika saged dipuntengeri saking lafal, ejaan, morfologi saha sintaksis. Tuladha wonten ing basa Jawa inggih punika tembung ‘ingong’ kalebet tembung basa Jawi kina. Samenika tembung ‘ingong’ dados ‘inyong’ wonten ing dialek Banyumas. Tembung punika taksih gadhah teges ingkang sami, inggih punika ateges ‘aku’. d. Sosiolek inggih punika variasi basa ingkang gayut kaliyan status,
Baca lebih lanjut

134 Baca lebih lajut

Tradhisi Purnama Sidi Ing Kabupaten Ponorogo (Tintingan Wujud, Makna, Piguna, Lan Owah Gingsir Kabudayan)

Tradhisi Purnama Sidi Ing Kabupaten Ponorogo (Tintingan Wujud, Makna, Piguna, Lan Owah Gingsir Kabudayan)

Alam bebrayan Desa Sampung sejatine nduweni gegayutan kang raket karo anane TPS. Sakabehe bab kang wis kaandharake ing dhuwur nduweni pangaribawa tumrap tradhisi kasebut. Mula, bisa diweruhi yen anane tradhisi kasebut isih diuri-uri nganti saiki. Para warga nindakake kagiyatan kuwi minangka salah sijine wujud rasa sukur marang Gusti Kang Maha Kuwasa lan kanggo ngurmati dhanyang Desa Sampung kang wis mbabat desa ing jaman biyen. Alam bebrayan Desa Sampung uga nduweni gayutan. Gegambaran alam kang saperangan gedhe sawah lan alas ndadekake gedhene pangaribawa tumrap anane TPS. Struktur pamarentahane yen diwawas kanthi cetha uga nduweni pangaribawa. Sanajan TPS ora kalaksanan saka lembaga pamarentahan, nanging saora-orane pamong desa bisa dadi sarana patuladhan amarga isih nyengkuyung. Babagan pendhidhikan sajrone pangrembakan sawijine tradhisi uga nduweni daya pangaribawa. Masyarakat kasebut isih ngugemi lan nguri-uri tradhisi Jawa mligine TPS amarga gegayutan karo apa kang dadi pangupajiwane saben dina lan uga minangka wujud sukure marang alam kang tansah nyepakake sumber pangan kang bisa diolah. Sistem pangupajiwa masyarakat Desa Sampung nduweni daya pangaribawa tumrap TPS. Wujude yaiku saka akehe pakaryan masyarakat Desa Sampung kang gumatung saka alam.
Baca lebih lanjut

15 Baca lebih lajut

Tradhisi Balang Sega Ing Desa Tondomulyo, Kedungadem, Bojonegoro (Wujud, Makna, Fungsi Lan Owah Gingsire Tradhisi)

Tradhisi Balang Sega Ing Desa Tondomulyo, Kedungadem, Bojonegoro (Wujud, Makna, Fungsi Lan Owah Gingsire Tradhisi)

Desa Tondomulo, Kecamatan Kedungadem, Kabupaten Bojonegoro nduweni Tradhisi Balang Sega (TBS) kang ditindakake saben setaun sepisan sawise panen pari. Tradhisi kasebut minangka wujud rasa syukure masyarakat, kang wis dadi pakulinan kanggo nyuwun supaya antuk kaslametan, katenreman, diparingi rejeki, lan diadohake saka bebaya kang ana. TBS kasebut narik kawigaten kanggo ditliti amarga tradhisi iki durung nate ditindakake.Underaning panaliten, yaiku: 1) Kepriye mula bukane TBS; 2) Kapriye tata laku sajrone TBS; 3) Apa wae ubarampe lan makna kang kinandhut sajrone TBS; 4) Apa wae piguna kang kinandhut sajrone TBS; 5) Kepriye owah gingsire tradhisi sajrone TBS ing desa Tondomulo, Kedungadem, Bojonegoro gegayutan karo lumakune jaman. Ancase panaliten, yaiku: 1) Ngandharake mula bukane utawa sejarah saka TBS; 2) Ngandharake makna kang kinandhut sajrone adicara TBS; 3) Ngandharake tata rakiting adicara TBS; 4) Ngandharake piguna TBS tumrap bebrayan desa Tondomulo; 5) Ngandharake owah gingsire tradhisi sajrone TBS ing bebrayan desa Tondomulo, Kedungadem, Bojonegoro gegayutan karo lumakune jaman. TBS ing biyen lan saiki tamtune wis beda jalaran masyarakat minangka panyengkuyunge kabudayan uga wis beda. Beda-bedane iku bisa dideleng ing babagan uba rampe, tata laku, lan piranti panyengkuyunge. Faktor saka njero kang njalari owah gingsire TSKB yaiku discovery lan invention, dene faktor saka njaba yaiku difusi lan akulturasi.
Baca lebih lanjut

7 Baca lebih lajut

BASA PROKEM KAWULA MUDHA ING DESA TUKINGGEDONG KABUPATEN KEBUMEN.

BASA PROKEM KAWULA MUDHA ING DESA TUKINGGEDONG KABUPATEN KEBUMEN.

Panaliti ugi nindakaken analisis awal bab fungsi panganggening basa prokem saklebeting pawicantenan. Kangge nemtokaken fungsi basa prokem panaliti nggayutaken antawisipun tuturan kaliyan konteks . Konteks tuturan miturut pamanggihipun Dell Hymes (lumantar Mulyana, 2009: 21-22) dipunperang dados 8 piranti tutur ingkang dipunsingkat dados SPEAKING (setting and scene, participants, ends, act sequence, key, instrumentalities, norm of interaction and interpretation, saha genre ). Panaliti nindakaken analisis awal bab fungsi basa prokem ngginakaken pamanggihipun andharanipun Rahayu (1999: 9) pigunanipun slang salebeting pawicantenan inggih menika ndamel sesambetan langkung akrab, ndadosaken lucu, nyingidaken sawijining perkawis, ndamel tetembungan ingkang dipunanggep kasar supados dados langkung alus, nedahaken solah bawa saha pangraosaning manah, ngandharaken panyaruwe utawi kritik .
Baca lebih lanjut

159 Baca lebih lajut

Pamilihe Tembung Lan Lelewan Basa Sajrone Lirik Carita Basa Using Nawi Bkl Inak Anggitane Antariksawan Jusuf Lan Hani Z. Noor

Pamilihe Tembung Lan Lelewan Basa Sajrone Lirik Carita Basa Using Nawi Bkl Inak Anggitane Antariksawan Jusuf Lan Hani Z. Noor

purwakanthi guru sastra kang nunggal fonem/j/ alofon [jy]. Bisa kawawas manawa panulis nggunakake tembung kang nunggal swara /j/ alofon [jy] kanggo ngandharake kahanan kang kedadeyan antarane wong siji karo liyane. Swara fonem /j/ alofon [jy] uga minangka fonem kang ngalami proses fonologi palatalisasi, saengga tembung ‘jare’ diwaca [jyare] ing basa Using. Saka pethikan kuwi panulis menehi pamawas marang pamaos gegambaran yen ing desa Lateng ora oleh ana gong sing digantung. Ngono iku amarga jarene wong tuwa-tuwa supaya ora kuwalat.
Baca lebih lanjut

24 Baca lebih lajut

2 silabus basa jawa kelas 8

2 silabus basa jawa kelas 8

Mengamati:  Peserta didik membaca/mene mbangkan teks piwulang Serat Wulangreh pupuh Gambuh Menanya:  Peserta didik bertanya jawab tentang kata-kata yang dianggap sulit yang terdapat[r]

37 Baca lebih lajut

soal uat basa jawa 6 sd

soal uat basa jawa 6 sd

I. Wenehna tandha ping (x) ing aksara a,b,c utawa d sangarepe tembung kang mathuk! 1. Ing mangsa ketiga kreteg kang rusak banjur didandani sarono gotong royong. Wong-wong padha pangerten dhewe-dhewe sing duwe pring padha urun pring, sing duwe kayu urun kayu, ono kang urun semen,watu uga wedhi. Cekake, kabeh kabutuhan kanggo ndandani kretegpada teka dhewe, ora ana kang maksa. Dene lakune gotong-royong dipandhegani dening kepala dhusun kang dadi sesepuh utawa bapa baune wong–wong sadusun.

2 Baca lebih lajut

Tradhisi Slametan Kelahiran Bayi Ing Desa Bediwetan Kecamatan Bungkal Kabupaten Ponorogo (Tintingan Wujud, Makna, Fungsi, Pamawas, Lan Owah Gingsir)

Tradhisi Slametan Kelahiran Bayi Ing Desa Bediwetan Kecamatan Bungkal Kabupaten Ponorogo (Tintingan Wujud, Makna, Fungsi, Pamawas, Lan Owah Gingsir)

kualitatif . Miturute Bogdan lan Taylor (sajrone Moleong, 2009:4) ancangan kualitatif minangka sawijining paugeran panliten kang ngasilake dhata deskriptif arupa tetembungan kang tinulis utawa lesan saka pawongan lan tata tumindak kang dijlimeti. Informan utama minangka sumber dhata ing panliten iki yaiku Mbah Said (86 taun) lan Mbah Tuminah (85 taun). Kekarone minangka sesepuh ing Desa Bediwetan lan kerep mimpin upacara- upacara tradhisi kang ditindakake. Informan panyengkuyung yaiku Mbah Ngadenan (67 taun) minangka tokoh masyarakat sarta kyai kang mimpin sawijining pondhok lan madrasah, kanggo mangerteni pamawase TSKB saka sisih agama mligine agama Islam. Dhata ing panliten iki yaiku awujud dhata lesan, tulisan lan barang. Dhata kang awujud lesan yaiku saka asiling rekaman/cathetan wawancara kang arupa tembung- tembung, ukara, lan wacana saka informan. Dhata tulisan yaiku arupa pethikan-pethikan katrangan saka para ahli kang tinulis ing buku. Dene dhata kang awujud barang yaiku arupa gambar saka asiling dhokumentasine tata laku lan uba rampe upacara tradhisi kelairan bayi. Instrumen panliten bisa digolongake dadi instrumen utama lan instrumen panyengkuyung. Instrumen utama ing panliten iki yaiku panliti dhewe, dene instrumen panyengkuyunge awujud paugerane wawancara, paugerane observasi, lembar pengamatan, lan lembar kuesioner. Piranti panyengkuyunge yaiku buku, pulpen, HP, kamera digital, lan laptop. Tata cara ngumpulake dhata kudu dilakoni kanthi bener lan pener supaya ditemokake dhata kang valid. Mula, kudu digatekake tata carane anggone ngumpulake dhata, yaiku kanthi
Baca lebih lanjut

21 Baca lebih lajut

Show all 10000 documents...