• Tidak ada hasil yang ditemukan

SERAT WEWULANG. Pupuh I dhandhanggula

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2021

Membagikan "SERAT WEWULANG. Pupuh I dhandhanggula"

Copied!
12
0
0

Teks penuh

(1)

SERAT WEWULANG

Pupuh I dhandhanggula

1. // [1] Wontên pasal mangke kang winarni / caritane sujalma utama / kang wus akèh luwangane / mêmulang anak putu / dèn anggèa kang wuri-wuri / padha sira rungokna / ing pitutur ingsun / lêlèjême wong sujana / lan wong wirya wiwitan lara prihatin / amatèkakên raga //

2. // Raganira dèn sumêdya êning / êningêna lan nalaring kathah / dadi wong jêmbar budine / budi digdayèng tuhu / tuhu têrus lan islam batin / laire dhasar tapa / batine aputus / tan keguh dening bêbeka / iya iku têpane wong padha mukti / angati-ati tapa //

3. // Tapa tapi tap-tapaning ati / atènira tan kêna ing lombang / malar têkaa sêdyane / ingkang sinêdyèng kayun / rahayune sajêge u[2]rip / manggiha suka wirya / wiryaning tumuwuh / mundhak kawuwus sujana / sujanane angluwihana sêsami / sêsamaning manungsa // 4. // Iya iku kang manut sayêkti /sayêktine anut suka wirya / saking

lara prihatine / karane wêkasingsun / anak putu kang wuri-wuri / padha sira laria / lampah kang pinunjul / punjul sêsama ing jalma / malah mandar oleha sapangat nabi / wali mukmin sadaya //

5. // Sadinane sira aja lali / limputêna mring nêpsu kang ala / lêlimpenên sakarêpe / karêping nêpsu iku / anusupi panggawe bêcik / rêricikaning basa / binubrah binuwur / karane sira yitnaa / yèn wus yitna tan ana ala lan bêcik / pintanên ing wardaya //

6. // Yèn wus bisa minta ala bêcik / pan kalêbu rêrêsiking [3] janma / kataman tuman têmêne / nêlat kang sampun luhur / kaluhuran kang sampun êning / angêningakên nala / nala mrih sumunu / kang sumunu wus gumawang / lan kawang-wang kèh ing janma ala bêcik / katitik kang tênaga //@

(2)

7. // Tênagane kang dipuntitèni / wus kapusthi èsthining wardaya / katara dèning solahe / solah muna lan laku / wus kacêtha osiking ati / atènira wus pana / paham ing pangrungu / wruh saosiking buwana / bapa iku sawabe wong brangtèng Widhi / widigdèng ing ngawirya //

8. // Prabawane wong wani prihatin / yèn wus mukti nyawabi sadaya / mring sanak wong sakadange / nadyan liyane rawuh / amuwuhi dahulat prapti / tur ta mundhak suwara/ kaprawiranipun / sugih rowang sugih [4] donya / beda lawan wong nora gêlêm prihatin / barang sinêdya tuna //

9. // Nanging ana ujaringsun kaki / mring kang maca tuwin kang miyarsa / gêdhe cilik tuwa anom / tan kêna sira guru / sok sapaa dadi priyayi / anut sikuning janma / gandar solahipun / sarta takdiring Hyang Suksma / yèn wong iku takdire dadi wong tani / pan balubut kewala //

10. // Nadyan bagus sagandare singgih / yèn pasthene pêpancène bangsat / pasthi kumêsat ujare / ujar nêka alungguh / anglungguhi ujar priyayi / amrih aja katara / polahe kang mawut / sawênèh ingkang sujanma / gandar ala dêgsura atine gingsir / gingsiring barang karya //

11. // Kang satêngah sujanma puniki / gandar ala nylêkuthis semunya / [5] sarta dhêndhêng cêlukane / sinêmon datan wêruh / dipun sarah datan udani / kinêras datan êsak / ginêbug malupuh / sawênèh ingkang sujanma / api kêras nyêngangas ungas yèn angling / nyaliwing ing wardaya //

12. // Kang sawênèh sujanma puniki / bêg sujana pangucap miyarsa / lèjême wali dèn amè / Jawa Arab wus putus / ing sarengat tarekat kaki / makripat kang cinêtha / ing kandhêg pamuwus / kayêktène nora nana / ambag lomba sêmbrana tan bêtah ngêlih / trocoh rusaking bala //

13. // Basanira ambêg kumaluwih / saru lamun nênggih amicara / manggung agrayuk basane / baya manut ing siku / pasêmone

(3)

angulêr sêrit / dene bataling drajad / wit pangucap rusuh / amimi wus sabên dina / nalarira arupè[6]k sêsêg kacêpit / kajêlit dèn tingala //

14. // Satêngahe malih kang sujanmi / pan ambulus malih ambêkira / alus ngaluwus semune / solahe nyanyak-nyunyuk / kadi munyuk tan wruh ing krami / krama kinarya entra / jatine lir badhut / balubut kataning basa / kang mangkono angèl dadia priyayi / pasthi dadi urakan //

15. // Aja dumèh yèn ala puniki /gandarira yèn dhasar pasaja / sarta kathah kawignyane / lan wênês sêmonipun / kathah ingkang dadi priyayi / dene ugêring janma / ing tindak lan tanduk / lan têtêp mantêp ing basa / sabobote ana kamuktène ugi / tinimbang lan wong ala //

16. // Kang satêngah sujanma puniki / gandar alus solahe prasaja / lèjêm priyayi dènangge / ing solah bawanipun / [7] pan rineka-reka priyayi / nanging tan bêtah tapa / sarta untungipun / arang kang dadi dangdanan / ewuh têmên pratingkahe wong aurip / riptanên ing wardaya //

17. // Nanging ana masalahe malih / yèn wong iku anggêgulang tapa / yêkti ana pamalêse / mungguh ing Hyang puniku / nora samar solahing dasih / saosiking wardaya / Hyang Suksma wus mêngku / Pangeran asipat rahman / luwih murah ya rabil kang luwih asih / asih mring wong nastapa //

18. // Nadyan silih saliring kumêlip / kabèh iku ya sinungan murah / sapancène dhewe-dhewe / nadyan mancia iku / ora kaya wong mangun tèki / kinacèk ing sêsama / ing daulatipun / iya ta lawan kangelan / [8] kangèlane pan wus lina kang kariyin / anyêgah pangan nèndra //

19. // Karantêne dènaemut sami / kang wong anom anganam-anama / sakèhe kawigyan kabèh / kabèh ungsêdên iku / kaprawiran lair lan batin / batinira dèn tata / tap tap-tapaning têmbung /

(4)

têmbung-têmbunge ing basa / basaning wong wangwangên dipun kalingling / dêlingêna ing nala //

20. // Nalarira dèn sumêdya rampid / rampidana lan udanagara / iku kang dadi ugêre / ugêrirêng tumuwuh / aja lali tata lan titi / dêduga lan prayoga / poma aywa limput / ringringa lawan wetara / angsal sira lalia kang nêm prakawis / tan wande manggih cèla //

21. // Upamane rêraga puniki / yèn praua kang aran prayoga / [9] iku minangka dhayunge / wêtara satangipun / kang dêduga iku kêmudhi / reringa iku layar / poma dika etung / pradadaning ing sarira / kabèh iku lamun ora dèn kawruhi / mangsa sira arjaa // 22. // Nadyan ikêt bêbêd lawan kêris / lamun ora bênêr panganggonya

/ dadya cêlaning awake / karane ing tumuwuh / ewuh têmên angangkah budi / nganggea sawêtara / poma wêkasingsun / sabarang ingkang prakara / aja lali wiwiting ala lan bêcik / rêrêsikên wardaya //

23. // Nadyan ngucap sakêcap puniki / nadyan laku wong iku satindak / yèn ora bênêr patrape / nadyan silih dêdulu / yèn tan bênêr agawe wèsthi / karane ing a[10]gêsang / sangkanana ayu / amrih rahayuning bala / witing ayu andhap asor aja lali / iku patrap pusaka //

24. // Lawanana kang pusaka malih / pusakane ing ngèlmu punika / angkat-angkatên karepe / dadya ngajia ngèlmu / yèn tan bisa kalimah kalih / ujare wong ulama / têksir ngèlmunipun / dening pusakaning tapa / kang tawêkal marang Hyang kang Maha Suci / asrah aja ambèka //

25. // Dene ingkang pamuwus sayêkti / sok niyata wong iku nastapa / kang sarta osike dhewe / wus lumrah ing tumuwuh / sok janmaa kapengin mukti / tapane ora ana / apa marganipun / yèn wani mêsu sarira / sakarêpe Hyang Suksma iya nuruti / sawêtaraning lampah //

(5)

26. // [11] Ing wong anom padhaa angreti / dening witing wong tapa punika / angkat-angkatên karêpe / kalamun sira mêsu / nêpsu hawa ngiwa pribadi / lan sartane èngêta / sira ing tumuwuh / yèn wong ora potang tapa / dadya angèl sabarang kang dèn senêngi / anggayuh-gayuh tuna //

27. // Karantène wong urip puniki / kêdhik kang mukti kang dama kathah / awêdi luwe wêtênge / yèn esuk kudu muluk / lingsir wetan amangan malih / yèn bêdhug dharêdhêgan / surup thêkul bêskup / datan kêna towong iwak / karantêne wong urip arang kang mukti / nuruti budi hawa //

28. // Budi awak angèwuh-ewuhi / amakewuh nèng sajroning nala / dadya arusuh nalare / witing hawa puniku / doyan mangan lan doyan guling / lan ora bisa nyêgah / ujar [12] kang tan patut / karane wêkas manira/ ing wong uripe angêta tutur kang bêcik / rêrêsik jroning nala //

29. // Basa rinicik ingatik-athik / anggènên saprapataning basa / linaras ala bêcike / lamun bêcik rinasuk / lamun ala dipun singgahi / nanging ta tintènana / gêgêlitanipun / manawa kaworan ala / lamun ora matêng denira nitèni / akèh karoban basa //

30. // Basa basan dènengêt ngawruhi / dèn kalingling delingna ing nala / nalar wit lan wêkasane / ana wiwit rum-arum / têngah onta wêkasan pahit / paekaning sujanma / kathah margènipun / sami lan margining pêjah / sajatine pari puniku sawiji / wiji-wijining karsa //

31. // Karsa ala lawan karsa bêcik / dèn katitik clêkuthiking basa / kang ala lan basukine / kinira-kira kalbu / bu[13]dèning wong sawiji-wiji / tan kajajah sadaya / kanyata anipun / nadyan wasising carita / yèn tan ana yêktine kang dènrasani / yèku janma dol nama //

32. // Aja kagèt yên sujanma wêgig / nadyan lantip pintêr amicara / yèn tan katêmu yêktine / titènana ing kalbu / bêbudène sawiji-wiji / ana kandhêging solah / kandhêging pamuwus / maluwus angawus

(6)

basa / kang satêngah kumètes èthês yèn angling / amrih kadêlingêna //

33. // Amrih kèringan sêsami sami / tur yêktine bêbudèning bangsat / mila kumêsat ajare / satêngah wong puniku / sampun tuwa ambêke rêsik / tur rêsik jroning nala / nalare arusuh / kapatuh kumêd ing donya / satêngahe ana karêthel mujati / jatine tan sêmbada //

34. // Basan sê[14]mbada têgêse ugi / yèn wong gulang jatining sarira / kang têrus lair batine / batin ambêg rahayu / lairira andhaping krami / suka lila ing donya / tan grantêsing kalbu / iku wong wrêksa cêndhana / jaba sarèh tètêla wigya ing krami / ngramani ing sêsama //

35. // Sêsamanya akèh padha asih / sih ing basa basuki tètêla / tètèh titih pambêkane / iku wênang tiniru / ginurunan tinulur tuwi / sênadyan wong nonoman / angsring ana muwus / muwus amrih kaluhuran / sarta nyata yêktine kang dènrasani / wênang yèn tinirua //

36. // Aja dumèh wong tuwa puniki / yèn tan bêcik kalakuanira / poma aja sira angge / dene sayêktinènipun / basa ala puniku ugi / wong gulang gagêmbyakkan / gêgo[15]njakan udud / dhadhu kêplèk kècèk kêmpyang / iya iku pucuking ala sayêkti / yèn tan tajêm ing manah //

37. // Yèn wong karêm wêwadonan angsring / yèku kabèh dadi pêpancadan / yèn tan mikir pambudine / milane wêkasingsun / mring wong anom-anom prasami / aywa pêgat gêgulang / budi kang mrih puguh / amrih kukuh jroning nala / nalarira rampidên lan ngèlmu jati / amrih aywantuk cêla //

38. // Jawanira basa ngèlmu jating / sajatine iya raganira / akèh ana wilangane / jaba jro ngisor dhuwur / apadene kanan lan kèring / sajroning pamicara / ana kang amêngku / pangambu myang pamiyarsa / jroning tingal jroning ati dèn jagani / marang butaning suksma //

(7)

39. // Ana dene kang angel pribadi / sratènane kang nèng jroning ra[16]ga / tigang prakara kathahe / arang kang bisa ngangkus / ati irêng abang lan kuning / puniku kaprakosa / jroning raga iku / ping sakawan ati pêthak / iya iku mung ingkang mulas pribaddi / amrih arjaning praja //

40. // Nanging arang kang bisa ngrêtèni / marang ati putih kang utama / amung sandhing tongga bae / iku upamènipun / beda lawan ati kang kuning / abang irêng punika / sadaya angrangkul / sakèhe kang sipat janma / padha ngakêt ati abang irêng kuning / mila kathah wong ala //

41. // Mila katah wong bêgal amaling / cêler juput brandhal lawan nayap / lannang wadon dadi lonthe / tuwin wong ngapus-apus / kêplèk kècèk dhadha lan bêlit / lawan ja sêsumbungan / manggung gulang udut / lan kèkere aning pasar / lan wong climut balurut lawan wong ngutil / [17] wit sangking ati abang //

42. // Ati kuning anggung mêmalangi / samabarang karêm mring raharja / sami ingadangan kabèh / amrih bubuning laku / tuwin janma arsa prihatin / nuli binatalêna / amrih aja tutug / dene ati irêng ika / kawasane asangêt sabarang runtik / andabra ngambra-ambra //

43. // Iya iku kang ngadhang-ngadhangi / marang kosiking amrih raharja / dene kang abang gawene / sakèh panganan iku / lan panganggo kang adi-adi / milane ingkang lamba / sujanma puniku / wit sangking tigang prakara / arang ingkang wong iku bisa nyratèni / marang ati têtiga //

44. // Tur ta lamun gêlêm angêmasi / marang ati kang tigang prakara / yèn tutut langkung mbune / ati putih bèn ugung / iya iku sujanma luwih / angluwih[18]i sêsama / ing dahulatipun / karane wêkas manira / mring wong anom dènawas cirining ati / karêpe kawruhana //

45. // Pan wus titi wirayating tulis / mring kang maca tuwin kang miyarsa / dèn padha èstokna kabèh / sabarang ungêlipun / jroning

(8)

tulis kang amrih bêcik / dene kang amrih ala / gêgêlitanipun / iku padha yêktènana / poma-poma sira dèn padha nastiti / wirayat mrih prayoga //

46. // Lamun ora nana kang niteni / ingkang maca tuwin kang miyarsa / dadi wong ngurakan bae / pasthi pancène buruh / tur katutuh lumuh ing becik / dadi janma katula / tula alanipun / dene kang sumarah ingkang / amiyarsa amaca kang durung bakit / wong anom mêksih mudha //

47. // Basa jêjaka dipun maknani / jaja ngarêp ênggone [19] maknanya / panganggone ing ngarepe / liring pangarêp iku / dipun bisa abasa krami / yèn wus kapanggih tuwa / tuwuk ing pangawruh / wruhing ngèring subasita / aja kaya jêjakaning jaman mangkin / pangarêp ati lamba //

48. // Basa lamba iku angêlebi / angêlebi wêtêng kêbak sêga / dadi grangsang sakarêpe / dadi wong abêburuh / munmuk radèn ing ngaranêki / daya lamun rosaa / wong iku mêmikul / wus têlas wêkas manira / poma kaki dèn padha anêstitèni / lêlèjêming sujana //

Pupuh II Dhandhanggula

1. // Sun amurwa atêmbang artati / caritane sujanma utama / kang tate ngêmbani rajèng / anênggih wastanipun / ajejuluk Sèh Tèkawrêdi / salamine mandhita / nênggih anèng gunung / Maligèrêtna wastannya / du[20]k nom titi tatal ngêrèhkên nagari / nagri Garbasumandha//

2. // Pambêkkane Ki Sèh Tèkawrêdi / salamine nèng Maligè rêtna / amêmulang pakaryane / dhatêng kang para wiku / kang ginêlar kang sabda gati / artine wong nèng donya / yata kang tinutur/ dening kang para satriya / kang ginêlar lêlungid udanagari / pepeka anèng praja //

(9)

3. // Miwah ingkang wayah-wayah nangkil / sakathahe wong Garbasumandha / têngah tuwuh sêpuh anèm / sampun pêpak sadarum / angandika Sèh Tèkawrêdi / sakèhe putuningwang / kang anom kang sêpuh / padha sira pirsakêna / pratingkahe ngawula lan olah ngèlmi / tan beda pangarsanya //

4. // Ingkang anom sun wulang kariyin / liring anom iku maksih tuna

/ durung kathah wulangane / beda lan kang wus sêpuh/ liring sêpuh iku nyêpuh[21]i / nyêpuhi têgêsira / nyawabi sadarum / milane jênêng wong tuwa / liring tuwa awênang tinuwi-tuwi / mring anak putunira //

5. // Lamun ora mangkanaa kaki / ora jumênêng aning tuwa / dadi têtuwan arane / basa tuwuhan iku / ngandêlakên tuwane ugi / iku wong tuwa ampas / liring ampas iku / wastaning raga punika / raganira wus cape luwas ing kardi / mangka ing jro suwunga //

6. // Iya iku wong cupêt ing buddi / duk anome tan purun têtannya / ngandêlkên kuwat rosane / tan etang ulah ngèlmu / kabakitan tan dên kawruhi / amung eca mêmangan / esuk nyamuk-nyamuk / tan ngetang wêkasing gêsang / kang kaetang mung nikmat pucuking pêrji / lan nikmat pucuk ngilat //

7. // Datan nêdya angling jroning ati / yèn wong gêsang wêkasane pêjah / [22] nèng donya sêsanjan bae / milane wêkasingsun / mring wong anom-anom ta kaki / padha sira estokna / ing pitutur ingsun / aywa pêgat atêtannya / mring wong luwih barang kaluwihan kaki / padha sira gulanga //

8. // Anadene yèn wus luwih kaki / olêhira gêgulang kawigyan / anadene romahane / nanging pangarêpipun / andhap asor tan kêna lali / sabarang karêpira / yèn tan lali iku / angajia ngawulaa / amêrtapa andhap agong aywa lali / wêkasan dadi guna //

9. // Nadyan guna yèn ora tabêri / gunanira pan maksih kuciwa / dadya kurang utamane / lan malih wêkasingsun / panggrahita gulangên kaki / iku minongka wungkal / anglungiding sêmu / sêmu

(10)

bêcik lawan ala / upamane ling adu pucuking [23] êri / yèn wong alul sasmita //

10. // Sinaua nganam-anam kaki / lan dèn bisa sira mardi guna / lan nglanggana pakèwuhe / dèn bisa têngkas nambung / lan anukma ing agal alit / ya ulah kridhaningrat / sarjana kawêngku / jana sêmu sarsadhela / yèn wus nyandhak lêlungiding ala bêcik / sinêbut wong sujana //

11. // Basa sujana puniku luwih / angluwihi sêsamaning janma / dadi sujana arane / karane putuningsun / aja wirang atèki-tèki / wong wirang têmah nganggrang / liring nganggrang suwung / liring suwung iku sirna / liring sirna budi istiyare kênting / dadi wong tanpa karya //

12. // Kang mêksih nom ana kang dipunprih/ mikul rosa kinongkona kêbat / yèn wus tuwa kang ya priye / tapa ingkang tinêmu / raga cape atine sêpi / têgêse sasêpi sêpa / [24] tanpa ngrasa iku / dadine wong tuwa bangka / iya bangka tegese bangka sayekti / kumlêkêr tanpa sila //

13. // Karantène gulang êntas mangkin / sakathahing kawigyaning janma / mumpung sira maksih anom / ingkang wayah umatur / inggih lêrês sabda sang yogi / nanging panuwun kula / dhumatêng sang wiku / pratingkahe wong ngawula / mung punika kawula suwun rumiyin / ingkang amrih utama //

14. // Angandika sang Sèh Tèka Wêrdi / luwih angèl kaki wong ngawula / nanging aluwih gampange / puniku basa ewuh / liring èwuh durung mangrêti / basa mangrêti ika / ngawruhi sêdarum / sabarang karsaning nata / iya iku panêngêran kang janmadi / widigdèng cipta maya //

15. // Maya iku utusaning kapti / kapti suka lawan kapti duka / anèng netra sasumuke / lair wrêma lumaku / lair iku utusan batin / angsa[25]l sira kaduga / ujar kang puniku / supaya yèn katrimaa / ing angèle yèn sira durung mangrêti / barang karsaning nata //

(11)

16. // Nanging ana bedanipun kaki / angawula ing sang prabu tuwa / kalawan satriya anèm / sabarang karsanipun / ing satriya anom puniki / karya prêlu lan sunat / sami patrapipun / upami dipun popoa / karya prêlu kalawan kang nora gati / sami sih asatira // 17. // Nanging ana pamère kêdhik / angawula ing satriya mudha / kang

tahan dèn sêmu age / sabarang karyanipun / dene akêbat cukat têrampil / sabarang kaduk kêbat / trampil yèn umatur / cêgaha pangan lan nêndra / jurungana ing puji sarta sêmèdi / amrih dhanganing karta //

18. // Yèn angadhêp gustinira runtik / poma kaki sira dèn prayitna / aja mapasi karsane / nênggih upa[26]mènipun / ing satriya anom yèn runtik / pan kadya banjir bandhang / sing katrajang larut / balikkan dèn angrerêpa / nêtyanira dèn adoh asêmu wêdi / amrih dhangani duka //

19. // Yèn ingutus dening gusti runtik / tan wukira dèn matra kilata / amrih lêmpêra dukane / yèn aturira tambuh / dadi sira kasabêt runtik / ingkang sangsaya dadra / dukane sang prabu / lêlakonira dèn kêbat / jroning kêbat akanthia ngati-ati / manawa kawadaka // 20. // Pèn wus prapta denira tinuding / aturira kaki dèn tètêla / dèn

asru asêmu sarèh / yèn sêngak sira matur / dadi sira mêwahi runtik / yèn asru esmu lêmbah / trustha sang aprabu / pan wus kocaping saloka / satriya nom sabarang kang dèn karsani / anggampangakên mongta //

21. // Pan wus kocap wirayating tulis / ingkang aran satriya taru[27]na / basa taruna têgêse / taru godhong puniku / na pituduh maknane ugi / mungguh caraka basa / iku têgêsipun / liring tuduh barang karta / karya prêlu kalawan kang nora gati / kandêl tipis dèn padha //

22. // Basa taru artine winarni / kaya godhong upamane ika / yèn lagi ana gaweane / kalangkung ajènipun / nora kètung mitung sukoni / tur ta amung sadina / gawene kang prêlu / yèn uwis dadi sarahan / iya iku maknane taruna kaki / kang wus kocap carita //

(12)

23. // Benèh lawan prabu tuwa kaki / liring tuwan pan ora anasar / kang bangsa nasar artine / sabarang karsanipun / nora supe akathi uwit / wit bêcik lawan ala / kapyarsa sadarum / ngranggoni jênênging tuwa / basa jênêng artine iku jênêngi / jênêngi nora pisah //

24. // Beda lawan basa anom kaki / liring a[28]nom maksih nganaman-nam / sabarang ing kawigyane / yèn wus kapanggih sêpuh / nuli bisa anamba iki / karsa bêcik lan ala / kapirsa sadarum / milane ana wong ngucap / sapa bisa wonge amrangkani kudhi / ngabdia ratu mudha //

25. // Iya iku wong cupêt ing budi / ingkang purun angucap mangkana / dadi wong cupêt kawruhe / beda kang sampun luhung / kang wus wêruh ing ala bêcik / ngawula ratu mudha / ing ibaratipun / sira ngêmban rare mothah / lamun wigya ngarih-arih anyindhèni / kèndêl lajêng anèndra //

26. // Yèn anglilir bocah dèn sandhangi / kêkêmbangan kuning ngabang-abang / bungah lêngêh-lêngêh bae / iku upamanipun / angsal sira bisa ngladèni / marang satriya mudha / ing sakarsanipun / yèn olèh sih lan dêrajad / sarta olèh satriya kang ambêg jugig / ngranggoni galih tuwa //

Referensi

Dokumen terkait

berpengaruh positf dan signifikan terhadap kepuasan konsumen (Y) sebesar 0,328 yang menyatakan bahwa terdapat pengaruh atau kontribusi yang signifikan antara variabel kualitas

Etika biasanya berkaitan dengan sifat masing-masing dari individu, bisa juga berkaitan dengan adat atau aturan yang ada pada saat berkelompok atau berorganisasi, aturan

Diajukd sebagai salal salu sya8r nemperoleh gelo Ahli Madya. JURUSAN

[r]

Menurut Subana (2001:89) menyatakan bahwa, “metode deskriptif adalah menuturkan dan menafsirkan data yang berkenaan dengan fakta, keadaan, variabel, dan fenomena yang terjadi

Dalam rangka mengumpulkan data, peneliti menggunakan beberapa metode yaitu metode observasi, metode dokumentasi, dan metode tes. Metode observasi digunakan peneliti

Kesimpulan penelitian ini adalah pemberian hormon FSH dan PMSG menghasilkan pertumbuhan volume ambing yang baik selama bunting, dengan bobot dan jumlah anak yang

Hasil wawancara dengan guru BK yaitu Ibu Endah Lestari, S.Pd beliau menjelaskan: “Yang saya ketahui faktor yang melatar belakangi terjadinya kenakalan siswa karena adanya masalah