• Tidak ada hasil yang ditemukan

hambangun padaleman suci

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2017

Membagikan "hambangun padaleman suci"

Copied!
2
0
0

Teks penuh

(1)

www.alangalangkumitir.wordpress.com

Oleh : Mas Maskumitir 1

www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir

HA MBA NGUN PA DA LEMA N S UCI

Mungguh padaleman suci miderek saking pangertosaning ngakatah punika utamanipun inggih papan ingkang minangka sarana lan prasaraning manembah, kados dene mesjid, greja, wihara lan sanes sanesipun. Dene ingkang dipun maksud padaleman suci wonten ing seratan punika sayektos kita piyambak, jejering manungsa ingkang gesang dados patunggilaning dzat Pangeran Gusti Ingkang Murbeng Dumadi. Pramila sumangga lumebet manjing salebeting alam batos nyingkur sawatawis babagan kelahiran.nulad dumateng citraning Gusti ingkang sajuga kinarya lantaran saged tuntas pambabaring panyeratan hambangun padaleman suci.

1. Panyerat sastra sumirat, nyebrat ngruwat dedaging sawatawis, lumebet telenging kalbu, nulad citraning Allah, hanetepi suba sitaning ngaluhur, manembah marang Pangeran, kang lenggah ing kalbu wening.

2. Weningna patraping driya, driyasmara kasmaran ngudi ngelmi, sempurneng panembahipun, ngemuti jejering titah, ingkang kebak dosa hatanapi luput, murih antuk pangaksama, dadya suci kang pinanggih. 3. Inggih dzat panglebur dosa, ingkang tuhu tresna lan welas asih, punapa

pamintanipun, satemah pinaringan, sagung dosa lan sakatahing luput, krana asmaning Pangeran, ingaksama tanpa kari.

4. Karoban sihing Pangeran, kang makarya wonten telenging ati, ing hamperu papan dunung, dunungnging pangulah lampah, wijiling kautaman panuntunipun, murih hayu kang pinanggya, sinangga laku utami.

5. Utamane kang wineca, dening Dzat Pangeran kang wigati, heh ta sira ananIngsun, aja pijer was sumelang, iki Ingsun nedakna piwulang luhur, minangka anggon makarya, mbangun padaleman suci.

6. Sucining pribadinira, mengku karsa panunggaling laku tami, utamane

wong mbeguru, sempurnaning lelampah, murih gesang suci

saklaminipun, prayoga sabar narima, welas asih mring sesame.

7. Sesami samining lampah, kasingkirna hambeg seriking ati, gawenen tentrem sedarum, kang gumelar ing jagad, den jejerana lungguhe pra panuntun, kang pada aweh papadang, marang sesamining urip.

8. Uripe patang perkara, perkarane murih kabeh bisa uning, kapisan ngemot pandulu, putusing cakrawala, wewalere amung aywa darbe ngungun, marang pamoring Suksma, minangka pangulah ngelmi.

9. Ngelmu iku kang sanyata, nyata lamun ingudi kanti tapis, tatas buntas ing pandulu, pantoging cakrawala, wewadine wus tan ana kang kadulu, kabeh padang temrawangan, tan samar pamoring urip.

10. Rinipta munggweng panutan, tinumbase amung krana prihatin, handadekna sarwa hayu, ingkang pada miyarsa, endi pantoge pangrungu kang satuhu, dumunung alam sumpena, penandang laku prihatin.

(2)

www.alangalangkumitir.wordpress.com

Oleh : Mas Maskumitir 2

www.alangalangkumitir.wordpress.com Oleh : Mas Maskumitir

12. Ghaibing Pangeranira, rahayune pangulah kang kaping kalih, lelimbangen jroning kalbu, binarung kaluhuran, luhur drajat mokal yen mada Hyang Agung, anggung suka ing manah, mangulah ngelmu binangkit.

13. Binarung sagung pepuja, puja puji pepujan pancering urip, urip langgeng jroning nggayuh, gegayuhan kang nyata, sanyatane dalem suci binangun, ngagem panunggal karsa, sempurneng urip lan pati.

14. Pati uripe pra janma, jaman iki nganti tumeka benjing, jinabat janturing juntrung, jimangkung mring Pangeran, ugemana paugeran jroning kalbu, bebukaning pambuka, bangun Padaleman Suci.

15. Katelu pustakeng rasa, rasa jati pangukiring kalbu wening, ing madyaning laku luhur, luhuring pangulah rasa, sejarahe ywa kongsi tinilar sampun, iku tetilaranira, leluhur makina nguni.

16. Unine jangka winaca, caraka gung tumedak ing Tanah Jawi, Jawa jumejering Wahyu, yuwana saliring lampah, lelampahan ngudi wahyu tumurun., tumedak manjing sajiwa, sagung titah laku tami.

17. Minangka pungkasan nyerat, prekawis gesang kaping pat puniki, pikantuk palilahipun, Guru jati sarana, nadyan namung winastan purwaning hayu, rahayu anggen dedana, dedarma wiji utami.

18. Wiji utami tinampa, ambak ambak amung wijangan wiji, wiji Gusti Maha Gung, kang dadi sraneng gesang, sangsaya dangu saya ngrembuyung, ngrembaka ngebaki jagad, jagad agung jagad alit.

19. Linambaran pangawikan, pamrayogi dumateng pangulah kardi, dimen purna lelabuh, lelabuhan kang nyata, tansah anggung gumarunggung ngudi luhung, nggayuh tedaking nugraha, hayu sempurneng dumadi. 20. Dumadiya kang cinipta, cipteng manah amung minangka saksi,

sinaksenan sedarum, rumeksaning kaywanan, nadyan saksi nanging ugi kang ngatur, aneng jaman pengadilan, langgeng datan owah gingsir. 21. Sir pandulu pamiyarsa, myang pangganda pangrasa miwah pangesti,

tinampa kanti twajuh, tan ana ingkang gotang, tanggung jawab dumunung aneng Panuntun, panetep panata gama, gumelaring jaman akhir.

22. Akhirulkalam panyerat, pawiwahan mbangun padaleman suci,

Referensi

Dokumen terkait

EFEKTIFITAS FLASH CARD DALAM MENINGKATKAN KEMAMPUAN MENGENAL HURUF PADA SISWA TUNARUNGU KELAS TK-A2 DI SLB NEGERI CICENDO KOTA BANDUNG.. Universitas Pendidikan Indonesia |

senyawa fenolik yang berkhasiat sebagai antiinflamasi, maka perlu dilakukan keefektifan ekstrak metanol dari daun bidara ( Ziziphus mauritiana lamk ) sebagai

Hasil penelitian menunjukkan bahwa perlakuan pupuk organic Tanijau (t) berbeda sangat nyata terhadap tinggi tanaman umur 15 hari setelah tanam, 30 hari setelah

Tanaman Kelapa sawit (Elaeis guineensis Jacq) merupakan tanaman yang memiliki sebaran adaptasi cukup luas, dapat tumbuh pada berbagai agroekosistem dengan baik dan

Untuk mengetahui pengaruh secara simultan antara kesadaran membayar pajak, pengetahuan dan pemahaman tentang peraturan perpajakan, persepsi yang baik atas efektiitas

Simpulan yang didapat dari penelitian implementasi sistem Informasi berbasis web dengan studi kasus di GKE Sion Palangkaraya diharapkan memotivasi gereja untuk

Arus lalu lintas tersebut antara lain arus utama dari jalan SM Raja menuju jalan Jamin Ginting dengan tujuan menuju ke perkantoran, tempat wisata, asrama haji

Berdasarkan hasil penelitian ini menunjukkan bahwa penerapan model pembelajaran aktif mind maps dalam pembelajaran bahasa Indonesia memiliki dampak positif