• Tidak ada hasil yang ditemukan

KONFLIK ING JAGADING PAMULANGAN SAJRONE ANTOLOGI CERKAK TRUBUS KANG MRANGGAS ANGGITANE TIWIEK S.A.

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2021

Membagikan "KONFLIK ING JAGADING PAMULANGAN SAJRONE ANTOLOGI CERKAK TRUBUS KANG MRANGGAS ANGGITANE TIWIEK S.A."

Copied!
13
0
0

Teks penuh

(1)

KONFLIK ING JAGADING PAMULANGAN

SAJRONE “ANTOLOGI CERKAK TRUBUS KANG MRANGGAS” ANGGITANE TIWIEK S.A. Endang Telasih Rahayu

PENDIDIKAN BAHASA DAERAH FAKULTAS BAHASA DAN SENI UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA

ABSTRAK

Antologi cerkak Trubus kang Mranggas anggitane Tiwiek S.A. iki kasusun saka sepuluh cerkak-cerkak anggitane Tiwiek S.A. kang sakabehe wis tau kapacak ing majalah Basa Jawa (Jaya Baya, Panjebar Semangat, Djaka Lodang, Mekar Sari) kang terbit antarane taun 1980 tumeka taun 2005. Cerkak-cerkak sajrone antologi cerkak Trubus kang Mranggas iki nyaritakake kahanan jagading pamulangan kang kagambarake ing paraga-paraga kang ngalami konflik-konflik ing jagading pamulangan.

Adhedhasar landhesan panliten kasebut, kajupuk underaning panliten, yaiku (1) kepriye konflik internal sajroning Antologi Cerkak Trubus kang Mranggas anggitane Tiwiek S.A. (2) kepriye konflik eksternal sajroning Antologi Cerkak Trubus kang Mranggas anggitane Tiwiek S.A. lan (3) kepriye pamungkasing cerita sajrone antologi cerkak iku. Saka underaning panliten iku, mula tujuwane panliten yaiku (1) Ngandharake konflik internal sajroning Antologi Cerkak Trubus kang Mranggas anggitane Tiwiek S.A. (2) Ngandharake konflik eksternal sajroning Antologi Cerkak Trubus kang Mranggas anggitane Tiwiek S.A. lan (3) Ngandharake pamungkasing cerita sajrone antologi cerkak mau.

Panliten iki kaajab bisa asung paedah, yaiku menehi sumbangan tumrap panliten sastra kanthi tintingan struktural mligine cerkak. Ndadekake majune jagading kritik sastra mligine ngenani tintingan struktural, uga bisa didadekake sumber-sumber kanggo pasinaonan tumrap sastra ing babagan apresiasi sastra.

Panliten iki ngandharake konflik-konflik kang dumadi ing jagading pamulangan minangka unsur kang mirunggan sajroning antologi cerkak Trubus kang Mranggas. Mula ing kene titingan sastra kang salaras kanggo ngonceki underaning panliten yaiku tintingan struktural. Tintingan struktural digunakake kanggo nintingi sakabehing bab kang nduweni sesambungan struktur karya sastra yaiku unsur intrinsik karya sastra.

Panliten sastra iki nggunakake metode deskriptif kualitatif kang ngandharake objek kang ditliti. Sumber data kang digunakake yaiku antologi cerkak Trubus kang Mranggas anggitane Tiwiek S.A. Data-data kang digunakake sajroning panliten arupa ukara-ukara lan pachelathon kang nggambarake kahanan konflik kang dumadi. Kanggo nglumpukake data kang dibutuhake kanggo panliten sastra iki, nggunakake metode waca lan cathet.

Asiling panliten iki salaras karo underaning panliten kang nuduhake yen konflik kang dialami dening paraga sajrone antologi cerkak yaiku konflik internal kang bisa nuwuhake rasa mamang lan rasa kuwatir. Uga ana konflik eksternal awujud konflik sosial antar-indhividhu, konflik antarane jabatan lan keluwarga, lan konflik karana jabatan. Saliyane konflik kang dialami dening paraga, pamungkasing konflik dipungkasi kanthi maneka warna yaiku kanthi cara pasrah, ngukuhi jejibahan, lan wicaksana. Pamungkasing konflik sajroning antologi cerkak Trubus kang Mranggas iki luwih akeh kang awujud sad ending utawa dipungkasi kanthi cara sedhih.

(2)

PURWAKA

Sastra mujudake asiling cipta, rasa, lan karsane manungsa. Sajrone bukune Luxemburg (1989:5) ana saperangan bab kang njlentrehake ngenani sastra. Sastra mujudake sawijining karya, kreasi, dudu imitasi. Ing kene pangripta nyiptakake jagading kang anyar, mbacutake sawijining proses pangriptaning alam, bisa uga asipat nyampurnakake. Ngrembug sastra mligine sastra Jawa, ora bisa uwal saka anane periodisasi kasusastran Jawa kang diperang dadi papat yaiku kasusastran Jawa Kuna, kasusastran Jawa Madya, kasusatran Jawa Anyar, lan kasusastran Jawa Modern.

Kasusastran Jawa Modern mligine cerita cekak kang kerep dicekak cerkak nduweni kaluwihan kang mligi tinimbang karya fiksi liyane yaiku cerkak luwih ringkes tinimbang jinise karya fiksi liyane. Padha karo karya fiksi liyane kayata novel, cerkak nduweni unsur-unsur pamangun kang diperang dadi loro yaiku unsur-unsur intrinsik lan ekstrinsik.

Sawijining cerita, bakal luwih narik kawigatene pamaca yen cerita kesubut ngandhut konflik. Konflik yaiku sawijining kahanan asipat ora nyenengake kang dumadi lan utawa dialami dening paraga, yen paraga iku nduweni milih sakarepe dhewe, paraga iku ora bakal milih kahanan kang ora nyenengake iku (Meredith & Fitzgerald sajrone Nurgiyantoro, 2007:122). Konflik diperang dadi loro, yaiku konflik internal lan konflik eksternal.

Objek panliten kanthi sastra tulis ing kene luwih kerep ditliti kanthi pamarkan objektif, amarga pamarkan iki mujudake pamarkan kang nduweni sesambungan paling raket karo teori sastra modern, mligine kang nliti ing babagan struktur karya sastra. Pamarkan iki wigati banget, amarga pamarkan apa wae kang ditindakake, dhasare ditengenake menyang karya sastra iku dhewe. Pamarkan objektif nengenake pamawase marang unsur-unsur, kang diarani analisis intrinsik. Jinising karya kang bakal ditliti miturut bab-bab kang kaya ing ndhuwur iku bakal trep yen ditintingi nganggo tintingan struktural. Tintingan struktural yaiku sawijining tintingan ngenani bentuk lan isi kang kekarone ora bisa mlaku dhewe-dhewe.

Analisis ngenani struktur bakal dicakake marang Antologi Cerkak Trubus kang Mranggas (ACTKM) anggitane Tiwiek S.A. Sajrone antologi cerkak iki nduweni tema kang padha yaiku jagading pamulangan,. Sajrone antologi iki, Tiwiek S.A. kasil nyuguhake kedadeyan-kedadeyan kang dumadi lan nate dialami dening guru lan sakabehe kang nduweni sesambungan karo jagading pamulangan, kang sakabehe digambarake kanthi basa kang cetha kanthi konflik-konflik kang ndadekake cerkak-cerkak sajrone antologi iki nduweni bab-bab kang bisa narik kawigatene pamaca.

Adhedhasar andharan kasebut, karya sastra ACTKM bakal ditintingi kanthi tintingan struktural mligine babagan konflik kang ana sajroning antologi cerkak iki. Kanthi panliten iki, diajab bisa menehi piguna tumrap pamaca babagan kawruh sastra, mligine ing bidhang apresiasi sastra.

Gegayutan karo andharan mau underane panliten iki yaiku: (1) Kepriye konflik internal sajroning Antologi

Cerkak Trubus kang Mranggas anggitane Tiwiek S.A.? (2) Kepriye konflik eksternal sajroning Antologi Cerkak Trubus kang Mranggas anggitane Tiwiek S.A.? (3)Kepriye pamungkasing cerita sajrone antologi cerkak iku?

Saka undheraning panliten ing ndhuwur, tujuwan panliten iki yaiku: (1) Ngandharake konflik internal sajroning Antologi Cerkak Trubus kang Mranggas anggitane Tiwiek S.A. (2) Ngandharake konflik eksternal sajroning Antologi Cerkak Trubus kang Mranggas anggitane Tiwiek S.A. (3) Ngandharake pamungkasing cerita sajrone Antologi Cerkak mau.

Panliten iki diajab bisa menehi paedah, kang kapisan tumrap panliten sastra, panliten iki dikarepake bisa menehi sumbangan tumrap panliten sastra kanthi tintingan struktural mligine cerkak. Kanggo pamaos, supaya bisa luwih ndadekake majune jagading kritik sastra mligine ngenani tintingan struktural. Kanggo pasinaonan ing jagading sastra, bisa didadekake sumber-sumber kanggo pasinaonan tumrap sastra ing babagan apresiasi sastra.

TINTINGAN KAPUSTAKAN Tintingan Struktural

Lumantar panliten struktural, panliti ora gumantung marang aspek liya sanjabane karya sastra (Endraswara, 2008:51). Panliten sruktural diwawas luwih objektif kang nengenake marang aspek intrinsik sawijining karya satra. Miturut Abrams, metode strukural yaiku upaya nganalisis sawijining karya sastra kanthi cara kang objektif lan uwal saka bab-bab sanjabane teks sawijining karya sastra. Sajroning analisis struktural, teks diwawas minangka sawutuhing makna kang madeg dhewe kanthi cara otonom kanthi koherensi intern (Nurgiyantoro, 2007:36). Kahanan iki disebabake anane sesambungan kang salaras antarane bentuk lan isi (dikotomik).

Teeuw (sajrone Arista, 2012:9) ngandharake ngenani struktur yaiku sawijining sistem minangka kaseluruhan. Sistem kawujud saka unsur-unsur kang nduweni sesambungan (yen ngowahi unsur siji bisa ndadekake owahe sakabehe), asipat munjer ing karya sastra iku dhewe lan ora mbutuhake prekara sanjabane.

Saka pamawase para ahli ing ndhuwur, bisa didudut yen tintingan struktural yaiku sawijining tintingan ngenani bentuk lan isi kang kekarone ora bisa mlaku dhewe-dhewe. Tintingan struktural ora merlokake cawe-cawe saka sanjabane unsur-unsur kang mangun karya sastra iku dhewe. Sajrone nintingi struktur, pambeda unsur kang wigati kudu diwigatekake. Saengga, analisis struktur bisa luwih nengenake marang unsur kang paling mirunggan (Teeuw, 1984:137). Analisis struktur sajrone antologi cerita cekak Trubus kang Mranggas kapunjer ing babagan plot mligine konflik, minangka perangan kang paling mirunggan sajroning antologi cerita cekak iki.

Unsur Intrinsik

Unsur pamangun sawijining karya sastra diperang dadi loro, yaiku unsur intrinsik (intrinsic) lan unsur ekstrinsik (extrinsic). Unsur intrinsik yaiku unsur-unsur kang mangun sawijining karya sastra iku dhewe

(3)

(Nurgiyantoro, 2007:23). Unsur kang mesthi bakal ditemokake nalika sawijining pawongan maca karya sastra. Wujude unsur intrinsik yaiku tema, paraga, plot utawa alur, kelir, lan sudut pandang. Ing ngisor iki bakal diandharake unsur-unsur intrinsik kang mangun karya sastra.

Tema

Sakabehe karya fiksi nduweni utawa ngandhut tema. Miturut Stanton lan Kenny tema (theme) yaiku makna kang kinandhut dening sawijining cerita (Nurgiyantoro, 2007:67). Tema ing sakabehing bab asipat mengikat ana lan orane lelakon-konflik-kahanan tartamtu, kalebu sakabehing unsur intrinsik liyane, amarga bab kasebut kudu nyengkuyung cetha apa orane tema kang bakal diandharake

Kang kudu ditindakake nalika nggoleki tema yaiku kang kapisan digoleki gagasan utama ing saben-saben pada sajrone karya sastra. Gagasan utama kasebut kang diarani sub tema. Sabanjure, saka sub tema kasebut ditemtokake sawijining sub tema kang paling gedhe pangaribawane tumrap cerita. Sub tema kasebut kang bisa diarani tema utama utawa tema mayor kang ndayani sawijining cerita.

Paraga

Paraga yaiku wong kang ana sajroning karya fiksi kang dening pamaca digambarake nduweni nile moral lan pakulinan tartamtu kang kagambarake nalika guneman utawa tumindak (Abrams sajrone Nurgiyantoro, 2007:165). Paraga manggoni panggonan kang mathuk minangka media kanggo nggambarake amanat, moral, utawa samubarang kang kanthi sengaja kepengin ditujokake marang pamaca dening panulis. Sajrone karya fiksi, saliyane paraga uga kerep anggone ditemokake tembung pamaragan yaiku gegambaran kang cetha ngenani sawijining wong kang didhapuk sajroning cerita. Pamaragan ngandharake sapa paraga crita, kepriye wateke, lan kepriye gegambarane paraga kasebut sajrone cerita saengga bisa menehi gegambaran kang cetha tumrap pamaca.

Plot

Plot mujudake unsur fiksi kang wigati. Kenny ngandharake plot minangka lelakon-lelakon kang diwujudake sajrone cerita kang ora asipat apa anane, amarga pangripta nyusun lelakon-lelakon iku adhedhasar sebab-akibat (Nurgiyantoro, 2007:113). Adhedhasar urutan wektu, Nurgiyantoro (2007:153) merang plot utawa alur dadi loro, yaiku alur lurus (progresif) lan alur balik (regresif). Anane plot ditemtokake dening telung unsur, yaiku lelakon, konflik lan klimaks. Semana uga ngenani kualitas lan drajading kawigaten sawijining karya fiksi. Unsur-unsur kasebut bakal diandharake ing ngisor iki.

Lelakon

Lelakon yaiku proses oncating saka kahanan siji menyang kahanan liyane (Luxemburg, 1989:150). Adhedhasar andharan kasebut, lelakon diperang dadi Lelakon Fungsional, ing kene panliti amung milihi lelakon-lelakon kang ngaribawani pangrembakane alur. Lelakon Kaitan yaiku lelakon kang nduweni piguna kanggo nyambungake lelakon-lelakon kang wigati (fungsional). Kaping telu yaiku Lelakon Acuan, lelakon

kang kanthi cara ora langsung nduweni daya pangaribawa lan utawa nduweni sesambungan karo pangrembakane plot, nanging luwih menyang unsur liyane, kayata watak utawa kahananing paraga. Ing kene dudu alur lan lelakon kang dicitakake nanging kahanan alam lan batin (Luxemburg, 1989:151).

Konflik

Konflik mujudake kedadeyan kang kagolong wigati ing pangrembakane plot arupa lelakon fungsional. Meredith & Fitzgerald ngandharake yen konflik yaiku samubarang kang asipat ora nyenengake kang dialami dening paraga sajrone cerita, yen paraga iku nduweni pilihan, paraga iku ora bakal milih lelakon iku dialami dening dheweke (Nurgiyantoro, 2007:122). Sejatine konflik mujudake sawijining perang menang lan kalah antarane kelompok utawa indhividhu kang nduweni kabutuwan kang beda.

Nurgiyantoro (2007:124) merang konflik dadi loro yaiku: Konflik Eksternal, konflik kang dumadi antarane paraga lan bab-bab kang ana sanjabane paraga iku, bisa karo lingkungan alam (konflik fisik) utawa lingkungan manungsa (konflik sosial). Konflik Internal, konflik kang dumadi sajrone ati utawa jiwane paraga. Tuladhane anane rasa waguh antarane rong pepenginan, pangarep-arep, utawa prekara-prekara liyane. Konflik internal nduweni sesambungan kang raket karo kahanan psikologis sawijining paraga.

Klimaks

Konflik lan klimaks mujudake sawijining kahanan kang sambung-sinambung lan ora bisa dipisahake. Konflik-konflik kang wis tumuju ing pucuking konflik bakal nuwuhake klimaks. Anane klimaks dijalari amarga anane konflik-konflik, nanging ora kabeh konflik kudu tumuju ing klimaks, amarga sakabehe konflik ora kudu ana pungkasane. Miturut pamawase Stanton, klimaks yaiku nalika konflik wis tumuju ing titik intensitas kang paling dhuwur, lan kedadeyan iku ora bisa diendani maneh. Ateges kedadeyan iku kudu dumadi, ora bisa ora (Nurgiyantoro, 2007:126-127).

Kelir

Kelir (setting) diarani uga landhesan kang tegese tumuju marang panggonan, wektu, lan lingkungan sosial panggonan dumadine lelakon kang dicritakake (Abrams sajrone Nurgiyantoro, 2007:216). Nurgiyantoro sajrone bukune uga merang kelir adhedhasar unsur-unsur pokok, yaiku panggonan, wektu, lan sosial. Kelir panggonan tumuju marang ing ngendi dumadine lelakon kang dicritakake sajrone karya fiksi. Kelir wektu nduweni sesambungan karo “kapan” dumadine lelakon kang dumadi sajrone karya fiksi. Kelir sosial tumuju marang bab-bab kang nduweni sesambungan karo kahanan sosial masyarakat tartamtu ing panggonan kang dicritakake sajrone karya fiksi. Katelune senajan nuduhake marang prakara kang beda, nanging kasunyatane sumambungan lan padha-padha ngaribawani siji marang liyane.

Sudut Pandang

Sudut pandang sajrone karya fiksi ngrembug sapa kang nyaritakake, utawa: saka ngendi (sapa) lelakon lan tumindak iku dicritakake. Sudut pandang akeh wernane gumantung saka ngendi sudut pandang iku diwawas lan sapira njlimete sudut pandang iku dibedakake.

(4)

Nurgiyantoro (2007:256-271) merang sudut pandang dadi telu, yaiku sudut pandang persona katelu, sudut pandang persona kapisan, lan sudut pandang campuran.

Pamungkasing Cerita (Ending)

Ending uga asring sinebut pungkasaning cerita, nuduhake sawijining kedadeyan tartamtu minangka akibating klimaks. Kedadeyan iki nuduhake kepriye pungkasaning sawijining cerita, Nurgiyantoro (2007:147-148) merang pamungkasing sawijining cerita dadi loro, yaiku: (1) Tumutup yaiku pamungkasing cerita kang asipat tumutup nuju marang pungkasaning cerita sawijining karya fiksi kang wis dipungkasi, ceritane wis dipungkasi miturut logika cerita iku dhewe. (2) Ora Tumutup yaiku pamungkasing cerita kanthi cara iki nuju marang sawijining pamungkasing cerita kang sunyatane durung dipungkasi dening penganggit. Cerita iki isih bisa diterusake, konflik kang ana sakabehe durung dipungkasi. Nasibe paraga-paraga sajroning cerita uga durung sakabehe ditemtokake dening penganggit. Pamaca diwenehi kabebasan kanggo nemtokake pungkasaning cerita miturut pamawase dhewe-dhewe.

Landhesan panliten

Sajrone panliten iki nggunakake metode struktural kang diandharake Abrams kang ngandharake yen metode strukural yaiku upaya nganalisis sawijining karya sastra kanthi cara kang objektif lan uwal saka bab-bab sanjabane teks sawijining karya sastra. Sajroning analisis struktural, teks diwawas minangka sawutuhing makna kang madeg dhewe kanthi cara otonom kanthi koherensi intern (Nurgiyantoro, 2007:36). Sajrone panliten iki uga nggunakake teori struktural kang diandharake dening Teeuw (1984:137) yaiku teori kang luwih nengenake marang bab-bab kang mirunggan sajroning karya sastra. Sajrone antologi cerkak Trubus kang Mranggas iki bab kang paling mirunggan yaiku konflik, kang diperang dadi loro yaiku konflik internal lan konflik eksternal (Nurgiyantoro, 2007:124) kang bakal ndayani kepriye pungkasan utawa ending sajroning cerkak-cerkak anggitane Tiwiek S.A.

Kanggo nintingi babagan konflik ing kene bakal digunakake teorine Meredith & Fitzgerald kang ana sajrone Nurgiyantoro (2007:122), ngandharake yen konflik yaiku samubarang kang asipat ora nyenengake kang dialami dening paraga sajrone cerita, yen paraga iku nduweni pilihan, paraga iku ora bakal milih lelakon iku dialami dening dheweke. Ending sajrone antologi iki uga bakal ditemtokake, tumutup apa ora tumutup (Nurgiyantoro, 2007:147-148).

METODHE PANLITEN Rancangan Panliten

Panliten iki nggunakake metode deskriptif kualitatif. Miturut Nasir (1989:63) panliten deskriptif nduweni tujuwan mujudake sawijining gegambaran kanthi sistematis, nyata, lan akurat ngenani fakta-fakta, sipat, sarta gegayutan karo pangripta kang ditintingi. Ratna (2009:47) ngandharake yen sajrone ilmu sastra, sumber datane awujud reriptan sastra, lan naskah. Dene data panlitene, minangka data formal awujud tetembungan, ukara, lan wacana. Mula, asiling panliten iki awujud gegambaraning (deskripsi) basa kang awujud

ukara lan pacelathonan. Panliten kualitatif yaiku panliten kang nggunakake ancangan naturalistik kanggo nggoleki sawijining informasi babagan prakara-prakara kang dumadi ing bebrayan. Panliten kang nintingi babagan konflik-konflik yaiku konflik internal lan konflik eksternal kang dialami dening paraga sajrone antologi cerkak Trubus kang Mranggas anggitane Tiwiek S.A. iki trep yen ditliti kanthi cara deskriptif kualitatif .

Data lan Sumber Data

Data-data sajroning panliten iki asale saka sumber kang arupa data tulis utawa kapustakan yaiku Antologi Cerkak Trubus kang Mranggas anggitane Tiwiek S.A kang kaperang dadi cerkak kanthi irah-irahan Amplop, Ranking, Pakne Sri, Satu-satu Aku Sayang Ibu..., Nyebal, Trubus kang Mranggas, Dudu Jurang, Crita Cekak, Pilihan kang Pungkasan, lan Taun iki Aku Pensiun.

Ratna (2009:47) ngandharake sajroning panliten sastra data formale awujud tembung, ukara, uga wacana. Data kang digunakake ing panliten iki yaiku ukara, pada lan pachelathon kang ana gegayutane karo unsur struktur sajrone ACTKM, konflik internal lan eksternal sajrone ACTKM lan kepriye pamungkasing cerita sajroning ACTKM.

Instrumen Panliten

Arikunto (2002:126) ngandharake yen instrumen iku mujudake piranti-piranti kang dianggo supaya metode-metode kang ditrapake ing sawijining panliten bisa cundhuk. Mula ing kene, instrumen kang digunakake yaiku panliti kang nindakake panliten buku, polpen, uga kartu-kartu kanggo nulis data-data kang wis ditemokake kanggo nyengkuyung kagiyatan panliten.

Cara Pangumpuling Dhata

Cara kang digunakake nalika nindakake panliten iki yaiku teknik waca lan kapustakan. Maca objek karya sastra kudu ditindakake kanthi cara bola-bali kanthi tujuwan supaya sakabehe unsur karya bisa dingerteni kanthi tenanan (Ratna, 2009:18). Adhedhasar cara pangumpuling data kasebut, mula tumindak kang katindakake nalika panliten iki yaiku: (1) Maca cerkak-cerkak sajroning Antologi Cerkak Trubus kang Mranggas Anggitane Tiwiek S.A. saka wiwitan nganti pungkasan. Sabanjure yaiku nindakake analisis ngenani unsur intrinsik sajrone karya sastra kang awujud tema, paraga, plot, kelir, lan sudut pandang. (2) Nemtokake endi data-data kang diprelokake lan endi data-data kang kudu dibuwang. Dadi ana kagiyatan pamilah lang pamilihing data adhedhasar prakara panliten. (3) Ndudut kanthi cara menehi tetenger lan cathethan sajrone naskah Antologi Cerkak Trubus kang Mranggas Anggitane Tiwiek S.A. banjur digolongake adhedhasar underaning panliten. Cara Pangolahing Dhata

Panliten iki nggunakake analisis struktural kang awujud deskriptif. Bab kasebut ditengenake amarga metode trep nalika digunakake kanggo nggambarake kanthi cara objektif mligine ngenani struktur karya sastra lan konflik-konflik kang dumadi ing jagading pamulangan sajrone antologi cerkak anggitane Tiwiek S.A. Ing ngisor iki bakal diandharake ngenani kepriye cara pangolahing data sajroning panliten iki yaiku: (1) Nintingi data adhedhasar saka teori kang wis ditemtokake. (2) Nindakake identifikasi isi kang nduweni

(5)

sesambungan karo struktur ACTKM anggitane Tiwiek S.A. (3) Nindakake identifikasi isi kang nduweni sesambungan karo konflik kang dadi punjering panliten sajrone ACTKM anggitane Tiwiek S.A. (4) Nindakake klasifikasi perspektif konflik eksternal, konflik internal lan pamungkasing konflik kang dadi punjering panliten sajrone ACTKM anggitane Tiwiek S.A. (5) Analisis struktural utamane ngenani konflik kang ana sajrone ACTKM anggitane Tiwiek S.A. (6) Ndudut asil kang wis ditintingi adhedhasar andharan kang wis ditemtokake sadurunge. (7) Nglaporake asiling dhata lan dudutan arupa laporan panliten sajrone skripsi.

Cara Panulising Asiling Panliten

Tata cara nulis asile panliten iki yaiku kanthi analisis informal, yaiku analisis dhata kang nggunakake tembung-tembung (Sudaryanto, 1993:144-145) kang gumathok karo jinising prakasa sajrone panliten. Andharan ngenani asile analisis sajrone panliten iki yaiku: BAB I, ngandharake ngenani dhasaring panliten, underaning panliten, tujuwan panliten, paedahing panliten, wewatesane panliten, lan wewatesan istilah. BAB II, ngenani tintingan kapustakan kang ngemot bab panliten kang saemper, tintingan struktural, unsur intrinsik kang kaperang dadi tema, paraga, plot lan unsur kang mangun plot kang kaperang dadi lelakon, konflik, klimaks, pamungkasing cerita (ending), lan landhesan panliten. BAB III, ngenani metode panliten kang ngandharake bab rancangan panliten, data lan sumber data, metode pangumpuling data nganti analisis data. BAB IV, ngenani andharan asiling panliten. BAB V, dudutan saka asiling panliten lan pamrayoga.

Asil lan Tintingane Panliten Unsur Struktur ACTKM Tema

Analisis tema digunakake kanggo nggoleki dhasaring cerita. Tema sajrone ACTKM mujudake tema tunggal awujud tema sosial ngenani jagading pamulangan. Tema sosial sajrone antologi cerkak iki kagambarake lumantar paraga-paraga utamane, kayata Aku sajrone cerkak Amplop. Sawijining kedadeyan kang nggambarake tema yaiku nalika kepala sekolah kudu tumindak kang salaras lan mathuk karo kahanan nalika ana sawijining wali murid kang ngancem kawibawane paraga utama minangka kepala sekolah. Cerkak Ranking nuduhake tema ngenani korupsi kang dumadi ing jagading pamulangan.

Cerkak Pakne Sri nuduhake tema ngenani jagading pamulangan kang nggambarake kepriye rekasane wong ora duwe kang nduweni karep bakal nyekolahake anake menyang pawiyatan luhur kang mbutuhake wragad kang akeh. Banjur cerkak Satu-satu Aku Sayang Ibu kang nuduhake kepriye tumindake guru kang gati marang murid-muride. Cerkak Nyebal nuduhake tema jagading pamulangan kang ora digambarake lumantar sesambungane guru lan murid, nanging kepriye sesambungan antarane guru siji lan sijine, uga kepala sekolah.

Sabanjure yaiku cerkak Trubus kang Mranggas. Cerkak iki nggambarake sawijining guru kang ngudhari prakara kang dumadi antarane murid. Cerkak Dudu Jurang sepisan maneh nuduhake tema jagading pamulangan lumantar pawongan saliyane guru utawa kepala sekolah. Cerkak iki minanngka pangilon jagading pamulangan diwawas saka sawijining tukang kebon.

Crita Cekak mujudake cerkak kanthi tema jagading pamulangan, nanging diwawas saka sanjabane jagad pamulangan. Tema sajrone cerkak Pilihan kang Pungkasan kagambarake lumantar sawijining paraga kang melu ujian CPNS kanthi cara kang ora jujur. Cerkak kang pungkasan yaiku cerkak kanthi irah-irahan Taun iki Aku Pensiun. Tema sajrone cerkak iki uga nuduhake tema korupsi ing jagading pamulangan. Cerkak iki nggambarake alane jagading pamulangan.

Paraga

Ing ngisor iki bakal diandharake paraga-paraga utama sajrone ACTKM kang sakabehe nduweni wewatekan kang beda-beda. Paraga Aku ing cerkak Amplop, mujudake sawijining pimpinan sregep.

Panjenengan mesthi njur ndakwa. Ditinggal kuliyah, tugase mulang genah kethetheran. Awit mesthi kerep ditinggl mbolos. O, ora! Tugasku minangka guru SD tetep dak ayahi kanthi apik. Awit kuliyahe in wayah sore. Gek mlebune seminggu mung kaping telu. Dadine yen esuk mulang ing SD, sorene kuliyah. Mangkono dak lakoni nganti meh limang taun (ACTKM, 2010:4).

Paraga utama uga nuduhake paraga kang wicaksana. Kawicaksanan tuwuh saka anane proses sinau marang pengalaman. Kawicaksana uga kang didadekake gaman kanggo ngayahi kuwajibane minangka pimpinan ing SMP Pangudi Luhur lan ndadekake paraga Aku dikurmati karo kanca guru lan karyawan ing sekolahan papane nyambutgawe saiki. Paraga Aku ing cerkak Ranking, paraga Aku kalebu pawongan kang ora gampang gupuh lan manut marang ombyaking kahanan. Minangka tumbak cucuking keluwarga, dheweke bisa dadi pemimpin kang apik tumrap sisihan lan putra-putrane. Paraga Aku uga mujudake sawijining guru kang nduweni idhealisme kang dhuwur.

... Ujug-ujug tuwuh rasa ora senengku marang wong sugih ing ngarepku iki. Tanpa mikir cumolot ujar sengolku.

“O, cethane Pak Endar nyogok dhateng kula amrih bijine keng putra kula tambahi? Ah, pangapuntenipun Pak! Kula pun dipadhakake kalih tiyang-tiyang sing sok purun nampi sogok. Estu, Pak. Najan mlarat, sirikn kanggene kula nampi barang riba ngaten niki! (ACTKM, 2010:14)”

Paraga Aku ing cerkak Pakne Sri, Lumrahe wong wadon, paraga Aku nggambarake kepriye pamawase wong wadon, apamaneh kang wis nduweni sisihan lan ora nyambutgawe dhewe. Paraga Aku bingung maneh nalika sisihane bakal nyekolahake anakke perguruan tinggi ing kutha gedhe.

Aku thileg-thileg. Bab beya siswa kuwi aku ya wis tau krungu. Rencanane Pakne Sri arep

(6)

nyekolahne Sri menyang perguruan tinggi kuwi uga wis dakrungu suwe. Nanging bareng prakara mau meh dadi kanyatan, eh, neng ati kok ya nar-nir. Hla piye, cetha gajine Pakne Sri minangka penjaga Sdora cukup dipangan sesasi. Pametu liya ora ana. Gek aku dhewe ya ora duwe pegaweyan samben. Kok njur nggajah kelar nyekolahake anak neng pawiyatan luhur (ACTKM, 2010:24).

Paraga Aku ing cerkak Satu-satu Aku Sayang Ibu... Paraga Aku nggambarake sawijining guru kang tanggungjawab.

“Dhin, Siska wingi isih waras-wiris kok iki mau ra mlebu jarene lara. Priye umpama mengko ngendhangi?” kandhaku marang Ardhini nalika pas jam ngaso (ACTKM, 2010:34).

Paraga Dirgan ing cerkak Nyebal, Watak paraga Dirgan sajrone cerkak Nyebal kagambarake kanthi cara eksplisit, kaya pethikan ing ngisor iki.

Pak Dirgantara pancen pemimpin sing ditresnani dening sapa bae. Dening anak buah apadene dening mitra pegawe instansi liya. Priyayine grapyak semanak lan banget ngajeni marang liyan. Panyambutgawene jujur, apik tur ora nate mlenceng saka rel (ACTKM, 2010;41). Paraga Aku ing cerkak Trubus kang Mranggas, Paraga Aku nduweni watak kang wicaksana. Paraga Aku bisa mapanake awake ing antarane murid kekaro kang nandang prakara. Ora abot marang murid siji, nanging tumindak adil.

Muridku kuwi dakpandeng. Ora rinasa sirahku gedheg-gedheg. Yen prekarane jebul kaya ngene, cetha aku ora bisa ngluputake siji lan sijine. Nanging uga ora bisa mbenerake patrap sing ditindakake (ACTKM, 2010:53).

Paraga Giman ing cerkak Dudu Jurang, Giman nggambarake paraga kang sregep, tansah ngucap syukur marang apa kang diduweni.

...Aku ngrumangsani yen mung tukang kebon. Dadi pancen ora pantes nampa kadho. Piagam iki ae ajine wis ngungkuli kadho satoko lho!(ACTKM, 2010:63)”

Paraga Aku ing cerkak Crita Cekak, Paraga Aku ing kene kagambarake kanthi watak ora preduli marang kahanan sakupenge lan jirih.

...Jarene aku iki penulis mata dhuwiten. Penulis sing ora duwe idhealisme, penulis sing mung ngoyak dhuwit, penulis nggeryu, angger payu, lan liya-liyane. Ha, hak! Ya wis kareben! Mandak mung dinyek bae. Waton ora gawe rugiku rak wis (ACTKM, 2010:65).

Paraga Widigdo ing cerkak Pilihan kang Pungkasan, Paraga Widigdo mujudake sawijinig pimpinan kang gati marang anak buwahe.

Mulane Widigdo terus mbudidaya amrih Rini bisa diangkat dadi PNS (ACTKM, 2010:75).

Paraga Aku ing cerkak Taun Iki Aku Pensiun, Paraga Aku mujudake sawijining paraga kang tresna marang pakaryane.

Ambak wis telung puluh nem nggonku dhines, rumangsaku kok ya lagi bae. Lho, ngono kok telung sasi maneh pensiun (ACTKM, 2010:81)! Plot

Plot cerkak-cerkak sajrone ACTKM mujudake plot progresif kang nuduhake alur cerita kang runtut, kejaba telung cerkak yaiku cerkak Amplop, Pilihan kang Pungkasan lan Taun Iki Aku Pensiun, katelune nggunakake plot campuran progresif-regresif.

Sajrone cerkak Amplop kandhut alur campuran progresif-regresif. Cerita sajrone cerkak iki diwiti kanthi alur progresif, kaya pethikan ing ngisor iki.

Sapa wonge sing ora seneng. Ing umurku sing klebu isih enom iki, wis nglungguhi pangkat pimpinan. Ora ketang mung pimpinan ing sawijining SMP swasta (ACTKM, 2010:1).

Sabanjure ing disambung karo cerita jaman biyene paraga utama nalika isih enom, nalika uripe isih rekasa sadurunge dadi pimpinan ing sekolahan. Tumeka ing tengahing cerita disambung maneh karo lelabuhane paraga utama nalika mimpin rapat ing sekolahan kang saiki dheweke pimin.

Cerkak Pilihan kang Pungkasan uga nggambarake alur campuran. Owah-owahane alur sajrone cerkak Pilihan kang Pungkasan cetha anggone ganti, amarga owah-owahan alur sajrone cerkak iki nggunakake sawijining lambang yaiku lambang bintang kang cacahe telu (***) ing sangisore pada.

Kelir

(1) Kelir Panggonan

Kelir panggonan sajrone ACTKM anggitane Tiwiek S.A. akeh kang nggambarake sekolahan, kajaba cerkak Pakne Sri, Dudu Jurang lan Crita Cekak.

Pethikan ngenani kelir panggonan sajrone cerkak Pakne Sri.

Awit omahku rada menjero. Bisa-bisane mung dodol jajan sing diiderake saben sore. Yanah – adhine Sri – dakkira bisa mbantu ngiderake (ACTKM, 2010:25).

Pethikan ngenani kelir panggonan sajrone cerkak Dudu Jurang.

Swasana ing gedung pertemuan katon regeng. Bageyan nampa tamu dipilihake wanita ayu-ayu. Tangkebe grapyak sumanak (ACTKM, 2010:61). Sajrone cerkak Crita Cekak uga kandhut kelir panggonan omah, kaya pethikan ing ngisor iki.

Aku menyat. Nuli klunuh-klunuh menyang ruwang tamu. (ACTKM, 2010:67).

(2) Kelir Wektu

Gegambaran ngenani kelir wektu sajrone cerkak Amplop bisa dideleng saka pethikan ing ngisor iki.

Nalika dina biwara kelulusan tekan wancine, wiwit jam sanga esuk wis ndlidir para wali murid sing teka. (ACTKM, 2010:7).

Gegambaran ngenani kelir wektu sajrone cerkak Ranking bisa dideleng saka pethikan ing ngisor iki.

Awan iki aku teka saka sekolahan lan durung bae ganti penganggo, wis ana wong kulanuwun. (ACTKM, 2010:17)?

Gegambaran ngenani kelir wektu sajrone cerkak Pakne Sri bisa dideleng saka pethikan ing ngisor iki.

(7)

Dina setu paing tanggal 8 Juni, Pakne Sri bali saka nekani perpisahan ulate bingar. (ACTKM, 2010:23)!

Gegambaran ngenani kelir wektu sajrone cerkak Pakne Sri bisa dideleng saka pethikan ing ngisor iki.

Jam setengah sepuluh bocah-bocah dak ulihake. Aku karo Ardhini sida menyang omahe Siska diterake Rini (ACTKM, 2010:35).

Gegambaran ngenani kelir wektu sajrone cerkak Nyebal bisa dideleng saka pethikan ing ngisor iki.

Jam rolas kurang pitulas menit Aldoko tekan sekolahan maneh. (ACTKM, 2010:39).

Jam wolu kurang limang menit, mobile Pak Dirgan mlebu pekarangan papan upacara (ACTKM, 2010:45).

Jam wolu punjul limang menit acara diwiwiti (ACTKM, 2010:45).

Jam setengah rolas acarane rampung. Kang padha ander bubaran sowang-sowang (ACTKM, 2010:48).

Gegambaran ngenani kelir wektu sajrone cerkak Trubus kang Mranggas bisa dideleng saka pethikan ing ngisor iki.

Aku njengkerutake bathuk. Ana apa esuk-esuk Pak Ahmad nimbali (ACTKM, 2010:49)?

Gegambaran ngenani kelir wektu sajrone cerkak Dudu Jurang bisa dideleng saka pethikan ing ngisor iki.

Dina Setu pas dhenge gawe, Giman macak gagah nganggo setelan jas rupa klawu, dhasine ireng. (ACTKM, 2010:61).

Jam wolu seprapat kabeh undangan wis rawuh (ACTKM, 2010:62).

Jam setengah sanga acara diwiwiti. (ACTKM, 2010:62).

Gegambaran ngenani kelir wektu sajrone cerkak Crita Cekak bisa dideleng saka pethikan ing ngisor iki.

Sirku libur dawa iki arep dakgunakake kanggo nulis saakeh-akehe. Ya nulis apa bae, pokoke sing bisa ngasilake dhuwit (ACTKM, 2010:65). Gegambaran ngenani kelir wektu sajrone cerkak Pilihan kang Pungkasan bisa dideleng saka pethikan ing ngisor iki.

Sawijining esuk, let seminggu sawise pendhaftaran CPNS ditutup. (ACTKM, 2010:76). Banjur sawijining esuk let telung minggu sawise iku. Nalika samana dinane Rebo (ACTKM, 2010:77).

Gegambaran ngenani kelir wektu sajrone cerkak Taun Iki Aku Pensiun bisa dideleng saka pethikan ing ngisor iki.

Isih wewentehan nalika sawijining dina ing taun 1995 ... (ACTKM, 2010:81).

Pase ing wulan Januari 2002 (ACTKM, 2010:84). Dina Rebo esuk bubar mimpin senam pagi (ACTKM, 2010:85).

Sudut Pandang

Sudut pandang kang dianggo sajrone ACTKM sakabehe mujudake sudut pandang persona kapisan. Kabukten saka paraga utama kang digambarake minangka paraga Aku, kajaba cerkak Nyebal, Dudu Jurang, lan Pilihan kang Pungkasan. Cerkak katelune nggunakake sudut pandang persona katelu.

Konflik sajrone ACTKM Konflik Internal

1) Rasa Mamang

Kahanan iki dumadi amarga anane rong pamikiran kang salah sijine kudu katindakake. Konflik batin mamang iki uga dialami dening paraga-paraga sajroning antologi cerita cekak Trubus kang Mranggas kang bakal diandharake ing ngisor iki:

a) Paraga Aku ing Cerkak Amplop

Cerkak Amplop ing kene nggambarake konflik kang dialami dening paraga Aku minangka sawijining kepala sekolah lan wali murid. Nalikane paraga Aku ana ing kantore, sawijining pawongan marani dheweke saprelu meksa menyang paraga Aku supaya dheweke mbukak amplop kelulusan anake paraga Pak Murtad. Saka anane anceman saka paraga Pak Murtad, tuwuh konflik batin kang dialami dening paraga Aku. Kaya pethikan ing ngisor iki.

“Aku njenggirat kaget. Sakala kringet adhem metu byuk-byukan. Nanging mosok iya, aku banjur manut ngono bae? Kadidene pawongan tinanggenah mimpin SMP kene, aku ya kudu bisa nuduhake panguwasaku (ACTKM, 2010:8).”

Rasa mamang tuwuh ing alam pamikire paraga Aku. Paraga aku ora bisa ngasorake dheweke dhewe minangka kepala sekolah lan pimpinan ing SMP kono. Paraga iku kudu bisa njaga kawibawane minangka pimpinan, yen kawibawane diiles dening wali murid, kepriye dheweke mangko yen kudu ngadhepi anak buahe.

Konflik batin kang dialami dening paraga Aku saya tumuju menyang klimaks nalika dheweke diener pistul ing pilingane. Dheweke kudu bisa njupuk dudutan kang ora abot sisih. Kaping pisan, dheweke ora bisa ngetogake tumindake wali murid iku kang tumindak sakarepe dhewe, nanging dheweke uga ora bisa nulak pepenginane wali murid iku. Amarga dheweke lagi diener pistul dening wali murid iku.

b) Paraga Wigan ing Cerkak Cerita Cekak

Rasa mamang tuwuh nalika arep nulis cerita cekak. Dheweke mikir yen nggawe karya kudu sing apik lan nduweni bobot. Paraga Wigan ora bisa yen nggawe cerita kang kagolong murahan. Pikirane paraga Wigan saya butheg nalika arep nggawe cerita. Pirang-pirang jam lungguh ing ngarepe mesin ketik kang kepikiran amung piye mangko yen karyane dadi nyek-nyekan. Bisa-bisa ajining dhiri paraga Wigan saya tambah ora ana.

Nulis sawijining karya ora kudu saka asiling pamikir utawa pengalaman pribdhine panulis. Bisa saka pengalaman uripe pawongan kang ana sakupenge panulis, nanging ora sakabehe cerita, kedadeyan lan pengalaman bisa didadekake karya. Kudu dipilah lan dipilih, endi kang mathuk lan cocog didadekake karya, lan endi kang ora. Kaya pethikan ing ngisor iki.

“Critamu kuwi mau pancen menarik. Emane, tema ngono kuwi wis mambu. Diangkat ing jaman global ya saiki wis ora mathuk (ACTKM, 2010:70).”

Pethikan ing ndhuwur, nggambarake kepriye susahe ngripta sawijining karya. Senajan pengalaman urip mono mujudake sawijining kasunyatan, nanging ora

(8)

bisa yen wutuhan dianggo bahan cerita. Kudu diowahi supaya layak didadekake karya sastra kang apik. Pamor minangka pangripta uga bisa ngaribawani paraga Wigan minangka guru. Guru minangka pawongan kang nduweni kaluwihan ing babagan kawruh, yen nganti dadi nyek-nyekan dening pengarang liya bisa ngasorake kawibawane minangka guru sangarepe murid lan kanca guru.

2) Rasa Kuwatir

Rasa kuwatir iki tuwuh amarga rumangsa wedi lan ora kepenak atine marang kahanan tartamtu kang durung diweruhi kepriye pungkasane. Rasa kuwatir uga digambarake minangka konflik-konflik kang dialami dening paraga-paraga sajrone antologi cerkak Trubus kang Mranggas anggitane Tiwiek S.A. kang bakal diandharake ing ngisor iki.

a) Paraga Aku ing Cerkak Taun Iki Aku Pensiun Konflik batin tuwuh nalika paraga Aku sedhela maneh kudu pensiun. Konflik batin liya kang dialami dening paraga Aku ing kene diwiwiti nalika paraga Aku nampa pawarta saka kanca-kanca mulange ing sekolah. Pawarta iku ngabarake sapa mangko pawongan kang bakal nggenteni paraga Aku dadi pimpinan ing sekolah iku. Nanging kabar iku ora ndadekake bungah atine paraga Aku, malah dadi jalarane konflik batin kang dialami dening paraga Aku. Kaya pethikan ing ngisor iki.

Aku njola. Ing semu ora percaya. Kaselak Pak Sancoko ditugasake nggenteni aku. Awit panjenengane ora klebu manjila. Prestasi-ne sasuwene iki ora pati apik. Malah kagungan ciri sing wis dadi wewadi umum, yaiku thukmis... Malah siji-sijine kaluwihane – yen iki diarani kaluwihan – mung pinter nglobi ndhuwuran (ACTKM, 2010:85).

Pethikan ing ndhuwur nggambarake kepriye mosak-masike rasa pangrasane paraga Aku. Paraga Aku ing kene nduweni pamawas yen pawongan kang bakal nggenteni paraga Aku dadi kepala sekolah, yaiku paraga Sancoko ing kene nuduhake sawijining pawongan kang ora kompeten yen didadekake pimpinan. Paraga Sancoko dirasa ora bakal bisa majokake sekolah kang sadurunge dipimpin kanthi rekasa nganti dadi sekolahan sing paling maju dening paraga Aku.

b) Paraga Aku ing Cerkak Pakne Sri

Konflik batin kang dialami dening paraga Aku ing kene diwiwiti nalika bojone paraga Aku nduweni kekarepan bakal nyekolahake anake menyang IKIP Surabaya. Paraga Aku rumangsa wedi yen kekarepan iku abot sanggane. Kaya pethikan ing ngisor iki.

“... Kuwi lho Kang. Upama Sri mbesuk entuk beya siswa rak mung cukup nggo mbayar SPP-ne. Lha nggo mbayar pondhokan lan mangane rak kepeksa awake dhewe sing nyawisi. Njur dhuwit endi neh sing arep dienggo (ACTKM, 2010:24).”

Gegambaran yen paraga Aku ing kene rumangsa ketir-ketir, yen mangko sidane keluwargane paraga Aku sida nyekolahake anake bakal luwih rekasa maneh uripe cetha anggone kacritakake.

c) Paraga Bu Tiwi ing Cerkak Satu-satu Aku Sayang Ibu....

Rasa kuwatir uga digambarake ing paraga Bu Tiwi ing cerkak Satu-satu Aku Sayang Ibu ... minangka guru kang kudu ngemong lan ngayomi murid-muride. Paraga Bu Tiwi nduweni panemu yen paraga Siska ora gelem nyanyi dudu amarga paraga Siska bodho. Apamaneh paraga Siska kalebu murid kang pinter. Syair kang dilagokake dening Siska ora kliru, nanging sengaja diganti dening Siska. Kaya pethikan ing ngisor iki.

...”Satu-satu, aku sayang ibu. Dua-dua, aku sayang mama. Tiga-tiga sayang ibu mama...”

(ACTKM, 2010:34).

Paraga Bu Tiwi tambah saya gedhe rasa kuwatire, lan kepengin meruhi apa kang ndadekake muride kaya mangkono. Amarga yen ora diudhari lan dipungkasi, kahanan iki bakal ngaribawani marang prestasine paraga Siska lan murid-murid liyane.

Konflik Eksternal

Konflik eksternal dumadi antarane pawongan lan pawongan liya utawa golongan.

1) Konflik Sosial Antar-indhividhu

Konflik iki dumadi amarga anane kontak sosial antarane manungsa siji lan liyane. Kahanan kang kaya mangkono uga kagambarake ing cerkak sajrone antologi cerkak Trubus kang Mranggas anggitane Tiwiek S.A. kang bakal diandharake ing ngisor iki.

a) Paraga Aku ing Cerkak Amplop

Konflik sosial kang dialami dening paraga Aku kagambarake antarane paraga Aku lan paraga Murtad minangka sawijining wali murid ing sekolahan kang dipimpin dening paraga Aku. Kaya pethikan ing ngisor iki.

“Bapak tidak bisa memaksa seperti itu!” ujarku nyoba nggretak.

“O, gampang! Kalau Bapak tidak bisa dipaksa, mungkin benda ini yang akan memaksa! Ayo buka!” wuwuse karo nutulake lup pistul – sing ujug-ujug wis neng tangane – ngener pilinganku (ACTKM, 2010:9).

Pachelathon ing ndhuwur cetha nggambarake anane padu antarane paraga Aku lan paraga Murtad, kang banjur anane kontak fisik antarane paraga kekarone lumantar pistul.

b) Paraga Aldoko ing Cerkak Nyebal

Konflik sajrone cerkak Nyebal iki ora mujudake sawijining konflik kang bisa nuwuhake suspense kang gedhe marang pamaca. Amarga, cerita kang diangkat sajrone cerkak iki awujud rembugan kang katindakake dening guru-guru lan paraga Aldoko ngenani adicara pisah kenang karo kepala sekolah kang pensiun yaiku paraga Pak Dirgan.

Konflik liya tuwuh maneh nalika adicara kang ditunggu wis teka wancine. Sabubare pidhato saka paraga Pak Dirgan rampung, paraga pak Dirgan ora langsung mungkur. Kedadeyan iki ndadekake sakabehe guru lan para pawongan kang ana ing kono dadi nggresah. Wedi yen paraga Pak Dirgan ora seneng amarga anane kadho-kadho iku. Sakabehe pawongan kang ana dadi rumangsa

(9)

nduweni luput, amarga wis ndadekake kuciwane paraga Pak Dirgan kang sasuwene njabat mujudake sawijining pawongan kang ditresnani.

c) Paraga Bu Tiwi ing Cerkak Trubus kang Mranggas

Konflik-konflik ing jagading pamulangan iku ora ana enteke lan renane bisa apa wae. Kaya kang ana sajrone cerkak Trubus kang Mranggas iki, saka perkara cilik lan sepele bisa ndadekake konflik kang nggawa-nggawa marang wong tuwa. Mongka wis diweruhi kabeh jenenge wong tuwa yen wis nyandhak ngenani anak, senajan perkarane amung sepele, bisa ndadekake ramene kahanan. Kaya pethikan ing ngisor iki.

“Mboten namung nukari, Bu Guru. Ning ngundamana entek amek malah nantang kula napa. Kula mboten rila anak kula diundamana tanpa gadhah lepat. Pokoke lare sing jeneng Wargono niku kedah diukum! Hla nek Bu Guru mboten sagah, kula sing sagah ngukum lare murang tata niku! (ACTKM, 2010:50).”

Samungkure wali murid iku, paraga Bu Tiwi kudu bisa ngudhari konflik kang dumadi, nanging ora prelu ndadekake wali murid iku melu nemtokake kepriye pungkasane.

2) Konflik Antarane Pangkat lan Keluwarga

Konflik antarane pangkat lan keluwarga kerep banget anggone tuwuh ing urip saben dinane. Kahanan iki kagambarake sajroning antologi cerkak Trubus kang Mranggas anggitane Tiwiek S.A. ing ngisor iki:

a) Paraga Aku ing Cerkak Ranking

Konflik antarane pangkat lan keluwarga iki kagambarake ing paraga Aku sajrone cerkak Ranking. Kaya pethikan ing ngisor iki.

“Panjenengan pancen kebangeten Mas!” protese ibuke Retno kanthi polatan bening leri. “Dhuwit kuwi diwenehake kanthi rila legawa. Dudu dhuwit sogokan. Ngapa meksa ditulak? Mangka awake dhewe lagi butuh Mas, butuh! (ACTKM, 2010:18).”

Tuwuhe konflik eksternal ing kene dialami dening paraga Aku minangka indhividhu lan indhividhu liyane yaiku sisihane.

3) Konflik kang Disebabake Pangkat

Anane pambeda ing drajad pangkat bisa ndadekake sawijining konflik. Konflik-konflik kang disebabake dening pangkat uga kagambarake sajrone cerkak kang ana ing antologi cerkak Trubus kang Mranggas anggitane Tiwiek S.A. ing ngisor iki.

a) Paraga Tayem ing Cerkak Dudu Jurang

Paraga Tayem ing kene rumangsa yen dheweke lan sisihane didadekake nyek-nyekan nalika nekani sawijining adicara papan panggonan sisihane paraga Aku nyambutgawe minangka tukang kebon sadurunge pensiun. Kaya pethikan ing ngisor iki.

“Witikna. padha ngabdi Negara. Padha-padha nganyak pensiun. Mosok Pak Bram entuk kado saambreg kok sampeyan siji ae ra entuk. Sapa sing ra nelangsa? Kadhung direwangi nyewa jas! Ncen niyate sampeyan diundang ki mung arep nggo nyek-nyekan kok (ACTKM, 2010:63).”

Pethikan ing ndhuwur nggambarake kepriye tumanggape paraga Tayem marang kedadeyan kang mentas wae dialami, wong kang pangkate luwih dhuwur tansah dipuja dening pawongan kang pangkate luwih asor saperlu golek kauntungan wis dadi pakulinan kang dumadi ing saben-saben papan lan panggonan.

b) Paraga Rini ing Cerkak Pilihan kang Pungkasan Konflik kang disebabake pangkat uga dialami dening paraga Rini sajrone cerkak Pilihan kang Pungkasan. Kaya pethikan ing ngisor iki:

“Leres Pak. Pak Narko kalih Mbak Sita niku kakak kelas kula. Wiwit lulus ngantos sepriki boten nate nyukwan. Kok saged katut. Sareng kula? Nyukwan limang taun dianggeb kurang suwe! Huh (ACTKM, 2010:77)!”

Saka pethikan ing ndhuwur, cetha kepriye ora adile kahanan kang dialami dening paraga Rini. Kahanan kaya mangkene ndadekake paraga Widigdo nduweni pitakonan kang tuwuh ing alam pikire yaiku, apa jaman saiki wong jujur wis ora ana lan ora diprelokake maneh? Pamungkasing Konflik

Konflik-konflik kang ana kang wis tumuju marang titik klimaks kudu diwenehi pamungkasan, sakabehe bab kang ndadekake ruwting perkara kudu diudhari, lan cerita kudu dipungkasi.

Ora Tumutup

Pamungkasing cerita kanthi ora tumutup nuduhake marang sawijining pamungkasing cerita kang sejatine durung dipungkasi amarga ceritane isih bisa ditutugake (Nurgiyantoro, 2007:148).

1) Pasrah

Tumindak pasrah ing kene ana amarga nalika pawongan ana ing sawijining proses ngudhari perkara kang dialami, ora nduweni pilihan liya kejaba amung siji pilihan iku. Pamungkasing konflik kanthi cara iki uga ana sajroning antologi cerkak Trubus kang Mranggas anggitane Tiwiek S.A. kang bakal diandharake ing ngisor iki:

a) Paraga Aku ing Cerkak Amplop

Paraga Aku luwih milih pasrah marang kekarepane wali murid kang ngongkon dheweke minangka pimpinan ing sekolahan iku. Kaya pethikan ing ngisor iki:

“Sakala aku nggreweli. Lan, tinimbang mati konyol, wusana ora ana pilihan liya kejaba nuruti pakone (ACTKM, 1:9).”

Paraga Aku masrahake sakabehe kedadeyan kang bakal dumadi mangkone kanthi nuruti kekarepane wali murid kang meksa dheweke macakake asiling ujian anake. Pamungkasing cerita ing kene kalebu pamungkasing cerita kang nyenengake utawa happy ending. Aku, dheweke ora kudu mati lan ora kudu korupsi ngganti tembung ora lulus dadi lulus.

b) Paraga Aku ing Cerkak Taun Iki Aku Pensiun Konflik batin kang dialami dening paraga Aku ing cerkak Taun Iki Aku Pensiun, dipungkasi kanthi tumindak pasrah kang kagambarake saka para Aku. Kaya pethikan ing ngisor iki:

“Ora usah dipenggalih jero Dhik. Dipimpina wong buwa huruf paribasane, sekolahane awake dhewe iki tetep maju, saugi telung sasi, aku ora

(10)

nduwe kawenangan nduwa utawa nyuwun. Umpama nekad usul, paling-paling ya ora digubris. Awit purbawasesa sawutuhe neng astane ndhuwuran (ACTKM, 2010:86).

Saka pethikan ing ndhuwur, kagambarake yen paraga Aku pasrah marang kahanan kang mangkone bakal dumadi marang sekolah sadurunge dheweke pimpin.

c) Paraga Aku ing Cerkak Pakne Sri

Paraga Aku amung bisa pasrah lan narima marang kahanan kang lagi ditandhang. Kaya pethikan ing ngisor iki:

“Pakne, aku pancen luput. Jamake wong luput mono njaluk ngapura. Ewadene ora ana pangapura kanggo aku, terserah sampeyan. Kok kapakake manut,” ujarku karo prembik-prembik (ACTKM, 2010:28).

Saka pethikan ing ndhuwur, kanthi eksplisit kagambarake tumindak pasrahe paraga Aku lumantar tetembungane njaluk pangapura marang paraga Pakne Sri, nanging paraga Pakne Sri ing kene digambarake kanthi pawongan kang nduweni ati kang sumeleh.

d) Paraga Wigan ing Cerkak Cerita Cekak

Pamungkasing konflik sajrone cerkak Cerita Cekak dipungkasi kanthi cara pasrah kang katindakake dening paraga utama yaiku Wigan. Kaya pethikan ing ngisor iki:

Aku bali menyang kamar kerja. Bali ngadhep mesin ketik. Ning pancet, uteg iki buntu blas ora bisa nemokake ide. Sidane dina kuwi aku gagal nulis cerita cekak. Mosok iki ngalamat wis tekan sandyakalaning kepengaranganku (ACTKM, 2010:71).

Pilihan antarane nggawe cerita nanging wedi karo idhealismene pengarang liya ndadekake pasrahe paraga Wigan. Pasrah yen wis wayahe dheweke nglereni anggone ngripta, apamaneh yen tujuwane supaya oleh dhuwit saka karangane iku.

e) Paraga Rini ing Cerkak Pilihan kang Pungkasan Pasrah dadi pilihan kanggo mungkasi konflik kang dumadi sajrone cerkak Pilihan kang Pungkasan. Kaya pethikan ing ngisor iki:

“Leres Pak, sareng kula manah-manah lan kula timbang-timbang, prayogine kula medal kemawon. Angkah kula badhe pados pedamelan sanes. Awit sajake kula boten cocog dados guru lan boten kedrajatan dados pegawe negri (ACTKM, 2010:78),”

Saka pethikan ing ndhuwur, paraga ini tumindak pasrah marang kahanan, prejuwangane nganti dina iku kaya-kaya muspra. Lelabuhane minangka guru kang nduweni jejibahan kanggo mulangake kawruh lan budi pakarti marang bocah-bocah kudu dilereni amarga anane tumindak korupsi kang katindakake dening pawongan-pawongan tartamtu.

2) Ngukuhi Jejibahan

Ngukuhi jejibahan utawa kang saiki kerep diarani loyalitas dadi sarat utamane yen makarya. Semana uga guru, amarga guru kang apik lan loyal bisa nuwuhake paneruse bangsa kang uga apik. Pamungkasing konflik kanthi cara iki uga ana sajroning antologi cerkak Trubus

kang Mranggas anggitane Tiwiek S.A. kang bakal diandharake ing ngisor iki:

a) Paraga Aku ing Cerkak Ranking

Paraga Aku ngukuhi jejibahane minangka kepala sekolah kang jujur lan ora gelem nampa dhuwit sogokan saka wali murid. Kaya pethikan ing ngisor iki:

“... wake dhewe pancen lagi butuh dhuwit. Ning dhuwit sing nggenah, dhuwit sing pancen dadi hak kita! Dudu dhuwit sing kaya ditawakake Endar kuwi mau! Awake dhewe ora hak nampa dhuwit kasebut! (ACTKM, 2:18).”

Saka pethikan ing ndhuwur, diandharake yen paraga Aku tansah netepi kuwajibane minangka kepala sekolah kang jujur. Cerkak Ranking dipungkasi kanthi nyenengake lan ora dinuga.

b) Paraga Bu Tiwi ing Cerkak Satu-satu Aku Sayang Ibu ...

Minangka guru, paraga Bu Tiwi nindakake sakabehe tumindaka kanggo ngupayakake kemajuwan murid-muride. Kaya pethikan ing ngisor iki:

“Dhin, Siska wingi isih waras-wiris kok iki mau ra mlebu jarene lara. Priye umpama engko ngendhangi?” kandhaku marang Ardhini nalika pas jam ngaso (ACTKM, 2010:34).

Saka pethikan ing ndhuwur cetha kepriye wujud tanggung jawabe paraga Bu Tiwi. Karo maneh saka tumindake ngendhangi paraga Siska, dheweke uga bisa ngerteni kepriye sejarahe nganti paraga Siska bisa tumindak sasuwene iki. Saka lingkungan keluwarga lan sakupenge paraga Siska diajab bisa dadi sarana paraga Bu Tiwi ngerteni kepriye dalan pikirane paraga Siska. Pamungkasing cerita cerkak Satu-satu Aku Sayang Ibu kalebu pamungkasing cerita kanthi Sad Ending.

3) Wicaksana

Ora saben pawongan bisa tumindak wicaksana nalika ngadhepi sawijining konflik. Senajan pamungkasing konflik kanthi cara iki asring anggone katindakake, nanging pamungkasing konflik kanthi cara iki uga ana ing cerkak-cerkak sajroning antologi cerkak Trubus kang Mranggas anggitane Tiwiek S.A. kang bakal diandharake ing ngisor iki:

a) Paraga Pak Dirgan ing Cerkak Nyebal

Wicaksana wis pantes lan trep yen diduweni dening kepala sekolah minangka pemimpin kaya paraga Pak Dirgan. Kaya pethikan ing ngisor iki

“Sebenarnya Anda kurang tepat memberikan sesuatu kepada kami. Bukan nyombong, mungkin yang Anda berikan itu kami sudah memiliki. Jadinya kan mubazir. Untuk itu, setelah saya terima dengan baik, barang tersebut akan saya serahkan kepada orang yang sangat membutuhkan (ACTKM, 2010:46).”

Tumindake paraga Pak Dirgan wis pantes yen ditiru dening sakabehe pawongan, ora amung guru. b) Paraga Bu Tiwi ing Cerkak Trubus kang

Mranggas

Ngadhepi murid ora bisa pilih kasih utawa abot sisih. Nalika ana perkas antarane murid-murid, guru kudu bisa mapanake awake minangka panengah kang kudu bisa ngudhari perkara. Kaya pethikan ing ngisor iki.

(11)

“Karo maneh, dadi bocah kuwi aja sok wadulan, Nar. Ora apik. Kuwi jenenge tumbak cucukan. Slah-salah bisa nuwuhake dredah (ACTKM, 2010:55).”

Adhedhasar pethikan ing ndhuwur, senajan paraga Bu Tiwi ngerteni yen sing luput iku paraga Narsiyem, nanging paraga Bu Tiwi ora ndukani muride kanthi ukara-ukara kang ndakwa. Saliyane dituturi, minangka guru uga kudu bisa menehi dalan pametu kanggo mungkasi konflik kang dalami karo murid-muride. Mungkasi konflik kang ditandhang murid kanthi cara kang wicaksana wis trep yen katindakake dening guru. Mula sajrone cerkak iki, pamungkasing konflik kanthi cara mangkono bisa didadekake patuladhan kanggo guru lan calon-calon guru ing tembene.

c) Paraga Giman ing Cerkak Dudu Jurang

Pamungkasing konflik kanthi tumindak kang wicaksana uga dituhake dening paraga Giman ing cerkak Dudu JurangKaya pethikan ing ngisor iki:

“Wah, kok njur salah tampa ngono ta Mak’ne. Tumrapku, diundang ing acara pelepasan lan dibarengake karo Pak Bram iki ae wis mujudake kanugrahan. Babarpisan aku ora ngare-arep kadho. Aku ngrumangsani yen mung tukang kebon. Dadi pancen ora pantes nampa kadho. Piagam iki ae ajine wis ngungkuli kadho satoko lho! (ACTKM, 2010:63)”

Saka pethikan ing ndhuwur, cetha yen tumindak kang dijupuk dening paraga Giman mujudake tumindak saka pamawas kang wicaksana.

PANUTUP Dudutan

Adhedhasar saka andharan asiling panliten kanthi irah-irahan Konflik ing Jagading Pamulangan sajrone Antologi Cerkak Trubus kang Mranggas Anggitane Tiwiek S.A. ing ndhuwur. Bisa didudut yen konflik-konflik kang ana ing donya pamulangan kang dialami dening paraga-paraga sajrone cerkak maneka warna. Konflik-konflik iku arupa konflik internal utawa konflik batin kanthi asiling panliten yaiku rasa mamang kang dialami dening paraga Aku ing cerkak Amplop lan paraga Wigan ing cerkak Crita Cekak. Sabanjure yaiku rasa kuwatir kang dialami dening paraga Aku ing cerkak Taun Iki Aku Pensiun, paraga Aku ing cerkak Pakne Sri, lan paraga Bu Tiwi ing cerkak Satu-satu Aku Sayang Ibu....

Kapindho yaiku konflik eksternal kanthi asiling panliten yaiku konflik sosial antar-indhividhu kang dialami dening paraga Aku ing cerkak Amplop, paraga Aldoko ing cerkak Nyebal, lan paraga Bu Tiwi ing cerkak Trubus kang Mranggas. Konflik antarane jabatan lan keluwarga kang dialami dening paraga Aku ing cerkak Ranking. Konflik kang disebabake pangkat dialami dening paraga Tayem ing cerkak Dudu Jurang lan paraga Rini ing cerkak Pilihan kang Pungkasan.

Saka konflik-konflik kang dumadi, tata caraning mungkasi uga maneka warna, nanging sakabehing pamungkasing konflik sajrone ACTKM nggunakake pamungkasing konflik ora tumutup. Pamungkasing konflik sajrone ACTKM diperang dadi kang kapisan

yaiku dipungkasi kanthi cara pasrah. Pamungkasing konflik kanthi cara iki katindakake dening paraga Aku ing cerkak Amplop, paraga Aku ing cerkak Taun Iki Aku Pensiun, paraga Aku ing cerkak Pakne Sri, paraga Wigan ing cerkak Cerita Cekak, lan paraga Rini ing cerkak Pilihan kang Pungkasan.

Kapindho yaiku kanthi cara ngukuhi jejibahan kang katindakake dening paraga Aku ing cerkak Ranking lan paraga Bu Tiwi ing cerkak Satu-satu Aku Sayang Ibu. Katelu yaiku pamungkasing konflik kanthi cara wicaksana kang katindakake dening paraga Pak Dirgan ing cerkak Nyebal, paraga Bu Tiwi ing cerkak Trubus kang Mranggas, lan paraga Giman ing cerkak Dudu Jurang. Saliyane tarbuka, luwih akeh cerkak kang dipungkasi kanthi cara sad ending tinimbang happy ending.

5.1 Pamrayoga

Cerita-cerita sajrone antologi cerkak Trubus kang Mranggas nggambarake kahanane donya pamulangan jaman saiki. Saka cerita-cerita kang kang gamblang lan ora ditutup-tutupi, amrih bisa maenehi patuladhan kanggo para pamaca. Tuladha kang apik bisa dijupuk lan tuladha kang ala bisa didadekake pasinaonan supaya aja ditiru. Saka pamungkasing cerita uga bisa didadekake sangu supaya ora bingung lan gupuh yen mangkone sawayah-wayah ana para pamaca kang ngalami kedadeyan kang saemper karo cerita sajrone antologi cerkak iki.

KAPUSTAKAN

Anonim . 1994. Pengajaran Sastra. Yogyakarta: Pustaka Pelajar.

Alwisol (Ed). 2008. Psikologi Kepribadian : Edisi Revisi. Malang: UMM Press.

Arista, Gaguk. 2012. Konflik sajrone Antologi Cerkak Enthung Anggitane Sugeng Adipitoyo. Skripsi tidak terbit. Surabaya: Uneversitas Negeri Surabaya.

Chulsum, Umi. 2006. Kamus Besar Bahasa Indonesia. Surabaya: Kashiko.

Endraswara, Suwardi. 2008. Metodologi Penelitian Sastra. Yogyakarta: Med Press.

Fajri, Zul. Kamus Lengkap Bahasa Indonesia. Diva Publisher.

Fatmawati, Laila. 2007. Karakter Tokoh Utama Laki-laki dalam Cerkak-cerkak Karya Somdani. Skripsi tidak terbit. Surabaya: Universitas Negeri Surabaya.

Luxemburg, Jan Van. 1989. Tentang Sastra. Jakarta: Intermasa.

(12)

Nurgiyantoro, Burhan. 2007. Teori Pengkajian Fiksi. Yogyakarta: Gadjah Mada University Press. Rani, Supratman Abdul. 1996. Ikhtisar Sastra Indonesia.

Bandung: Pustaka Setia.

Ratna, Nyoman Kutha. 2007. Pengantar Penelitian Sastra. Yogyakarta: Pustaka Pelajar.

Ratna, Nyoman Kutha. 2009. Teori, Metode, dan Teknik Penelitian Sastra: dari Strukturalisme hingga Postrukturalisme, Perspektif Wacana Naratif. Yogyakarta: Pustaka Pelajar.

Rosyidi, Ikhwan, dkk. 2010. Analisis Teks Sastra. Yogyakarta: Graha Ilmu.

Sari, Nikmah Hadian. 2011. Konflik Batin Paraga Utama ing Cerkak Karyae Suryadi W.S. Skripsi tidak terbit. Surabaya: Universitas Negeri Surabaya. Semi, Atar. 1984. Kritik Sastra. Bandung: Angkasa. Semi, Atar. 1993. Metode Penelitian Sastra. Bandung:

Angkasa.

Sudarmanto. 2009. Kamus Lengkap Bahasa Jawa. Semarang: CV. Widya Karya.

Suroso, dkk. 2009. Kritik Sastra: Teori, Metodologi dan Aplikasi. Yogyakarta: Elmatera Publishing. Suwondo, Tirto, dkk. 2006. Antologi Biografi:

Pengarang Sastra Jawa Modern. Yogyakarta: Adi Wacana.

Teeuw, A. 1984. Sastra dan Ilmu Sastra. Jakarta: Pustaka Jaya.

Tim Penyusun. 2001. Kamus Besar Bahasa Indonesia Edisi III. Jakarta: Balai Pustaka.

Tim Prima Pena. Kamus Lengkap Bahasa Indonesia. Gitamedia Press.

Tiwiek, S.A. 2010. Antologi Cerita Cekak: Trubus kang Mranggas. Surabaya: JePe Press Media Utama. Wellek, Renne & Austin Warren. 1989. Teori

Kesusastraan. Diindonesiakan oleh Melani Budianta. Jakarta: PT. Gramedia.

(13)

Referensi

Dokumen terkait

Prayitno yaiku sawijine paraga ing crita kang dicubriyani dadi tersangka sing mateni Praharsini amarga dheweke cedhka karo ulupi.. Dheweke uga priya kang direbutake

Panliten struktural diwawas luwih objektif (nengenake marang aspek intrinsik sawijining karya sastra) amarga amung adhedhasar karya sastra iku dhewe, kanthi ora

Dhata (74) kasebut minangka fungsi saka tindak tutur ilokusi konvivial kang asipat menyapa (nyapa), amarga ora nggayutake tata krama ananging nduweni sawijine tujuwan

Pamawasing jagad ngenani kahanan politik lan ekonomi ing kene minangka gabungan saka pamawase panggurit lan pamawase masyarakat utawa kasunyatan kang ana ing

Pamawasing jagad ngenani kahanan politik lan ekonomi ing kene minangka gabungan saka pamawase panggurit lan pamawase masyarakat utawa kasunyatan kang ana ing