Imam Aspuri
Kumpulan Crita Basa Jawa:
Widuri
“Pantai Cinta”ne
Pemalang
Penerbit:
Tenar Media
***Widuri ‘Pantai Cinta’ne Pemalang
Oleh: Imam Aspuri Copyright © 2010 by Imam AspuriPenerbit Tenar Media Email : mandalaraya0033@yahoo.com Desain Sampul:
IMAS MEDIA
Diterbitkan melalui:
www.nulisbuku.com
Ucapan Terimakasih: Sepisan; Alhamdulillah...
Kapingdho; katur dumateng penerbit Nulis Buku penghargaan kang
ora ana watese saking kula ngenani diterbitakenipun buku Kumpulan
Crita Basa Jawa: Widuri “Pantai Cinta”ne Pemalang iki saengga
bisa sesawungan karo pamios:
Mimpi-mimpi endahku saiki dadi kawujud !!
Kapingtelune; katur dumateng Redaksi Majalah
Panjebar Semangat (PS) ing Surabaya, Jawa sisih
Wetan, kang sampun muat akehe kalawarti utawa seratan (tulisan) kula teng buku niki. ***
“Kupersembahake: Kanggo bojo lan anak-anakku katresnan!”
*** *
Tembung Penganter
Ing saparan-paran tlatah padha nguwatirake, utamane ing njaba Pulo Jawa, anane ancaman basa dhaerahe kang arep ilang utawa punah. Mung 10% wae kang bisa bertahan, penyebabe basa kuwi sansaya arang digunakake.
Kepala Pusat Penelitian Kemasyarakatan dan Kebudayaan (PMB) LIPI Drs. Abdul Rachman Patji M.A ing Jakarta, Jumat (16/11/2011) ngungkapake marang detik.com, faktor kang mempengaruhi kepunahan bahasa yaiku faktor urbanisasi lan perkawinan antar etnis.
Nanging penyebab utama kepunahan basa uga merga para wong tua ora mulangake marang anak-anake lan uga ora secara aktif nggunakake ing omah utawa jroning maneka ranah kumunikasi.
Kanthi mengkono, mbokmenawa Buku Kumpulan Crita Basa Jawa
Widuri “Pantai Cinta”ne Pemalang iki minangka pepeling anane
ancaman ngenani basa dhaerah kang sansaya punah, ora ketang mung sethitihik thok. Paling ora, uga bisa kanggo ndorong wacan ing sekolah apadene ing ngomah?
Najan crita ing buku iki saperangan gedhe wis dipublikasikake ana media massa basa Jawa, mligine akeh dimot ing Majalah Basa Jawa
Panjebar Semangat (PS), nanging penulis uga pitados esih adoh saka
sempurna. Mula kritik lan saran kang membangun tetep dadi pangarepake saka pamios.
Nuwun.
DAFTAR ISI
1. Widuri “Pantai Cinta”ne Pemalang-8
2. Alun-Alun Kutha Pemalang: Dadi “Malioboro”-12 3. Taman Wisata Pesiar
Widuri: Ditambahi Arena Arung Jeram-16
4. Menyang
Cempakawulung: Kanggo Sing Kepengin Awet Enom?!-20
5. Taman Wisata Pesisir Widuri Pemalang: Dipepaki Water Park-24 6. Ziarah Ing Makame Syeh
Pandanjati Pemalang, Jateng: Bisa Ngentekake Ukuman?!-25
7. Makame Mbah Syamsudin ing Pemalang: Kanggo Nggolek Pesugihan?-29 8. Makame Mbah Syeh
Maulana Maghribi
Pemalang: Banyune Sumur Kanggo Ngilo Kahanan Pribadine Pawongan?-37 9. Kondhange Banyu Taman
ing Pemalang: Ampuh Kanggo Ngucapake Sumpah?-42
10. Bendungan Sokawati Ditunggoni Peri Ayu?-50
11. Makame Mbah Kramat Pemalang : Wit Kepuhe Melu Mati Wektu Ibu Tien Seda-55
12. Adhus Kembang Mawar ing Kali Kramat Kab. Batang : Kanggo Golek Jodho?!-59
13. Sedekah Laut Nelayan Tanjungsari, Pemalang: Ora Dianakake Bakal Kena Bendu?!-63 14. Kesenian Brendung
Pemalang: Senajan Boneka, Bisa Nyerang ?!-68
15. Seni Sintren Pemalang: Pemaine Kudu Prawan Thing-Thing!-72 16. Makam Tegal Arum
Malati: Wani Liwat Ndhuwure Motor Mabur Bakal Tiba!-76
17. Cipto Wibowo: Dikontak „‟Bawah Sadar‟‟e Awake Wong Lara Bisa Nambani Dhewe?!-80 18. Ki Mangun Yuono, S.Sn
“Aku dudu dhalang dhagelan” -84 19. Dadi Barang Antik
Regane Yutan: Pit Kuna-87
20. Geger Sendhang Tiban!-92 21. Wisata Anyar Pesisir
Tanjungsari: Sing Ngileri ?!-96
22. Bupati Pemalang Nyulap
Homestay ing Desa
Gombong- 102
23. Wisata ing Tlaga Renjeng Brebes, Jateng: Dolanan Karo Yutan Lele -104 24. Minangka “Puncak
Bogor‟e Kab. Pekalongan: Taman Wisata Linggoasri Pancen Asri! -109
25. Ing Tengahe Ana “Samosir Danau Toba” ne Brebes: Malahayu Pancen Ayu?!-113
26. Grojogan Bengkawah: Biyen Padusane Para Widodari?-116 27. Teteguall Dadi Tegal
Purnaning Pangesti Wisiking Gusti-120 28. Kok Rena-Rena : Woh
Gedhang Tanpa Wit Njedhul Saka Njero Lemah -124
29. Peresmian Monumen Pejuang ‟45 Pemalang: Kanggo Ningkatake Patriotisme -130 30. R. Soetopo: Cah
Nom-noman Siki Kudu Dietuti!-133
31. Seniman Kondhang Yono Daryono: Kepengin Kota Tegal Dadi Kutha Budaya? -135
32. Tumandhange Ula
Warga Desa
Sarwodadi-Pemalang: Mampu
„Nyulap‟ Dadi Menaka Kerajinan Kulit Ula-140 33. Dhalang Unik Saka
Pemalang: Ki Mangun Yuono, S.Sn.-144 34. Pranyata Ora Saru Najan
Jenenge Musik Birahi: Tansah Ditunggu Kaum Muda Mudi!-149 35. Enthus „Edan‟ Lagi
Ngombe Jamu ?!-152 36. Kang Melu 6.999 Wong
Mlebu MURI: Mlaku Sehat Gandhengan Tangan ing Pemalang-156
37. Nambani Lara sing Digawe Wong: Edi Sugiat Nglebokaki Endhog ing Awake Saka Kulite?! -158
38. Karnaval Murid SD HUT Pramuka ka 49: Warga Malah Melu Pawe?! -160 39. Dolan Menyang Guci
Tegal: Wisata Karo Nambani Lelara-162
40. Ridwan, Ahli Perkebunan: Dhaerah Pemalang
“Potensial” Kanggo Nandhur Jeruk! -168
41. Kalimi: Majalah PS „‟Seko-lah‟‟ ing Pemalang -172
42. Hery Hartono: Ora Wedhi Ucul Langganane-173
43. Bu Guru Ida: Mangayubagya Majalah PS Mlebu „„Seko-lah‟‟ SD ing Pemalang -174
44. Mendiknas: Pendhidikan Ku-du Tetep Dadi Lokomotif-176
45. Ana ing Sekolah “Bergaul”e Tetep Nggunakake Krama: Dina Murni Riyati Pelajar SMAN 2 Pemalang-179
46. Ngungak Kerajinan Suttle-cock ing Kutha Tegal -182
47. Bu Ning: Kepengin Melu Nguri-uri Basa Jawa-184
48. Pemalang Mbiwarakake Kawasan Bebas Pungli: Dadi Racun ing Donyaning Usaha-188
49. Budiarto: Ngesok Musibah Menyang Kanvas-192
50. MI Prabowo “Wawut”: Jama-ne Sarwa Semrawut-194
51. Pemasok Duren Ing Sa Eks Karesidenan Pekalongan : Desa Lolong Kondhang Kanthi Duren Madune-196
52. Tanggungjawab HPBI Ngabarake Perkembangan Kebahasaan-200
53. Liku-Liku Arus Mudik & Balik Lebaran: Kanggo Pangetan “Cukup Kami Korbannya” ?!-202
54. Cacahe 23 Bocah Disunat: Deklarasi LSM Bina Pela-ngi Cabang Pemalang-208
55. Warga Desa Kubang-wungu Cancut Tali-wanda: Nyulap Limbah Dadi Tambang!-211 56. Buku Jendela Donya:
Pameran Buku Diserbu Para Pelajar!-216 57. Wedang Khas Tegal: Teh
Poci Gawe Kuat Melek-218
58. Pesantren Kilat SDN 03 Mulyoharjo Pemalang: Supaya Seneng Maca Qur‟an -222
59. Mudik Lebaran Sing Tansah Unik: Royal lan Lali Basane Dhewe ?!-225
60. Grombyang Pemalang-229
61. Penyiar Radio sing Njawani: Zaldi SA “Penyambung Lidah”e ing Dina Riyaya!-234
62. Syawalan ing Kota Pekalongan: Rebutan Lopis Raseksa! - 238
63. Golek Promotor & Produ-ser Kanggo Rekaman: Gro-up Feodhal Pemalang -245
64. Meng Lolong Karo (Tembang) Ebiet G. Ade-248
KANGGO sebagian wong papan-papan tinamtu dipitaya nduweni
keluwihan. Kaya dene papan pesi-sir Widuri ing Kelurahan Widu-ri Kec. Pemalang Kab. Pemalang, Jateng, iki dipita-ya sapa wae, pa-wongan kang mentas mantenan mara teka mrono jejodohane bakal langgeng.
Kaya dene lagu “Widuri” karyane Adriadi komponis asal Se-marang ing nduwur kuwi, sing jare ke-pencut kaen-dahane obyek wisata Pesi-sir Widuri iku, lagu iku nate kondhang seantero Nusantara nalika tahun 1970-an. Lan kabare lagu iku wis diterjemahake ing basa Inggris lan Mandarin. Iramane sing melankolis, pancen gampang nimbulake kenangan manis. Ora eram,menawa komponis Adri-adi nggone nyipta
irah-irah lagu iki diilhami dening obyek wisata Pesisir Widuri. Yen kita “mbedah” isine lagu kasebut, rada ana mempere karo asal aran/jeneng papan rekreasi sing siji iki. Widuri, jeneng sawijine wanita ayu lan isih enom dadi
kawigatene nom-noman.
Nanging Widuri tetep karo „pendiri-an‟e, mu-judake wong wadon sing wis nduwe la-nang. Esem oleh kanggo sapa wae, na-nging kesetiaane ma-rang bojo kudu dija-ga. Kaya dene njero lagu iku, “....
lalu engkau tersenyum, tak tahu apakah arti senyummu....?”
Ana dene “terkonspirasi” karo babagan lagu lan arti setiane sawijining bojo, katone tekan saiki diyakini bener, utamane dening pasangan nganten anyar. Akeh sing ngandel, kanthi teka ing Pesisir Widuri karo ngumbah tangan lan sikil, kanggo pasangan manten sing isih nganggo sandangan „kebesaran‟e sawise nglaksanakake ijab-kobul, bakal awet enom sarta rukun nganti kaki-nini.
Mula nalika wulan-wulan musin manten, ing taman rekreasi Pesisir Widuri kerep ditemoni iring-iringan manten numpak dokar utawa andhong. Para manten anyar kuwi ora nadya bungah-bungah „berbulan madu‟, ananging kanggo netepi piandel sing esih kuwat diyakini dening warga masyarakat Pemalang
lan sekitare.
Piandel (kepercayaan) kasebut, ana gandheng cenenge karo legenda sing nduweni gegayutan bab kawasan iku. Miturut legenda yaiku hikmah kesetiaane Nyai Widuri, bojo sawijining Abdi Dalem Sultan Agung Hanyakrakusuma saka Kerajaan Mataram sing daleme ing Pesisir kono.
Wektu kedaden „Geger Pemalang‟ yakuwi nalika dhaerah Pemalang diserang dening Selingsingan saka Cirebon, Sultan Agung ngirim Pangeran Purbaya kanggo mbiyantu abdi dalem ing kono ngusir para perusuh iku. Najan ngalami tatu, nanging Pangeran Purbaya menang ing peperangane.
Merga tatu-tatu Pangeran Purbaya diopeni (dira-wat) dening Nyai Widuri, wadon ayu lan elok sing esih enom kuwi. Bab iku sing ndadekake butarepane sing lanang, sing luwih tuwa umure. Nanging Nyai Widuri bisa njaga „kesetiaan‟e dheweke, kanthi bukti natoni driji manise.
Getih sing netes ing tanduran Widuri banjur „disabda‟ yen mengko warnane kembang Widuri pu-tih, pancen dheweke ora putih kesuciane
maneh, na-nging yen mengko malih dadi ungu nom kebiru-biruan wernane, tandha yen ngluwihi donya iki.
Lan... jebule; kembang Widuri sing thukul kem-bange ungu nom kebiru-biruan. Mula, abdi dalem mau yakin karo kesetiaane lan kesuciane bojone. Sakloron urip rukun, ibarate ‘mimi lan mintuna’ nganti ‘kaki-nini’.
Mula kuwi para manten sing plesiran ing papan Pesisir Widuri saiki, uga ngarep-arep berkah supaya bisa tetep setia padha-padha katresnane anggone omah-omah nganti rajapati utawa langgeng anggone jejodhoan.
Ana uga sing nerjemahake kanggo ndhedher ka-tresnan, utamane kanggo kaum mudha. Merga kuwi, ing papan rekreasi kono kerep katon pemandhangan pasangan mudha-mudhi lagi sih-sihan atawa pacaran. Apa maneh dina Minggu, rame lan romantise.
Mula ya ora muluk-muluk, yen Pesisir Widuri ku-wi uga dijenengi “Pantai Cinta”ne Pemalang. ***
Ora sethithik wong kang ziarah ing Makame Syeh Pandanjati ing Kab. Pemalang, Jateng, nduweni pa-ngarep-arep mung siji yaiku prekara kang dialami dheweke utawa anak-anake, bapak lan ibune, sarta kulawargane amrih bisa luwih entheng ukumane. Malah panjaluke yen bisa ora nganti diukum!
Pancen papan-papan kramat kanggo sawijine wong tekan saiki ora tau luntur pamore, tansah dadi kawigaten. Sanajan sepira adohe, ora peduli ditekani. Kaya dene Makam Syeh Pandanjati saben wulane ka-cathet ewonan wong kang ziarah ora mung saka dae-rah Kab. Pemalang wae, nanging uga saka tlatah Ka-bupaten liya kang nduweni motto “Ikhlas” (Indah, Komunikatif, Hijau, Lancar, Aman lan Sehat) iki.
Miturut Juru Kunci kang sepisan, Solichin, ing makam kang luwih kondhang kanthi sebutan Makam Mbah Pandanjati iki nganti saiki tetep akeh ditekani wong lan dianggep kramat. Sing teka ora mung saka tlatah Pemalang, nanging uga saka jaba daerah Kab. Pemalang. Kaya dene wong saka Bandung, Jakarta, Semarang, lan Surabaya. Malah ana kang saka luwar Jawa.
“Wong-wong sing teka, lumrahe, nguja ngembang (nyekar), tirakat, utawa golek berkah liyane. Wong-wong sing teka saka ngendi-ngendi dhaerah iku ana sing nginep sedina, rong dina, telung dina, malah ana sing seminggu. Kadhang ana sing anjog sewulan,” u-jare Solichin.
Kang teka ing Makam Mbah Pandanjati, bacute Solichin, umume luwih rame ing dina pasaran, kaya Rebo Pon, Kemis Wage, lan Jum‟at Kliwon. Sing nyekar luwih dhisik nggawa kembang, dupa lan ke-menyan kanggo uberampene kang wis disedhiakake ana kene, yaiku kanthi tuku ing ngarep sedurunge mlebu papan kuburan iku.
“Pantangan utawa larangan kang kudu dipatuhi kanggo wong nyekar, yaiku ora tumindak ala. Artine, kang wajar-wajar bae, yen ora pengin cilaka ing ke-ne”, pepelinge Solichin, kang uga dikenal kadidene “modin” iki.
Sapa Mbah Pandan-jati Kuwi?
Diterangake Solichin, sedurunge taun 1921 Ma-kam Mbah Pandanjati wis ana. Amarga, wiwit taun kasebut tekan taun 1971 bapake, Sostro Amidjojo, wis dadi juru kunci papan iki. Sawise bapake tilar donya, kuwajibane iku dipasrahake dheweke. “Saban tanggal 12 wulan Maulud kita nganakake upacara ja-masan pusaka tinggalane sesepuh kang dikramatake kuwi, antarane arupa permata Widuri Wulung lan Busana 9 rupa,” tambahe Solichin.
Miturut cathetan saka Kantor Diknas Kab. Pema-lang, yen Mbah Pandanjati iku sawijine Batur/Abdine Mbah Bantarbolang. Jenenge Pangeran Genting, lan panjenengane diparingi pegaweyan dadi Pekathik u-tawa kang ngrumat lan aweh pangan jaran. Saliyane nglakoni kuwajiban kasebut, dheweke uga khusuk nglakoni Ajaran Islam. Mbah iki sekti, nyatane, wek-tu diutus kanggo jupuk banyu ing kali, banyune kuwi digawa nganggo kranjang nanging ora ana kang wu-tah, ndadekake bendarane eram.
Syeh Pandanjati kuwi asli Mataram lan mondhok karo Kyai Bantarbolang. Panjenengane diutus muruk agama Islam lan uga nglatih perang. Lan karo war-gane panjenenwar-gane saguh mbelani bab “perkara”. Te-kan wafate, lan dimakamake ing Desa Bantarbolang, makam kasebut tekan saiki kramat kanggo bab “mbe-lani ngringanake sawijining perkara atau ukuman.”
Pancen, kuwi kabeh gumantung piandel. Kanggo kang ngandel, sanajan adoh banget, ora dadi soal kanggo ziarah ing makame tokoh kang dikramatake kasebut. Kaya dene Makam Mbah Pandanjati kuwi, ora sethithik wong kang teka saka panggonane adoh banget. “Wong-wong kang nyekar kuwi kanthi niat lan maksud kang rupa-rupa. Upamane, ana kang nja-luk tulung amarga kena prekara keluwarga, usaha, ta-ni lan liya-liyane. Pokoke, njaluk keberkahan,” jelase Solichin. “Bab ukuman, njaluke yen bisa ya aja ngan-thi diukum!” tambahe.
Kanggo tumuju papan Syeh Pandanjati kang manggon ana ing Desa Bantarbolang Kec. Bantarbo-lang Kab. Pemalang, Jateng, kuwi gampang banget. Nganggo angkutan umum utawa kendaraan dhewe, perjalanan ora nganti sejam saka Kutha Pemalang. Ancer-ancere, wiwit saka Terminal Bus Kutha Pema-lang arah ngidul jurusan Pemalang-Purwokerto, kan-thi jarak tempuh sekitar 20 Km.
Sateruse mudhun ing ngarep pasar Bantarbolang, banjur menggok ngulon mlebu dhaerah pekuburan umum kira-kira 500 meter, tekan gapura Makam Mbah Pandanjati. Adohe saka pintu gerbang tekan makam, watara 300 meter. Ngliwati undhak-undakan beton lan dalan menggak-menggok luwih dhisik.***