SERAT PANJI NARAWANGSA
Program digital ini dikembangkan untuk melestarikan dalam mendukung proses pelestarian sastra daerah di Indonesia. Hasil dari program digital ini berupa karya sastra Jawa yang disalin dalam bentuk teks digital format pdf. Semoga tujuan blog www.alangalangkumitir.wordpress.com adalah menjadi salah satu sumber digital karya-karya sastra Jawa dapat dibaca, ditelusuri atau diunduh oleh para sutrisna budaya ataupun masyarakat secara bebas.
Salam asah asih asuh. Nuwun.
@@@
Cariyos Panji Narawangsa ing serat punika namung kajujug. Boten kawiwitan saking cariyos murcanipun Dewi Candrakirana utaawi wontenipun tiyang estri lumebet dhateng kasatriyan
ngaken-aken Dewi Sekartaji nanging anjujug lajeng
anyariyosaken bingahing penggalijipun Sang Nata ing Jenggala, dene sanajan santun rupi, Dewi Sekartaji sampun wangsul, sarta ingkang raka, Sang Panji, ugi boten anelaki, taksih lestantun tresna malah welas dhateng ingkang garwa, mratandhani, bilih ingkang putra pancen setya dhateng garwa.
PUPUH I Asmarandana
1. Bungahe marwata siwi, wong agung Cintakapura, miarsa
hature Raden, dhuh Raden anak manira, nyawang kang Dhawuhmarma, sukur ing Bathara luhung, setya tuhu manahira.
2. Angandika Sri Bupati, heh Kaki Nilaprabangsa, arinira Raden
Sinom, arsa ingsun panggihana, lawan Candrakirana, mumpung becik taunipun, ing besuk Buda Cemengan.
3. Paran kasanira patih, wot sekar Kudanawarsa, saman atur
sembahe, sewu jumurung patikbra, lan karsane narendra, leres karsane Sang Prabu, amrih arjane nagara.
4. Yen mangkono kakang patih, punggawa kabeh sawisa,
wangunan caosa kabeh, gawea bangsal kang pelag, genya amasang papan, yen medal ing alun-alun, benjing ingayap ing putra.
5. Miwah kaki Jodhi pati, ingong pundhut sukanira, kerana
6. Lan sira wetokna kaki, donya ing Cintakapura, amriha sukane kabeh, mesakake Kaki Putra, upama sun ringkesa, kyan apatih nembah matur, patikbra dhateng sandika.
7. Angandika Sri Bupati, heh Tumenggung Adiraja, apan ta sira
sung konkon, matura yayi Narendra, Kaki Prabu ing Daha, yen putrane uwis rawuh, nanging mangke salin werna.
8. Lan matura yayi Aji, akarsa sun rengga-rengga, iya ingong
arak maneh, kalawan Kaki Satriyan, kaya duk masih kenya, yan Ki Putra besuk temu, den gawaa marang Daha.
9. Tumenggung Kalamisani, maranga Tegal Pucangan, matura
ing kakang embok, Nyai Ageng ing Pucangan, pondhongana den enggal, pulunane yen salin rupa.
10. apan sampun awotsari, punggawa kalih dinuta, Sang Nata
hengkar ngadhaton, Raden Putra Kasatriyan, mantuk ing dalemira, Ki Putra ing Narabangun, sampun eca manahira.
11. Akathah kang badhe selir, anging dereng cinangkraman, pan
samya wanodya kaot, awatara kalih dasa, ana anak wong desa, ana anake wong gunung, ana trahing beboyongan.
12. Samya amepek birai, weneh ana gubah sekar, mapag ing
paregolame, ana kang anampa toya, weneh ambekta wida, warnane samya yu-ayu, sedheng ngolah guladrawa.
PUPUH II Dhandhanggula
1. Sakathahe ingkang para selir, apan samya angraupi putra,
arerasan sarowange, sadaya sami muwus, ingkang wasta Ni Citraresmi, katuwone waking wang, gung gawe cecenthung, nora nana priyembada, saben dina melarangi kembang ramping, teka nganggur kewla.
2. anauri Nini Nawangresmi, bener bok ayu wecananira, Ki
Putra kaningayane, kang kaya awaking sun, nora ketang utang anyilih, lapake olah slira, asaos wong agung, sapa bisa nglakonana, salawase apepilis tiwas aking, baya dipun rampida.
3. Alon mojar Ni Sundayaresmi, kaningaya Raden Kasatriyan,
awaking sun katuwone, amangan sarta tuwuk, sinjang lungset asalin, esuk sore wewida, nora dipun ambus, mila kang ati alara, pae bocah meneng yen awareg bukti, aran wus padha tuwa.
4. Kawarnaa Raden Panji prapti, apan lajeng dhateng palataran,
kang kuda sinirigake, nyemethi nagasantun, sekar mawur tiba ing siti, para wanita sadaya, pan sami angrebut, weneh amicara ing nala, kadingaren Raden nitih turanggi, baya wus mari brangta.
5. Sigra tumurun saking turanggi, wau sira Raden Kasatriyan,
anungsung warta, rahaden amuwus, iya gusti nira prapta, kusuma ayu ing Daha asalin warni, saking ing pangumbaran.
6. Sailange saking Tilam Wangi, dipun gawa ing Bathari Durga,
mapan akeh cintakane, pan salin warnanipun, cilakane kapati-pati, alane pan kaliwat, awake lir lumbung, kulite kadi pandhoga, atiningsun sangsaya awelas asih, dene apindha buta.
7. Sigra lengser sira Raden Panji, wus pinarak neng ing bale
kambang, para manis atap kabeh, Ki Putra Marabangun, sigra mundhut pustaka adi, Rama lan Bratayuda, anulya tinembangi, swara lir ngalapna jiwa, nora dangu nulya maos mayat miring, watawis sigang pada.
8. Ni Ragil Kuning anulya prapti, alon matur dhumateng Kang
Raka, sarwi gumujeng ature, kakang kawula wau, angedusi Putri Kedhiri, rema jatha agimbal, tingginya gamrudug, awake kaya pandhonga, wulu awak aketel lan isi tinggi, kakang
10. Nadya warnaa lir werjit cacing, ujer nyata Kusuma ing Daha,
iku jer kakangmu dhewe, yen wis panggih lan ingsun, kakangira pan ayu maning, lagi cobaning dewa, marang awaking sun, Ragilkuning alon ngucap, sinten weruh benjing kadi widadari, jer mengko lir denawa.
11. Para manis abela prihatin, pan kasaru Ki Prabangsa prapta,
lawan kadang kadeyane, ingkang rayi rinangkul, payo yayi ambeksa rangin, kangen temen pun kakang, lami nora nginum, punapa winalang driya, parandene Sekartaji sampun prapti, kuciwa malih rupa.
12. Ingkang rayi alon aturneki, angladosi kawula pangeran, tan
kawarna ing polahe, asrang gamelan umyung, sampun mider kang ponang larih, arak tape waragang, jenewer lan anggur, senggaknya lir gunung kadya kedhasih, keploke atimbalan.
13. Apan sadaya wuru kepati, sakathahe kang kadang kadeyan,
apan sami wuru kabeh, wus bubar kang anginum, Ki Prabangsa tinandhu mulih, miwah Ki Panji Putra, Pamberek Pamecut, Jejetan lawan Antunan, samya wuru pra samya tinandhu mulih, sadaya binabayang.
14. Kacarita enjingipun malih, Panji Putra nimbali Prasanta,
lawan Dhoyok sakarone, sira padha ngongutus, ngulatana ingkang prayogi, kang gawa kembar mayang, kang anom kang bagus, kakang kang maksih jejaka, ulatna ing desa ingkang paminggir, kang pantes dadya patah.
15. Sampun kesah wulucumbu kalih, karsanira angulati patah,
Onengan den tetakeni, apa sinjange rara, kala mentas adus, kalawan sengkang apa, kakangira Kusuma Adi Kedhiri, matur Dewi Onengan.
16. Sakeh sinjang wastra ingkang Adi, apan cupet tan wonten
sedhenga, dadak nyambungi sinjange, sakehe kalpika gung, sami sesak munggeng dariji, kakang gegelanging wang, kala maksih timur, punika dados kalpika, sakathahe kang sengkang datan mantesi, sami lobok sadaya.
17. Ingkang raka angandika aris, besuk uga rara kadangira, ayu
lir Ratih warnane, kang rayi pan sumaur, mendahane kayaa dhingin, tumrap kula lananga, tan sudi angingus, hangur akramaa liya, raden rengu den thothoki Ragilkuning, muthah lengser jro pura.
18. Ana ingkang canarita malih, Nyai Ageng Tegal Kapucangan,
Pandhita rara jenenge, langkung prihatinipun, saicale Putri Kedhiri, dereng miarsa warta, yen kang putra rawuh, Pandhita rara alenggah, Ki Tumenggung Kalamisani gya prapti, matur sarya awot sekar.
19. amba ingutus dhateng Dewa Ji, rayi paduka atur uninga,
paduka katuran age, yen putranta wus rawuh, ingkang musna kala ing wengi, anging asalin warna, salira lir lumbung, kalangkung welas Narendra, pan akarsa dipun panggihaken malih, lawan Putra Paduka.
20. Kalangkung bungah ingkang panggalih, Pandhita Rara
kalungkung trustranya, nahan kawarna lampahe, apan anitih tandhu, lampahira Ni Kili Suci, antawis kalih dasa, ingkang mikul tandhu, datan kawarna ing marga, Kili Suci ing Jenggala sampun prapti, nulya manjing kadhatyan.
21. Pandhita Rara manjing ing puri, aningali mring
Candrakirana, angadeg gegetan tyase, sigra Rahaden Galuh, malajengi nungkemi sikil, Nyai Tegal Pucangan, amicareng kalbu, baya karsane jawata, anakingsun Putri Adi ing Kedhiri, awarna kaya buta.
22. Pandhita Rara amuwus aris, mendah wruha ing sudarmanira,
sira rupamu mangkono, paran darunanipun, sira nyawa amiliha warni, ya ta Candrakirana, alon denya matur, kalane kawula murca, dipun bekta dhateng ing Bathara Durgi, sinelehken pasetran.
23. Sakeh dewa sami nupatani, milah ulah ulanta nanadhang
PUPUH III S i n o m
1. Yata sinegeg samana, kocapa Putri Kedhiri, sinendhal
mayang mring dewa, tinibakken ing wanadri, langkung
kawelas asih, binuncang Bathara luhung, kinarya
lelampahan, kusumadi ing Kedhiri, lara nangis sambat putra ing Jenggala.
2. Kang karasa manahira, kala sare lawan laki, aneng jroning
pepajangan, kusuma dipun keloni, wau marang kang laki, lir angimpi manahipun, kala tiba ing wana, sesambate lir Sundari, kang sinambat pangeran ing dhawuh marma.
3. Ingkang kasongan ngakasa, kang kasangga ing pratiwi, apan
ta nora tandhinga, kaya Dewi Sekartaji, Putri Adi Kedhiri, kang anama Raden Galuh, kusuma ing Mamenang, minangka sarine bumi, iya iku musthikane jagat raya.
4. Ayune tanpa tandhinga, kusuma yu ing Kedhiri, amung
wadane satunggal, dene tan bisa anangis, lamun kusuma runtik, pegel kaku manahipun, lamun kapegat tresna, tan pegat puteking ati, timur mula pan nora bisa karuna.
5. Ujare wong padhalangan, yen ana kirana nangis, iku
dhedhalang korekan, yogya atakona malih, kusuma di Kedhiri, wong anteng ayu aruruh, jatmika solahira, aris aririh yen angling, lamun mesem lir angalapena jiwa.
6. Tegese anteng jatmika, nora darbe tingal malih, nora darbe
tingal malih, nora lali dewanira, datan amemar kapti, marang Ki Wanengpati, tegese kusuma ruruh, yen kala angandika, abener amemarahi, basa ruruh tan lali duga prayoga.
7. Laminira aneng wana, kacatur samadya warsi, kalangkung
kawelas arsa, tan adhahar tan aguling, ingkang kacipteng ati, tan liyan Ki Marabangun, ingkang sinambat tresna, Raden Inu Jayengpati, kaningaya priyayi Cintakapura.
8. Baya ta nora supena, priyayine Wanengpati, kakang emas
Kastriyan, ujare tresna ing mami, sanggupe bareng lalis, anunggal candhi lan arung, priyayine Jenggala, teka cidra ing ubanggi, kaningaya dipateni Kasatriyan.
9. Raden Kuda Rawisrengga, teka tega pisah mami, priyayine
Kasatriyan, paran polahira kori, sapa ingkang ngadosi, Ki Undakan Wireng Luhung, nadyan silih kathaha, para manis badhe selir, nora padha lan cethine ingkang murca.
10. Karasa tyase kusuma, kang rama myang ibu sori, amicara
jroning nala, adhuh rama Paduka Ji, tanapi ibu sori, adhuh yayi Wukirsantun, adhi ajeng Mindaka, sira akulaka warti, lah karia yayi emas Wukirsekar.
11. Alami aneng ing wana, tansah amangun prihatin, langkung
ening, datan aetang pakewuh, yayah rena tan ketang, ing rama ibu wus lali, kang karasa amung papane sarira.
12. Akathah cintakanira, maring ing Bathara ening, iku
pangraosing manah, kusuma tansah wiyadi, pan arsa ngesthi pati, sarira lupa anglayung, acecoba bancana, sura legawa ing pati, nutuh raga lah Sekartaji matia.
13. Munggah ing sanggar langgatan, kusuma muja semedi,
pinatekken raganira, pejah ing sajroning urip, tan ana kang akesthi, amung Bathara kang Luhung, sidhakep suku tunggal, amung dewa kang kaesthi, akeh swara anging nora kapiarsa.
14. Wau ta Resi Narada, medhun saking ngawiyati, arum wijiling
wacana, adhuh yoganingsun Nini, lah luwarana Nini, genira muja aminggu, durung mangsane nyawa, Kusuma tilara ragi, amung sira Putri Adi marcapada.
15. Apa sira tedha nyawa, awecaa dipun yekti, anging ta
panjaluking wang, aja sira malih-malih, sira muja semedi, akeh dewa padha ambruk, yen enak manahira, dewa kabeh padha muji, Kaki Putra kantaka sapungkurira.
PUPUH IV matur kusuma wacana arum,sinten ingkang asung swara, jawata kaeksi.
3. Duh kawula kaki dewa, arsa wikan dhateng paduka kaki,
leheng ngatingala ulun, kawula arsa wikan, wau Resi Narada manabda arum, iya Nini tingalana, ingong eyangmu Nini.
4. Iya Nini tingalana, alinggiha Nini dipun abecik, pun kaki
mangkya pitutur, polahe lakinira, apan ana angaku aran sireku, karsane Prabu Jenggala, arsa pianggihken malih.
5. Matur Sang Kusuma Rara, sapa sinten ngaku Putri Kedhiri,
mojar Sang Bathara luhung, Nini wong pejagalan, ingkang ngaku warnanira Raden Galuh, sakehe wong ing jro pura, padha kasamaran Nini.
6. Kagyat kusuma ing Daha, amiarsa warta Bathara luwih,
amicara jroning kalbu, wong agung Kasatriyan, samar temen Ki Putra ing Marabangun, iku baya pan kinarya, lelakone awak mami.
7. Yen makaten kaki dewa, pan kawula kaki tan arsa mulih,
dhatenga pejah pikulun, mendah ucaping Jenggala, kasusatan idhep isin.
8. Anggur ingsun den punggela, delap urip sira bok Sekartaji,
tan dremanira kalangkung, wirang ing ibu rama, sampun takdir apa nutuh sliraningsun, saya angles manahira, Hyang Narada wus udani.
9. Surasane manahira, nulya angling dhuh yoganingsun Nini,
aja sira leng-leng mangu, wus prentah jawata, lampahanalah Nini yoganing ulun, pacuwan kirang percaya, pan sira singong kasihi.
10. Mesakaken Jakinira, nadyan krama pan durung jatukrami,
lah muliha Nini Galuh, pun kaki rena suka, nulya nembah Retna Kirana amatur, kawula tur pejah gesang, langkung lenggana Hyang kaki.
11. Kang liya saking punika, saparentah kawula anglampahi,
nadyan tumeka ing lampus, mojar Sang Hyang Narada, lah
luwung baya awakingsun, kapiandela ingwang, apan mesem Resi Narada lon muwus, aja maras atinira, ingsun amomong Nini.
14. Dene kurang kang percaya, ing jawata mangkene karsa mami
sira ngong dadeken kakung, ingsun salini rupa, malebua ngawulaa karsaningsun, maring Ki Putra Jenggala, ing kono nggonmu pepanggih.
15. Matur Kusuma ing Daha, benjing lamun wus prapta ing
nagari, kawula nedha pukulun, panggiha Raden Putra, anauri Sang Narada manis arum, lah Nini kurang percaya, mangsa ingsun Nini, amriha ing dudu.
2. Warnanira arsa sun salini, ingkang ayu kaot, awarnaa
kakung kang ambancer, lawan karsane dewa kang lueih, estokena Nini, iya putuningsun.
3. Tan antara sirna warna estri, dadi kakung paot, anging rada
4. Resi Narada gumuyu angling, adhuh putuning ngong, dadi kakung abagus warnane, apan kaya Kamajaya ngalih, ngulatana ugi, sajagat tan nemu.
5. Alon matur kang amilih warni, myang kaki turing ngong,
swara ulun masih wantah bae, dereng saling masih duk ing estri, kuciwa sayekti, lamun datan patut.
6. Resi Narada gumuyu angling, iya putuning ngong, sinalina
swaranira Raden, tan hantara swarane wus dadi, arenyah tur manis, rada grathul-grathul.
7. Resi Narada ngandika aris, lah ta putuning ngong, datan ana
kang winaon maneh, swaranira apan uwis salin, dadi sira kaki, wong bagus anulus.
8. Apan sira apaesa kaki, dimen saya kaot, sun pantese lawan
busanane, Hyang Narada nyipta busana glis, pranteng ngarsa nuli, kang wastra sinambut.
9. Arja kekampuh jingga linud ing, parada bar ambyor, pan
sinuji ing sastra tirahe, ngagem paningset mandhala giri, sinawang ngrimangi, bebadhong kekalung.
10. Linancingan cindhe kara abrit, linud ing peraos, dhuwung
tinaturangga pendhoke, alabuwan ukiran sinemi, awewen mas abrit, dhuwung parung santun.
11. Ajamang mas asumping mantesi, pinatik retna byor, sumping
capaka klawan rondhone, ginubah sinukmaguna ngrawit, kang amalih warni, tuhu yen binagus.
12. Lir Hyang Asmara angemu brangti, baguse katonton, Sang
Hyang Narada leng-leng driyane, aningali kang amalih warni, anjoto tan pangling, pan arsa rinangkul.
13. Putuning ngong wong bagus respati, tan ana winaon, wus
apatut lawan busanane, lah ta sira sun wehi kekasih, kang sembada kaki, lan sawarnanipun.
14. Iya sira anama mas kaki, lan proyoganing wong, Ki Undhakan
Narawangsa raden, peparaba Wasi Jayengresmi, angakua benjing rare teka gunung.
15. Wis mulia mring Jenggala anging, kaki wekasing ngong, aja
liyan sira jujud raden, ngawulaa maring Raden Panji, yen tinakon Nini, tatanen yen matur.
16. Nenontona wong binayangkari, ing besuk Buda Pon, Raden
Kasatriyan pangarake, pinanggihken lan Ni Sekartaji, wus karia kaki, manira mit mantuk.
17. Kang malih warna ngaturi bekti, sumungkem ing pangkon,
Hyang Narada mumbul kayangan, kari anggana kang malih warna, Wasi Jayengresmi, tedhak saking gunung.
18. Kang sinedya ing Jenggala manik, karsane senonton, lamun
Raden Putra ing mangsane, Buda Cemengan binayangkari, Wasi jayengresmi, lampahe lestantun.
19. Wong Jenggala lanang wadon kerig, padha anenonton,
20. Kawarnaa Wasi Jayengremi, kang abagus anom, kang kapapag mirut bali maneh, sami gawok denira ningali, padha ngiring-iring, maring Raden Gunung.
21. Pan atembak ingkang neningali, ana angling kang wong, dene
kaliwat-liwat baguse, lir Hyang Asmara, pantese Ki wasi, Sr Nata karuwun.
PUPUH VI S i n o m
1. Pan sami leleng kasmaran, sagunge para pawestri, katemben
desa tumingal, mring wong bagus linuwih, wenenh becu tan angling, saweneh nora amuwus, ngendi wismane baya, Ki Wasi kang lagi prapti, bagus temen kaya dewa kamanungsan.
2. Sakehe rerencek desa, samya tanya melas asih, pundi
ingkang kawingkingan, miwah kang kasedyeng galih, gumujeng sarwi angling, Kuda Narawangsa tengsun, atetakon na apa, dene teka nyalawadi, atetakon ragane pepathak desa.
3. ana dene wismaning wang, aldaka ing Andongwilis, kaloka
ing pramudita, Ki Wasi Anjayengresmi, dadi kondhang pawestri, lelanjar lawan bebakul, lan aku prasudukan, dadi lelancuring wukir, aku uga bocah ladak kuwarisan.
4. Dadi bebanthenging arga, ana dene karep mami, sumedya
marang Jenggal, ingsun arsa neningali, pangarake Apanji, ia lawan Raden galuh, apa warnane baya, sujalma kang aran Panji, pangarake apan ingsun arsa wuninga.
5. Kathah solaing wanodya, samya kasmaran ningali, mring
Undhakan Narawangsa, dene swarane amanis, piyarsa daut ati, sembada lan kang anembung, wau ingkang kocapa, wulucumbu kang tinuding, Sadulumur kalawan Menak Prasanta.
6. Wong loro lagya raraywan, Ki Sadulumur ngacuwis,
angamyang sadalan-dalan, juwehipun angliwati, dangu-dangu ningali, yen ana wong rubung-rubung, Sadulumur angucap, rubung-rubung apa ta wong adu ayam.
7. Payo dhoyok pinaranan, Menak Prasanta nauri, kiraka
wonten punapa, wau ingkang den tingali, piye kiraka aglis, saksana padha lumaku, Sadulumur Prasanta, prapta ngarsane Ki Wasi, pan melompong kasmaran denya tumingal.
PUPU VII Asmarandana
1. Angalem sajroning ati, iki wong bagus utama, dene tan ana
winaon, Ki wasi kang lagi prapta, dene ta kaya kembar, iya lawan gustiningsun, Raden Putra Kasatriyan.
2. Ki Menak Prasanta angling, saking ing tambet kawula, inggih
katingal, leksanane wong abagus, ing wingking pundi pinangka.
3. Kaping kalihe wong benthing, ing ngajeng pundi sinedya,
tigas kawuryan rahaden, sinten sinambating nama, angling Ki Narawangsa, sira atakon maring sun, manlemu pinangkaning wang.
4. Ing wukir Cemarawilis, manlemu wismanira, ana dene
kasihing ngong, Ki Undhakan Narawangsa, iya jejuluking wang, Ki Wasi Anjayengsantun, bocah ladak kaduluran.
5. Mila tedhak saking wukir, arsa malebu ngawula, mring
ingkang dadi panganten, mokal yen nora arsaa, ingsun cinacad apa, amupukhi ing aguna.
6. Menak Prasanta nauri, estu yen Rahaden Putra, pan arsa
binayangkare, lan Dewi Candrakirana, benjang Buda Cemengan, anenggih pangarakipun, gih daweg kapasang yoga.
7. Lamun singgih sang apekik, arsa malebu ngawula, inggih
dhateng Raden Sinom, kawula dadosa marga, ingkang
anglarapane, inggih dhateng sang abagus, sampun
dikawalang driya.
8. Kaping kalihipun malih, inggih kawula punika, dhapuripun
awon-awon, kang wulucumbu Rahadyan, Putraning Dhawuh marma, lampah kawula ingutus, ngulati badhe pepatah.
9. Inggih kang prayoga enjing, kang anggawa kembar mayang,
mendah Rahaden sukane, Kuda Jayengsekar riyak, iku aku dudu wong punuk, datan gelem ngembar mayang.
10. Pantese Rahaden Panji, manthuk-manthuk nunggang jaran,
aku angapit ngisore, iya jejalukaning wang, angling Menak Prasanta, gih-inggih sang – a – bagus, sampun dika walang driya.
11. Kawula kang anyaguhi, saking pamundhutanira, Rahaden
Arya wiyose, langkung ambek palamarta, aris kang pangandika, amuruki kang balilu, angapura ingkang dosa.
12. Samana pan sampun kering, marang panakawan karo,
kalangkung suka kang manah, sira Menak Prasanta, pituwin Ki Sadulumur, angrasa yen angsal karya.
13. Kang kari samya geng brangti, sakehing para wanodya, dadya
amirangu kabeh, lali gaweanira, dadi kembang wacana, sandhung jegluk tiba gabrus, sambat Kuda Narawangsa.
14. Nengna wau kang lumaris, warnanen nagri Jenggala,
dandanan sampun cumaos, parabote wong angarak, lan kang dadya tontonan, pan donyanira tinawu, Sri Narendra ing Jenggala.
15. Datan pegat siyang latri, kasukan Rahaden Putra, lan kang
16. Warnanen Dyan Sekartaji, pinarak aneng witana, ingayap ing pawongane, siyang dalu awiraga, nora saya ayuwa, wuwuh saya anggarebyuh, sarira winada jenar.
17. Sira Raden Wukirsari, munggeng ngarsane kang raka,
amarikelu mijil ingusapan, aningali kang raka, dene salin warnanipun, sadhatenge pangambaran.
18. Langkung beda lan kariyin, Dyan Dewi Candrakirana, sarira
lir tambur amoh, sambada lan dedegira, kadi Bathari Durga, kang ingame siyang dalu, pan amung Rahaden Putra.
19. Kaya agea kapanggih, siyang dalu lir gerantang, nuli kinen
manggihake, iya lawan Rajaputra, Dewi Candrakirana, apan tansah gedrag-gedrug, emban inya samya latah.
20. Ya tan Raden Wukirsari, tumungkul angemu waspa, miarsa
pangandikane, Dyan Dewi Candrakirana, nora mambu wanodya, solahe lir pendah kakung, baya wus karsaning dewa.
21. Warnanen wau Ki Wasi, ingiring mring panakawan,
Sadulumur Prasantane, wus prapta ing Kasatriyan, abdi karo tur mendhak, Paduka karsaan kantun, kawularsa tur uning.
22. Dhateng gusti Raden Panji, angling Kida Narawangsa, iya
ingsun kari kene, man lemu lah malebua, matura Rajaputra, karone sampun malebu, marek ing Raden Putra.
23. Ngandika Rahaden Panji, kaya paran ingsun duta, apa sira
oleh gawe, umatur Menak Prasanta, inggih gusti pan angsal, kathahe tiyang sapuluh, ingkang badhe dados patah.
24. Angsal ulunta prayogi, kinen bekta kembar mayang, bagus
maksih anem-anem, lan malihipun kawula, angsal wasi satunggal, lagya tedhak saking gunung, wasta Kuda Narawangsa.
25. Bagusipun anglangkungi, sajagat tan wonten memba, datan
wonten kang winaon, kadya kembar lan Paduka, nanging ta kaotira, saking tawa tawisipun, singa ingkang asepuha.
26. Neng margi kawula tari, pan purun kawula bekata, nanging
satunggil cacade, Ki Undhakan Narawangsa, datan waged abasa, pangucape rada langguk, langguke pan amor karsa.
27. Angandika Raden Panji, kakang sira tinambalana, ingsun
arsa wruh rupane, ingkang aran Narawangsa, ingkang bagus utama, Prasanta nembah tumurun, pan sampun prapta ing lawang.
28. Wus panggih lawan Ki Wasi, angling Ki Menak Prasanta, lah
daweg Sang Prawira Nom, jengandika ingandikan, dhateng kanjeng bendara, Kuda Narawangsa manthuk, apan sarwi angandika.
29. Manlemu sun janji dhingin, ingsun nora bisa basa, yen
kanggo mangkene bae, sanadyan ta gustinira, yen kurang palamarta, pasthi aku amit mantuk, tan ajrih Putra Srinata.
S i n o m
1. Mojar Ki Menak Prasanta, sampun walang driya malih, Raden
Putra ing Jenggala, balaba alus ing budi, ngapura wong kang sisip, anuduhena kang luput, ngapura kang adosa, samana pan sampun kering, sira wau Ki Undhakan Narawangsa.
2. Nuli malebet gapura, lelakon macan angelih, lembehan
korakan kontal, dhuwunge sogleng respati, lewane jungkar angin, sarwi kampuhe sinadhung, riyak gajah ameta, mandheg layangan tinolih, sareng mulat Ki Wasi lan Raden Putra.
3. Dupi tempuh ing paningal, lit kilat barung lan thathit, lir
sinendhal kang wardaya, Rajaputra aningali, Ki wasi
Jayengresmi, manahe teka kumenyut, lir pendah
panjangputra, tiba ing sela binanting, pyar ring tingal dene datan paja muga.
4. Kaya amor ing paningal, lan Ki Wasi Jayengresmi, angandika
Rajaputra, panabdane mambu ati, lah katuran mas yayi,
6. Ngandika sang Narpaputra, katambetan ingsun sulaksana,
tejane ing wong abecik, sulaksanane yayi, dene ta anyar kadulu, wingking pundi pinangka, miwah kang kasedyeng ati, sajatosipun kakang tigas kawuryan.
7. Sinten sinambating sekar, saking tambetingsun yayi, mesem
Kuda Narawangsa, kang sabda apahit gendhis, lamun tambet ing mami, ingsun jalma teka gunung, dene praptaning wang, ing wukir Cemarawilis, tau tata tau jana seseliran.
8. Ki Undhakan Narawangsa, Kasatriyan aran mami, dene ta
jejuluking wang, Ki Wasi Anjayengresmi, sambada jeneng mami, pan aku anom abagus, amumpuni ngaguna, pan aku praptameng kawi, aku uga wong baranyak kaduluran.
9. Awanter amara tangan, pan aku rada bambang pring, dadya
kondhanging wanodya, pan dadi kidung kakawin, dene para pawestri, aku uga lare jendhul, sira tukua warta, ing wukir Cemarawilis, mila karan Wasi Kuda Jayengsekar.
10. Ana dene karyaning wang, mila tedhak saking wukir, wartane
nagri Jenggala, ana wong binayangkari, ingsun arsa ningali, pan tembe durung wikan, aku katemu ing margi, lan manlemu pan aku banjur diajak.
11. Ragane ta baya sira, kang arsa binayangkari, angandika
Galuh, mesem jroning wardaya, Kuda Narawangsa angling, Kasatriyan ingsun amidhanget warta.
12. Kang aran Candrakirana, Kasusra yen ayu luwih, sajagat
tanpa sasama, Putri Adi ing Kedhiri, Sang Rajaputra angling, iya kaladuk rumuhun, kalane durung ilang, nyata yen ayu linuwih, nanging mengko satekane pangumbaran.
13. Sekartaji malih warna, alane anggleliwati, salirane kaya
gajah, mila langkung welas mami, marang Dyan Sekartaji, dene tan dreman kalangkung, dene nora kayaa, kang ati kaya jinait, aningali mring Retna Candrakirana.
14. Miwah rama Sri Narendra, kalangkung welas ningali,
marmane yayi manira, pan arsa binayangkari, Ki Wasi Jayengresmi, suka gumuyu sang abagus, mojar sarwi ariyak, loro arane geringsing, den prayitna sira uga Kasatriyan.
15. Pan akeh wong mendha-mendha, kawruhana jaman
mangkin, palihan lan larang pangan, pepati angrerebuti, tan wruh nglimang sukoni, kasusu ing butuhipun, Raden Putra Jenggala, ing galih datan kadugi, ing wuwuse Ki Undhakan Narawangsa.
16. Angandika Rajaputra, yayi Wasi Jayengresmi, sira ngawulaa
mring wang, haywa sira mulih-mulih, apan ta sira yayi, manira aku sadulur, sira yayi manjinga, kadangsun sudara wedi, ingsun nora duwe kadang amung sira.
17. Angling Kuda Narwangsa, alah iya Raden Panji, apan ta wus
katarima, pasihanira ing mami, tan bisa amangsuli, reh ingsun iki wong bagus, nora bisa akrama, lan maninge Raden Panji, aku uga wong bagus widigdeng sastra.
18. Manawa ta kurang sabar, manahira mring mami,
ngawulakaken maring wang, kawruhana meda mami, apan ta ingsun ugi, tan keana kapenceng ngayun, apan rada cugetan, panas baran putung ati, bok manawa sira Panji tan derana.
19. Lan malihe medaning wang, sandyan ta sira Panji, aweh
prentah marang ingwang, yen nora patut ing tulis, iku aku tan keni, sayekti sira sun suduk, wutah jaringanira, aku uga wong bambang pring, panas baran awanter amara tangan.
20. Yata mesem Rajaputra, pangandikanira aris, ingsun
sumangga ing karsa, apan iya sun turuti, nanging ta emas yayi, aja sira mantuk gunung, welasa mring pun gunung, welasa mring pun kakang, idhep-idhep sira yayi, pan prayoga atulung karamat bejat.
21. Mesem Kuda Narawangsa, kang manah kadya jinait, yata
Putra ing Jenggala, ingeseman mring Ki wasi, angles karaseng ati, Kuda Narawangsa muwus, lan maning Kasatriyan, medaku sun janji dhingin, bok manawa seli lawan kadangira.
22. Yen padha dhemen maring wang, pan aku wong anyelanthir,
aku uga nora kena, yekti padha sun ladeni, nadyan
sakehanea, amesthi ingsun ladeni, aku uga bocak ladak kaduluran.
23. Nadyan silih garwanira, Putrane Raja Kedhiri, dyan Dewi
Candrakirana, yen kasmaran mring mami, pasthi ingsun ladeni, aku wong bagus anulus, sanadyan sira uga, yen budi ingsun kembari, apan aku wani tandhing kadigdayan.
24. Ngandika Rajaputra, yayo Wasi Jayengresmi, lah apa
sakarsanira, apan ingsun anuruti, nadyan Si Sekartaji, lamun sira yayi ayun, ingsun dhateng sumangga, nora duwe ati serik, anging yayi sira aja lunga-lunga.
25. Mesem Ki Wasi ngandika, lan maninge Raden Panji, sakehe
kadeyanira, santana myang para mantri, Undhangana prasami, angidhepa marang ingsun, saosa karsaning wang, lan padha konen rersik, aku gething wong jalebut tan resikan.
26. Ngandika Rajaputra, mring santananira Panji, poma sakeh
kadanging wang, wadya sakeh para mantri, padha ngidhepa maring parenthahe ariningsun, Ki Kuda Narawangsa, padha sun prentahi yayi, Wasi sasat dewa Suralaya neka.
27. Tumedhak ing Kastriyan, yen pangraose kang ati, yata kang
para kadeyan, sadaya asaur peksi, tan lenggana ing kapti, nyaosi ing karsanipun, Ki Kuda Narawangsa, para kadeyan samya sih, ya ta mesem Wasi Kuda Jayengtilam.
28. Ngandika Raja Pinutra, nadyan silih awak mami, apan ta
kena suminggah, ing karsane yayi Wasi, yen tilaren upami, asuk sore ingsun lampus, lan haywa lunga-lunga, mung sira telenging ati, apan sira kang dadi panglipur brangta.
29. Riyak Kuda Narawangsa, Ki Satria nyalawadi, pan iku dudu mulih yayi, pesthi ingsun nuli lampus, mangsa aweta gesang, karane yayi mas Wasi, haywa lunga welasa dhateng pun kakang.
31. Nadyan mbenjing ingsun krama, apanggih lan Sekartaji, sira
ingkang anggendhonga, iya marang awak mami, besuk yen ariningsun wong asigit, yen siyaga sira ingkang basahna.
33. Kalamun ingsun den arak, sira ngapita ing kami, kalamun
aja adoh lawan ingsun, yen wus panggih upama, sira dadia pangarik, aja tebah mung sira kusumaning wang.
34. Yata anulya ariyak, mungkur Wasi Jayengresmi, lah iku dudu
rerasan, pan nora layak ing kuping, iku anyalawadi, Kasatriyan pangucapmu, yen kober marenana, aja mindho ngucap malih, aku wong aladak tur kaduluran.
35. Yen Sekartaji upama, aku kogawe pangarih, aku wong bagus
prawira, pesthi Dewi Sekartaji, kedanan maring mami, pasthine manira rasuk, mangsa wedia sira, baguse pan nora kari, sira putra ingsun trahing gulakentar.
PUPUH IX Dhandhanggula
1. Yata angling Wasi Jayengresmi, kasatriyan jejalukaning
wang, yen sira ngawulakake, sakeh remananingsun, saosana sore lan enjing, aja na ingkang kirang, jejalukaningsun, aku dhemen kampuh sawat, dhasar mori tulisane simbak mangsi, lah iku saosana.
2. Lawan paningset pathola wilis, lancinganingsun cindhe
jalamprang, tinaturangga kerise, ingkang tinatah murub, kandelane emas cinawi, landheyane pancula, ngungalan sinemu, akuluk kinanigara, datan arsa angangge jangkeping kalih, sapisan ingsun buwang.
3. Lawan ingsun dhemen asesumping, cepaka wilis ingkang
ginubah, sinukmeng tibeng bau, ingsun dhemen ganda kasturi, lah padha saosana, ganda ingkang arum, ingaran
Ngrancangkencana, angur atapaa bae, Rajaputra gumuyu, gujengan bae manira yayi, lah aja cecugetan, sumakeyan bagus, lan sumakeyan wong dinama, mengkak-mengkok sithik-sithik nuli mulih, lir rabi tetariman.
6. Alah iya ingsun kang nanggupi, nadyan wuwuha satus
mangkana, anging ywa ta mulih bae, welasan marang ingsun, wong abagus sadulur mami, ingsun tan betah pisah, lan sira wong rangkung, mesem Kuda Narawangsa, lan maninge aku anjejaluk Panji, yen ingsun arsa dhahar.
7. Lamun ingsun amundhuta bukti, selirira lan manggung
jaluk, lan maninge selirira, roro sisih anggawa badhak ngepeti, iya yen ingsun dhahar.
8. Aku uga Kasatriyan apik, dhedhaharan ingsun kawruhanaa,
saosan sega wangen, konen nosoh ping pitu, lamun wuluh sanggup ta yayi, anging ta arining wang, aja mantuk gunung, welasa maring pun kakang, lamun sira muliha ingsun ngemasi, mesem dyan Jayengtilam.
10. Kadeyanira Rahaden Panji, tumingal mring Kuda
Narawangsa, agegolong katrisnane, dene wong abagus tulus, datan wonten dipun wahoni, keras kang pangandika, grathul-grathul arum, linge amulet ing driya, kadya kembar lan sira Rahaden Panji, lir satu lan rimbagan.
11. Sira wau Raden Wukirsari, tumingal mring Kuda
Narawangsa, tan kena tinambak luhe, ana kraos ing kalbu,
miwah sira Rahaden Panji, anom denya tumingal,
busangkaning kang luh, ing manah saya kagagas, aningali Ki Wasi Anjayengresmi, tan sah kumejot ing tyas.
12. Angandika Wasi Jayengresmi, Kasatriyan ingsun atetanya,
iku ana rare bancer, kaprenah ta apamu, alah iya punika yayi, kadangingsun taruna, dene kasihanipun, iya Radyan Carangwaspa, Panji Anom iku arane ta yayi, lah ta akunen kadang.
13. Ki Undhakan Narawangsa angling, sun petheke Panji
dulurira, petheke Panji nyaleweng, pan iku tangguhingsun, rada iku tangguhingsun, rada mlincur sungkan ing kardi, yata Dyan Carangwaspa, alinggih tumungkul, lan maninge ingsun tanya, iku sapa kang kampuh gadhung malathi, pamingset cindhe kembang.
14. Iku yayi rine Sekartaji, Wukirsari Putra Prabu daha, lan
ingsun kaprenah ipe, lah akunen sadulur, yata manthuk Dyan jayengsari, sajroning wisma ana, ingkang wanodya yu, sarenteg pangawak dara, pamulune akuning amerak ati, kaprenah apanira.
15. Angandika sira Raden Panji, iya iku yayi kadanging wang,
wuragil wanodya dhewe, lah akunen sadulur, sira yogya kang memarahi, mojar Ki Narawangsa, iya sadulurmu, prayogane pinanggihan, Putra Daha mring Rahadyan Wukirsari, tan ana kang kuciwa.
16. Tansah kagagas sajroning ati, genya umulat Ki Narawangsa,
PUPUH X M i j i l
1. Sru gumuyu Raden Wukirsari, ragane memoyok, kados pundi
gen bucal wiyose, dhateng kakang nimbok Sekartaji, dadya warni esthi, kadang kula sepuh.
2. Latah-latah Wasi Jayengresmi, Kapingkel Sang Anom,
langkung suka angguguk guyune, ingsun sidhep sira nora asih, mring kadangmu estri, ya Si Gajah abuh.
3. Den waspada ing tingal kang ening, ywa mengeng pangilon,
awasena jroning paesane, tanpa katon amung kang ningali, yen dereng udani, akonen reraup.
4. Mesakake kadangira estri, iya Wukirsinom, paran olihira
ngundang Raden, kang kelangan pan sira pribadi, nadyan warna babi, jer kadangmu sepuh.
5. Sira lanang yogya den tangisi, pan ika wong wadon, kang den
kasihi mung sira Raden, sira kang yogya den gegandholi, sira Sekartaji, mengko mundhak kukuh.
6. Lamun sira langkungana tebih, gegawanmu abot, lah cekelen
dhadhungen gulune, momotana ambene den becik, bok medhaot ing margi, dhadhungen ing eduk.
7. Lan gulune wehana kalinthing, lawan gentha loro, dimene
rosa momotane, panirike riakate ngluwihi, yen ana wanadri, watek klinthing krungu.
8. Pelananana dipun ainggil, wehana pepayon, silih den becik
iya ambene, apus buntute sangkelat abrit, yen yun anunggangi, anyekela apus.
9. Dyan winarna sira Sang Apanji, datan geguyon, apan
sakalangkung pasihane, maring sira Wasi Jayengresmi, tan pisah sanyari, lan Sang Narpasunu.
10. Kawarnaa Dewi Sekartaji, kang ana kadhaton, tansah
amboyoing sarirane, wau kang arsa binayangkari, linadenan cethi, atap munggeng pungkur.
PUPUH XI P a n g k u r
1. Tansah ngadi-adi warna, Sekartaji besuse angliwati, binonyo
3. Ingayap kang para inya, angandika Ni Dewi Sekartaji, biyang aku apa patut, olehku awiraga, besok aku yen ketemu kakang brangus, lamun aku linggih jajar, ni inya turira aris.
4. Kalangkung dening sembada, kadi Kamajaya lawan Ratih,
asuka Sang Dyah gumuyu, sanget ajukakaan, pantes pisan apan aku Raden Galuh, ingwang Ni Candrakirana, Putri Adi ing Kedhiri.
5. Enya biyung ingsun ganjar, iwak empal iya gegadhon mami,
pawongan suka gumuyu, angling Candrakirana, lah
sawangen aku biyung dhenok tanggung, sarenteg pangawak dara, jager-jager merak ati.
6. Baya ta nganti punapa, aku iki pinanggihaken maning, kudu
nganggo ebol ngasu, iya mangsa bedaa, nora betah ingwang, pisah lawan kangmas Panji.
7. Jamak jenenge wong tuwa, lamun arsa angrengga wong tuwa,
lamun arsa angrengga kaya dhingin, ginansarena ing laku, lawan anganti apa, nora arep nuli momong putu bagus, kuning balengah-balengah, tur lanang den kekuciri.
8. Apa nora bungah lawan sun liling-liling, pawongan suka
gumuyu, apan sarwi angiwa, pan kapingkel saweneh angucap, nora kayaa Sang Putri.
9. Panggihe durung karuwan, Putranipun kinudang-kudang
dhingin, umur kawan dasa dalu, ujare kasundhulan, lagi mengko gawok tumon nora tau, apa nora bosen mana, rong sasi babar ping kalih.
10. Angling Ni Candrakirana, iya benjang biyang yen aku uwis,
temu lawan kakang brangus, aku agandhang-gandhang, bari aku alembehan lengkung-lengkung, nuli ingemban tan kelar, sinelehaken ing wentis.
11. Kakang brangus semu payah, teka seba aku welas ningali,
aku mundhut cindhe gupuh, kakang brangus sun emban, aneng latar mider ing pethetan darung, sun kebuti kepet Cina, tur bari sun sesindheni.
12. Lagi eca paguneman, Raden Wukirsari malebeng puri,
angandika Raden Galuh, kene yayi linggiha, Raden Wukirsari majeng awot santun, suka Ni Candrakirana, mojar sarwi
matur Raden Wukirsantun, kakang bok tur kawula, sampun dika sok andhandhang age temu, sampun angucap mangkana, awon pinyarsa pawestri.
15. Andika Putraning Nata, pan memirang jenenge wong
kakang embok warna paduka yu punjul, mangke salin warna rumaos kalamun wirang kalangkung, dika kang darbe sarira, punapa tan nedya kingkin.
PUPUH XII Asmaradana
1. Angling Dewi Sekartaji, lah uwis sira merada, aja sira aneng
kene, lamun tan bisa tumingal, maring sariraning wang, menenga aja amuwus, tur sira kaperadangan.
2. Yata Raden Wukirsari, lengser saking ing ngajengan, tur
sarwi nebah jajane, saha waspa adres medal, gawoke manah ingwang, ingkang becik tan tiniru, aku uga tan pedahan.
3. Ngilangaken dhog sawiji, nora idhep kadang tuwa, lamun ala
pambekane, lah ta ginawe punapa, dumeh kadangku tuwa, pan aku nora gegetun, modara dipangan buta.
4. Wau Raden Wukirsari, lajeng dhateng Kasatriyan, marek
dhateng Sang Wiranom, mapan ta Raja Putra, akasukan bebeksan, ing siyang dalu anginum, lawan kang para pinutra.
5. Raden wasi Jayengresmi, lagya malebet ing pura, lajeng
anjujug kaputren, enggone selir bedhaya, Laju ing dalem pisan, tumingal ing para arum, Ki Wasi tansah jejawat.
6. Kagyat sagung para manis, den nyana Raja Pinutra, pan sami
tumurun kabeh, dene Kuda Narawangsa, warnane kaya kembar, lawan Raden Marabangun, pasemone apan nunggal.
7. Tumingal kang para manis, lamun Ki Wasi kang prapta, pan
sareng gumuyu rame, apan sampun ingaturan, Undhakan Narawangsa, angandika manis arum, sun tingali para sekar.
8. Dene padha rubung iki, apa ta ingkang ginarap, para selir
matur alon, apan daweg amerada, kampuh penganyar-anyar, anging silih dereng sampun, angling Kuda Narawangsa.
9. Olehira anenungging, kaya cinakar ing ayam, nora patut dadi
wadon, angur padha cawetana, kambi amikul kranjang, lan aja anganggo pinjung, yen ora bisa merada.
10. Mojar sagung para selir, wong agung waged punapa, amung
nandur kenthang cegkeh, nandur kimpul matun gaga, pantune wong aladaka, karyane amadung kayu, mengko sanggup bisa mrada.
11. Saweneh mangkya silir anglir, Ki Undhakan Narawangsa,
bangkita, iya wantune wong gunung, mangsa Si angungkulana.
12. Goningsun mangke nenungging, sigra Kuda narawangsa,
mundhut kampuh pinaraos, para selir duk tumingal, sami
samucang jambe, prandene oleh sakebar, gawok ingkang tumingal, lingsem sakeh para arum, sami tumungkul sadaya.
15. Apan kadya den rewangi, ing widadari Kaendran, Ki Wasi
genya meraos, angling Kuda narawangsa, lah padha awasena, sanadya aku wong gunung, aku wignya amerada.
16. Ki Wasi Anjayengresmi, samana binondhet kampuhe, mring
sira Dewi Onengan, lah kakang sampun kesah, kawula andika wuruk, tingkahing wong amerada.
17. Kawula dereng abangkit, gumuyu dyan Jayengtilam, apa
gawemu wong wadon, nora bisa amerada, angur sira bengkata, katungkul undi lan ujung, lan angur cecawetan.
18. Gumuyu Ni Ragilkuning, ingkang raka cinethotan, Ki
Narawangsa wuwuse, dhingin yayi ipenira, Dewi
Candrakirana, apa ora amemuruk, yayimas marang ing sira.
19. Ujare Putri Kedhiri, waged salir kabudayan, jare wasis nenun
songket, yayi nora guru kuna, matur Dewi Onengan, inggih kalane karuhun, wasis salir pagaweyan.
20. Lan ing mangke malih warni, pan sampun lali sadaya, jugul
sakatahe gawe, merada malih bisaa, angantih nora bisa, Ki wasi suka gumuyu, mirsa ature Onengan.
21. Mara sira sun warahi, lah Onengan awasena, enggoningsun
ameraos, yata wau winarahan, mring Kuda narawangsa, sinambi amaca Kidung, rengeng-rengeng ura-ura.
22. Suka tyase ragilkuning, sampun genya amerada, Ki Wasi
anulya tinampen, mring Undhakan Narawangsa, aris kang pangandika, iki yayi pawenehmu, jambe suruh lawan sekar.
25. Sun wehaken Wukirsari, apan iya ingsun warah, lamun sira
26. Angling Wasi Jayengresmi, lah aweh nora awehna, apan ingsun wenehake, mring Raden Wukirkusuma, sun wewehira, mendah silih bungahipun, yata Ni Dewi Onengan.
27. Matur sarwi awor tangis, pundi kakang Narawangsa, pan
gadhahan kula dhewe, nora lila nora suka, jambe sedhah lan sekar, nora lila trus bebalung, den wenehana wong Daha.
28. Mesem Kuda Jayengsari, apan masih kinukuhan, anulya
rinebut bae, marang Ni Dewi Onengan, sarta asemu waspa, pundi kakang darbeking sun, sampun dika gegujengan.
29. Boten neja tan angimpi, aweweh Putra ing Daha, dene
eman-eman jambe, tan darbe kadang wong Daha, dhateng Wukirkusuma, dadya udreg Sang Raetna yu, rame denya arebutan.
30. Kukuh Kuda Jayengresmi, mojar Ni Dewi Onengan, sampun
dika ageguyon, lah pundi darbek kawula, kakangmas
Narawangsa, niayanipun kalangkung, ujare mundhut
piyambak.
31. Mangkya arsa winehken mring, Wukirsari kula dahat, tan lila
kuda turake, dika marang kakang putra, temah dika dinukan, Kuda Narawangsa muwus, lah mara yayi matura.
32. Mapan aku nora wedi, mring kadangmu Kasatriyan, yen
tinundhung aku mulih, nora kudu angawula, marang ing kakangira, Dewi Ragilkuning rengu, sarwi angucap Srinata.
PUPUH XIII S i n o m
1. Lumayu Dewi Onengan, amatur Rahaden Panji, Sang Retna
sarwi karuna, parpteng raka anungkemi, Ki Wasi
Jayengresmi, kala wau amemundhut, jambe sedhah lan sekar, basane arsa ningali, wang kasukan kawula aturi sekar.
2. Rokok lawan jambe sedhah, sareng sampun den tampeni,
inggih dhateng rayi tuwan, Ki Undhakan Jayengsari, karsane ta puniki, pinaringaken Wukirsantun, kawula boten suka, nunten kula rebut wani, rayi tuwan akukuh pan boten suka.
3. Angandika Rajaputra, yayi Wasi Jayengresmi, sira haywa sok
bebeda, mring arinira Ni ragil, mesakaken sok nangis, lah
wenehna darbekipun, bocah rada ugungan, Kuda
Narawangsa angling, nora aweh ya darbeke arinira.
4. Apan si Ragil Onengan, ingsun adu ngambangsari, kalawan
Putra ing Daha, ingkang aran Wukirsari, lah iku karsa mami, paran karepira iku, lamun sira runtika, apan ingsun nora wedi, yen kotundhung aku mulih marang arga.
5. Nora kudu ngawula, angur baya aneng wukir, gelem nora
agelema, ingsun adu lambangsari, pan iku karsa mami, Kuda
Narawangsa muwus, Wukirsari nyaika, pawewehe
6. Tinampan adherangkalan, inggih kakang trima kasih, mesem Kuda jayengsari, anulya wangsul malih, sarwi ngoglengaken dhuwung, sinered koncanira, mesem tumingal Sang Panji, esemira ing manah asemu brangta.
7. Pan sampun tata alenggah, angandika Raden Panji, lah ya
yayi bebasahana, pan ingsun arsa udani, lah pilihana yayi, iya sakeh kampuhingsun, mara yayi Onengan, sira anjukuka pethi, sakeh kampuh saosna ing kakangira.
8. Kang kampuh wus pinilihan, sadaya sami tinampik, mring
Undhakan Narawangsa, tan ana den karemeni, singgahna Ragilkuning, tan ana senenga iku, nora mambu yen Putra, kekampuhe nir tan apik, masih nistha carobo kaya wong desa.
9. Cacak Kuda Narawangsa, sanadyan aku wong wukir, konen
anganggo tan arsa, yen sun watara ing ati, pasthi yen anggudhigi, dadi pathek lan wewudun, rahadyan kasatriyan, gumujeng atutup lathi, apik temen yayi Kuda Narawangsa.
10. Onengan sira jupuka, kampuh ingsun kang sumampir,
pasarean ingkang wetan, bathikane Sekartaji, olehe bathik dhingin, dhapure sawat jalengut, tatkala pepasihan, apan sinambi ambathik, lan paningset iku sira jupukana.
11. pan sampun katur ing ngarsa, saksana dipun tampene, mring
Undhakan Narawangsa, ingkang Wasi Jayengresmi, lah iki dhemen mami, sanajan amoha ajur, sanadyan tetambalan, apan ingsun golong pikir, cilik mula kang sun dhandhang ngrujit santun, tuhu wignya angegubah, langkung pelag rerujitane Ki Wasi, tan ana kang kuciwa.
2. Tan adangu ponang sumping dadi, araning gubah sinukmeng
guna, tibeng jaja jaja angeronce, Ki wasi alon muwus, lah Rahaden Panji, tansah grahiteng nala, paran semunipun, yayi Kuda Narawangsa, dene silih apike kepati-pati, butarepan isinan.
4. Teko nora keduga ing ati, yayi Kuda Wasi jayengsekar, bagus
klabang kapipitan, kekepuhe dinulu teka mantesi, wewiron layu anyang.
5. Sasolahe teka gawe brangti, kunca panjang anerampat lemah,
sinadhung-sandhung kampuhe, panisetipun ukup,
alancingan cindhe kinawi, linudhing prada jenar, handanya mrik arum, ajejamang kinatipa, asesumping sekar sumarsana wilis, roronce tibeng jaja.
6. Lelampahane macan angelih, lelembehane koraken kontal,
dene oglengake dhuwunge, sampun alenggah muwus, lah sawangen Rahaden Panji, gen ingsun kekampuhan, pasang rakitipun, aku wong bagus utama, ladak terus lah mara tandhingen ugi, lawan kadeyanira.
7. Nadyan aku silih wong ing wukir, apan aku wignya
bebasahan, mampuni ngaguna kabeh, Raden Putra gumuyu, teka semu wiyadi galih, yayi-yayi manira, pan wus bagus terus, yen ta dadia wanodya, nora larang yen dentohi lara pati, manise esemira.
8. Pasthi sira yayi sun ngengeri, mangsa kaliha panyiptaning
wang, mung sira gustiku dhewe, sedhot Ki Wasi mungkur, sarwi riyak denira angling, Panji pangucapira, liwat nora patut, yen kober memarenana, gething temen angucap anyalawadi, karya wijiling waspa.
PUPUH XV M i j i l
1. Wong Kasatriyan jalu lan estri, sami masang praos,
sawarnane wus adadi kabeh, Buda Cemengan dinane mangkin, yun binayangkari sira Raden Bagus.
2. Para pawongan kalawan selir, manahe anggolong, lir sekar
sataman busanane, kalamun tinon awarni-warni, busanane adi, pan jejel supenuh.
3. Pan gegaman sumaos ing Jawi, abra lamun tinon, kang
wahana wus sumaos kabeh, pun Dhalang Antepan kang turanggi, wus den busanani, lir pendah andaru.
4. Kawarna wau Raden Panji, angandika alon, marang Ki Kuda
anyaosaken ing wahanane, gegamane sri budhal kariyin, dene warni-warni, swaranya gemuruh.
7. Pan anitih panggritan Sang Panji, busanane kaot, pan pinatik
8. Ki Narawangsa nitih turanggi, busanane abyor, pun Dhalang Antepan kekasihe, pinayungan Raden kretas kuning, kalamun liniling, tuhu yen binagus.
9. Munggeng ngiringane Sang Apanji, ginarebeg ing wang, kadya
kembar lan Raden Putrane, payung agung samya amerapit, badhak kanan kering, jajar aneng ngayun.
10. Kembar mayang samya amerapit, kang bekta wong anom,
umyang sarta lawan gegamane, ingkang munggeng kanan lawan kiri, dene angerangin, gamelan neng pungkur.
11. Sesak jejel ingkang pinggir margi, tingkahe wong nonton,
datan kawarna wau lampahe, sakathae wong kang neningali, samya abebisik, lawan baturipun.
12. Ingkang saweneh jawil-jawil, endi Raden Sinom, baya ingkang
nitih kuda kae, ingkang pinayungan kertas kuning, bature nauri, apan iku dudu.
13. Ika Ki Wasi Anjayengresmi, teka gunung ika ta asale,
kawarnaa Wasi Jayengresmi, samargi sasirig, solahe abagus.
14. Ing paglaran apan sampun prapti, lir gerah ponang wong,
warna-warna tontonane akeh, sampun tedhak wau Raden Panji, Wasi Jayengresmi, pan sampun tumurun.
15. Astanipun pan sampun kinanthi, lumebet ing para selire,
Sadumulur, Prasanta tan keri, kang aneng jro puri, sakeh para arum.
16. Kawarnaa Dewi Sekartaji, ingiring ponang wong, kaya nuli
kapanggiha age, apa watu Rahaden Apanji, neng ngarsa Sang Aji, Srnata umulung.
PUPUH XVI S i n o m
1. Wus kinanthi Raden Putra, ing Rama Sri Narapati, sira Ni
Candrakirana, ingkang abusana adi, kendhit rineka rukmi, ajamang lawan kekalung, abadhong kebo menggah, kelat bau lan salumpring, lir danawa rinengga lawan busana.
2. Sekar adi kinitiran, panunggul jumanten wilis, sumping
asekar kancana, wajanira den kinangi, tinon lir banaspati, nyerodog sesinomipun, sakeh busana sesak, sengkang lobok den ganjeli, akeh putung busana sesak sadaya.
3. Dariji kadi baludag, labet kenging ali-ali, ting pathentheng
tiningalan, kasaru sang Nata prapti, malebet kenyapuri, akaliyan sang abagus, Ni Sekartaji mulat, amasang guna pangasih, pan mangkana ubangginira kasihan.
4. Manukku teka ing Sabrang, arane Si Dhandhang Putih,
5. Sigra nambut Raden Putra, dhateng Dewi Sekartaji, sira kusuma ing Daha, angrangkul dhateng ing laki, nyata benthing kakang brangus, sang kakung sigra ngaras, kadya puyuh ganti-ganti, Raden ngaras Sang Putri males angaras.
6. Ki Undhakan Narawangsa, mengo gumuyu tan sipi, iduriyak
sarwi mojar, nora bakal Gunungsari, cobane dewa luwih, prit gantil laki bebeluk, gegere Suralaya, Jawata padha angili, ing Jenggala ana udan salah mangsa.
7. Sami mesem tan anduga, ing semunira Ki wasi, sakehe para
padhekan, amicara jroning ati, baya ta wus pinasthi, lamun jatukranipun, Ki Putra Kasatriyan, kalawan Putri Kedhiri, aprasasat karembeng laki kusuma.
8. Ki Sadulumur agita, Dhoyok, Dhoyok padha titir, gustimu
ginawa buta, wewetur baya nusoni, yata Ki Jayengresmi, samana suka gumuyu, paman lan gustinira, sira tulungana aglis, menek putung igane Si Kasatriyan.
9. Langkung suka Sri Narendra, kang putra kinanthi kalih,
munggeng kanan Raden Putra, munggeng keri Sang Suputri, Sang Nata sampin mijil, ginarebeg para arum, Sang Nata pinayungan, upacaranira asri, ting palancur tinon lir sekar sataman.
10. Gumuruh ponang gamelan, angrok aswarane gong beri,
kapirsa lir gunung rebah, awor pangriking turanggi, sigra Sang Putra kalih, ngubengaken ngalun-alun, bungah tyase Sang Nata, ningali wong sanagari, raden Putra ingayap mubeng ing kitha.
11. Kadi sarah tiningalan, angraket ing toya mili, gunung menyan
rerimbangan, plenthungan kang metu roti, menyan madu kang adi, lapake sami rinebut, gempur kang pepanthanan, rinebut ing wadya alit, Sri Narendra abungah marwata suta.
12. Datan Kawarna samana, pinarak ing pancaniti, Sang Prabu
Cintakapura, Putra kalih pan sinandhing, sagunging Prameswari, sumawana para mantu, sami andher ing ngarsa, punggawa myang para mantri, sumawana pramanca para santana.
13. Lumintu ponang dhaharan, ingkang saking dalem puri, sang
Nata sampun adhahar, tanapi pra dipati, miwah punggawa mantri, sadaya dharan sampun, tanapi para Putra, sadaya samya abukti, lintang suka wong agung Cintakapura.
14. Apan sampun ingidenan, wau ingkang Putra kalih, Sang Nata
alon ngandika, kaki Putra Nini Putri, sira ingong lilani, tulusa atut arukun, oyoda arondhona, heh sagunge Prameswari, aturana Ki Putra malabeng pura.
15. Wus prapta ing dalem pura, ginarebeg para cethi, Prabu
16. Tan kawarna solahira, Ki Putra kalangkung asih, marang Sang Putri ing Daha, lapake kena piranti, Ki Putra sampun kering, budhal ing Kaputran sampun, Sang Nata atut wuntat, malah kongsi pitung latri, siyang dalu anggung gawe akasukan.
17. Raden Putra pepasihan, langkung denya welas asih, ningali
Candrakirana, kalangkung reseping galih, kadya awor jro ati, siyang dalu galang-gulung, sakeh kadang kadeyan, amicareng jroning ati, memanise Jenggala binawur dewa.
PUPUH XVII Dhandhanggula
1. Kawarnaa wau Sang Apanji, Inupati Putra ing Jenggala, lagi
binawur tingale, sampun samadya tengsu, genya panggih lan Sekartaji, siyang dalu kasukan, neng Kaputran Kidul, sagunge kadang kadeyan, pepak kabeh akasukan siyang ratri, aneng ing Kasatriyan.
2. Ki Undhakan Narawangsa angling, gawok temen aku man
Prasanta, jaman ing Jenggala kene, wong rupane lir lumbung, ambedhawang yayah memedi, angaku Putri Daha, iku sakaningsun, Kasatriyan reraupa, gajah abuh sira rungsum saben wengi, dinalih bok Kirana.
3. Ki Lempungkaras riningsun yayi, atanapi Ki Wukirkusuma,
ngobonga merang sagedhang, wasuhen sadulurmu, kosokna dipun baresih, dene Si Kasatriyan, manahe kalurung, sakehe para santana, atanapi sira Rara Ragilkuning, wasuhen kadangira.
4. Anggoleka dhedhukun kang mandi, tulakana kadangmu Ki
Putra, satriya bileng manahe, gawoke atiningsun, sadulurmu Wuragilkuning, kaya kena ing guna, bawur manahipun, gajah abuh alelewa, paran dene dinalih Putri Kedhiri, baya kalingan apa.
5. Baya sira nora wirang isin, bagus anom dalem Kasatriyan,
pepakune jagad kabeh, arabi gajah abuh, paran dene tresna kepati, Ki dalem Kasatriyan, wong busung malembung, dinalih Candrakirana, lagi mengko Putri Adi ing Kedhiri, apindho bula lola.
6. Nora bisa aku amiringi, rabinira biyada ing Daha, ingsun
salokani bae, agina pada iku, tegesipun kang pada sikil, tegese gina iya, asaru dinulu, sikile dubug kaliwat, watarane sungkanan doyan yen bukti, anggilot yen asonja.
7. Kaping kalih ana sun panceni, rabinira agina wadana, aja
kaliru artine, gina saru dinulu, pan wadana uwis mantesi, biyadane wong Daha, katambeng dinulu, talapukane sadhepa, watarane wani ujar wani isin, iya doyan anendra.
8. Benjing malih yen sira arabi, amiluha wanodya kang kenya,
wadana ening, kaping kalih kekuba, paking tiganipun, tegese wanodya kuba, anglar wijang dinulu lir golek gadhing, sugih bawa leksana.
10. Kaping tiga Kasatriyan malih, tegese wong pada macarana,
alus alurus padane, alembut dagingipun, watekipun kebat ing kardi, sagunaning wanodya, pasthi lamun putus, manah katareng ing pada, jaba alus yekti jerone manceri, rasakna Kasatriyan.
11. Kaping pate Kasatriyan malih, tegese wong inyuk ing wadana,
gandes luwes sapolahe, genge lan dedegipun, pan sembada akarya brangti, ana wadon pideksa, leksanane agung, rabine Si Kasatriyan, buta lola lamun menggaha turanggi, napas wijil kaduwang.
12. Nanging ana wekasingsun maning, Kasatriyan iya maring
sira, paduwa welehan bae, lamun lunga anglurug, rabinira Ni Sekartaji, aja ta sira gawa, poma wekasing sun, bokpahilan neng lurugan, watarane rabinira neniwasi, ebekira binakar.
13. Yen menggaha kaya awak mami, eman aran Kuda
Narawangsa, wewasi Jayengresmine, pan ingsun lare gunung, tau mangan uwi gembili, prandene datan sotah, andulu garwamu, sira tan mambu Satriya, gajah abuh prandene sira karsani, gumejeng Raden Putra.
14. Saya langar sira sun arani, ya yayi Undhakan Narawangsa,
saya dahat pamoyoke, nadyan warnaa lumbung, yayi Dewi Putri Kedhiri, yekti karsane dewa, jatukramaningsun, Ki Undhakan Narawangsa, nulya riyak wacana arum amanis, mendem Si Kasatriyan.
15. Age sira mulia den aglis, manawa runtik Putri ing Daha, iki
teman bubrah kabeh, wateke Sang Dyah ayu, yen ameta lir gelap muni, bubarken wong sapasar, Ki Putra gumuyu, angelu sirah manira, pijetana yayi Wasi Jayengresmi, kaya mendem waragan.
16. Pijetana yayi sirah mami, kaya waras yen sira pijeta, Ki Wasi
18. Yen menggaha kaya awak mami, den pijeta marang rabinira, pasthi cecengelku pathol, kaya gedhang galuthuk, darijine Putri Kedhiri, anging ta wekasing wang, Kasatriyan iku, aja kokon ngidak-idak, bok kapareng putung iganira mati, mendahe Putra Daha.
19. Radyan Putra wau anauri, nora tau mijeti maring wang,
lawase salin warnane, ingong wegah andulu, darijine ageng kepati, Undhakan Narawangsa, asuka gumuyu, kaya uwang Kasatriyan, idhep bener pantese Putri Kedhiri, wong edan aneng pasar.
20. Nora bisa aku amijeti, lamun sira karsa Kasatriyan, ingong
wei ganten bae, mojar Ki Narabangun, langkung karsa yayi mas Wasi, sampun sinungan gantyan, sira Sang Abagus, anulya wau kininang, amicara asekti yayi mas Wasi, sumrah ingkang sarira.
21. Gumregeten Ki Putra ningali, maring sira Kuda Narawangsa,
sigra cinandhak astane, Raden Putra amuwus, dhuh Ki Wasi sadulur mami, yayi sira ngong aras, bari ingsun rangkul, mung sira woding wardaya, Raden Putra kinipataken tansipi, dhateng Ki Mas ngaldaka.
22. Ki Undhakan Narawangsa angling, baya wuru sira
Kasatriyan, sira iki wuru genje, kudu wutah ususmu, ingsun suduk kalawan keris, pan aku padha priya, apan sira ambung, aja juwet Kasatriyan, nora wurung mengko sira sun suduki, jen juwet pagujengan.
23. Ki Undhakan Narawangsa angling, sun turuti Kasatriyan,
wateking ngong salawase, panasbaran kalangkung, nora kena ungkulan budi, ingong palaur pejah, lumuh wirang ingsun, nadyan aku wong gununga, nora tau aku nandur wi gembili, wong ladak kuwarisan.
24. Kasatriyan lah muliha aglis, anoleha kang aneng wantilan,
selak metu kasturine, Raden Putra gumuyu, Ki Undhakan denira angling, asuka gegujengan, padu welehipun, sira Raden Kasatriyan, garwanira Putri adi ing Kedhiri, age abagus jana kang ngepek-empeki, Kang Brangus pan taruna.
PUPUH XVIII S i n o m
1. Kusuma di ing Mamenang, pin priyembada ing laki, kawula
kang aneng langening sari, abdekena pun Undhakan wireng
3. Ki Wasi asru sumela, asih temen maring rabi, priyayine wong
Jenggala, kang lagi akaron resmi, asawang Dewi Ratih, lawan Kamajaya nurun, baya karsaning dewa, wagede alaki rabi, nembe tumon inten embane timah.
4. Baya geger Suralaya, widadara – widadari, padha marang ing
Jenggala, ningali wong laki bebeluk, karane ing Jenggala, pailan alarang bukti, eling-eling polahira Kasatriyan.
5. Lah mangkane Kasatriyan, wong angunngrum maring rabi,
sembada lan garwanira, becik pinyarsa ing kuping, pantes
ingkang ngawaki, lan ora kuciwa semu, mangkene
Kasatriyan, wong angimur maring rabi, lah tirunen ujaring Kasatriyan.
6. Biyadane wong Mamenang, asawang retna kuwali, wong
kuning asawang nila, arum apindha terasi, mancorong kuning mangsi, iki si wong manyul-manyul, wong dhenok
kendherekan, wong jahit amemedeni, mangkunoa
pangungrummu Kasatriyan.
7. Menek kurang Kasatriyan, iya sun wuruki maning, biyadane
wong Mamenang, wong ademes manis babi, ratu mas merak ati, kang asawang lutung buntung, wong cilik pedhawangan, wong awingwing kaya anjing, yen ngujiwat singa kang mulat.
8. Saya suka latah-latah, Ki Wasi Anjayengresmi, mutung Ni
Candrakirana, miyarsa wuwus ing jawi, asru denira angling, lah tundhungen kakang Brangus, si asu Narawangsa, wani-wani nyenyemoni, belis setan si dikethok Narawangsa.
9. Nora suka nora lila, ayuningsun den poyoki, lah iya asu
ngaldaka, teka apraja Kedhiri, sun matur Rama Aji, sun kon ngethok endhasipun, sun kon gawe kusingan, jer kena ing walat mami, saya asru tangise Candrakirana.
10. Wong agung ing Dhawuhmarma, mesem sarya ngarih-ngarih,
kusuma piyarsa, wuwuse yayi ing wukir, dereng wruh ing dedugi, sembranane ta kalangkung, sampun ningali liyan, mung ingsun dulunen yayi, iya uga rare durung wruh ing krama.
11. Ki Undhakan Narawangsa, ariyak wacana manis, lah
pondhongen rabinira, dimene mari anangis, kang ayu rungih-rungih, balebegen kuping ingsun, Kusuma yu ing Daha, kang dadi rasane lenjing, mangkenea pangungrumu Kasatriyan.
12. Yang-yang dewane papraman, Kusuma yu ing Kedhiri, yen
13. Sira Ni Candrakirana, amicara jroning ati, saenggone nyata ala, junjung ngatebaken mami, wiwitan abecik, wekasane nora patut, angling Ki Narawangsa, garingsing tan mawi nitik, sun badhea kacomplongan ngemu brangta.
PUPUH XIX Asmaradana
1. Raden Putra ngarih-ngarih, wacana pait kilang, adhuh sang
murtine sinom, Kusuma sampun pinyarsa, wuwuse adhinira, apuranen dipun agung, dhateng Ki mas ing ngaldaka.
2. Anging tingalana mami, kang tansah angestu pada, dhateng
sang murtining sinom, ingkang mindha Wilutama, amung sira Kusuma, gusti huswa kula katur, dahteng Kusuma Memenang.
3. Kuda Narawangsa angling, iku luput Kasatriyan, rungrumen
mangkene bae, adhuh minggata keparat, kang sawang
bedhawangan, ingkang memper ilu-ilu, musthikaning
pamenggahan.
4. Sira Dewi Sekartaji, mothah aneng pasarean, Ki Putra
ngandika alon, ariningsun Lempungkaras, payo
wewayangana, Pamrihipun Raden Galuh, lipura aja karuna.
5. Kadeyan sadaya cawis, kothak lawan gadebogan, wus tinata
gamelane, cecepretlan sulingira, gambang lan calapita, rebabe lawan calempung, gender lawan gambang gangsa.
6. Pepak sasamitana sami, calempung saron lan kendhang,
kethuk kenong lan kongsine, rongseng kalawan sanepa, sapyan lawan kemanak, pepak ponang ricik agung, kadeyan sami gamelan.
7. Sira Raden Wukirsari, anabuh salukat membet, Ki Punta
anabuh egong, Ki Kertala nabuh kendhang, Ki Pamade anggambang, Ki Prasanta anyalempung, Ki Sadulumur angrebab.
8. Apan sampun masang kelir, sira Raden Lempungkaras, wus
sinuled balenconge, apan sampun nyepeng wayang, kekayon wus pinasang, Ki Carangwaspa wus manggung, wus munya ponang gamelan.
9. Kathah ponang kang ningali, padhekahan Kasatriyan, tuwa
anom lanang wadon, sami ningali sadaya, sami rebat panggenan, Raden Carangwaspa lungguh, nulya medalaken wayang.
10. Apan sampun lekas ngiringiti, amiyosaken kekeran, Panji
Sinom lelakone, Ki Panji Sinommerdapa, kala kinarya duta, anglurug nagareng mungsuh, Panji Sinom amerdapa.
11. Anulya dipun terusi, maring Ki Putra Jenggala, amelas asih
12. Ki Wasi Anjayengresmi, Ki Undhakan Narawangsa, Ningali sarwi sesindhen, gumuyu sarwi ariyak, majeng dhateng ing
ngarsa, sarwi ngarepaken panggung, mojar Kuda
Narawangsa.
13. Lempungkarsa sun waoni, plehira wawayangan, apan ala
sesemune, lah mundura Lempungkaras, ingsun arsa awayang, wewayangmu kurang semu, kaya dhedhalang gorekan.
14. Anulya lekas angringgit, Ki Undhakan Narawangsa, sampun
akarya lelakon, anenggih lelakonira, kala Putra Jenggala, amendhem sariranipun, asuwita ing Ngurawan.
15. Malah dipun tarimani, mring Sang Prabu ing Ngurawan,
ingkang kinarya garwane, awasta Retna Cindhaga,
Wadalwardi wau pinagku, kalangkung dening kuciwa.
16. Dening Putri ing Kedhiri, aneng nagari Ngurawan, amendhem
kula lakune, aneng nagari Ngurawan, awisma padhusanan, mangkana lelakonipun, Ki Wasi denya awayang.
17. Tan pegat genya miringi, Ki Undhakan Narawangsa, sinawur
sarwi sesendhon, mangkana parikanira, jaewana Ki Putra, dene goyang manahipun, ana wong ngaku Kirana.
18. Janur kuning sun wastani, priyayine wong Jenggala, ingsun
pupus mesakake, warnane lir Komajaya, garwane
bedhawanawang, selaka bang manjing dhuwung, papatahe kena guna.
19. Sakathahe kang ningali, sadaya sami kasmaran, aningali
pamayange, maring Satriya ngaldaka, sembada polahira, kathah kacaryan kang dulu, lir gerah wong kasinom.
PUPUH XX S i n o m
1. Yata Kusuma ing Daha, alara denira nangis, wus duga yen
sinemonan, mring Ki Wasi Jayengresmi, amicara jroati, kethek gunung asu gunung, wewayange wong edan, amiringi maring mami, lah tundhungen si gunung aja weh wayang.
2. Mangkana Raden Putra, angimur dhateng kang rabi, Kusuma
sampun pin-yarsa, atur kawula dewasih, dhateng ing yayi Wasi, prasasat tan wruh ing semu, yayi mas ing ngaldaka, pinadhakna rare cilik, saujare Kusuma sampun pin-yarsa.
3. Ki Undhakan Narawangsa, tan kandheg denira ngringgit,
kaget miarsa karuna, yen Putri Kedhiri nangis, Ki Wasi aningali, balencong sarwi binandul, Putri wong Mamenang, wadung pari sun wastani, kaniaya andukani wong awayang.
4. Mangkana Rahaden Putra, maksih angimur ing rabi, Kusuma
5. Mangkana Sang Putri Daha, sakeca denira guling, Raden Putra ing Koripan, alon lampahe aririh, arsa ningali ringgit, sarwi ngoyog keliripun, mojar ki mas ngaldaka, sapa wonge ngoyog kelir, lah lungaa angegeti wong awayang.
6. Angandika Raden Putra, iya yayi Jayengresmi, yayi emas ing
ngaldaka, suwe temen sun tingali, lah ta lerena yayi, apan sajenira agung, dhahara pepanganan, Kuda Narawangsa angling, aku uga dudu wong kang karangsangan.
7. Mojar Kuda Narawangsa, aja ngoyog-oyog kelir, aku pan lagi
awayang, pagene sira regoni, mengko sun perang keris, atemah tugel tanganmu, sataun nora waras, tatune kerisku mandi, yen grumpunga eman bae Kasatriyan.
8. Mangkana Rahaden Putra, anulya nyekel cempurit, mojar
Kuda Narawangsa, tembung laku sun wastani, sun perang keris mami, jarijinira arempu, setaun nora waras, wurung mati sida kithing, yen kithinga eman bae Kasatriyan.
9. Angandika Raden Putra, mung sira sadulur mami, agesang
tekeng delahan, nora duwe kadang malih, mung sira woding ati, wong bagus putus ing tembung, upama wanodyaa, kembang biru mungging tegil, esemira kang dadi telenging nala. prandene ingaru-biru, lungaa Kasatriyan, sun suduka keris mami, mendahane tangise Putri Mamenang.
12. Mangkana Rahaden Putra, anulya amarepeki, alenggah
sandhinge kothak, wuwuse amelas asih, mung sira woding ati, adhuh yayi wong abagus, dene wignya awayang, tinulusna, rewang mukti, semunira akarya lara wigena.
13. Ki Undhaka Narawangsa, tan kober nyekel cempurit, mojar
Kuda Narawangsa, Kasatriyan bebingungi, sira sun perang keris, danganane darijimu, katiban singa renyak, darijimu karo enting, yen grumpunga eman bae Kasatriyan.
14. Pantese Putri ing Daha, aneng jroning tilam sari, anjaluk
ganten ing sira, paran polahira benjing, angganten nora bangkit, labete tanganmu putung, temah sira sumbagane benjing, mendahane tangise putri Mamenang.
15. Alah iya ngong bubaran, enggoningsun mangun ringgit,
prandene ingong awayang, tan kober sira regoni, Raden Putra nauri, ariningsun wong abagus, mara sira tutugna, enggonira mangun ringgit, lelakone kaya ngalampena jiwa.
16. Ki Undhakan Narawangsa, nulya jogedaken ringgit, respati