• Tidak ada hasil yang ditemukan

SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA PELAJARAN/PAKET KEAHLIAN BAHASA JAWA BAB VIII PEWAYANGAN

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2022

Membagikan "SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA PELAJARAN/PAKET KEAHLIAN BAHASA JAWA BAB VIII PEWAYANGAN"

Copied!
26
0
0

Teks penuh

(1)

SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017 MATA PELAJARAN/PAKET KEAHLIAN

BAHASA JAWA

BAB VIII PEWAYANGAN

OLEH:

DRA. SRI SULISTIANI, M.Pd.

DRA. SUWARNI, M.Pd.

DRS. SUGENG ADIPITOYO, M.Si.

DR. SURANA, M.Hum.

KEMENTERIAN PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN

DIREKTORAT JENDERAL GURU DAN TENAGA KEPENDIDIKAN

2017

(2)

1 KISI-KISI DAN BAHAN AJAR

No. Kompeten si Utama

Standar Kompetensi Guru (SKG) Indikator Pencapaian Kompetensi

(IPK)

Materi pokok Kompetensi Inti

Guru (KI)

Kompetensi Guru Mata Pelajaran (KD)

A B C D E F

1. Profesional Menguasai materi, struktur, konsep, dan pola pikir keilmuan yang mendukung mata pelajaran yang diampu.

Memahami bahasa, sastra, dan budaya serta

implementasinya dalam pembelajaran

Mengidentifikasi tokoh

Pewayangan

2. Profesional Menguasai materi, struktur, konsep, dan pola pikir keilmuan yang mendukung mata pelajaran yang diampu.

Memahami bahasa, sastra, dan budaya serta

implementasinya dalam pembelajaran

Menunjukkan kerajaan tokoh

Pewayangan

3. Profesional Menguasai materi, struktur, konsep, dan pola pikir keilmuan yang mendukung mata pelajaran yang diampu.

Memahami bahasa, sastra, dan budaya serta

implementasinya dalam pembelajaran

Menjelaskan senjata-senjata tokoh

pewayangan

Pewayangan

4. Profesional Menguasai materi, struktur, konsep, dan pola pikir keilmuan yang mendukung mata pelajaran yang diampu.

Memahami bahasa, sastra, dan budaya serta

implementasinya dalam pembelajaran

Mengidentifi- kasi lakon dalam konteks wacana

Lakon

5. Profesional Menguasai materi, struktur, konsep, dan pola pikir keilmuan yang mendukung mata pelajaran yang diampu.

Memahami bahasa, sastra, dan budaya serta

implementasinya dalam pembelajaran

Mengidentifi=ka si lakon dalam tradhisi Jawa

Pewayangan

BAB VIII

PEWAYANGAN

(3)

2 Wayang iku pagelaran nganggo golekan (boneka) kang awujud 2 dhimensi utawa 3 dhimensi kang mujudake wewayangan utawa gegambaran utawa pangejawantahan watak lan jiwa pribadhine manungsa. Kang wujud 2 dhimensi umume digawe saka kulit (walulang) utawa saka kertas, dene kang 3 dhimensi lumrahe digawe saka kayu. Manut ing kamajuane jaman, wayang wis tinatah lan sinungging kanthi nggunakake medhia dhigital. Wayang kang tinatah lan sinungging kanthi medhia dhigital kasebat e-wayang.

Crita wayang lumrahe kapethik saka epos Mahabharata lan Ramayana kang disebut Wayang Purwa. Kejaba iku uga ana kang kajupuk saka Cerita 1001 malam saka tlatah Arab. Wayang iki diarani Wayang Menak. Wayang ora mung sumebar ing tlatah Jawa, ananging uga ing tlalah liyane ing nuswantara. Wayang purwa wis diakoni dening UNESCO tanggal 7 November2003, dadi karya kabudayan kang adiluhung lan edi peni warisane donya ing babagan crita lan tata pagelarane utawa dadi Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of Humanity.

I. NGIDHENTIFIKASI TOKOH WAYANG

Kanggo ngidhentifikasi paraga utawa tokoh wayang kaandharake lumantar lakon wayang. Tuladhane mangkene:

LAKON RAMA NITIK

Ing kedhaton Hastina, Prabu Suyudana siniwaka diadhep Patih Sengkuni, Pandhita Drona, Prabu Baladewa, Prabu Karna, lan Aswatama, nggunem bab tepis wiringe praja ketiban anjir. Prabu Duryudana mintasraya Prabu Baladewa lan Prabu Karna, diaturi nitipriksa menyang tepis wiringing praja, nganthi wadyabala Korawa.

Putrane Prabu Baladewa ratu ing Mandura lan Prabu Karna karo wadyabala Korawa ing tepis wiringing praja wuninga anjir dijaga para wanara mayuta-yuta.

Amarga sulaya ing rembug wadyabala Korawa perang lumawan para wanara.

Wadyabala Korawa ngucir ing yuda, ateges kalah.

Ing Pancawati, Prabu Rama miyos siniwaka diadhep dening Bharata, Laksmana, Satrugna, lan Dewi Sinta ngrembug bab dhaupe Bharata karo Dewi Antrakawulan. Dewi Sinta nyuwun dikancani Dewi Drupadi. Prabu Rama ngutus Anoman menyang Amarta amundhut Dewi Drupadi. Anoman digawani nawala. Ing Nagara Ngamarta, Prabu Yudhistira, Prabu Kresna, Bhima, Nakula, lan Sadewa ngrembug bab Arjuna kang ora sowan. Kasaru praptane Anoman ngaturake layang marang Prabu Yudhistira. Anoman kaparingan kendhaga krana iguhe Prabu Kresna.

Kanthi dipratelakake yen kendhaga iku isine Dewi Drupadi supaya diaturake Prabu Rama (Padmosoekotjo, 1982:51-52).

(4)

3 PRABU MATSWAPATI

Ing Nagara Wiratha, kang uga kacarita Prabu Matswapati utawa Prabu Durgandana. Tembung Matswapati tegese ratuning iwak. Wondene Durgandana tegese ngganda ala. Adhine, asma Durgandini, katelah Dewi Rara Amis. Durgandana lan Durgandini iku putrane prabu Matswapati, ratuning iwak. Ing pedhalangan, garwane Prabu Matswapati asma Dewi Rekatawati, putrane Resi Parasara, kang miyos saka Dewi Watari, putrane Prabu Rekatha, ratuning samodra. Patihe Prabu Matswapati asma Nirbita. Senapatining prang ana 3, yaiku: Rajamala, Rupakenca, lan Kencakarupa. Putrane ana 5, kabeh miyos saka Dewi Rekatawati, yaiku: (1) Seta (Sweata), (2) Utara (3) Wratsangka, (4) Satanika, (5) Dewi Utari (Padmoseokotjo, 1982: 66).

Sajrone pethikan Lakon Rama Nitik lan Prabu Matswapati kasebut tinemu paraga-paraga wayang purwa saka epos Ramayana, yaiku Bharata, Laksmana, Satrugna, lan Dewi Sinta. Ing epos Mahabharata, yaiku Prabu Suyudana utawa Duryudana, Patih Sengkuni, Pandhita Drona, Prabu Baladewa, Adipati Karna, lan Aswatama. Prabu Baladewa ngasta pusaraning praja Mandura, dene Adipati Karna jumeneng nata ing Awangga. Ing lakon Matswapati tinemu paraga Matswapati utawa Durgandana, Dewi Rara Amis, Seta, Utara, Wratsangka, Satanika, lan Dewi Utari. Paraga-paraga ing lakon wayang kulit kang katur ing subbab iki, ananging mung saperangan saka epos Ramayana lan Mahabharata.

A. Carita Ramayana

Paraga kang diandharake, yaiku Prabu Ramawidjaya, Laksmana, Bharata, lan Dewi Sinta.

(1) Prabu Ramawijaya

Prabu Rama uga kawastanan Prabu Ramawijaya, yaiku paragatama ing Ramayana. Ingkang rama asma prabu Dasarata kang jumeneng nata ing nagara Ayodya. Sang Prabu kagungan garwa 3, yaiku: Kausalya, kagungan putra Rama;

Sumitra, kagungan putra kembar, Laksmana lan Satrugna; lan Kaikayi kagungan putra Bharata. Prabu Rama jumeneng nata ana ing nagara Pancawati. Rama melu sayembarane Prabu Janaka ing Mantili. Ing sayembara kasebut Rama menang lan kasil nggarwa Dewi Sinta. Rama titisane Wisnu lan Sita titisane Dewi Laksmi.

(5)

4 Prabu Ramawijaya Prabu Ramawijaya

(2) Bharata

Bharata, putrane dewi Kaikayi. Bharata digulawenthah dening Resi Wasista.

Sawise diwasa kondur menyang kraton kadherekake Sang Resi. Prabu Dasarata lengser keprabon, Rama kadhawuhan nglengser keprabon, jumeneng nata ing Ayodya. Ananging Kaikayi nagih janji, mula Bharata kang kudu jumeneng nata. Rama, Sinta, lan Laksmana jengkar saka kedhaton, nedya menyang alas. Bharata palakrama karo Dewi Mandawi, kagungan putra 2, Taksa lan Puskala.

Raden Bharata Raden Bharata

(3) Sita/ Sinta

Sita utawa Sinta, putrane Prabu Janaka ing nagara Mantilidireja. Bareng wis diwasa, kanggo nemtokake jodhone Prabu Janaka nganakake sayembara. Rama kang bisa ngluwari sayembara kasebut. Nalika ndherek ingkang garwa menyang alas, sawise Bharata Jumeneng nata, dibradhat dening Rahwana, ratu ing Alengka. Ing nagara kasebut Sita diopeni dening Trijatha, ponakane Rahwana. Rama oleh kabar saka manuk Jatayu, yen Sita dibradhat digawa menyang Alengka.

(6)

5 Dewi Sita/ Sinta Dewi Sita/ Sinta

(4) Rahwana

Rahwana, yaiku paraga antagonis ing cerita Ramayana. Raja Alengka iku, kawentar adigang, adigu, adiguna, srakah, lan aluamah. Sanadyan wis kagungan garwa lan putra wis diwasa dheweke isih kepingin nggarwa Dewi Sinta, garwane prabu Rama. Sinta kang lagi nglana ing tengahing wana didhusta, digawa menyang Alengka. Krana tumindake kang mangkono mau mahanani perang, antarane bala raseksa lan bala satriya.

Prabu Rahwana/ Dasamuka Prabu Rahwana/ Dasamuka

(5) Laksmana

Laksmana iku putrane Prabu Dasarata patutan karo Dewi Sumitra. Putrane kembar, yaiku Laksmana lan Satrugna. Minangka kakang adhi Rama lan Laksmana sanajan seje ibu katresnane raket. Nalika Bhagawan Wismamitra njaluk bantuan marang Rama kanggo mbrastha kraman, Laksmana uga melu. Rama lan Laksmana gawe pesanggrahan, urip bebarengan wong telu. Pacobaning urip ora bisa tinulak.

Marica sawijine abdine prabu Dasamuka malih dadi kidang kencana. Sinta mothah

(7)

6 kepengin nduweni kidang kasebut. Minangka garwa, Rama kepengin nuruti kekarepane Sinta. Keslametane Sinta kapasrahake marang Laksmana.

Tumekaning bilahi, nalika kekarone mireng panjelihe Marica kanggo njebak dikira swarane Rama kang kalaran. Sinta ndhawuhi Laksmana supaya menehi pitulungan. Laksmana mlayu. Sinta ditinggal dhewe ing pasanggrahan. Sadurunge lunga Laksmana gawe garis kanggo ngreksa Dewi Sinta supaya ora ana bebaya.

Laksmana weling marang Sinta aja nganti metu saka garis Iku. Rahwana mara, memba brahmana kang njaluk sedhekah. Tanpa sujana Sinta paring sedhekah marang brahmana kasebut. Sinta disaut dening Rahwana digawa menyang kraton Ngalengka. Rama lan Laksmana nggoleki Sinta, nyuwun bantuan marang Sugriwa lan Subali ing Gunung Suwela. Nganti pungkasaning prang Laksmana tansah mbantu Rama.

Raden Laksmana Raden Laksmana

(5) Prabu Gunawan Wibisono

Gunawan Wibisono iku putra ragil Bagawan Wisrawa karo Dewi Sukesi.

Bagawan Wisrawa putrane Resi Pulastya, dene Sukesi putrane Prabu Sumali, ratune para danawa. Sanadyan putra raseksa, wujud lan solah bawane becik lan wicaksana, lan lembah manah. Wibisono seneng laku prihatin. Tansah muja semedi, manembah marang Dewa Wisnu lan Dewa Brahma. Ing pamujan Rahwana nyuwun kasekten kang bisa ngalahake para dewa, nanging Wibisono amung nyuwun muga-muga tansah bisa mlaku ing dalan kang bener lan bisa ngayahi kuwajiban njaga katentremaning bawana. Ateges Wibisono amung nyuwun kawicaksanan kanggo tansah memayu hayuning bawana.

(8)

7 Wibisono atur pamrayoga supaya Prabu Rahwana utawa Dasamuka masrahake Sinta marang Prabu Rama, nanging ora digugu. Mula banjur nggabung karo bala tentarane Rama kang tumindak bener. Wibisono dadi paraga kang nengenake bebener nganti lila ninggal kulawarga lan kadang. Bab iku beda klawan Kumbakarna. Sanadyan dheweke beda panemu lan ora sarujuk karo tumindake kadang sepuhe, tetep mbela Ngalengka tanah wutah getihe. Tekade ora mbela kadange nanging mbela nagara. Sikap mbela nagara kasebut dadi tepa tuladha kang becik. Dening KGPAA Mangkunagara IV, sikape Kumbakarna, dianggo tuladha tumrap para satriya kanthi nganggit Serat Tripama. Paraga-paraga kang dadi tepa palupi, yaiku Patih Suwanda, Kumbakarna, lan Adipati Karna.

Wibisono jumeneng nata ing kraton Ngalengka ngganteni Rahwana.

Sadurunge jumeneng nata diwejang bab Astabrata dening Rama. Astabrata iku piwulang bab tata carane dadi ratu gung binathara lan wicaksana kang asih marang para kawula lan nayaka praja.

Raden Gunawan Wibisono Raden Gunawan Wibisono

B. Carita Mahabharata

Paraga wayang purwa ing crita Mahabharata luwih akeh tinimbang crita Ramayana. Saperangan paraga kababar ing kene, yaiku: Pandhu Dewanata, Yudhistira, Bhima, Arjuna, Nakula, Sadewa, Abimanyu, Parikesit, lan Prabu Kresna.

(1) Pandhu Dewanata

Bhagawan Abiyasa kagungan putra Destarastra lan Pandu. Krana Destarastra wuta mula pusering praja kapasrahake marang Pandu, jumeneng nata ing Hastinapura. Krama karo Dewi Kunthi lan Dewi Madrim. Dewi Kunthi nglairake anak telu, Yudhistira, Bhima, lan Arjuna. Pandu mono ora kagungan putra, sebab kena sote

(9)

8 dewa Siwa. Nalika Pandhu mbebedhag ing satengahe wana manah kidang kang lagi sacumbana lan kidange mati. Kidang kasebut malihane Dewa Siwa karo Dewi Uma.

Sadurunge seda Siwa ngipat-ipati, yen Pandhu ing mbesuke uga bakal mati nalika sacumbana. Kunthi duwe aji-aji kang bisa ngaturi para dewa. Nalika durung krama ora sengaja mateg aji lan Dewa Surya kang rawuh. Kunthi nggarbini lan nglairake bayi kakung. Krana isih kenya mula dening Bethara Surya, Kunthi diprayogakake nglairake liwat kuping, banjur kawastana Karna utawa Suryatmaja. Dewa Bayu uga katuran rawuh banjur lair Bhima, lan Dewa Brama rawuh banjur lair Arjuna. Karo Dewi Madrim uga kepengin kagungan putra. Nalika ngampil aji-aji mau anggone mateg kaping loro, mula lair kembar Nakula lan Sadewa. Putra-putrane Pandu iku putrane para dewa. Sebab Pandu kena sot saka Dewa Siwa, saengga Pandu ora panjang umur. Kraton kapasrahake marang Destarastra. Nalika semana putra-putrane Pandu isih cilik-cilik lan durung pantes jumeneng nata. Putra-putrane Pandhu kang 5 kasebut kawastanan Pandhawa, kang ateges keturunane Pandhu.

Prabu Pandu Dewanata Prabu Pandu Dewanata

(1) Yudhistira/ Puntadewa

Yudhiṣṭhira, Dharmawangsa utawa Puntadewa salah sawijine paraga Pandhawa saka kulawarga Bharata, kang uga kawastanan Mahabharata. Sawijining ratu kang ngasta pusering praja Pandhawa, kang kratone ana Hastinapura. Yudhistira putra pambarep saka Pandhu lan Kunthi. Ing pewayangan kaparingan jujuluk Prabu Puntadewa, uga kawastanan Dharmawangsa sebab ingkang rama pancen Dewa Dharma. Asma Yudhistira ateges, "teguh utawa tanggon sajrone paprangan, sabar, lan jujur”. Kawastanan Puntadewa sebab atine suci, ‘agetih putih’. Puntadewa minangka paraga kang jujur sejatine ora tau kanggo nggawe cilik atine Drona nalika piyambake ngendika “Aswatama mati”. Krungu pawarta iku sakala Drona lemes

(10)

9 tanpa daya, jalaran putrane Drona asmane Aswatama. Kamangka kang mati ing paprangan iku gajah kang uga dijenengi Aswatama (Padmosoekotjo. 1982).

Puntadewa gaya Yogjakarta Puntadewa gaya Solo (Surakarta)

(3) Bima

Bima utawa Bhimasena utawa Werkodara salah sawijine tokoh protagonis ing kitab Mahabharata. Bima iku putrane Kunthi karo Dewa Bayu, kalebu paraga kang kasar, merbawani, lan rosa, nanging uga nduweni sipat utawa ati kang alus.

Tuladhane ing Lakon Dewaruci, dheweke klakon ngruwat paraga-paraga kang sukerta lan seneng tetulung. Ing Mahabharata paraga Bimae, minangka anak panggulu saka sedulur 5. Bima seda ing perang Bharatayudha ing dina kang pungkasan, kawedhar ing parwa Mahaprastanikaparwa. Bima setya marang sikap lan konsekuen, jujur, lan ora munafik. Bima kagungan anak 3, yaitu Antareja, Antasena, lan Gathutkaca. Bima uga kawastanan Werkodara (wrka-udara), “berperut serigala”, krana tadhahe akeh. Kacarita ing Kitab Wanaparwa, utawa ing lakon Pandhawa Papa, saben oleh pangan mesthi diparo. Sing separo kanggo Bima, sing separo kanggo wong 5, yaiku: Kunthi, Yudhistira, Janaka, Nakula, lan Sadewa.

Bima Bima

(11)

10 (4) Arjuna

Arjuna sajrone kulawarga Pandhawa minangka anak kang nomer telu kang kawentar paling bagus (nggantheng). Arjuna uga sinebut Janaka, Parta, lan Permadi.

Ing jagating pedhalangan Arjuna sawijining satriya kang seneng lelana, tapa brata, lan meguru utawa ngangsu kawruh. Kejaba dadi muride Drona ing padhepokan Sukalima, uga maguru marang Bhagawan Padmanaba ing patapan Untarayana.

Arjuna uga dadi brahmana kang mertapa ing Indrakila ajejuluk Bhagawan Mintaraga utawa Bhagawan Ciptaning. Tujuane kanggo mbengkas karya, merjaya Prabu Niwatakawaca ing nagara Imaimantaka ing crita Arjunawiwaha. Garwane akeh, mbok menawa iku mung sanepa saka anggone seneng golek ngelmu neng padhepokan.

Kacarita ing kono nggarwa putrane Sang Resi. Putra mau minangka ngelmu kang cinecep. Arjuna uga tansah cerak karo Kresna. Miturut goteke kandha, padha-padha titisan Wisnu, minangka conto ing lakon Rama Nitik lan Rama Nitis. Rama lan Laksmana nitis marang Kresna lan Arjuna. Mula ing lakon Kresna Gugah, ing perang Bharatayuda Arjuna nyuwun palilah supaya kersa dadi kusire. Sadurunge perang kawiwitan Kresna maringi wejangan marang Arjuna. Wejangan mau awujud piwulang Bhagawatgitta kang isine wejangan suci. Krana wektu iku Arjuna nglokro, lan tidha- tidha tanpa daya. Ora amarga wedi perang, nanging ora tega memungsuhan karo pepundhene kang kudune diajeni. Nanging minangka jejering satriya tama ora kena nglokro, sebab dharmaning satriyatama kudu tetep mbela kang bener. Kang diserang dudu priyantune nanging kamurkane kanggo nuntut hak, sebab Ngastina pancen hake para Pandawa. Ing perang Bharatayuda, Arjuna mungsuh Adipati Karna. Kadang sepuh saka pihak ibu. Arjuna menang lan Karna kasil katigas janggane nganggo panah Rudra.

Arjuna gaya Yogja Janaka gaya Solo

(12)

11 (5) Nakula lan Sadewa

Nakula lan Sadewaiku paragatama Pandhawa putrane Dewi Madrim, garwa ampile Pandu. Dheweke lair kembar, kekarone putrane Dewa Aswin. Ing kitab Mahabharata Nakula (Sakula) kawentar bagus. Miturut wong India, Drupadi mastani yen Nakula iku garwa kang paling nggantheng. Dheweke asring pamer lan rumangsa nggantheng. Nakula lan Sadewa ora pati kawentar. Apa maneh ing lakon. Kang paling onjo, dheweke pinter lan prigel bab olah gegaman.

Nakula Nakula gaya Yogja

Sadewa Sadewa gaya Yogja

(7) Abimanyu

Abimanyu iku putrane Arjuna karo Dewi Wara Sembadra. Salah sijine paragatama ing wiracarita Mahabharata kang digadhang bisa sumilih ratu ing nagara Ngastina. Emane ora panjang umur, Abimanyu seda ing palagan ing perang Bharatayudha. Perang lawan Bhisma. Ing palagan iku sedane nrenyuhake, minangka pahlawan paling mudha kang seda ing palagan Kurusetra. Abimanyu palakrama karo Dewi Utari, putrine Raja Wirata. Patutan putra siji, yaiku Parikesit kang jumeneng nata ing nagara Ngastina.

(13)

12

Abimanyu Abimanyu

8) Destarastra

Drestarastra ing wiracarita Mahabharata kawentar krana jumeneng nata ing Ngastina. Drestarastra iku putrane Wicitrawirya, yaitu Ambika. Wiwit lair wis wuta, sebab melu ritual putropadana kang diadani dening Resi. Resi Byasa kepingin kagungan putra lan Dewi Ambika merem. Destarastra sedulur seje biyung karo Pandu. Drestarastra kudune duwe wewenang jumeneng nata ing Hastinapura, minangka trah Wicitrawirya kang paling sepuh. Krana piyambake wuta pusering praja dipasrahake marang Pandu, rayine. Sawise Pandhu seda, dhampar kapasrahake marang dheweke. Dhetarastra nikah karo Gandari putri kerajaan Gandhara.

Kaparingan putra 100 kang kawastanan Sata Korawa. Kejaba iku dheweke uga momong Dursala dan Yuyutsu.

Destrarastra gaya Surakarta Destrarastra

Saliyane paraga kang wis kasebutake, ing lakon Mahabharata isih akeh paraga liyane, kaya ta:

(14)

13

Bagawan Abiyasa Bagawan Abiyasa

Prabu Kresna Prabu Kresna

Prabu Duryudana Prabu Duryudana

Dewi Kunthi Dewi Kunthi

(15)

14

Dewi Gendari Dewi Gendari

Baladewa Baladewa

Dursasana Dursasana

Dewi Wara Sumbadra Dewi Wara Sumbadra

(16)

15 Dewi Wara Srikandhi Dewi Wara Srikandhi

C. Kraton lan Padhepokane Paraga Wayang

Arane kraton lan padhepokan ing pewayangan, kapethik saka Silsilah Purwa Mawa Carita (Padmosoekotjo, 1982) lan Pepak Basa Jawa (Sri Hartatik, tt). Kababar ing tabel iki:

No Kraton Asmane ratu

1 Kraton Hastina (1) Prabu Santanu, (2) Prabu Abiyasa (3) Prabu Pandhu Dewanata, (4) Prabu Suyudana, (5) Prabu Parikesit.

2 Kraton Mandura (1) Prabu Basudewa, (2) Prabu Baladewa

3 Kraton Dwarawati Prabu Kresna

4 Kraton Wiratha Prabu Matswapati

5 Kraton Cempala Prabu Drupada

6 Kraton Ngamarta/ Indraprasta Prabu Puntadewa 7 Kraton Mandaraka Prabu Salya

8 Kraton Mantili Prabu Janaka

9 Kraton Ayodya Prabu Dasarata

10 Kraton Maespati Prabu Arjunasasra

11 Kraton Awangga Prabu Basukarna utawa Adipati Karna

12 Kraton Trajutrisna (1) Prabu Bomanarakasura, (2) Prabu Suteja

13 Kraton Alengka Prabu Dasamuka utawa Rahwana 14 Kraton Pancawati Prabu Ramawijaya

15 Kraton Guwakiskendha Prabu Sugriwa 16 Kraton Parang Gelung Prabu Palgunadi

(17)

16 17 Kraton Ima Imantaka Prabu Niwatakawaca,

19 Kraton Lokapala Prabu Danaraja 20 Kraton Pancalaradya Prabu Drupada 21 Kraton Rancang Kencana Prabu Dewa Srani

22 Kraton Paranggubarja Prabu Jungkung Mardiya 23 Kraton Palebur Gangsa Prabu Somali

24 Kraton Pancala Prabu Drupada

Arane kraton ing dhuwur iku mung saperangan. Kejaba iku, ana uga arane panggonan kang lumrah sinebut ing lakon wayang, kaya ta:

(1) Gandara : Panggonane Dewi Hanggadari utawa Dewi Gendari, Ibune para Kurawa.

(2) Kandawa: Alas sing dumunung ing sabrange kali Yamuna. Alas pawehan kanggo Pandawa sing bakal didadekake negara sing subur lan makmur, yaiku Hastina Pura.

(3) Mandura : Negara asale Dewi Kunthi (Ibune Yudistira, Bima dan Arjuna).

(4) Mandaraka : Negara asale Dewi Madrim (Ibune Nakula dan Sadewa).

(5) Pancala: Negara panggonane Prabu Drupada kanca sepegurone Pandhita Drona (Guru Para Pandhawa Lima lan Kurawa).

(6) Kasi:Negara kang subur lan makmur, asale Dewi Ambika lan Dewi Ambahini (simbahe para Pendawa lan para Kurawa).

(7) Margasunya: Alas panggonane Narasoma putrane Raja Mandaraka kang gagah prakosa. Papan iki kanggo pandhelikane amarga dipeksa arep dikawinake.

(8) Gunung Hargabelah: Panggonan asale Resi Bagaspati (Resi kang awujud Raseksa) maratuwane Narasoma.

(9) Padhepokan Talkandha: Panggonan patapane Bisma.

(10) Palagan Kuru Setra: panggonan utawa leladan perang Bharatayuda.

(11) Saptarengga: Panggonan patapane Begawan Palasara lan Abiyasa (simbahe para Pandhawa lan Kurawa) kang dumunung ing sikile Gunung Mahameru.

(12) Waranawata: Panggonan pesta andrawina paekane Prabu Sangkuni kanggo ngobong para Pendawa lan Dewi Kunthi .

(13) Ekacakra: Kalebu tlatah Pancala panggonane para Pandhawa maguru marang Pandhita Ijraba kang apik bebudene.

(18)

17 II. NGIDHENTIFIKASI SANJATA UTAWA GEGAMANE TOKOH PEWAYANGAN

Ing donyane pewayangan, kasekten kang ngedab-edabi para ratu lan satriya mau jalaran saka gentur tapane nggennya ngupadi kasekten iku mau. Sawatara pancen ana kang saka lorotan utawa warisan saka bapa utawa eyange, ana maneh kang pancen saka ngapusi kayata Dasamuka kang apuskrama marang Resi Subali.

Nanging akeh-akehe saka asihing dewa jalaran gedhe lelabuhane marang dewa utawa sasama. Tokoh wayang lan sanjatane tuladhane kaya ing ngisor iki:

(1) Anoman: kuku pancanaka, aji-aji pancasona, bayu bajra, bayu ronta, sima bobot.

(2) Antareja: upas anta ambles bumi, sadilatan bakal gosong (saka eyange Anantaboga).

(3) Arjuna: panah pasopati, sarotama, ardhadhedhali, ardhasengkali, keris pulanggeni, kalanadhah, aji-aji sepiangin, malayabumi, brahmasirah (ndadekake donya padhang), parjanya astra (metengake donya), agni sastra (panah geni).

(4) Aswatama: senjata cundhamanik.

(5) Baladewa: gada nanggala lan alugara.

(6) Batara Kala: keris kalanadhah, keris kaladheteh.

(7) Batara Kamajaya: kemayan cakrakembang.

(8) Batara Surya: kreta Jatisurya.

(9) Bhisma: tameng wesi.

(10) Dasamuka: senjata candrasa, pedhang sokayana, aji-aji pancasona, rawarontek, gunturgeni.

(11) Destarata: aji kumbalageni.

(12) Durna: cundhamanik.

(13) Gathutkaca: caping basunandha, kotang antakusuma. aji-aji brajamusti, panca bajra, krincing wesi, bajingiring, garuda ngapak, narantaka (saka Gandamana), trumpah madukacermo.

(14) Indrajit: senjata nagapasa lan wimohanastra, aji sirep Megananda.

(15) Jayadrata: gada rujakbeling.

(16) Karna: keris kaladite, panah kunta wijayandanu, aji-aji kalalupa, balasrewu.

(17) Kresna: senjata cakrabaswara, kembang wijayakusuma, cangkok wijayamulya.

(18) Kumbakarna: aji-aji gedhongmenga, pelakgelak sakethi.

(19)

18 (19) Puntadewa: jamus kalimasada, songsong tunggulnaga jenenge tombak

korowelang.

(20) Ramawijaya: panah gunawijaya.

(21) Rama Bergawa: kapak duwung.

(22) Salya: aji-aji candhabirawa.

(23) Setyaki/ Sencaki = gada wesi kuning.

(24) Sosrowindu = kemlandhingan putih.

(25) Subali: aji-aji pancasona, rawarontek.

(26) Werkudara: gada rujakpolo, lukitasari, kuku pancanaka, bandung bandawasa, gada lambitamuka, ungkal bener, blabag pengantol-antol, bayu braja, jalasengara, cincin manikam druindra, banyu suci tirta parwita.

Kejaba sanjata utawa gegaman, tokoh wayang mau nduweni aji-aji. Aji-aji mau kaya ta:

(1) Aji halimunan, yaiku ajian kang ndadekake sing nduweni dadi kasat mata (ora bisa dideleng/ disawang).

(2) Aji sirep, yaiku ajian kang ndadekake wong kang ketaman turu kepati.

(3) Pusaka Wijayakusumah, yen diusapake marang wong mati, bakal urip maneh.

(4) Aji Kilat Thatit, kang nduweni bakal gesit kaya thatit, cepet banget.

(5) Aji Kemayan, ajian andelane bethara Guru, sing ketaman bakal ilang otot bebayune utawa lemes.

(6) Aji Danuweda, ajian panahe Resi Drona kang diturunake marang Arjuna, Karna, lan Bambang Ekalaya.

(7) Aji Candhabirawa, bisa owah dadi maewu-ewu raseksa.

(8) Cincin Ampal, cincin pusakane Bambang Ekalaya, yen ditamakake marang musuh bakal mati/ pralaya.

Wujude saperangan sanjata utawa gegaman mau, yaiku:

Panah Agnisasra Gada Alugara Panah Ardhadhedhali

(20)

19 Kreta Amarajaya

kagungane Prabu Basupati

Panah Cakra Panah

Kuntawijayadanu

Keris TriPulanggeni Panah Pasopati Gada Rujakpolo

Kereta Jaladara Panah Trisula

III. NGIDHENTIFIKASI WACANA LAKON WAYANG Gatekna wacana iki!

SUMANTRI NGENGER

Ing pertapan Jatisrana, ana pandhita aran Begawan Suwandhagni. Sang Begawan nduwe anak loro lanang kabeh aran Bambang Sumantri lan Raden Sukasrana. Bambang Sumantri wujude satriya bagus, dene Raden Sukasrana wujude buta bajang utawa buta cebol sing nggilani. Sanajan rupane nggilani nanging Bambang Sumantri tresna banget marang adhine. Samono uga Raden Sukasrana.

Bareng wis diwasa Sumantri dening ingkang rama kadhawuhan ngenger utawa suwita ing nagara Maespati. Sumantri sendika dhawuh. Lakune didherekake punakawan papat Semar, Gareng, Petruk, lan Bagong. Begawan Suwandhagni nitipake sanjata Cakra darbeke Prabu Harjuna Sasrabahu supaya dibalekake.

Lakune Bambang Sumantri kandheg amarga Raden Sukasrana kepengin melu.

Bambang Sumantri banjur ngarih-arih adhine nganti turu. Sawise adhine turu, Bambang Sumantri budhal nilapake adhine menyang Negara Maespati.

(21)

20 Ing Negara Maespati Sang Prabu Harjuna Sasrabahu lagi ngrembug bab arepe mupu sayembarane Dewi Citrawati ing Negara Magada. Dewi Citrawati nganakake sayembara, sapa sing bisa menehi srah-srahan putri dhomas cacah wolungatus bakal dadi bojone. Nalika lagi padha rembugan katungka sowane Bambang Sumantri.

Bambang Sumantri matur arep suwita marang Prabu Harjuna Sasrabahu. Prabu Harjuna Sasrabahu gelem nampa suwitane Sumantri lamun dheweke bisa mupu sayembarane Dewi Citrawati. Sumantri nyaguhi banjur budhal menyang Negara Magada.

Ing Negara Magada, wis akeh raja lan satriya sing ngleboni sayembara. Padha- padha gedhe kekarepane, padha-padha ora gelem ngalahe wasana dadi perang rame.

Pungkasane para raja lan satriya kalah karo Sumantri jalaran dheweke migunakake sanjata Cakra. Para raja telukan padha pasrah putri boyongan nganti cacah wolungatus. Sumantri klakon mboyong Dewi Citrawati kanthi srah-srahan putri dhomas cacah wolungatus.

Rumangsa bisa ngalahake ratu sewu negara, Sumantri dadi gumedhe, umuk, kemaki. Ing batin dheweke rumangsa menangan mula banjur thukul niyate arep nelukake Prabu Harjuna Sasrabahu. “Ratu sewu negara bae padha keyok kabeh karo aku, genea aku ndadak suwita marang Prabu Harjuna Sasrabahu? Kena ngapa ora taktelukake pisan dadi andhahanku?” ngono batine Sumantri kandha. Sumantri banjur nulis surat panantang marang Prabu Harjuna Sasrabahu lan dipasrahake marang patihe Prabu Harjuna Sasrabahu sing ndherekake lakune saka praja Maespati.

Prabu Harjuna Sasrabahu mung mesem nampa panantang saka Sumantri.

Dheweke enggal methukake lakune Sumantri. Sumantri lan Prabu Harjuna Sasrabahu perang rame. Padha sektine, padha trengginase. Perange nganti pirang-pirang dina.

Sumantri kekeselen banjur kepengin ngrampungi perange karo Prabu Harjuna Sasrabahu. Dheweke enggal ngetokake sanjata Cakra arep ditamakake marang Prabu Harjuna Sasrabahu. Sanjata Cakra kuwi sejatine duweke Prabu Harjuna Sasrabahu.

Nalika lair Prabu Harjuna Sasrabahu wis nggawa sanjata Cakra, amarga dheweke sejatine titisane Bathara Wisnu. Sanjata Cakra disilih pamane, yaiku Begawan Suwandhagni.

(22)

21 Weruh sanjata Cakra ing tangane Sumantri, sakala Prabu Harjuna Sasrabahu nesu. Sang Prabu triwikrama utawa malih dadi buta gedhene sagunung. Sanjata Cakra disaut banjur diuntal. Buta ngamuk gereng-gereng arep ngremuk Sumantri sing kemaki. “Sumantri, kowe satriya picek, watekmu ala, melik barange liyan. Satriya wingi sore kemaki wani nantang Ratu Gustine. Takremet pisan remuk kowe Sumantri!” Weruh Bathara Wisnu nesu, Sumantri ndheprok, lemes ora duwe daya.

Nalika Sumantri disaut Brahala, Bathara Narada tumurun ngarcapada nyapih satriya loro. Buta lilih badhar dadi Prabu Harjuna Sasrabahu.

Sumantri banjur ditundhung lunga. Pasuwitane bisa ditampa maneh menawa dheweke bisa muter utawa mindhah Taman Sriwedari menyang Negara Maespati.

Taman Sriwedari kuwi taman ing kahyangan Nguntara Segara, kahyangane Bathara Wisnu. Sumantri sing wis ilang kasektene amarga koncatan sanjata Cakra banjur klunuh-klunuh lunga saparan-paran, karepe arep wadul bapake, Begawan Suwandhagni.

Lakune Sumantri kepethuk Raden Sukasrana sing nyusul lungane. Sumantri nyritakake kabeh lelakone. Sukasrana mesem krungu critane Sumantri.

“Nek mung utel aman we, ampang akang,” kandhane Sukasrana karo ngguyu ngakak.

“Tenan, Yayi? Kowe bisa muter Taman Sriwedari?” kandhane Sumantri.

“Isoh ae, Akang. Uwi ampang!”

“Adhiku, Dhi Sukasrana. Tulungana aku ya, Dhi!” kandhane Sumantri memelas.

“Aku isoh utel aman Iwedali ning ana alate, Akang.”

“Apa syarate, Dhi?”

“Aku engin elu owe, Akang. Aku elu uwita Abu Aluna Asa.”

“Kowe kepengin melu aku suwita Prabu Harjunasasra?”

“Iya, Akang.”

“Iya, Dhi. Angger si Adhi bisa muter Taman Sriwedari mesthi takajak suwita menyang Maespati.”

“Enan, Kang? Owe anji Kang? Owe ola apusi?”

“Iya Dhi, pun kakang janji ora bakal ngapusi!”

“Yoh, Akang. Entenana edhela ya?”

Sukasrana banjur muja semedi. Sanajan rupane ala nanging gedhe prihatine.

Sedhela wae taman Sriwedari wis pindhah menyang alun-alun keraton Maespati, gawe gegere wong sanagara. Sawise klakon muter Taman Sriwedari, Sumantri ditampa suwita ing Negara Maespati dadi patih, aran Patih Suwanda. Sukasrana diajak Sumantri menyang Negara Maespati nanging dipenging ngetok, amarga Sumantri isin duwe adhi wujud buta cebol sing rupane nggilani. Sukasrana dikongkon manggon lan ndhelik ing sajroning taman.

Nalika Dewi Citrawati ninjo kahanane lan kaendahane Taman Sriwedari, dheweke njerit-jerit kamigilan weruh ana buta bajang ing jero taman. Dewi Citrawati banjur lapuran marang Prabu Harjuna Sasrabahu. Sang Prabu dhawuh marang

(23)

22 Sumantri supaya nyingkirake buta bajang. Sumantri sing wis nggraita menawa buta sing dikarepake kuwi adhine, Sukasrana, banjur budhal mlebu taman.

Tekan ing jero taman, Sumantri nesu-nesu ngunek-ngunekake adhine sing medeni Dewi Citrawati. Sukasrana dikongkon bali menyang pertapan. Sukasrana ora gelem amarga wis dijanjeni dening Sumantri arep diajak suwita ing Negara Maespati.

Sumantri gregeten. Sukasrana diagar-agari panah dikongkon bali. Sukasrana tetep ora gelem bali malah nyedhak nagih janjine Sumantri. Nganti suwe anggone eyel-eyelan, pungkasane panah mrucut saka tangane Sumantri lan nancep ing dhadhane Sukasrana. Sukasrana mati. Kuwandane ilang musna, ninggal sepata.

“Kakang Sumantri! Tega temen kowe karo aku, Kakang. Kowe mblenjani janji, Kakang. Aku ora trima. Utang pati nyaur pati. Eling-elingen mbesuk yen kowe perang tandhing karo ratu buta saka Ngalengka, ing kono tumekane piwalesku, Kakang. Wis kakang, takenteni ing lawange swarga.

Sumantri gela, Sumantri sedhih. Nanging kabeh mau wis kebacut. Katresnane marang adhine ilang amarga saka drajat lan pangkat. Wateke ala seneng nyidrani janji. Janji bekti marang ratu Gustine, diblenjani. Janji nresnani adhine, diblenjani.

Janji ngajak adhine, diblenjani. Kabeh mau mung amarga melik drajat pangkat lan kamukten. Besuk patine Sumantri dikemah-kemah Prabu Rahwana ratu buta saka Ngalengkadiraja.

(http://ptkguru.com/?darmajaya=index&daryono=base&action=listmenu&skins=1&id=297&t kt=2, diakses tanggal 8 Juli 2016).

Pamawas isine crita:

Crita iki ora mung awujud tontonan nanging ugi ngandhut tuntunan lan tatanan. Tuntunan kasebut katon ana ing amanate. Miturut KGPAA Mangkunagara IV, paraga Patih Suwanda, ora liya Raden Sumantri, kapethik kanggo tuladha tumindak kang utama, kanggo ngrakit SeratTripama. Lelabuhane sang patih marang ratu gustine, kawedhar ing pupuh Dhandhanggula pada 1, gatra 8-10, kang ginêlung tri prakara, guna kaya purun ingkang dèn antêpi, nuhoni trah utama.Kanthi sipat guna kaya lan purun, watak lan sipat kasebut mahanani moncer asmane ing jagating pewayangan. Werdine kang ginelung triprakara: guna, kaya lan purun. Werdine guna, ing bab kasebut wis tita yen dheweke ngugemi trah satriya kang bisa ngadhepi bebaya lan unggul ing samubarang prakara. Kaya, ing paprangan kasebut kasil mboyong putri Dhomas 800. Dene purun, awujud sipat kang satriya ngadhepi mungsuh nganti seda ing palagan mbelani ratu Gustine.

Ing pungkasaning crita diandharake menawa Sumantri ora bisa mbirat kanepsone. Krana wis dadi patih, dheweke lali purwa duksina. Lali marang lelabuhan

(24)

23 lan janjine marang adhine, Sukrasana. Tega marang patine adhine. Getun tiba mburi.

Dheweke getun merjaya adhine kang diagar-agari panah, lan mrucut saka gendhewa, kena ing dhadhane Sukrasana. Krana drajat lan pangkat tega karo patine kadang taruna. Barang wis kebacut, ora bakal bisa dibaleni maneh. Mula sadurunge tumindak prayogane dipenggalih amrih ora getun.

IV. NGIDHENTIFIKASI LAKON WAYANG SAJRONE TRADHISI JAWA

Ing alam bebrayan Jawa, wayang purwa, utawa wayang kulit ora mung kanggo hiburan nanging uga kanggo acara ing tradhisi Jawa. Tradhisi sing ana gayutane karo pentas wayang, yaiku ruwatan, nadar lan merti desa. Ing Jawa Timur tradhisi merti desa, kawastanan bersih desa, ruwat desa, nyadran, petik laut lan sedhekah bumi.

Bab iku gumantung masyarakat kang nindakake. Petik laut, katindakake ing masyarakat pesisir kang wargane dadi nelayan utawa juru misaya mina. Dene bersih desa, ruwat desa, nyadran utawa sedhekah bumi kang nindakake masyarakat petani.

Akeh tradhisi kang isih medhar crita wayang. Lakon kang kagelarake, kaya ta: Dewi Sri, Sri Sadana, Bharatayuda, Wahyu Makutharama, Wahyu Purbasejati, Wahyu Gada Inten, lan sapanunggalane.

Ing tlatah Jawa Timur, sedhekah bumi, katindakake kanthi maneka warna adicara. Upamane ing Tulungagung ana tradhisi mantu kucing. Ing Kedhiri tradhisi siraman utawa jamasan pusaka lan mantenan tebu. Ing Mojokerta tradhisi banthengan, ing Banyuwangi ana tradhisi kebo-keboan. Ing Desa Kepetingan Buduran Sidoarja lan ing Tanjunganom Nganjuk ana tradhisi nyadran, Ing Tuban ana Sedhekah Bumi Ing Sendang Maibit. Tradhisi kasebut dadi rutinitas utawa acara tahunan kanggo ngurmati sing mbaureksa lan cikal-bakal dumadine desa kasebut lan nyuwun pangayoman marang Gusti kang Maha Agung lumantar tradhisi.

Tradhisi kang gegayutan karo wayang yaiku sedhekah bumi utawa merti desa, lan ruwatan. Ing tradhisi merti desa biasane njupuk lakon-lakon anyar lan lakon carangan, kang gegayutan karo pembangunan. Upamane Semar Mbangun Kahyangan, dene ing tradhisi ruwatan ana lakon kang mligi kanggo ruwatan, yaiku Murwakala kanggo ngruwat wong sukerta. Kanggo tolak balak supaya kalis ing sambekala, ora dadi mangsane Bethara Kala. Kejaba tolak balak, merti desa uga minangka tasyakuran, lan panyuwunan.

(25)

24 DAFTAR PUSTAKA

Padmosoekotjo. 1979. Silsilah Purwa Mawa Carita. Jld. I. Surabaya. CV Citra Jawa.

Padmosoekotjo. 1982. Silsilah Purwa Mawa Carita. Jld. III. Surabaya. CV Citra Jawa.

Pringgadigda, Suwarna. 1998. Gita Wicara Jawi. Yogyakarta. Penerbit Kanisus.

Sastro Utomo, Sutrisno. 2005. Upacara Daur Hidup Adat Jawa. Semarang. Effhar &

dahara Prize.

Soemodidjojo,R. 1993 Kitab Primbon Betaljemur Adammakna, Yogyakarta, Penerbit, Soemodidjojo Mahadewa.

Suwarni, 2008. ”Naskah Dewi Sri Sadana, kajian sosiokultual” Tesis. Pasca Sarjana Unesa.

Sumber Internet:

(1) (simplicityarea.blogspot.com/2010/12/upacara-ruwatan.htm, diakses tgl 20 Juli 2016 )

(2) (https://www.google.com/search?q=RUWATAN&sa=X&biw=1366&bih=657&t bm=isch&tbo=u&sour, diakses tgl 10 Juli 2016)

(3) https://www.google.co.id/search?q=gambar+wayang+gatotkaca&sa=X&biw=

diakses tgl.15 Juli 2015)

(4) https://wayang.wordpress.com/2010/07/20/pandawa-2-bima-werkudara- bimasena-bratasena-abilawa/ tgl.15 Juli 2015)

(5) https://tanahmemerah.wordpress.com/lawak/bahasa-indonesia/tokoh- tokoh-pewayangan-ramayana/.... tgl.15 Juli 2015)

(6) http://ceritawayangbahasajawa.blogspot.com/2015/08/cerita-wayang- mahabarata-bahasa-jawa.html tgl.15 Juli 2015)

(26)

25

Referensi

Dokumen terkait

Nilai RR menunjukkan bahwa pasien dengan skor MEOWS tinggi mempunyai kemungkinan lebih tinggi 3,34 kali lebih besar untuk dirawat di ICU dibandingkan dengan skor MEOWS

Mesin disel kecepatan tinggi modern beroperasi pada daur yang merupakan kombinasi dari kedua metoda diatas, dan disebut juga daur dwi- pembakaran ( dual-combustion); satu bagian

Seperti halnya majazi dalam bab kata dan makna (ilmu logika), makna yang terkandung dalam majas metafora adalah suatu peletakan kedua dari makna asalnya,

 “Suatu pemahaman atau gagasan tentang perpolisian yang memposisikan polisi, sebagai producer-fasilitator, dan masyarakat, sebagai co- producer -aktor, di dalam suatu relasi

Kebanyakan pasien anak-anak yang memiliki efusi parapneumonik memberikan respon yang baik dengan pemberian terapi antibiotic sehingga tidak memerlukan

Budaya Betawi adalah wujud dari objektivasi yang telah dibentuk oleh intelektual dan elite, baik tradisional maupun modern, sehingga hari ini menjadi sebuah institusi

Berdasarkan hasil pengujian dan penelitian yang dilakukan pada hypobaric storage yang digunakan sebagai alat penyimpanan cabai rawit maka dapat disimpulkan bahwa hypobaric

memberikan nilai-nilai pendidikan dan karakter selalu menjadi sorotan dalam dunia pendidikan. Bahkan, orangtua menganggap guru, bukan saja mampu mengajarkan semua mata