• Tidak ada hasil yang ditemukan

KARYA MONUMENTAL PARA JENDRAL SASTRA JAW

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2018

Membagikan "KARYA MONUMENTAL PARA JENDRAL SASTRA JAW"

Copied!
5
0
0

Teks penuh

(1)

KARYA MONUMENTAL PARA JENDRAL SASTRA JAWA GAGRAG ANYAR1

Dening: Darni

Pambuka

Sastra Jawa gagrag anyar kang sabanjure sinebut sastra Jawa modern, wus nduweni jendral-jendral kang peng-pengan. Jendral ing kene ngemu teges kadi dene pangarsa, kang mandhegani tuwuh ngrembakane sastra Jawa modern dinane iki. Tanpa pangarsa-pangarsa kang tumemen anggone makarya, tangeh lamun sastra Jawa iki isih bisa ngrembaka nganti titi wanci iki.

Jendral uga ngemu teges pangripta kang wus prigel ngreripta lan produktif. Asil reriptane tansah ndalidir kadi dene banyu kali tan bisa binendung. Tur asil reriptane ora mung mujudake reriptan kang remeh, nanging ngandhut bobot kang murwat lan sumunaring cahya kang mencorong, kang bisa nuduhake jati dhirine pangripta.

Saperangan jendral sastra Jawa modern titi wanci iki pancen mujudake pangripa-pangripta senior. Saperangan wus tutup yuswa ing pethite dasawarsa kawitan abad iki. Nanging, peparab kasebut ora mung mligi kanggo pangripta senior bae. Kasunyatane ana sawetara pangripta mudha kang pancen pantes katuran minangka pangarsane sastra Jawa modern, amarga saka rong perkara kaya kasebut ing ndhuwur.

Pangripta telu kang bakal kaaturake iki uga pancen pantes sinebut jendrale sastra Jawa modern. Ditilik saka produktifitase, wus kacihna manawa katelune mujudake pangripta kang peng-pengan. Sedulur Tiwiek SA, reriptane wus ngebaki sakabehing udyana kala warti basa Jawa ing Jawa Timur lan Jawa Tengah. Asma Tiwiek SA wus kawentar minangka pangripta cerkak dan cerbung kang asil reriptane ndalidir ora ana pedhote engga titi wanci iki. Asma sandi kang diagem uga mahanani tema-tema asil reriptane. Kaya novel kang bakal kaonceki iki uga ngaturake panjerite para titah Hawa kang ngrenggani asma sesinglone. Panjenengane uga ngripta carita lan drama ing basa Indonesia.

Yen sedulur Tiwiek SA prigel lan onja ngripta carita, mula sedulur Budi Palopo iki prigel lan onja ngripta guritan. Sedulur Budi Palopo mujudake salah sijine pangripta geguritan kang peng-pengan. Asil reriptane uga kababar ing sakabehing udyana kala warti basa Jawa ing Jawa Timur lan Jawa Tengah. Panjenengane ora mung dhapur ngripta bae. Asil reriptane asring dipanggungake ing Jawa Timur lan Jawa Tengah. Aksi panggung maca guritane manjila lan nduweni karakter kang mirunggan, beda kalawan liyane. Karakter mirunggan mau ora mung dumunung ing aksi pentas bae. Guritan-guritane uga nduweni kapribadhen lan karengga kalawan basa Jawa Timuran kang nuduhake jati dhirine.

(2)

maneka warna antologi. Malah ing penthite tahun 2009 iki rong warna antologine, guritan lan romansa, wus kasil kababar. Pangripta lulusan Basa Jawa Unesa iki pancen prigel ngripta maneka genre sastra. Panjenengane ora mung ngripta guritan bae. Asil reriptane kayata, carira rakyat, cerkak, lan cerbung wus akeh kababar ing udayana kala warti kita. Panjenengane pancen juru ngarang kang bisa masak maneka warna masakan, lan rasane uga trep karo ancase. Gamblange, panjenengane uga ngripta carita romansa kanthi sesinglon Candra Dyah Pambayun. Rikala ngripta romansa kanthi asma kasebut lagak lageyane, utawa asil masakake, pancen beda karo rikala panjenengane ngripta cerkak kanthi asma Sumono Sandy Asmara.

Pangripta cacah telu kang wus kacandra ing ndhuwur pancen pantes kacandra minangka saperangan jendrale sastra Jawa modern. Kanggo mbuktekake kawasisane ing udyana iki bakal kaonceki kanthi satleraman asil reriptane panjenengane.

Panjeriting Para Wanita Satengahe Patriarkhi ing Novel Carang-carang Garing Reriptane Tiwiek SA

Kaya ngapa kaendahane novel Carang-carang Garing iki wus dingendikakake dening panjenengane Prof Setya Yuwana ing Atur Pangiring babaran novel kasebut. Kacihna, pancen novel kasebut mujudake novel kang onja. Gegeyutan kalawan isine, uga wus dingendikakeke, manawa lelakone para paraga ing novel kasebut diibaratake kadi dene carang garing kang mung kena kanggo sugon pawon. Ing pirembugan iki bakal kaudhal perangan liya kang durung kasingkap, yaiku gayutan kalayan ideologi kang mujudake landasan filosofis tumapake novel mau.

Manawa katiti kanthi premati gegayutan kalawan sesambungane para paraga ing novel mau, yaiku paraga wanita lan priya, ana sawijining ideologi kang ngatur tata kramane para paraga kasebut. Ideologi mau yaitu ideologi patriarkhi, ideologi kang ngatur utawa nglandhesi tata bebrayan lan tata bale wismane wong Jawa. Ideologi mau wus tumapak lan rumasuk ing bebrayan kita wiwit biyen mula.

Kaya ngapa rumegeme patriarkhi ing novel kasebut kacandra kanthi manteb dening pangripta liwat paraga-paraga wanitane. Kaya kang dialami dening paraga Darminah, wanita mau mung bisa meneng, sanajan atine protes, rikala bojone, aran Suyatman, malah nyorohake anake wadon kang isih legan lunga adoh. Ing pamrih Suyatman bisa uwal saka keribetane ngurusi anak. Malah diajab anak wadon mau bisa menehi asil kanggo wong tuwa. Sakabehing keputusan dumunung ing guru laki. Wong wadon mung bisa neneng, sanajan kudu nindakake pakaryan kang cengkah karo batine. Semono uga kang dialami paraga Darmini, anak wadone Suyatman. Darmini kang sejatine pinter, mung bisa meneng rikala ajining dhirine disawiyah dening Bambang.

(3)

priya. Para wanita mung bisa njerit jroning ati, ngregem perihing ati, tanpa bisa tumindak apa-apa. Tumindak kang dilakoni malah tumuju dalan kang sasar, ala tumrap jati dhirining wanita.

Panjangkane Wong Agung ing Guritane Budi Palopo

Irah-irahan Wong Agung pancen pas ngrenggani antologi guritan reriptane sedulur Budi Palopo iki. Wong Agung kagungan panjangka kang tuhu luhur. Saka pengalaman sosial, keprihatinan sosial, uga kritik sosial, tumekane pengalaman lan keprihatinan religius kang kaaturake, panggurit amung ngudi dumadine rahayu lan luhure panguripan sarta panembah mring Gusti Kang Maha Agung. Laku kaya mangkono iku amung Wong Agung kang kuwawa nggayuh. Nggayuh luhure pranataning bebrayan lan pranataning panembah.

Guritan sedulur Budi Palopo pancen sugih pengalaman sosial. Liwat ‘Piweling’, panjenengane ngaturake sawernane pengalaman sosial lan piweling gegayutan karo panguripan kang luwih dening becik, luhur. Uga ing perangan liya, pengalaman sosial kang luhur ajeg kaaturake, kaya ing guritan Amit Sewu, Reroncen Kemang Mlathi, Retna Dumilah, Gurit Tanpa Wis, lan liya-liyane. Wus cinatur dening saperangan para maos, manawa guritane sedulur Budi Palopo, mligine ngenani kritik sosial, kaaturake sarana alus, ora gembar-gembor, apa maneh nyacat lan nutuh marang liyan. Saka solah bawa kang alus mau, kritik sosial mau luwih pas manawa sinebut minangka keprihatinan sosial. Panggurit prihatin marang kahananing bebrayan kang ngemu surasa nreyuhake, amarga ana saweneh kahanan kang nyimpang saka angger-angger sosial lan agama. Kahanan kasebut bisa dipirsani kaya ing guritan Gurit Pitakon, Gurit Dolanan, Kembang Lambe, Wali Kawula, lan liya-liyane. Sanajan ora akeh, keprihatinan kang mbangeti bisa tumanduk dumadi sawenehing kritik sosial. Nanging kritik sosial mau tetep kaaturake kanthi andhap asor. Kahanan kasebut bisa dipirsani ing guritan Gurit Grantang lan Kumbara Kumbakarna. Karana pangaribawa alus lan andhap asor mau mahanani tema keprihatinan sosial luwih onja tinimbang kritik sosial.

Guritane sedulur Budi Palopo wus nggayuh tataran religius. Kanthi melok tema kasebut wus kaaturake ing perangan ‘donga sraba’. Pengalaman religius kang kaaturake

uga wus ngancik tataran kang dhuwur, lire ora mung ngrembug bab sare’at, apa maneh sare’at kang kebat pinda lakune jaran sarengat. Pengalaman religi kang kaudi panggurit

(4)

ukara kasebut nuduhake panggrantese panggurit gegayutan karo kasunyatan ing panembah kita saben dina kang ora kuwawa ngonceki kalimah sahadad.

Basa kang diagem panggurit mujudake basa khas kang bisa nuduhake jati dhirine panggurit. Basa Jawa Timuran kang lumer lan khas kaya ing tembung-tembung sun, sira, sekabeh, gegindrang, gemlethak nuduhake logat khas pesisir Jawa Timur. Nanging tembung-tembung khas mau pranyata kaolah kanthi metaforis saengga ngasilake makna

kang siningit lan ‘ganda’, lire para maos kudu nggoleki lan nggathuk-nggathukake tembung mau kalawan kahanan kang saemper kanggo mangerteni isime. Pamaos uga bisa nduweni pamanggih kang beda gumantung kaca benggala kang diagem.

Kobare Sumangat ing Guritane Sumono Sandy Asmoro

Sumono Sandy Asmoro mujudake panggurit mudha kang uga peng-pengan. Ing yuswane kang isih mudha, asil reriptane ndalidir, andher ing saben panggonan. Antologi guritan ‘Layang Panantang’ kang kasil kababar lan antuk bebana ‘Rancage’ tahun iki minangka bukti kaprigelan lan labuh labete kang gedhe mungguhing sastra Jawa modern.

Irah-irahan ‘Layang Panantang’ pancen mujudake roh kang mahanani antologi guritan kasebut. Ing guritan-guritan kasebut panggurit ngupaya nangekake kita (bangsa, basa, lan sastra Jawa modern) saka anglering sare, sarta ngajak gumregah, tangi, berjuang, ing tengahing pasrawungan kang kalimput jaman edan iki. Pancen bisa nuwuhake rasa jibek yen digagas wae. Mula dibutuhake sumangat kang makantar-kantar kanggo njejegake basa lan sastra Jawa kang meh kesilep ombyaking jaman globalisasi iki.

Antologi kasebut nuduhake kasektene Sumono minangka panggurit. Kacihna, panjenengane pancen juru gurit kang nengenake unsur estetis. Nilai estetis mau kang bisa nuduhake cahya lan bobote asil reriptane. Guritan-guritan kang kababar ing antologi mau ngemu surasa siningit. Tata rakite tembung kang katone prasaja, pranyata ngandhut

surasa kang jero lan ‘ganda’. Lire, tembung-tembung kang digunakake mujudake tembung metaforis. Godhong, pang, suket teki, lan manuk-manuk kang cinandra karana personifikasi, mujudake pralambang sawenehing kahanan sosial tertamtu. Makna metaforis mau bisa nuwuhake makna ‘ganda’. Para maos bisa paring surasa kang beda tumrap guritan kasebut, slaras kalawan kaca benggala kang diagem. Personifikasi lan metafor mau sumrambah ing saben guritane sedulur Somono. Guritan paling cekak,

yaiku guritan epigram, kaya ing ‘Epigram Rasa’ uga ngandhut lelewaning basa kasebut. Kaendahane guritan mau sansaya mencorong kanthi kagunakake pepaesing basa, kayata purwakanthi. Purwakanthi kang diagem pepak, wiwit saka purwakanthi swara, sastra, lan lumaksita. Purwakanthi swara malah ora ing pungkasane gatra bae.

(5)

Purwakanthi lumaksita uga asring diagem. Purwakanthi lumaksita ora mung dumunung

ing ukara bae. Purwakanthi lumaksita, kang luwih pase ‘pengulangan’, asring diagem ing saben pada. Ukara lan tembung tartamtu, kaya ing guritan ‘Kitir’, Guritan Sapu

Wudhar, ‘Susuh Tresna’, lan liya-liyane, dibolan-baleni kanggo mbangetake kahanan lan surasa tartamtu.

Guritan-guritane sedulur Sumono Sandy Asmoro, mligine ing antologi ‘Layang

Panantang’ iki, sugih dening pengalaman, keprihatinan, lan kritik sosial. Panjenengane akeh ngaturake panjerite para kawula cilik kang uripe kasangsaya. Janji-janji kamulyan kang ora maujud. Kahanane basa lan sastra Jawa modern kang kasimpar saka lumahing bebrayan Jawa dhewe. Pindhane wong Jawa wis lali Jawane, kepara westernisasi padha diobyongi. Uga panjeriting batin kang ngajak gumregah nglawan sawernane budi candhala kasebut. Kawawas, pengalaman lan kritik sosial kang kaaturake kanthi personifikasi lan metaforis minangka lelewaning basa, lan kapaes kanthi purwakanthi kang endah, mujudake kekuatan lan jati dhirine sedulur Sumono ing donyane guritan.

Panutup

Kacihna asil reriptane para sedulur panggurit lan pangripta telu iki pancen mujudake asil reriptan kang nduweni bobot sastra kang dhuwur. Sastra Jawa modern pancen wus titi wancine ngatonake pamore ing jagate kasusastran. Yen jaman semono akeh para ahli ngendika manawa sastra Jawa modern mujudake sastra pinggiran kang ora nduweni bobot sastra, mula ora kabeh asil cipa sastra Jawa modern kaya mangkono. Ibarate, wus ana saperangan panggurit lan pangripta kang dinane iki kasil nggayuh pangkat jendral ing donyane ngarang. Jendral kang nduweni kaprigelan ngripta kanggo ngrembuyungake sastra Jawa modern. Pancen ora kabeh asil sastra Jawa nduweni bobot sastra serius. Kepara pancen luwih akeh kang mung mujudake carita panglipur bae lan kagarap sanane. Nanging kabeh mau wis nduweni pandhemen dhewe-dhewe. Lire, ora kabeh para maos mbutuhake sastra serius, lan ora kabeh mbutuhake sastra populer.

Panggurit lan pangripta telu iki kagungan kaluwihan dhewe-dhewe. Kaluwihan kasebut kang paring jati dhiri. Panjeriting para wanodya ing reriptane sedulur Tiwiek SA mahanani nges, angles, lan mantebe sesinglon kang diagem. Sedulur Budi Palopo kang miyos saka bumi pasisiran Gresik, uga kagungan kritik sosial religius kang andhap asor lan mistik khas Pesisiran. Semono uga sedulur Sumono Sandy Asmoro, kanthi lelewa lan pepaesing basa kang mirunggan, bisa ngaturake sumangat kang makantar-kantar kanggo nggungah lan mbangun bebrayan, basa, lan sastra Jawa.

Referensi

Dokumen terkait

Temuan I menunjukkan bahwa I kondisi rasio profitabilitas koperasi tahun 2011- 2016 mengalami I kenaikan, KUD I ³.DU\D %KDNWL´ PHQJDODPL NHQDLNDQI dalam pengefektifan penggunaan

Berdasarkan hasil penelitian ini menunjukkan bahwa penerapan model pembelajaran aktif mind maps dalam pembelajaran bahasa Indonesia memiliki dampak positif

Parameter yang dapat digunakan untuk melihat kestabilan suatu sediaan gel yaitu dengan dilihat ada tidaknya perubahan warna pada sediaan seperti terjadinya pemucatan warna

Penelitian ini sebanding dengan penelitian yang dilakukan oleh Ramadhani (2016).(11) Daun mangkok ( Nothopanax scutellarium ) memiliki efektivitas terhadap bakteri

Sirsak (Annona muricata L.) memiliki spesies lain yaitu sirsak gunung (Annona Montana Macfad).Penelitian ini bertujuan untuk mengetahui apakah perasan daun sirsak

Tindak kejahatan pembunuhan berencana yang dilakukan oleh remaja tidaklah terjadi begitu saja. Terdapat proses mekanisme psikologis yang berperan dalam pembunuhan

Dalam kriteria kesesuaian lahan tanaman wijen, tingkat kejenuhan basa pada kedua bagian lahan pasir tersebut termasuk dalam kelas S1 atau sangat sesuai dimana kejenuhan

mutual relations antara orang tua dan lembaga TAPAS, hal ini diperlihatkan dengan beragam cara seperti bentuk kerja sama yang dilakukan di TAPAS, yaitu saling bekerja