• Tidak ada hasil yang ditemukan

SAMBUTAN UPACARA HARI JADI KAB. KARANGANYAR KE 99 TAHUN 2016

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2017

Membagikan "SAMBUTAN UPACARA HARI JADI KAB. KARANGANYAR KE 99 TAHUN 2016"

Copied!
10
0
0

Teks penuh

(1)

TANGGAP WACANA BUPATI KARANGANYAR WONTEN ING ACARA

TATA CARA BANDERA PENGETAN DINTEN AMBAL WARSA

PAMARINTAH KABUPATEN KARANGANYAR KAPING – 99 WARSA 2016

Dinten/Surya kaping : Jumah Pahing, 18 Nopember 2016

Panggenan : Alun-alun Kabupaten Karanganyar

Assalaamu’alaikum wr.wb.

Mugi Kasarasan, Karahayon, kasaenan saha bagyo mulya tansah pinaringan dhumateng panjenengan lan kula.

 Ingkang kinurmatan para Forum Komunikasi

(2)

 Ingkang kula kurmati Ketua Pengadilan Negeri

lan Ketua Pengadilan Agama Kabupaten Karanganyar

 Ingkang kula kurmati Sederek Ketua DPRD saha

para Anggota DPRD Kab. Karanganyar.

 Ingkang kinurmatan Sedherek Wakil Bupati

Karanganyar

 Ingkang kinurmatan Sekretaris Daerah, para Staf

Ahli saha para assisten Sekda Kabupaten Karanganyar.

 Ingkang kinurmatan Pangarsa Dinas/ Badan/

Instansi/ Kantor/ Bagian Ing wewengkon Pamarintah Kabupaten Karanganyar

 Ingkang Kinurmatan Ketua TP PKK, Ketua

Dharma Wanita Persatuan Kab Karanganyar,  Ingkang kinurmatan Para Camat, Lurah tuwin

Kepala Desa Sa-Kab Karanganyar

 Para Sinedhahan saha pendherek Tata Cara

(3)

Murwakani tanggap wara ing Tata Cara Pengetan Dinten Ambal Warsa Kabupaten Karanganyar punika, sumangga kula dherekaken tansah munjukaken puja lan puji syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT, Gusti Ingkang Murbeng Dumados, awit saking ridho, hidayah saha inayah-Ipun panjenengan lan kula saget pepanggihan hanjenengi saha hangestreni tata cara Bandera

Pengetan Dinten Ambal Warsa Kabupaten Karanganyar ingkang kaping 99 punika kanthi saras, wilujeng nir ing sambekala.

Pandherek tata cara ingkang kula kurmati,

Dinten punika Jumat Pahing surya kaping 18 November 2016 Kabupaten Karanganyar jangkep yuswa 99 Tahun. Gumreguting sadaya warga Mengeti Dinten Wiyosan ing warsa punika, kangge mujudaken

(4)

pangupadaya, kathah adicara ingkang badhe saha sampun kalaksanan. Ingkang punika dhumateng para pamangku karsa, paniti laksana saha dhumateng sedaya perangan ingkang sampun hanyengkuyung murih lancar saha suksesipun adhicara kasebat, kula aturaken agunging panuwun saha pangalembana ingkang ageng.

Ing perangan sanes sedaya adicara ingkang sampun rinonce mboten ateges reroncening adicara ingkang boros saha muspra, nanging minangka sarana kangge atur panglipur dateng masyarakat ugi mujudaken ukuran kasilipun kegiatan wonten ing babagan Pamarintahan, Pembangunan saha Kemasyarakatan.

Tamu sinedhahan saha pandherek tata cara ingkang bagyo mulya,

(5)

jumenengipun KRT Hardjohasmoro jumeneng Bupati Kapisan inggih punika:

Panguwasa utawi Pejabat murih saget dados conto utawi tuladha, kedah tansah wonten ing kasaenan, setia saha tuhu rikala hangemban tugas Nagari sarto mboten dadosaken cuwanipun para leluhur.

Tansah ngati-ati rikala ngemban amanah, hanjagi masyarakat murih sami sayuk rukun, mboten kaliren saha sepi ing panggawean sarta haningkataken masyarakat ingkang bagyo mulyo,

Ugi jumbuh kalihan sesanti Tri Dharma saking KGPAA Mangkunegoro Kaping I inggih kang aran Pangeran Samber Nyawa ; Rumangsa Melu Handarbeni; Wajib Melu Hanggondheli saha

Mulat Sarira Hangrasa Wani, tansah hanjenengi

(6)

Pandherek tata cara ingkang kula Khurmati,

Syukur Alhamdulillah bilih sadaya kegiatan sahe ing Babagan Pamarintahan, Pambangunan saha Kamasyarakatan ingkang kawengku ing Visi Misi kasebat hawit saking sengkuyung saking sedaya lapisan masyarakat sampun kalaksanan kanthi lancar, aman, sahe saha migunani kangge masyarakat.

Saget kula haturaken ugi bilih awit panyengkuyung panjenengan sami, Kabupaten Karanganyar pikantuk kathah pangalembono sae ing tataran pamarentah Provinsi, Pamarentah Pusat saha Lembaga Lembaga sanesipun, ing antawisipun Anugrah Kawastara Pamitra saking Kemendikbud wonten ing program penyiapan calon kepala sekolah;

(7)

(WTP) minangka pangalembana ing babagan Laporan Keuangan Daerah saking BPK RI.

Namung kewala kula ugi ngrumaosi, bilih taksih kathah bab-bab ingkang dereng pinujud saha ndadosaken saperangan masyarakat rumaos cuwa, keparengna kula nyuwun agenging samodra pangaksami. Ing sak lajengipun kula nggadhahi tekad saha pangajab bilih Kabupaten Karanganyar wonten ing tahun-tahun candhakipun kedah langkung sae, langkung ngrembaka, langkung kuncara saha sejahtera lahir batin masyarakat sedayanipun tanpa kewala. Tekad saha pangajab kalawau tamtu mbetahaken tambah gumreguting-panyengkuyung sedaya masyarakat.

Tamu sinedhahan saha pandherek tata cara

ingkang bagyo mulya,

Pengetan Ambal Warsa kaping 99 ing tahun 2016

(8)

Cerdas , kanthi thema punika kaajab bilih sedaya

lumampahing tatanan pembangunan saget ngasilaken wujudipun masyarakat ingkang majeng ing babagan budaya saha pangertosan ilmu saha teknologi, Cerdas wonten pamikiran saha tindakan rikala ngadhepi sadaya perkawis.

Awit saking punika keparengna kula ngajak dhumateng sedaya peranganing masyarakat hanyengkuyung program Pamarintah, saha mbudidaya murih wujudipun Karanganyar Ingkang Maju lan Cerdas.

Para Pandherek Tata Cara Ingkang Kula

Kurmati,

(9)

masyarakat ingkang hanyengkuyung reroncening pengetan punika kanthi aman, lancar lan sae.

DIRGAHAYU KABUPATEN KARANGANYAR KAPING 99 !

Mugi Gusti ALLAH SWT tansah hangayomi saha paring ridho dhumateng sedaya rekadaya kita sadaya.

(10)

Referensi

Dokumen terkait

Tahun 2OO7 tentang Pedoman Teknis Pengelolaan Keuangan Badan Layanan Umum Daerah, perlu menetapkan Peraturan Gubernur Bengkulu tentang Pengangkatan dan Pemberhentian

RINCIAN DOKUMEN PELAKSANAAN ANGGARAN BELANJA LANGSUNG PROGRAM DAN PER KEGIATAN SATUAN KERJA PERANGKAT

Asisten SKPD/ Iagi an

In both cases, you´ll find that a secured loan gives you a good amount of money at an attractive rate so you can reduce your debt payments or increase the value of your

Untuk memberikan panduan bagi para pengelola untuk melaksanakan ke^atan Bantuan Langsung ADD Tahun 2007 disusun petunjuk pelaksanaan bantuan langsung ADD Kabupaten Pacitan Tahun

Interaksi edukatif yang dilaksanakan termuat di dalamnya tujuan yang ingin dicapai, prosedur penginteraksian, materi yang diinteraksikan, aktivitas siswa di dalam

Hambatan yang muncul dalam pelaksanaan pembelajaran daring di masa pandemi covid-19 dikarenakan keterbatasan dalam menyampaikan materi pembelajaran.

Pada tanggal 30 Juni 2005, kas dan setara kas termasuk saldo sebesar Rp110 dari penerimaan hutang obligasi, di mana penerimaan tersebut akan digunakan untuk pembukaan toko-toko