• Tidak ada hasil yang ditemukan

suluk panduking dudunungan

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2017

Membagikan "suluk panduking dudunungan"

Copied!
2
0
0

Teks penuh

(1)

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library

I

Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 1

SULUK PANDUKING DUDUNUNGAN

Anggitanipun abdi-dalem Raden Tumenggung Sastranagara. Sekar Dhangdhang-gendhis : 12 pada.

DHANDHANGGULA

1. Poma sira ngawruhana sami, aja pangling jebeng susurupan,

den awas sira tataken, ewuh ing takon dunung, lamun nora kalawan wisik, lir kinjeng tanpa soca, saparane nglangut, poma jebeng angungseda, atakona ingkang wus angaji pati, ing reh kang nora samar.

2. Poma-poma anak putu mami, aja tungkul dunya lan

kapenak, dene tan ana wekase, tan ana wadinipun, lara pati sira lakoni, tan lana ananira, nora wande mantuk, nora jenak neng dunungan, jroning dunya den padha sira prihatin, aja sah paguneman.

3. Paguneman lan mitranireki, sira jebeng yen nora tatanya,

ningalana sastra bae, sastra minongka wuruk, aja kandheg sira akhasil, upayanen den-angsal, aja sira tungkul, aja wedi beya wragad, yen tan duwe ngadhapa saosa kardi, asraha jiwa raga.

4. Supaya jebeng antuka wisik, yen tan nemen mongsa

den-wejanga, den-sareh amet galihe, ewuh wong takon dunung, marga rusit repit aremit, pirantine wus teka, jebeng aja tungkul, poma-poma den-waspada, raganira lir lungan sipeng ing margi, pasthi tan wande pulang.

5. Den-aeling jebeng ing ngaurip, aja sira laku dora-cara, dadi

panengeran ngakeh, tan kandel golek ngilmu, nora kaya wong temen kaki, nastiti akeh welas, lan kandel ing guru, pan kolur pamulangira, satibane wong temen akeh wlas-asih, lan kinasihan ing Hyang.

6. Ya iku wong kang temen nastiti, angguguru ingkang wus

(2)

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library

I

Javanese Manuscripts

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library 2

8. Kang wangsit jebeng sengga wong ngimpi, tansah rupane

dhewe den-kawangwang, pralambining turu dene, sajroning turu iku, angrasani nikmating urip, saniskara katingal, sajroning aturu, nora beda pejah gesang, kang wus awas dening wruh raga pribadi, iku wekas ing sukma.

9. Pan wong iku jebeng wus pinasthi, yen wong lara pangantepe

teka, belis lanat katon kabeh, ana kang rupa guru, ana rupa ibu lan nini, ana rupa wong sanak, ana rupa dulur, ana ngajak kekesahan, lah den-tetep imanira aja gingsir, iku tingal sakarat.

10. Poma jebeng sira yen asakit, ujar iku sira aja lena, weneh

andulu ngilmune, akeh liring kadulu, yen kapencut aniniwasi, dadi mring panasaran, kang ngagama dudu, yen tingale kang wus nyata, jroning pati datan amanggih-pinanggih, wus katingal sampurna.

11. Poma jebeng yen prapteng sayekti, aja pegat ing pangrakitira,

tegese iku elinge, dipun-eling ing tuduh, ngurebana ujar kang yekti, kawruhana den-awas, ing sakarat iku, nora kena ginagampang, den-amadhep gagamanira den-becik, aja kongsi kasoran.

12. Yen kasora jebeng tibeng sisip, pan kasasar jro sakarat pama,

pacampuh ing ngaprang gedhe, mungsuhira pra ratu, wadyanya keh tur sekti-sekti, sira ijen kewala, tan wande kapikut, nanging jebeng ana uga, wong sawiji ngasorken mungsuh sakethi, mawendra wurda sirna.

13. Tanah Ngarab Jeng Bagendha Ngali, yen mengsah prang pan

ijen kewala, amung lawan titihane, lan pedhangira ampuh, marma jebeng ing wong ngaurip, ngupayaa gagaman, ingkang lewih ampuh, liring gagaman kamuksan, yen wus nyekel sirna mamalaning pati, mulya jati wisesa.

Referensi

Dokumen terkait

[r]

mikmorgeisne yog diholsi sendin sehinega kelal Indonesia dapal nddiri.. dalm hal prodlksi

The purpose of this research is to examine the impacts of eviction against disadvantaged women and state policies related to appropriate housing evictions which is often difficult

[r]

Apabila saudara tidak hadir atau tidak dapat menunjukkan semua dokumen asli sampai dengan batas waktu tersebut diatas, maka perusahaan saudara dianggap mengundurkan

Dalam BAP tidak terdapat alat bukti pentunjuk padahal jika dilihat dari keterangan yang telah diberikan oleh saksi I, sebenarnya secara tidak langsung keterangan

Deskripsi Mata Kuliah : Pengertian, ruang lingkup, dinamika manusia, prinsip pokok Kesehatan Mental, kepribadian,kebutuhan manusia, emosi, stress dan kekalutan mental,

(Foto : Rina 2004).. Vegetatif dimaksudkan untuk menghindari kulit dan 1) Bahan stek berasal dari anakan alam atau ujung stek terluka. tunas muda dengan kondisi kulit batang