• Tidak ada hasil yang ditemukan

Metode Sosiodrama Wonten Ing Piwulangan

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2018

Membagikan "Metode Sosiodrama Wonten Ing Piwulangan"

Copied!
8
0
0

Teks penuh

(1)

Metode Sosiodrama Wonten Ing Piwulangan Undha-Usuk Basa

Gayutipun Kaliyan Perkembangan Psikologis Murid SMPN 2

Yogyakarta Kelas 7

BAB II GEGARAN TEORI

A. Metode Sosiodrama

1. Pangertosan Metode Sosiodrama

Istilah sosiodrama saking tembung sosio utawi sosial saha drama. Tembung drama kapundhut saking salah satunggaling prastawa wonten ing salebeting gesanging manungsa ingkang ngengingi bab satruning sarira, lan manah satunggaling tiyang utawi langkung. Metode sosiodrama memper kaliyan salah satunggaling seni pasugatan ing Jawa Tengah inggih menika kethoprak. Wonten ing kethoprak wonten salah satunggaling unsur inggih menika paraga. Paraga minangka tiyang-tiyang ingkang kadhapuk maraga saha nggadhahi maneka warna watak miturut cariyos ingkang wonten ing sekenario utawi naskah.

Metode kekalih wonten ing nginggil limrahipun kacekak dados metode “sosiodrama.” Metode menika minangka metode piwulangan kanthi mahyaaken dhateng para siswa bab prekawis sesambetan wonten ing salebeting pagesangan, ancasipun supados saged nggayuh suraosing piwulangan tartamtu. Masalah sesambetan sosial menika dipundramatisir dening para siswa ingkang dipunpimpin kaliyan guru. Ancas metode sosiodrama inggih menika supados para siswa mangertos kados pundi anggenipun sesambetan wonten ing salebeting gesang antawisipun tiyang setunggal kaliyan sanesipun.

(2)

manungsa kados kaluwarga, sekolah, masyarakat, unggah-ungguh lan sapanunggalanipun.

2. Jinis Metode Sosiodrama a. Permaninan Penuh (carita genep)

Carita genep saged dipungunaaken kangge proyek ageng ingkang boten kewatesan sumber lan wekdal. Sedaya prekawis saking purwaka dumugi pungkasan saged kacariyosaken kanthi jinis metode menika.

b. Pementasan situasi utawi kreasi baru

Cariyos menika memper kaliyan pementasan penuh, ananging limrahipun namung kangge mahyaaken satunggaling utawi setengahing prakawis kemawon.

c. Playlet

Metode jinis menika kangge mahyaaken prekawis alit, utawi bagian alit saking prakawis ageng.

d. Blackout

Jinis metode menika namung mahyaaken kalih utawa tiga pacelathon kemawon. Dialogipun singkat.

3. Tata Urutaning Metode Sosiodrama

Tata urutan anggenipun nemtokakken lampahing cariyos inggih menika :

a. Nemtokaken prekawis b. Mujudaken kahanan c. Mujudaken watak

d. Paring arahan dhateng paraga e. Mangertosi watak paraga f. Ngendhek utawi ngethok carita

(3)

Wonten ing ngandhap menika cara-cara anggenipun nglampahi metode sosiodrama supados kalampahan kanthi sae :

a. Pamong kedah paring pangertosan dhateng para siswanipun, bilih sinau migunaken metode menika saged kangge ngrampungi prakawis sesambetan sosial wonten ing pagesangan. Saklajengipun guru nemtokaken siswa ingkang badhe dados paraga lan paring satunggaling prakawis, tugas kangge para siswa inggih menika pados dalan kangge ngrampungaken perkawis menika. Kanca ingkang boten majeng dipunparingi tugas tartamtu ugi.

b. Pamong kedah milih perkawis ingkang seger, saengga saged narik kawigatosanipun para siswa.

c. Supados para siswa mangertos adheganipun, pramila pamong kedah sinambi cariyos nalika ngatur adeganipun.

d. Anggenipun ndhapuk paraga kedah dipungatosaken kemampuanipun.

e. Watak kedah dipunandharaken kanthi cetha, supados para paraga saged nglampahi adhegan kanti sae.

f. Siswa ingkang boten tumut dipunwajibaken dados penonton aktif. g. Wonten sesi tanya jawab menawi masalah ingkang dipunsajiaken

dereng pikantuk wangsulan.

4. Inggil Saha Kirangipun Metode Sosiodrama Inggilipun :

a. Saged kangge sarana ngrembakaaken kreativitas para siswa. b. Mupuk raos kerjasama antawisipun para siswa.

c. Mupuk bakat siswa wonten ing salebeting seni drama.

d. Siswa saged langkung nggatosaken materi piwulangan amargi anggenipun sinau kanthi ngayati watak tokoh ingkang dipunparagaaken piyambak.

(4)

f. Nglatih siswa kangge ngudhari prekawis saha mundhut dudutan kanthi wekdal ingkang sakcekak- cekakipun.

Kirangipun :

a. Metode sosiodrama mbetahaken wekdal ingkang langkung lami b. Mbetahaken kreativitas saha daya kreasi ingkang inggil saking

murid saha pamongipun.

c. Kathah siswa ingkang mentalipun taksih kirang percaya diri. d. Ancasing pasinaon menawi pentasipun gagal saged boten kagayuh

kanthi sae.

e. Boten sedaya materi saged kasajekaken kanthi metode menika.

B. Piwulang Undha Usuk Basa

1. Pangertosan Piwulang Undha-Usuk Basa

Undha-usuking basa inggih menika trap-traping (stratifikasi) basa kangge ngajeni dhateng tiyang ingkang dipunajak wawan rembag. Wonten ing sesrawungan masyarakat Jawa sakmenika basa ingkang asring dipunginaaken inggih menika basa krama saha ngoko. Miturut Mulyani (1991:285) Ngoko menika kaperang dados kalih inggih menika ngoko lugu, saha ngoko andhap (1991:287). Miturut Mulyani (1991:285) Basa Krama kaperang dados tiga inggih menika krama lugu (mudha krama), krama madya (wredha krama), saha krama alus (Krama Mantara).

Piwulang undha-usuking basa inggih menika piwulang ingkang ancasipun supados lare ingkang dipunwulang saged mangertos trap-trapaning basa, saengga saged ngecaaken anggenipun migunaaken basa kanthi leres.

2. Jinis Undha-Usuk Basa Miturut Hesti Mulyani a. Ngoko

(5)

- Ngoko Andhap b. Krama

- Krama Lugu (mudha krama) - Krama Madya (wredha krama) - Krama Alus (krama mantara)

3. Ancas Piwulang Undha-Usuk Basa

Miturut Poerwadharminta (1953: 9) unggah ungguhing basa gadhah mupangat kangge :

a. Ngaosi dhateng tiyang ingkang dipunanggep langkung luhur

b. Kangge nglairaken raos pakurmatan.

c. Saking tembung-tembung ingkang sampun dipunmangertosi wonten ing salebeting unggah-ungguh basa dipunkajengaken saged nuwuhaken patrap ingkang ugi memper kaliyan pocapan pakurmatan kalawau. Saking mupangat unggah-ungguhing basa ingkang sampun kaandharaken dening Hesti Mulyani wonten ing nginggil, pramila saged kapundhut dudutan ; Piwulang Undha-usuk basa gadhah ancas :

a. Kangge paring sangu gesang bab unggah-ungguh basa kagem lare-lare.

b. Supados lare-lare mangertos lan saged ngecakkaken unggah-ungguhing basa kanthi sae wonten ing masyarakat, kaluwarga, lan papan ingkang langkung wiyar malih.

c. Kangge ngaosi tiyang ingkang dados lawan wawan rembag.

(6)

e. Saged dados sarana nglestantunaken satunggaling wujud budaya lisan inggih menika maneka warni wujud basa Jawa.

C. Cak-Cakanipun Metode Sosiodrama Wonten Ing Salebeting Piwulang Undha-Usuk Basa

Metode sosiodrama saged dipunangge kangge sarana piwulangan Undha-Usuking basa. Kanthi maneka warna jinis metode menika, undha usuk basa saged kawulangaken miturut kabetahanipun ancas piwulangan. Menawi badhe mahyaaken undha-usuk basa ingkang jangkep saged kanthi metode ingkang langkung lami saha boten kawates wekdal pamentasan, kados prekawis padintenan ing antawisipun tiyang sepuh dhateng larenipun, utawi lare dhateng kanca sepantaran, ugi dhateng kanca padamelan ingkang pangkatipun langkung inggil, sami, utawi malah langkung asor.

D. Perkembangan Psikologis Bahasa

Miturut Johan Amos Cornenius wonten ing kartini kartono (2007: 34-35), ngandharaken bilih perkembangan basa menika wonten sekawan wekdal, inggih menika :

a. Wekdal sekolah – ibu (0-6 taun)

b. Wekdal Sekolah - basa- ibu (6-12 taun) c. Wekdal Sekolah- Latin (12-18 taun) d. Wekdal Sekolah Universitas (18-24 taun)

(7)

menika lare sekolah SMP. Amargi miturut Cornencius, lare nalika umur semanten cak-cakanipun anggenipun nyinau bab basa nembe ngayati sedaya pengalamaning bebasa kanthi basa ibu. Kanthi migunaaken basa ibu, lare badhe pikantuk pengaruh budaya saking tiyang sepuhipun. Saha nalika ngancik umur semanten, lare wiwit dipungladhi manekawarna basa saha bab budaya. Basa menika wigatos sanget dipunwulangaken dening para bocah supados saged ngancik gesang kang sae lan mbudaya.

E. Gegayutanipun Piwulang Undha-Usuk Basa Migunaaken Metode Sosiodrama Kaliyan Perkembangan Psikologis Murid SMP N 2 Yogyakarta Kelas 7

Saking andharan wonten ing nginggil bab metode sosiodrama, undha-usuking basa, saha perkembangan psikologis lare, saged kapundhut dhudhutan sawatawis utawi “Hipotesis” inggih menika :

Perkembangan berbahasa siswa SMP ingkang nembe ngancik wekdal basa- sekolah- ibu ngantos dumugi wekdal sekolah-latin ngancik wekdal ingkang sae kangge perkembangan basa lare, siswa saged mbudidaya utawi gladhen bab undha-usuk basa kanthi sae, amargi umur-umur menika, kalebet umur-umur efektif kangge perkembangan psikologis sosial lan bahasanipun. Piwulang undha-usuk wonten ing umur menika, dipunkajengaken supados siswa wiwit alit sampun limrah ngginaaken basa ingkang sae anggenipun nindhakaken pacelathon, lan kebiasaan menika saged dipunbekta ngantos dumugi ngancik dewasa lan dados sanguning gesang para lare menika, supados saged gesang wonten ing sakdengah papan kanthi unggah-ungguh ingkang trep.

(8)

mujudaken swasana ingkang saged dipunparagaaken dening para siswa, saengga siswa saged ngayati piyambak watak ingkang dipunparagaaken lan trep-trepaning bebasan ingkang dipunginaaken.

Daftar Pustaka :

Dardjowidjojo, Soenjono. 2014. “Psikolinguistik” . Jakarta: Yayasan Pustaka Obor Indonesia.

Sudaryanto. 1991. “tata bahasa baku bahasa Jawa ”. Yogyakarta: Duta Wacana University

Poerwadarminta. 1953. “Sarining Paramasastra Djawa”. Noordhoff.Kolff

www.kajianpustaka.com

(Diunduh pada, sabtu 16 april 2016 pukul 14:25)

http://digilib.uinsby.ac.id/9860/5/bab%202.pdf

Referensi

Dokumen terkait

Lebih lanjut dari hasil penelitian didapatkan hasil korelasi positif antara kepercayaan merek dengan minat beli ulang sebesar 0.004 ini mengindikasi adanya

Target pemasaran Mie Lidi Bayam ini adalah pedagang mikro yang bergerak dibidang pangan (toko sembako, warung nasi), mitra usaha, dan mahasiswa. Berdasarkan target tersebut maka

Pada saat ini untuk mengukur gas yang dipakai sebagai bahan bakar dalam fuel cell diperlukan akurasi yang tinggi untuk mengukur gas yang bereaksi karena setiap jumlah gas

5. Melalui bimbingan guru, siswa dapat cara menggunakan secara sederhana teknologi produksi masa lalu dan masa kini dengan benar... Melalui diskusi kelompok, siswa

adalah bahwa pada suatu malam, ketika beliau sedang melaksanakan shalat tahajud, dalam posisi sujud, beliau merasa pusing dan diperlihatkan sebuah kasyaf yang di dalamnya seorang

Pokja ULP Barang dan Jasa, Pengadaan Electric Generating Set pada Badan Pelayanan Perizinan Terpadu Dan Penanaman Modal Kota Banjarmasin akan melaksanakan Pelelangan Sederhana dengan

mengevaluasi tentang  pengetahuan faktual,  konseptual, operasional  dasar, dan metakognitif  sesuai dengan bidang dan 

Pada tugas akhir ini dilakukan penelitian untuk mengelompokkan pokok pembahasan dari kumpulan hadits agar dapat digunakan oleh khalayak yang membutuhkan dengan menggunakan