• Tidak ada hasil yang ditemukan

Surat Al - Baqarah. Kitab al-qur'an iku wong ora sumelang terang saka Allah, dadi pituduh marang wong kang padha tundhuk (wedi) ing Allah

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2021

Membagikan "Surat Al - Baqarah. Kitab al-qur'an iku wong ora sumelang terang saka Allah, dadi pituduh marang wong kang padha tundhuk (wedi) ing Allah"

Copied!
43
0
0

Teks penuh

(1)

1

Ebook Gratis ighfirli.com – Dilarang Diperjualbelikan

Surat Al - Baqarah

 

Alif Laam Miim

         

Kitab al-Qur'an iku wong ora sumelang terang saka Allah, dadi pituduh marang wong kang padha tundhuk (wedi) ing Allah

        

Kang padha percaya marang barang kang ghaib lan padha nglakoni shalat, sarta padha mewehake barang peparing Ingsun marang wong mau tumanja pangabekti marang Ingsun

            

Lan kang padha percaya marang samubarang kang wus didhawuhake marang sira Muhammad, lan samubarang kang wus didhawuhake marang para Nabi sadurungira, sarta padha weruh ing akherat kelawan nyata          

Wong kang mangkono mau, kabeh padha oleh pituduh saka Pangerane lan wong kang mangkono mau kabeh padha begja

           

Dene wong kang padha kafir iku sanajan sira kandhani utawa ora sira kandhani padha wae, dheweke padha ora percaya

              

Allah wis ngecap atine sikafir kabeh lan pengrungune sikafir kabeh ana tutupe. Kabeh padha kapatrapan siksa kang gedhe

(2)

2

Ebook Gratis ighfirli.com – Dilarang Diperjualbelikan            

Sawenehing manungsa ana kang ngucap mangkene: "Kita sami pitados ing Allah lan pitados badhe wontenipun dinten Qiyamat", nanging satemene wong mau kabeh padha ora percaya

          

Wong-wong mau padha tindak lamis ing Allah lan tidak lamis marang wong Mukmin kabeh. Ora liwat lelamisane mau mesthi ambalik marang awake dhewe, nanging padha ora krasa

             

Ing atine si munafiq ana lelarane, Allah nuli nambahi marang si munafiq lelara (maido Qur'an), wong munafiq bakal kapatrapan siksa kang nglarani, sebab anggone padha anggorohake Nabi

           

Nalika wong munafik padha didhawuhi mengkene: "Kowe aja padha gawe rusak ana ing bumi", marga ora percaya, ature mengkene: "sayektosipun kula punika malah damel sae"

       

Satemene wong munafiq iku padha gawe rusak, ewa dene padha ora rumangsa

                    

Lan nalikane para munafiq padha dipituturi mengkene: "Sira padha percaya kaya percayane sahabate Nabi", wong munafiq padha mangsuli mengkene, "Ya gene wong iku padha percaya kaya percayane wong bodho?". Saktemene wong munafiq iku kang bodo, nanging ora padha weruh ing bodhone

                 Lan nalikane wong munafiq padha ketemu karo wong mukmin, padha ngucap mengkene: "Kita punika sami pitados kados pitados panjenengan", bareng wis misah karo wong mukmin ketemu karo para setane (tegese penggedhene), nuli padha matur mengkene, "Kita punika sami kanca panjenengan tunggil agami, wicanten kula dhateng tiyang mukmin punika sayektosipun anggegunjeng"

(3)

3

Ebook Gratis ighfirli.com – Dilarang Diperjualbelikan        

Allah males marang si munafiq kabeh anggone padha anggeguyu, lan nyrantekake si munafiq kabeh anggone padha andadra kelawan padha mandheg tumoleh

           

Wong munafiq iku wong kang padha kulak sasar dituku kelawan pituduh (milih sasar nampik pituduh), dado dagangane si munafiq ora bisa bathi (begja). wong munafiq padha ora oleh pituduh

                  Sanepane wong munafiq iku kaya upamane wong kang ngurubake geni ana ing pepeteng, bareng urubing geni mau wis madhangi ing kiwa tengene, Allah nuli mateni geni mau, pepadhang banjur sirna, Allah ninggal si munafiq ana ing pepeteng kang ndhedhet, ora bisa weruh apa-apa

      

Wong munafiq iku tuli, tur bisu, sarta wuta, dadi wong munafiq mau padha ora gelem ambalik saka sasare                     

Utawa sanepane maneh kaya upamane wong kudanan, sajerone udan mau ana pepeteng lan bledhek tuwin kilat, wong munafiq padha nyumpelake drijine ana ing kupinge, supaya aja nganti krungu jumeblesing bledheg. Kuwasane Allah nglimputi wong kafir kabeh

                            

Meh wae kilat mau nyamber pandelenge wong-wong munafiq, saben kilat mau cumleret madhangi marang si munafiq, banjur padha lumaku ana ing pepadhang. Dene yen pinuju petheng si munafiq banjur pahd ngadeg jejer. Saupama Allah kersa nyirnakake pangrungu lan pandelenge si munafiq kabeh mesthi kaleksanan. Satemene Allah iku kuwasa marang samu barang

(4)

4

Ebook Gratis ighfirli.com – Dilarang Diperjualbelikan            

He para manungsa kabeh, sira padha manembaha marang Pangeranira kang wis nitahake ing sira kabeh lan nitahake wong sadurungira kebh, mesthi sira padha kalis saka ing sika marga bekti ing Allah

                        

Kang wis nitahake bumi minangka lemek (dadi papan mikolehi ing sira) lan nitahake langit dadi payon, sarta nurunake banyu udan saka ing langit, dianggo lantaran nukulake woh-wohan warna-warna minangka rejekinira kabeh, mulane aja padha gawe sesembahan kang sira anggo ngembari Allah. Sira kabeh iya wis padha weruh

                    

Lan menawa sira padha mamang, durung percaya yen al-Qur'an kang wis Ingsun dhawuhake marang kawulaningsun (Muhammad) iki terang saka Ingsun, mara sira padha gaweya sak surat bae kang madhani al-Qur'an iki, lan jaluka tulung pangeranira kang saliyane Allah, yen sira padha temen

              

Menawa sira padha ora bisa gawe sarta selawase iya ora bisa gawe, becik banjur padha percaya wae, padha wedia geni neraka kang urub-urube manungsa lan watu, iku diancamake marang wong kafir kabeh                                        

(Muhammad), sira mbebungaha wong kang padha percaya marang Ingsun, tur padha nglakoni kelakuan becik satemene besuk padha duwe suwarga kang sangisore kekayone mau ana bengawane mili. Wong kang ana ing suwarga mau saben diladeni padha ngucap mengkene, "Iki panganan tunggalane kang diladekake mau kae". Awit padha diladeni panganan kang rupane padha, nanging rasane beda-beda. Wong kang ana ing suwarga mau padha duwe bojo widodari akeh kang padha suci; wong-wong mau padha langgeng manggon an ing suwarga

(5)

5

Ebook Gratis ighfirli.com – Dilarang Diperjualbelikan                                             

Sateme Allah ora lingsem gawe sadhengah sanepa senajan asor, kayata lemut utawa luwih gedhe maneh. Dene wong kang padha percaya ing Allah mesthi padha weruh yen sanepa mau bener sarta terang saka Pangerane. Nanging wong kafir padha ngucap, "Apa iya Allah kersa gawe sanepa kang mengkene iki?" Dhawuhe Allah, "Sanepa iki kanggo nasarake wong akeh, lan kanggo nuduhake wong akeh. Sanepa mau ora kanggo nasarake sapa-sapa kajaba wong fasiq"

                     

Kang padha mbubrah dhawuh janjine Allah sawise dikukuhake land padha medhot barang kang wis diperintahake dening Allah supaya digathukake, lan padha gawe rusak ana ing bumi. Wong kang mengkono mau kabeh padha kapitunan

               (He para manungsa) kapriye dene sira iku padha maido ing Allah ? awit sira iku maune padha mati, Allah nuli nguripake ing sira, sawise urip, Allah banjur mateni ing sira, sawise mati, Allah banjur nguripake ing sira, sawise urip maneh sira banjur padha digiring marang pangayunaning Allah

                    

Allah iku wis nitahake samu barang isen-isening bumi kabeh mikolehi ing sira. Sawise nitahake bumi nuli kersa nitahake langti. Allah andadekake langti iku dadi pitu. Allah iku nguningani samubarang kabeh

(6)

6

Ebook Gratis ighfirli.com – Dilarang Diperjualbelikan                               

(Muhammad) sira nyritakna nalika Pangeranira ngendika marang Malaikat: "Ingsun nitahake sesulih (khalifah) ana ing bumi", Para Malaikat nuli padha munjuk, "Kados pundi dene Tuan tega nitahaken tiyang ingkang damel risak wonten ing bumi saha badhe mutahaken rah? ing mangkan kawula punika sami nyebut menggahing Kang Maha Suci Tuan sarta ngalembana ing Tuan". (punapa dene nganggep maha suci Tuan ing bathin), Allah nuli ngendika, "Ingsun nguningani barang kang sira padha ora weruh"

                Allah wis paring sumurup marang (Nabi) Adam sawarnaning aran (jeneng) kabeh, nuli ndangokake arane barang-barang mau marang para Malaikat. Allah ngendika, "Yen nyata hunjukira iku padha temen, mara Ingsun tuduhna araning barang-barang iki"

             

Para Malaikat padha munjuk, "Tuan punika Maha Suci, kawula sami mboten gadhah kaweruh punapa-punapa kajawi barang ingkang sampun tuan tedahaken dhateng kawula. Saestunipun Tuan punika nguningani saha Wicaksana"

                       

Allah ngendika, "He Adam! PAra Malaikat iku paringana pirsa araning barang-barang iku". Barang (Nabi) Adam wis ngendikaake araning barang-barang mau marang para Malaikat, Allah ngendika: "Ingsun apa ora wis ngendika marang sira kabeh yen Ingsun nguningani wadining langit lan bumi, lan nguningani samu barang kang padha sira lahirake, lan samubarang kang padha sira umpetake"

             

(Muhammad) sira nyritakna nalikane Ingsun ngendika marang para Malaikat, "Sira padha sujuda marang Adam". Para Malaikat mau nuli padha sujud, kajaba mung Iblis iku mbangkang sarta gumedhe, Iblis banjur dadi ewone wong kafir

(7)

7

Ebook Gratis ighfirli.com – Dilarang Diperjualbelikan                   

Ingsun ngendika marang Adam, "Adam! sira lan rabinira padha manggona ing suwarga, lan mangana isinging suwarga sakarepira, lan poma dipoma aja padha cedhak-cedhak wit siji iki. Sira mundhak dadi ewoning wong kang nganiaya (wong duraka)"

                     

Syetan nuli mlesedake (Nabi) Adam sagarwane saka ing suwarga, wusana setan mau ngetokake (Nabi) Adam sagarwane saka suwarga kang dienggoni. Ingsun nuli ngendhika, "He Adam! sira padha mudhuna sawenehing turunira bakal sesatron lan sawenehing turuning syetan. Dene sira ana ing bumi duwe panggonan tetep, lan pikantuk kabungahan, nganti tumeka mangsaning pati"

            

(Nabi) Adam nuli nampa tetambungan (Kalimah) saka wisiking pangerane. Allah nuli nampani taubate (Nabi) Adam. Satemene Allah iku nampeni Taubat lan Maha Asih

                  

Ingsun ngendika, "He Adam sira kabeh padha mudhuna saka ing Suwarga, ing tembe yen sira ketekan pituduh mau mesthi padha ora kuwatir apa-apa lan padha ora susah"

           

Dene wong kang padha kafir lan padha nggorohake ayat Ingsun, iku kabeh padha nduweni neraka. Wong mau anggone ana ing neraka padha langgeng

             

He para turuning Israil (Bani Israil) Sira padha elinga peparing Ingsun nikmat marang sira kabeh, lan padha nuhanana janji perintah Ingsun. Ingsun uga nuhani janji kasaguhaningsun marang sira kabeh. Lan padha wediya nyidrani Ingsun

(8)

8

Ebook Gratis ighfirli.com – Dilarang Diperjualbelikan                    

Lan saira padha percayaa marang al-Qur'an kang wis Ingsun dhawuhake, dhumunung mbenerake kitab cecekelanira lawas, lan sira aja padha dadi kawitane wong kafir ing al-Qur'an, lan sira aja padha tuku barang kang sithik regane sira bayar kelawan ayatingsung, lan sira bektiya marang Ingsun

        

Lan sira aja padha nyampur barang-barang kang bener kelawan barang kang ora bener lan aja ngumpetake barang kang bener, sira kabeh iya wis padha weruh

       

Lan sira padha nindakna shalat, lan padha mbayar zakat, lan padha ruku'a (shalata) karo wong kang padha ruku' (wong kang padha shalat) kabeh

            

Ya gene sira padha prentah marang para manungsa supaya nglakoni kabecikan, awakira dhewe padha ora nindakake, kang mangka sira padha maca kitab ira. Apa sira padhaora mikir kang mengkono mau iku ora becik          

Lan padha nyuwuna pitulung kalawan shabar lan nglakoni shalat. Dene nglakoni Shalat iku dhasar abot, kajaba tumrap wong kang padha khusyu' (konjem) ing Allah

        

Iya iku wong kang padha yakin (nyipta) kelawan terang temen padha bakal disowanake ing Pangerane sarta temen bakal padha bali marang pangayunaning Pangerane

           

Para turuning Israil (Bani Israil)! sira padha elinga nikmatingsun kang wis Ingsun paringake marang sira kabeh, lan elinga yen Ingsun wis ngluwihake (ngutamakake) marang sira ngungkuli wong sajagad

(9)

9

Ebook Gratis ighfirli.com – Dilarang Diperjualbelikan                    

Lan sira padha wediya dina Qiyamat, ing kono ora ana sawijining awak bisa ngungkup utawa tetulung sethithik-thithika ing awak liyane, lan ora ana duwe syafa'at kang sinembadan lan ora ana awak kang ditampani tebusane para awak mau ora ana kang padha tinulung

                   

Lan padha elinga nalikane Ingsun nylametake ing sira kabeh saka dak-siyane balane raja Fir'aun, anggone ngeres0eresi marang sira, padha nyembelehi anak-anakira kang metu lanang, lan nguripi kang metu wadon, kang mengkono iku coba gedhe saka Pangeranira

          

Lan padha elinga nalikane sira padha Ingsun piyakake segara, Ingsun nuli nylametake sira, sata ngeremake para balane Fir'aun. Sira kabeh iya padha ndeleng

            

Lan padha elinga nalikane Ingsun nemtokake pisowane (sebane) Nabi Musa 40 bengi lawase, sawise mangkat, sira nuli padha ngedegake (gawe) Pangeran awujud sapi, sira padha tetep wong kang nganiaya

        

Sawise mengkono Ingsun nulu ngapura dosanira kabeh supaya sira padha ngaturake panuwun

       

Lan padha elinga nalika Ingsun maringi kitab Taurat marang Nabi Musa lan pamisah, tegese kang mbedakake ala lan becik , cupaya sira oleh pituduh

(10)

10

Ebook Gratis ighfirli.com – Dilarang Diperjualbelikan                            

Lan padha elinga nalika (nabi) Musa parentah marang para kaume, "He para kaumku! Satemene sira iku padha nganiaya marang awakmu dhewe, amarga anggonmu padha ngedekake (gawe) Pangeran awujud sapi. Mulane padha tobata marang kang nithahake awakmu, banjur sumaraha awakmu dipateni, keparening Pangeran kang nitahake awakmu. Pangeran bakal nampani tobatira. Satemene Pangeran iku gedhe pangapurane tur Maha Asih"

              

Lan (sira padha elinga) nalikane sira padha matur, "Dhuhu (Nabi) Musa! Kula samo mboten pitados ing panjenengan kajawi manawi kula smai ningali Dzating Allah kalayan kasat mata". Nuli ana bledhek nyamber mateni sira. Sira iya padha andheleng

       

Sawise sira padha mati nuli padha Ingsun uripake maneh, supaya sira ngaturake panuwun

                    

Lan maneh Ingsun mayungi marang sira kalawan mega. Apadene Ingsun nurunake Manna (abon kang legi), lan salwa (manuk gemak), dhawuh Ingsun, "Mara padha mangana peparing Ingsun rejeki kang enak". Para turuning Israil (Bani Israil) anggone padha duraka ora nganiaya marang Ingsun, nanging malah padha nganiaya marang awake dhewe

                     

Lan (padha elinga) nalika Ingsan ngendika, "He para turune Israil! Sira padha melebua ing desa iki, banjur padha mangana isine ing kono sakarepira, lan padha melebua lawange desa mau sarta sujud, lan padha ngucapa mengkene: KHITHTHAH(mugi Panjenengann bebasaken kula saking dosa). Ingsun mesthi ngapura marang sira kabeh sakehing kaluputanira. Dene wong kang becik pangabektine bakal Ingsun tambahi kebecikan"

(11)

11

Ebook Gratis ighfirli.com – Dilarang Diperjualbelikan                   

Dene wong kang padha nganiaya (padha nyalahi tembung khiththa kelawan pangucap ora didhawuhake dening Allah marang para turuning Israil mau). Mulane Ingsun banjur nurunake siksa saka ing langit marang wong kang nganiaya mau, marga anggone padha fasiq

                                

Lan (padha elinga) nalika Nabi Musa nyuwunake ngombe para kaume, Ingsun banjur dhawuh, "He Musa, Tekenmu johohna ing watu, sawise dijojoh sanalika watu mau banjur ngetokake banyu dadi 12

pancuran, siji-sijine wong banjur padha weruh pangombene dhewe-dhewe". Pangandikaningsun, "Sira padha mangana lan ngombea rejeki peparinging Allah, lan aja padha gawe rusak ana ing bumi"

                                                                

Lan (padha elinga) nalikane sira padha matur, "Dhuh (Nabi) Musa! kita sami mboten narimah nedha tetedhan namung warni satunggal kemawon, mila kita sami panjenengan suwunaken dhateng Pangeran panjenengan, supados nedhahaken tetuwuhaning bumi ingkang mikantuki dhateng kita sedaya.

kadosta: Ja janganing bumi, timuning bumi, bawanging bumi, kedhelening bumi, lan brambaning bumi". (Nabi) Musa nuli ngendika, "Apa patut sira padha nyuwun salin barang kang luwih becik?" Allah nuli ngendika, "He turuning Israil, sira padha balia marang negara mesir bae, sira mesthi oleh samubarang kang padha sira suwun iku." Para turuning Israil (Bani Isrial) bakal padha didadekake asor lan sangsara lan padha tetep oleh bebenduning Allah, kang mengkono mau amarga saka anggone padha maido ayate Allah lan padha mateni para Nabi kelawan ora bener, Kang mengkono mau saka anggone duraka lan padha ndadra (ngliwati wates)

(12)

12

Ebook Gratis ighfirli.com – Dilarang Diperjualbelikan                         

Satemene wong kang padha percaya ing para Nabi lan para wong Yahudi lan wong Nashara lang wong Shabi'in, kabeh bae sing sapa saiki percaya ign Allah lan percaya anane dina Qiyamat, sarta ngelakoni kelakuan becik, mesth padha tampa ganjarane dhewe-dhewe ana ing ngarsane Pangerane, sarta padha ora kuwatir apa-apa lan padha ora susah

                Lan (padha elinga) nalikane Ingsun mundhut sesangemanira lang Ingsung nganggo ambedhol gunung, Ingsun ungkulake (unggahake) ana ing dhuwurira, pangandikaningsun, "Samu barang kang wis Ingsun dhawuhake marang sira kabeh padha sendikanana, lakonana kelawan temen-temen, lan padha elinga samubarang kang kamot ing dhawuh mau, supaya sira padha kareksa saka tumindak ala"

              

(Sawisa sira padha sanggem) sira nuli padha ambalik saupama ora ana sih nugrahaning Allah kang rumentah marang sira kabeh, mesthi sira padha klebu eweoning wong kang padha kapitunan

            

Satemene sira padha weruh kancanira kang padha nerak wewates ana ing dina Sabtu, padha Ingsun paringi pangandika, "Sira padha dadiya kethek kang digethingi"

         

Ingsun ndadekake siksa kang wis kasebut mau Ingsun anggo ngelingake wong dhek samana lan wong sapungkure zaman semana, lan dadiya piwulang marang wong kang padha bekti ing Allah

(13)

13

Ebook Gratis ighfirli.com – Dilarang Diperjualbelikan                       

Lan (padha elinga) nalika (Nabi) Musa prentah marang para kaume, "Satemene Allah dhawuh marang sira kabeh padha mragada (ambeleha) sapi". para wong mau banjur padha matur, "Punapa panjenengan damel gegunjengan dhateng kula". pangandikaning (Nabi) Musa, "Aku muga-muga nyuwun reksa marang Allah aja nganti klebu ewoning wong kang padha bodho"

                         

Para turuning Israil (Bani Israil) nuli padha matur, "Dhuh (nabi) Musa! Panjenenga kula aturi matur dhateng PAngeran Panjenengan, supados maringi keterangan dhumateng kula, lembu wau ingkang kados punapa ?" (Nabi) Musa nuli ngendika, "Dhawuhing Pangeran, sapi mau dudu sapi kang pikun lan dudu sapi kang isih pedhet, goleka sapi kang sedhengan, tengah-tengah antaraning pikun lan pedhet, lan banjur tindakna anggonmu padha diprintahi mau"

                   

Para turunign Israil nuli padha matur maneh, "Dhuh (Nabi) Musa! Panjenengan mugi kerjsa matur malih dhateng PAngeran panjenengan supados paring ketereangan dhumateng kita, lembu wau ingkang ules punapa?", (Nabi) Musa nuli ngendika, "Dhawuhing Pangeran, sapi mau kang ules kuning tur kang mbungahake wong kang padha ndeleng"

                 

Para turuning Israil nuli padha matur maneh, "Dhuh (Nabi) Musa! Panejengan mugi kersa matur malih dhateng Pangeran panjenengan supados paring ketereangan malih dhateng kita, lembu wau punapa ingkang dereng dipun alap damelipun, awit lembu mau tumrapipun ing kita taksih peteng. Menawi kepareng kaliyan kersaning Allah, kita temut sami angsal pitedah"

(14)

14

Ebook Gratis ighfirli.com – Dilarang Diperjualbelikan                           

Nabi Musa nuli ngendika, "Dhawuhing Pangeran sapi mau kang durng nate kangelan, dianggo mluku bumi, lan kang durung nate dienggo nyirami tetanduran kang lawung, mulus, ora ana blentong-blentonge". Para turune Israil nuli padha matur, "Sakpunika panjenengan kersa mratelakeken kelayan terang". Nuli padha ambeleh (mragat) sapi kang kacehta mau, tur maune meh bae padha ora bisa nglakoni            

Lan (padha elinga) nalikane sira padha mateni sawijinging wong, sira nuli padha selak (ora ngakoni) perkara raja pati mau, ewadene Allah melehake marang sira mungguhing barang kang padha sira umpetake             

Ingsun nuli ngendika, "He turune Israil (bani Israil) sabetna (gitikna) peranganing sapi iku marang wong kang mati, ing mbesuk Allah anggone nguripake wong kang wis padha mati iya kaya mengkene, saiki Allah meruhake ayate marang sira kabeh, supaya sira iku padha mikir"

                                         

Sawise kelakon mengkono atinira nuli padha atos, nganti kaya watu utawa luwih atos maneh. Saatos-atose watu isih ana kang menga dadi tuk (sumber) kali, lan ana kang pecah ngilekake banyu, lan ana maneh watu kang mlorot, saka konjeme marang Allah. Allah ora pisan-pisan kesupen samubarang kang sira lakoni                     

(Muhammad) Apa sira kudu ngudi supaya wong Yahudi padha percaya marang sira? kang mangka wis ana wong Yahudi sagolongan kang padha krungu pangandikaning Allah? sawise padha mikir-mikir banjur ngowahi pangandikaning Allah mau, tur wong Yahudi mau wis padha mangerti

(15)

15

Ebook Gratis ighfirli.com – Dilarang Diperjualbelikan                         

Wong Yahudi kang padha munafiq nalikane padha patemon para wong mukmin, pangucape, "Kita punika sami pitados ing Nabi Muhammad", dene yen pinuju kekumpulan, para penggedening Yahud ngucap mengkene, "Sebab dening apa sira padha amblakakake marang wong mukmin bab dhawuhing Allah marang sira supaya dienggo mbantah marang sira ana ing ngarsaning PAngeranmu. Apa sira padha ora mikir?"          

Wong Yahudi apa ora padha mangerti yen Allah iku ngudhaneni samu barangkang padha disidemake dening wong Yahud lan samubarang kang dilahirake?

           

Sawenehing wong Yahudi ana kang bodho, ora weruh kitab Taurat, weruhe mung certita goroh. Dadi kaweruhe Yahudi mau ora ana maneh kajaba mung kira-kira bae

                         

Siksa kang banget iku tumrap wong kang padha nulis kitab nganggo tangane dhewe, banjur ngucap iki kitab terang saka ngersane Allah, karepe supaya payu dadi kanggo nuku barang kang sithik regane. Mulane siksa kang banget iku tumrap wong kang mengkono mau, minangkan patrapane anggone tangane padha nulis, lan siksa mau dadi minangka patraning tumindake

                         

Wong Yahudi Kang padha munafiq padha ngucap, "Aku mangsa kacemplunga neraka, kajaba mung sawatara dina wae." Muhammad, sira dhawuha, "Pangucapmu iku apa oleh janji saka ngarsaning Allah, apa jaragan ngucapake barang kang ora sira sumerepi, sira kandhakake saka Allah"

(16)

16

Ebook Gratis ighfirli.com – Dilarang Diperjualbelikan               

O, iya sing sapa nglakoni ala, sarta tindake mau nglimputi awake, wong kang mengkono mau mesthi padha manggon ing neraka, anggone anaing kono padha langgeng

           

Dene wong kang padha percaya ing Allah sarta padha nglakoni kebecikan wong kang mengkono mau padha pikantuk suwarga. Anggone ana ing suwarga bakal padha langgeng

                             

Lan (padha elinga) nalikane ingsun mundhut sesanggemane para turuning Israil (bani israil),

pangandikaningsun, "Sira aja padha manembah saliyane Allah, lan padha ambecikana wongtuwanira loro lan para sedulurira, lan para bocah yatim, lan para wong miskin, lan becikana pangucapira mrang sapapadhanira, lan padha nglakonana shalat lan padha bayara zakat." Sawise sira padha sanggem, sira banjur padha mbalik kajaba mung kancanira sawatara, sira padha mlengos

               

Lan (padha elinga) nalikane ingsun mundhut sesanggemanira. Pangandikaningsun, "Sira aja padha mutahake getihe para kancanira lan aja nundhung para kancanira skaa negaranira (omahira)". Sira banjur padha sangem lan sira padha nekseni awakira dhewe

                                                     

(17)

17

Ebook Gratis ighfirli.com – Dilarang Diperjualbelikan

(He turune Israil kabeh) Sira banjur padha mateni para kancanira, lan nudhung kancanira sagolongan saka ing omahe (negaranira), sira padha marahi klawan dosa lan jarag nganiaya (memungsuhan). Dene menawa ana wong boyongan padha teka ing sira, banjur padha sira tebusi, kang mangka sira padha dialrang nudhung wong mau, yen mengkono apa sira percaya lan ngestokake saperangane kitab sarta maido (ngafiri) lan mopo marang saperangan liyane, para konconira kang padha ngelakoni mengkono iku piwalese ora ana maneh kajaba digawe asor ana ing jaman urip ing donya. Dene besuk dina Qiyamat padha digiring marang siksa kang abot. Allah ora pisan-pisan kesupen samu barang kang padha sira lakoni               

Wong kang padh amengkono iku kang nuku kabungahan ing donya, dituku klawan kabungahan akherat, mulane bakal padha ora dienthengake siksane, lan padha ora ditulungi

                              

Lan Ingsun temen wis maringi kitab Taurat marang Nabi Musa, sarta sapungkure Nabi Musa Ingsun tungka pirang-pirang utusan (Rasul) Ingsun, lan Ingsun wis maringi tandha yekti kasekten marang Isa anake Maryam sarta Ingsun wis ngatosakake Isa klawan roh suci (Jibril) ya gene saben sira padha katekan utusaningsun dhawuhake barang kang ora condhong karepira, sira banjur padha gumedhe, mulane utusan mau kang sak golongan padha sira paido lan sak golongan padha sira pateni

           

Para wong Yahudi kang munafiq padha matur, "Manah kula punika katutupan". Allah mbedoni wong munafiq mau marga anggone padha kfir. Dadi si Munafiq mau padh asethithik percayane

                           

Bareng wong Yahudi padha katekan kitab al-Qur'an saka ngarsane Allah, kang cocog lan mbenerake kitab Taurat, cecekelane wong Yahudi, tur sadurunge katekan al-Qur'an wong Yahudi mau padha ngajab, olehe pitulung ngalahake para wong kafir, bareng Nabi wis diweruhe klawan weca mau jumeneg,

(18)

18

Ebook Gratis ighfirli.com – Dilarang Diperjualbelikan                              

Ala temen wong Yahudi anggone padha ngedol awake dilirokake, maido al-Qur'an kang wis

didhawuhake dening Allah, anggone mengkono mau mung saka drengki. Dene Allah teka maringake kanugrahane marang sawenehing para kawulane, kang dadi kaparenging kersane mulane dhewek mau padha tetep kena bebendhu kang tinungka ing benendu maneh sarupane wong kafir mesthi oleh siksa kang ngesorake awake

                               

Nalikane wong Yahudi padha didhawuhi, "Sira padha percaya ngestokna al-Qur'an kang wis

didhawuhake dening Allah", wangsulane, "Kita sami pitados ngestokaken kitab Taurat ingkang sampun dipun dhawuhaken dhumateng kita." Wong Yahudi mau padha maido kitab kang didhawuhake sawise taurat, kang mangka kitab kang didhawuhake sawise taurat iku kang bener, cocok kato wecane taurat, cecekelane si Yahudi. (Muhammad) sira dhawuha, "Yen temen sira padha percaya, ngestokake kitab padha nyedani para Nabining Allah?"

            

Satemene Nabi Musa wis ngrawuhi sira kanthi tanda yekti kasekten pirang-pirang, sapungkure Nabi Musa sowan ngarsaning Pangeran, sira banjur ngedegake (gawe) pangeran awujud sapi. Sira padha nganiaya marang awake dhewe

                             

(He wong Yahudi) Sira padha elinga! nalikane Ingsun mudnhut sesanggemanira. Ingsun nganggo mbedhol gunung Tur, Ingsun unggahake ana ing dhuwurira. Pangandikaningsun, "Samubarang kang wis Ingsun dhawuhake marang sira padha sanggemana klawan temen-temen lan padha sedikanana". Sira banjur padha matur, "Kawula sampun mireng, nanging kawula sami mopo". Wong Yahudi anggone padha kesengsem manembah sapi wis manjing ana ing ati, marga satemene padha kafir. (Muhammad) sira dhawuha, "Yen nyata sira padha percaya ing Taurat, ala temen percayamu teka akon manembah sapi marang sira"

(19)

19

Ebook Gratis ighfirli.com – Dilarang Diperjualbelikan                  

(Muhammad!) sira dhawuha, "He wong Yahudi!, yen dhasar nyata terang mungguhing Allah yen kebungahan ing jaman akhirat iku mung sira dhewe kang duwe, mara padha ngarep-arepa ing pati, yen sira iku padha temen"

          

Wong yahudi selawase mesthi ora ngarep-arep pati, awit kelingan panggawening tangane kang wis-wis. Allah iku ngudaneni wong kang padha nganiaya awake dhewe

                           

Sira mesthi mangerti yen wong Yahudi iku dhemene marang urip ngungkuli manugnsa kabeh, lan

ngungkuli manungsa kang padha musyrik. Sawenehing wong Yahudi ana kang kepengin urip nganti umur sewu tahun, senajan umur sewu tahun pisan wong mau ora bisa nyingkiri siksane, Allah iku mriksani samu barang kang padha dilakoni wong Yahudi

                  

(Muhammad) sira dhawuha, "Sing sapa nyatru Malaikat Jibril, satemene dheweke iku dhawuhake al-Qur'an marang aturira Muhammad, klawan idzine Allah, mbenerake surasane kitab kang ana ing tangane wong kang nyatru mau, lan dadi pituduh tur ambebungah marang para wong mukmin"

            

Sing sapa nyatru Allah lan nyatru malaikate, lan para utusane, apa dene nyatru Malaikat Jibril, Malaikat Mikail, satemen Allah iku nyatru para wong kafir

           

(Muhammad) Ingsu wis dhawuhake ayat tandha yekti marang sira, ora ana kang maido ayat mau kajaba wong kang padha fasiq (duraka)

(20)

20

Ebook Gratis ighfirli.com – Dilarang Diperjualbelikan            

Apa iya wong iku padha maido ayat? Wong mau saben-saben padha sanggem ngestokaken

pranjanjianing Pangeran, kang sagolongan banjur ngudhari sesanggeman mau, dadi wong mau kang akeh padha ora percaya

                                                                                                                                                                                                          

Referensi

Dokumen terkait

Banyaknya bilangan asli n yang memenuhi sifat hasil jumlah n dan suatu pembagi positif n yang kurang dari n sama dengan 2016 adalah ..... Anak laki-laki dan anak perempuan

Data di atas menunjukkan bahwa penderita diabetes melitus yang ada di Puskesmas Pauh Padang yang terdiagnosis > 5 tahun tidak semuanya yang memiliki koping yang adaptif

Banyak penelitian yang menghubungkan antara variabel Locus of Control dengan Burnout dan menjadi variabel yang sering diteliti korelasi keduanya dalam ilmu psikologi,

Hasil analisis secara kualitatif penggunaan antibiotik menunjukan bahwa kategori IVA (antibiotik tidak efektif) memiliki presentase terbesar yaitu 62,96 dan tidak

Ahmad, Zakaria, Cut Nyak Meutia, Jakarta: Departemen Pendidikan Dan Kebudayaan Direktorat Sejarah dan Nilai Tradisional, Proyek Inventarisasi dan Dokumentasi Sejarah

Sebuah skripsi yang diajukan untuk memenuhi salah satu syarat memperoleh gelar Sarjana pada Fakultas Pendidikan Ekonomi dan Bisnis. © Cintya

Hasil pengolahan data menunjukkan simpulan berupa manfaat hasil belajar costume performing art pada mahasiswa angkatan 2011 Prodi Kriya Tekstil dan Mode Universitas

Selain itu ketentuan lain-lain dalam perjanjin kredit yang diatur di dalam Pasal 26 ayat (2) menyatakan bahwa dalam hal terdapat satu, sebagian atau lebih dari ketentuan-ketentuan