ꦄꦭ꧀ꦏꦶꦠꦧ꧀ꦗꦮ
ꦥꦿꦗꦚꦚ꧀ꦗꦪꦤ꧀ꦭꦩꦶꦭꦤ꧀
ꦥꦿꦗꦚꦚ꧀ꦗꦪꦚꦤ꧀ꦲꦺꦁꦒꦭ꧀
Alkitab Aksara Jawa
(Latin – Aksara Jawa)
ꦱꦧ꧀ꦢ – ꧇꧒꧐꧑꧔꧇
꧁ꦥꦸꦂꦮꦤꦶꦁꦢꦸꦩꦢꦶ꧂...5
꧁ꦥꦁꦔꦼꦤ꧀ꦠꦱ꧀ꦱꦤ꧀꧂...284
꧁ꦏꦲꦶꦩꦩ꧀ꦩꦤ꧀꧂...505
꧁ꦮꦶꦭꦁꦔꦤ꧀꧂...664
꧁ꦲꦤ꧀ꦝꦂꦫꦤ꧀ꦤꦶꦁꦠꦠꦺꦴꦠꦫꦠꦺ꧀꧂...887
꧁ꦠꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦸꦮ꧂...1079
꧁ꦥꦫꦲꦏꦶꦩ꧀꧂...1216
꧁ꦫꦸꦠꦺ꧀꧂...1349
꧁꧇꧑꧇ꦱꦩ꧀ꦩꦸꦠꦮꦭ꧀꧂...1368
꧁꧇꧒꧇ꦱꦩ꧀ꦩꦸꦠꦮꦭ꧀꧂...1542
꧁꧇꧑꧇ꦥꦫꦫꦗ꧂...1688
꧁꧇꧒꧇ꦥꦫꦫꦗ꧂...1861
꧁꧇꧑꧇ꦧꦧꦢ꧀꧂...2021
꧁꧇꧒꧇ꦧꦧꦢ꧀꧂...2187
꧁ꦌꦱꦿꦴ꧂...2373
꧁ꦠꦤꦠꦲꦩꦶꦪꦺꦴ꧂...2431
꧁ꦌꦱꦱ꧀ꦠꦼꦂ꧂...2514
꧁ꦄꦪꦸꦧ꧀꧂...2553
꧁ꦩꦱ꧀ꦩꦸꦂ꧂...2711
꧁ꦮꦸꦭꦁꦧꦼꦧꦱꦤ꧀꧂...3126
꧁ꦗꦸꦫꦸꦠꦏꦴꦠꦺ꧀ꦧꦃ꧂...3260
꧁ꦏꦶꦢꦸꦁꦲꦒꦸꦁ꧂...3303
꧁ꦠꦪꦺꦱ꧀ꦱꦪꦺ꧂...3325
꧁ꦠꦪꦺꦂꦠꦫꦩꦶꦪꦺ꧂...3592
꧁ꦏꦶꦢꦸꦁꦥꦱꦩ꧀ꦧꦠꦺ꧀꧂...3894
꧁ꦠꦪꦺꦲꦼꦱ꧀ꦏꦶꦠꦪꦺꦭ꧀꧂...3921
꧁ꦝꦴꦤꦶꦠꦪꦺꦭ꧀꧂...4185
꧁ꦠꦲꦴꦠꦱꦪꦺꦴ꧂...4267
꧁ꦠꦪꦺꦴꦠꦮꦭ꧀꧂...4310
꧁ꦄꦠꦩꦴꦱ꧀꧂...4325
꧁ꦎꦧꦴꦗꦴ꧂...4357
꧁ꦪꦸꦤ꧀ꦤꦸꦱ꧀꧂...4362
꧁ꦩꦶꦏꦴ꧂...4373
꧁ꦤꦴꦲꦸꦩ꧀꧂...4397
꧁ꦲꦧꦏꦸꦏ꧀꧂...4407
꧁ꦠꦗ꦳ꦺꦥ꦳ꦺꦴꦚꦴ꧂...4420
꧁ꦲꦒꦒꦻ꧂...4433
꧁ꦗ꦳ꦺꦴꦏꦴꦫꦶꦪꦺꦴ꧂...4441
꧁ꦩꦠꦭꦪꦺꦏꦶ꧂
꧁ꦿꦗꦠꦚ꧀ꦗꦺꦪꦺꦤ꧀ꦭꦩꦶ꧂
꧁ꦆꦚ꧀ꦗꦺꦶꦭ꧀ꦩꦠꦺꦶꦪꦸꦱ꧀꧂...4501
꧁ꦆꦚ꧀ꦗꦺꦶꦭ꧀ꦩꦂꦏꦸꦱ꧀꧂...4712
꧁ꦆꦚ꧀ꦗꦺꦶꦭ꧀ꦭꦸꦏꦱ꧀꧂...4851
꧁ꦆꦚ꧀ꦗꦺꦶꦭ꧀ꦪꦃꦪꦺ꧂...5078
꧁ꦥꦫꦫꦱꦸꦭ꧀꧂...5253
꧁ꦫꦸꦩ꧀꧂...5482
꧁꧇꧑꧇ꦠꦏꦴꦫꦶꦤ꧀ꦠꦸꦱ꧀꧂...5576
꧁꧇꧒꧇ꦠꦏꦴꦫꦶꦤ꧀ꦠꦸꦱ꧀꧂...5666
꧁ꦒꦻꦭꦠꦺꦶꦪꦺꦴ꧂...5723
꧁ꦌꦱꦥ꦳ꦼꦱꦸꦱ꧀꧂...5755
꧁ꦥ꦳ꦶꦭꦶꦥꦶ꧂...5785
꧁ꦠꦏꦴꦠꦭꦴꦠꦱ꧂...5806
꧁꧇꧑꧇ꦠꦠꦺꦱꦴꦠꦭꦴꦤꦶꦏꦴ꧂...5827
꧁꧇꧒꧇ꦠꦠꦺꦱꦴꦠꦭꦴꦤꦶꦏꦴ꧂...5846
꧁꧇꧑꧇ꦠꦺꦶꦠꦩꦴꦠꦺꦶꦪꦸꦱ꧀꧂...5856
꧁꧇꧒꧇ꦠꦺꦶꦠꦩꦴꦠꦺꦶꦪꦸꦱ꧀꧂...5879
꧁ꦠꦺꦶꦠꦸꦱ꧀꧂...5896
꧁ꦥ꦳ꦶꦠꦭꦠꦩꦴꦤ꧀꧂...5906
꧁ꦆꦿꦤꦶ꧂...5911
꧁ꦪꦺꦠꦏꦴꦧꦸꦱ꧀꧂...59ϴϮ
꧁꧇꧑꧇ꦠꦥꦿꦸꦱ꧀꧂...600ϰ
꧁꧇꧒꧇ꦠꦥꦿꦸꦱ꧀꧂...602ϳ
꧁꧇꧑꧇ꦪꦺꦃꦪꦺ꧂...60ϰϮ
꧁꧇꧒꧇ꦪꦺꦃꦪꦺ꧂...606ϱ
꧁꧇꧓꧇ꦪꦺꦃꦪꦺ꧂...606ϴ
꧁ꦪꦸꦢꦱ꧀꧂...60ϳϮ
꧁ꦮꦃꦪꦸ꧂...607ϵ
꧁ꦿꦗꦠꦚ꧀ꦗꦺꦪꦺꦠꦤ꧀ꦲꦺꦁꦒꦻꦭ꧀꧂
꧁ꦥꦸꦂꦮꦤꦶꦁꦢꦸꦩꦢꦶ꧂
ꦧꦧ꧀ 1
1:1
꧋ꦲꦶꦁꦗꦩꦤ꧀ꦏꦸꦤꦱꦶꦁꦮꦶꦮꦶꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦩꦸꦭꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦤꦶꦠꦃꦲꦏꦏꦗꦒꦢ꧀꧈
1:1 Ing jaman kuna sing wiwitan mula Gusti Allah nitahaké jagad.
1:2
ꦧꦸꦩꦶ ꦏꦲꦤꦏꦤꦲꦶꦱꦶꦃꦏꦲꦴꦫꦏꦫꦸꦏꦫꦸꦮꦤ꧀꧈ꦠꦸꦂꦱꦼꦥꦶꦧꦔꦼꦠ꧀꧈ꦱꦭꦸꦩꦃꦏꦲ ꦧꦸꦩꦶ ꦏꦼꦠꦸꦠꦸꦥ꧀ꦥꦤ꧀ꦧꦚꦸ꧈ꦩꦁꦏꦏꦲꦤꦏꦤꦥꦼꦠꦼꦤ꧀ꦝꦼꦝꦼꦠ꧀꧈ꦏꦢꦏꦤꦏꦫꦴꦃꦏꦲ ꦄꦭ꧀ꦭꦃꦩꦏꦂꦪꦲꦤꦲꦶꦁ ꦱꦤ꧀ꦝꦸꦮꦸꦂꦏꦫꦧꦚꦸ꧉
1:2 Bumi kaanané isih ora karu-karuwan, tur sepi banget. Salumahé bumi ketutupan banyu, mangka kaanané peteng ndhedhet. Déné Rohé Allah makarya ana ing sandhuwuré banyu.
1:3
ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦤꦸꦭꦶꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈ꦲꦤꦲꦥꦝꦁ꧉ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦲꦤꦥꦝꦁ꧉
1:3 Gusti Allah nuli ngandika, "Anaa padhang." Banjur ana padhang.
1:4
ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦩꦶꦂꦱꦤꦶꦏꦪꦤ꧀ꦥꦝꦁꦩꦲꦮꦶꦱ꧀ꦧꦼꦕꦶꦏ꧀꧈ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦏꦤꦤꦸꦭꦶꦩꦶꦱꦃꦥꦝꦁ
ꦏꦏꦫꦴꦥꦼꦠꦼ꧈
1:4 Gusti Allah mirsani yèn padhang mau wis becik. Panjenengané nuli misah padhang karo peteng,
1:5
ꦱꦶꦁꦥꦝꦁꦢꦶꦲꦫꦤꦶꦫꦶꦤ꧈ꦱꦶꦁꦥꦼꦠꦼꦢꦶꦲꦫꦤꦶꦮꦼꦔꦶ꧉ꦩꦼꦏꦏꦴꦏꦤꦴꦮꦶꦱ꧀ꦢꦢꦶꦏꦱꦴꦏꦫ ꦭꦏꦤ꧀ꦲꦺꦱꦸꦏ꧀꧈ꦪꦏꦸꦮꦶꦢꦶꦤꦏꦁꦏꦥꦶꦱꦤ꧀꧈
1:5 sing padhang diarani "rina," sing peteng diarani "wengi". Mengkono wis dadi soré lan ésuk;
yakuwi dina kang kapisan.
1:6
ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦤꦸꦭꦶꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈ꦲꦤꦲꦥꦼꦏꦤ꧀ꦛꦺꦁꦔꦤ꧀ꦏꦁꦩꦶꦱꦃꦲꦏꦏꦧꦚꦸꦢꦢꦶ
ꦏꦭꦴꦏꦫꦴ꧈ꦲꦶꦁꦥꦁꦏꦒꦴꦤꦏꦤꦏꦝꦏꦮꦏꦝꦏꦮ꧉ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦲꦶꦪꦢꦢꦶꦩꦼꦏꦏꦴꦏꦤꦴ꧉
1:6 Gusti Allah nuli ngandika, "Anaa penthèngan kang misahaké banyu dadi loro, ing panggonané dhéwé-dhéwé." Banjur iya dadi mengkono.
1:7
ꦏꦪ ꦩꦼꦏꦏꦴꦏꦤꦴꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦮꦸꦱ꧀ꦪꦱꦥꦼꦏꦤ꧀ꦛꦺꦁꦔꦤ꧀ꦏꦁꦏꦒꦴꦩꦶꦱꦃꦲꦏꦏꦧꦚꦸꦱꦶꦁ
ꦲꦤ ꦱꦔꦶꦏꦱꦂꦴꦫꦶꦁꦥꦼꦏꦤ꧀ꦛꦺꦁꦔꦤ꧀ꦏꦏꦫꦴꦧꦚꦸꦱꦶꦁꦲꦤꦱꦤ꧀ꦝꦸꦮꦸꦂꦏꦫꦥꦼꦏꦤ꧀ꦛꦺꦁꦔꦤ꧀ꦩꦲ꧉
1:7 Kaya mengkono Gusti Allah wus yasa penthèngan kanggo misahaké banyu sing ana sangisoring penthèngan karo banyu sing ana sandhuwuré penthèngan mau.
1:8
ꦥꦼꦏꦤ꧀ꦛꦺꦁꦔꦤ꧀ꦏꦸꦮꦶꦢꦶꦲꦫꦤꦶꦭꦔꦶꦠ꧀꧈ꦩꦼꦏꦏꦴꦏꦤꦴꦮꦶꦱ꧀ꦢꦢꦶꦏꦱꦴꦏꦫꦭꦏꦤ꧀ꦲꦺꦱꦸꦏ꧀꧈
ꦪꦏꦸꦮꦶꦢꦶꦤꦏꦁꦏꦥꦶꦏꦤ꧀ꦝꦴ꧉
1:8 Penthèngan kuwi diarani "langit". Mengkono wis dadi soré lan ésuk; yakuwi dina kang kapindho.
1:9
ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶ ꦄꦭ꧀ꦭꦃꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈ꦧꦚꦸꦏꦁꦲꦤꦲꦶꦁꦱꦔꦶꦏꦱꦂꦴꦫꦶꦁ
ꦭꦔꦶꦠ꧀ꦥꦝꦔ꧀ꦭꦸꦩ꧀ꦥꦸꦏ꧀ꦏꦢꦢꦶ ꦱꦶꦗꦶ꧈ꦱꦸꦥꦪꦏꦏꦠꦴꦤꦝꦫꦠ꧀ꦠꦏꦤ꧉ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦲꦶꦪ ꦢꦢꦶꦩꦼꦏꦏꦴꦏꦤꦴ꧉
1:9 Gusti Allah banjur ngandika, "Banyu kang ana ing sangisoring langit padha nglumpuka dadi siji, supaya katona dharatané." Banjur iya dadi mengkono.
1:10
ꦝꦫꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦩꦲꦢꦶꦲꦫꦤꦶꦧꦸꦩꦶ꧈ꦭꦤ꧀ꦏ꧀ꦭꦸꦩ꧀ꦥꦸꦏ꧀ꦏꦏꦤꦧꦚꦸꦢꦶꦲꦫꦤꦶꦱꦼꦒꦫ꧉
ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦩꦶꦂꦱꦤꦶꦏꦪꦤ꧀ꦏꦲꦤꦏꦤꦮꦶꦱ꧀ꦧꦼꦕꦶꦏ꧀꧈
1:10 Dharatan mau diarani "bumi," lan klumpukané banyu diarani "segara". Gusti Allah mirsani yèn kaanané wis becik.
1:11
ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦏꦤ ꦤꦸꦭꦶꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈ꦧꦸꦩꦶꦩꦼꦏꦠꦴꦏꦠꦼꦠꦸꦮꦸꦃꦲꦤ꧀ꦫꦸꦥꦫꦸꦥ꧈ꦪꦏꦸꦮꦶ
ꦛꦼꦛꦸꦏꦸꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦏꦁ ꦤꦸꦮꦸꦃꦲꦏꦏꦮꦶꦗꦶ꧈ꦭꦤ꧀ꦮꦶꦠ꧀ꦮꦶꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦏꦁꦩꦼꦏꦠꦴꦏ꧀ꦏꦏꦏꦏꦮꦴꦃꦏꦮꦴꦃꦲꦤ꧀꧈
ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦲꦶꦪꦢꦢꦶ ꦩꦼꦏꦏꦴꦏꦤꦴ꧉
1:11 Panjenengané nuli ngandika, "Bumi metokna tetuwuhan rupa-rupa, yakuwi thethukulan kang nuwuhaké wiji, lan wit-witan kang metokaké woh-wohan." Banjur iya dadi mengkono.
1:12
ꦧꦸꦩꦶ ꦩꦼꦏꦠꦴꦏ꧀ꦏꦏꦏꦠꦼꦠꦸꦮꦸꦃꦲꦤ꧀ꦮꦼꦂꦤꦮꦼꦂꦤ꧈ꦲꦶꦪꦛꦼꦛꦸꦏꦸꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦱꦶꦁꦤꦸꦮꦸꦃꦲꦏꦏ ꦮꦶꦗꦶ꧈ ꦱꦼꦏꦩꦴꦏꦤꦴꦲꦒꦮꦶꦠ꧀ꦮꦶꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦱꦶꦁꦩꦼꦏꦠꦴꦏ꧀ꦏꦏꦏꦏꦮꦴꦃꦏꦮꦴꦃꦲꦤ꧀꧈ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶ
ꦄꦭ꧀ꦭꦃꦩꦶꦂꦱꦤꦶ ꦏꦪꦤ꧀ꦏꦸꦮꦶꦩꦲꦏꦏꦧꦃꦮꦶꦱ꧀ꦧꦼꦕꦶꦏ꧀꧈
1:12 Bumi metokaké tetuwuhan werna-werna, iya thethukulan sing nuwuhaké wiji, semono uga wit-witan sing metokaké woh-wohan. Gusti Allah mirsani yèn kuwi mau kabèh wis becik.
1:13
ꦩꦼꦏꦏꦴꦏꦤꦴꦮꦶꦱ꧀ꦢꦢꦶꦏꦱꦴꦏꦫꦭꦏꦤ꧀ꦲꦺꦱꦸꦏ꧀꧈ꦪꦏꦸꦮꦶꦢꦶꦤꦏꦁꦏꦠꦼꦭꦸ꧉
1:13 Mengkono wis dadi soré lan ésuk; yakuwi dina kang katelu.
1:14
ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶ ꦄꦭ꧀ꦭꦃꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈ꦲꦶꦁꦭꦔꦶꦠ꧀ꦲꦺꦤꦲꦥꦼꦥꦝꦁꦏꦔꦱꦶꦁꦩꦶꦱꦃꦲꦏꦏꦫꦶꦤ
ꦭꦤ꧀ꦮꦼꦔꦶ꧈ꦱꦂꦠ ꦏꦁꦏꦒꦴꦠꦼꦔꦼꦂꦫꦤ꧀ꦮꦶꦮꦶꦠ꧀ꦠꦏꦤꦢꦶꦤ꧈ꦠꦲꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦩꦁꦱꦫꦶꦪꦪ ꦩꦤꦸꦠ꧀ꦥꦽꦤꦠꦤꦶꦁꦲꦒꦩ꧉
1:14 Gusti Allah banjur ngandika, "Ing langit anaa pepadhangé sing misahaké rina lan wengi, sarta kanggo tengeran wiwitané dina, taun lan mangsa riaya manut prenataning agama.
1:15
ꦏꦏꦫꦴꦩꦼꦏꦤꦃꦥꦝꦢꦢꦶꦪꦥꦼꦥꦝꦁꦲꦶꦁꦭꦔꦶꦠ꧀ꦭꦤ꧀ꦩꦝꦁꦔꦤꦧꦸꦩꦶ꧉ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦲꦶꦪꦢꦢꦶ
ꦩꦼꦏꦏꦴꦏꦤꦴ꧉
1:15 Karo menèh padha dadia pepadhang ing langit lan madhangana bumi." Banjur iya dadi mengkono.
1:16
ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦪꦱꦥꦼꦥꦝꦁꦏꦭꦴꦏꦫꦴꦱꦶꦁꦒꦼꦏꦝ꧈ꦪꦏꦸꦮꦶꦱꦽꦏꦔꦏꦔꦔꦼꦏꦫꦃꦮꦪꦃ
ꦫꦶꦤ꧈ꦭꦤ꧀ꦉꦩ꧀ꦧꦸꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦲꦺꦶꦁꦮꦪꦃꦧꦼꦔꦶ꧈ꦩꦼꦏꦏꦴꦏꦤꦴꦲꦒꦪꦱꦭꦶꦤ꧀ꦠꦁꦭꦶꦤ꧀ꦠꦁ꧉
1:16 Gusti Allah yasa pepadhang loro sing gedhé, yakuwi srengéngé ngerèh wayah rina, lan rembulan ing wayah bengi, mengkono uga yasa lintang-lintang.
1:17
ꦥꦼꦥꦝꦁꦥꦼꦥꦝꦁꦩꦲꦢꦶꦥꦽꦤꦃꦲꦏꦏꦏꦢꦤꦶꦁꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦲꦤꦲꦶꦁꦭꦔꦶꦠ꧀ꦏꦁꦏꦒꦴ
ꦩꦝꦁꦔꦶꦧꦸꦩꦶ꧈
1:17 Pepadhang-pepadhang mau diprenahaké déning Gusti Allah ana ing langit kanggo madhangi bumi,
1:18
ꦔꦼꦏꦫꦃꦮꦪꦃꦫꦶꦤꦭꦤ꧀ꦮꦪꦃꦧꦼꦔꦶ꧈ꦲꦥꦏꦢꦏꦤꦩꦶꦱꦃꦲꦏꦏꦥꦝꦁꦏꦏꦫꦴꦥꦼꦠꦼ꧉
ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦩꦶꦂꦱꦤꦶꦏꦪꦤ꧀ꦏꦏꦧꦃꦩꦲꦮꦶꦱ꧀ꦧꦼꦕꦶꦏ꧀꧈
1:18 ngerèh wayah rina lan wayah bengi, apa déné misahaké padhang karo peteng. Gusti Allah mirsani yèn kabèh mau wis becik.
1:19
ꦩꦼꦏꦏꦴꦏꦤꦴꦮꦶꦱ꧀ꦢꦢꦶꦏꦱꦴꦏꦫꦭꦏꦤ꧀ꦲꦺꦱꦸꦏ꧀꧈ꦪꦏꦸꦮꦶꦢꦶꦤꦏꦁꦏꦥꦠ꧀꧈
1:19 Mengkono wis dadi soré lan ésuk; yakuwi dina kang kapat.
1:20
ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦤꦸꦭꦶꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈ꦲꦶꦁꦧꦚꦸꦲꦤꦲꦏꦏꦮꦤ꧀ꦧꦚꦸꦮꦼꦂꦤꦮꦼꦂꦤ꧈ꦭꦤ꧀ꦲꦺꦶꦁ
ꦲꦮꦁꦲꦮꦁꦲꦤꦲꦩꦤꦸꦏꦏ꧀ꦏ꧉
1:20 Gusti Allah nuli ngandika, "Ing banyu anaa kéwan banyu werna-werna, lan ing awang-awang anaa manuké."
1:21
ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶ ꦄꦭ꧀ꦭꦃꦤꦶꦠꦃꦲꦏꦏꦏꦏꦮꦤ꧀ꦏꦁꦒꦼꦏꦝꦒꦼꦏꦝꦧꦔꦼꦠ꧀꧈ꦭꦤ꧀ꦮꦼꦂꦤꦮꦼꦂꦤꦱꦶꦁ
ꦥꦝꦲꦫꦶꦥ꧀ꦲꦺꦶꦁꦧꦚꦸ꧈ ꦱꦼꦏꦩꦴꦏꦤꦴꦲꦒꦱꦏꦏꦃꦏꦲꦩꦤꦸꦏ꧀꧈ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃ
ꦩꦶꦂꦱꦤꦶꦏꦪꦤ꧀ꦏꦸꦮꦶꦏꦏꦧꦃꦮꦶꦱ꧀ꦧꦼꦕꦶꦏ꧀꧈
1:21 Gusti Allah nitahaké kéwan kang gedhé-gedhé banget, lan werna-werna sing padha urip ing banyu, semono uga sakèhé manuk. Gusti Allah mirsani yèn kuwi kabèh wis becik.
1:22
ꦤꦸꦭꦶ ꦥꦝꦢꦶꦧꦼꦂꦏꦃꦲꦶ꧉ꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦏꦤꦩꦫꦁꦏꦏꦮꦏꦤ꧀ꦏꦮꦤ꧀ꦱꦶꦁꦲꦤꦲꦶꦁꦧꦚꦸ꧈
ꦥꦝꦧꦼꦿꦤꦃꦲꦤ ꦭꦤ꧀ꦠꦁꦏꦂꦠꦸꦩꦁꦏꦫ꧈ꦔꦼꦧꦏ꧀ꦏꦤꦧꦚꦸꦤꦶꦁꦱꦼꦒꦫ꧉
ꦭꦤ꧀ꦩꦤꦸꦏ꧀ꦩꦤꦸꦏ꧀ꦥꦝꦠꦁꦏꦂꦠꦸꦩꦁꦏꦫꦲꦤꦲꦶꦁ ꦧꦸꦩꦶ꧉
1:22 Nuli padha diberkahi; pangandikané marang kéwan-kéwan sing ana ing banyu, "Padha bebranahana lan tangkar-tumangkara, ngebakana banyuning segara. Lan manuk-manuk padha tangkar-tumangkara ana ing bumi."
1:23
ꦩꦼꦏꦏꦴꦏꦤꦴꦮꦶꦱ꧀ꦢꦢꦶꦏꦱꦴꦏꦫꦭꦏꦤ꧀ꦲꦺꦱꦸꦏ꧀꧈ꦪꦏꦸꦮꦶꦢꦶꦤꦏꦁꦏꦭꦶꦩ꧉
1:23 Mengkono wis dadi soré lan ésuk; yakuwi dina kang kalima.
1:24
ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶ ꦄꦭ꧀ꦭꦃꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈ꦲꦶꦁꦧꦸꦩꦶꦲꦤꦲꦏꦏꦮꦤ꧀ꦮꦼꦂꦤꦮꦼꦂꦤ꧈
ꦏꦏꦮꦤ꧀ꦲꦺꦶꦏꦔꦴꦤ꧀ꦲꦺꦶꦏꦔꦴꦤ꧀ꦭꦏꦤ꧀ꦏꦮꦤ꧀ꦲꦺꦭꦱ꧀ꦱꦤ꧀꧈ꦏꦁꦒꦼꦏꦝꦭꦤ꧀ꦏꦁꦕꦶꦭꦶꦏ꧀꧈
ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦲꦶꦪꦢꦢꦶ ꦩꦼꦏꦏꦴꦏꦤꦴ꧉
1:24 Gusti Allah banjur ngandika, "Ing bumi anaa kéwan werna-werna, kéwan ingon-ingon lan kéwan alasan, kang gedhé lan kang cilik." Banjur iya dadi mengkono.
1:25
ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦪꦱꦱꦏꦠꦴꦏꦏꦮꦤ꧀ꦏꦸꦮꦶꦩꦲꦏꦏꦧꦃ꧈ꦱꦂꦠꦢꦶꦥꦶꦂꦱꦤꦶꦮꦶꦱ꧀ꦧꦼꦕꦶꦏ꧀꧈
1:25 Gusti Allah yasa sato kéwan kuwi mau kabèh, sarta dipirsani wis becik.
1:26
ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶ ꦄꦭ꧀ꦭꦃꦤꦸꦭꦶꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈ꦲꦏꦪꦴꦏꦶꦠꦥꦝꦪꦱꦩꦤꦸꦁꦱ꧈ꦤꦸꦭꦢ꧀ꦒꦩ꧀ꦧꦂ
ꦭꦤ꧀ꦥꦱꦼꦏꦩꦴꦤ꧀ꦏꦶꦠ꧉ ꦩꦤꦸꦁꦱꦲꦶꦏꦸꦔ꧀ꦮꦱꦤꦤꦲꦶꦮꦏ꧀ꦲꦺꦶꦮꦏ꧀꧈ꦩꦤꦸꦏ꧀ꦩꦤꦸꦏ꧀꧈
ꦭꦤ꧀ꦱꦏꦏꦃꦏꦲ ꦏꦏꦮꦤ꧀ꦲꦺꦶꦏꦔꦴꦤ꧀ꦲꦺꦶꦏꦔꦴꦤ꧀ꦭꦏꦤ꧀ꦏꦮꦤ꧀ꦲꦺꦭꦱ꧀ꦱꦤ꧀꧈ꦱꦶꦁꦒꦼꦏꦝ ꦠꦼꦏꦤ꧀ꦱꦶꦁꦕꦶꦭꦶꦏꦏ꧀ꦝꦏꦮꦥꦶꦱꦤ꧀꧈
1:26 Gusti Allah nuli ngandika, "Ayo Kita padha yasa manungsa, nulad gambar lan pasemon Kita.
Manungsa iku ngwasanana iwak-iwak, manuk-manuk, lan sakèhé kéwan ingon-ingon lan kéwan alasan, sing gedhé tekan sing cilik dhéwé pisan."
1:27
ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦤꦸꦭꦶꦪꦱꦩꦤꦸꦁꦱꦤꦸꦭꦢ꧀ꦒꦩ꧀ꦧꦂꦭꦤ꧀ꦥꦱꦼꦏꦩꦴꦏꦤꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀꧈
ꦲꦼꦏꦒꦴꦏꦤꦤꦶꦠꦃꦲꦏꦏꦩꦤꦸꦁꦱꦩꦲꦭꦤꦁꦭꦤ꧀ꦮꦏꦢꦴꦤ꧀꧈
1:27 Gusti Allah nuli yasa manungsa nulad gambar lan pasemoné Piyambak. Enggoné nitahaké manungsa mau lanang lan wadon.
1:28
ꦤꦸꦭꦶ ꦥꦝꦢꦶꦧꦼꦂꦏꦃꦲꦶ꧈ꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦏꦤ꧈ꦥꦝꦧꦼꦿꦤꦃꦲꦤꦭꦤ꧀ꦠꦁꦏꦂꦠꦸꦩꦁꦏꦫ꧉
ꦠꦸꦫꦸꦤ꧀ꦩꦸꦥꦝꦔꦼꦧꦏ꧀ꦏꦤ ꦭꦤ꧀ꦔ꧀ꦮꦱꦤꦤꦧꦸꦩꦶ꧉ꦩꦼꦏꦏꦴꦏꦤꦴꦲꦒꦥꦝꦔ꧀ꦮꦱꦤꦤ ꦱꦏꦏꦃꦲꦶꦁꦲꦶꦮꦏ꧀꧈ ꦩꦤꦸꦏ꧀ꦩꦤꦸꦏ꧀ꦭꦏꦤ꧀ꦏꦮꦏꦤ꧀ꦏꦮꦤ꧀ꦲꦺꦭꦱ꧀ꦱꦤ꧀꧈
1:28 Nuli padha diberkahi, pangandikané, "Padha bebranahana lan tangkar-tumangkara; turunmu padha ngebakana lan ngwasanana bumi. Mengkono uga padha ngwasanana sakèhing iwak, manuk-manuk lan kéwan-kéwan alasan."
1:29
ꦱꦂꦠꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦏꦤꦩꦼꦏꦤꦃ꧈ꦏꦏꦴꦏꦮꦥꦝꦢꦏ꧀ꦥꦫꦶꦁꦔꦶꦱꦫꦸꦥꦏꦤꦛꦼꦛꦸꦏꦸꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦏꦁ
ꦩꦼꦏꦠꦴꦏ꧀ꦏꦏꦏꦮꦶꦗꦶ꧈ꦲꦥꦏꦢꦏꦤꦱꦫꦸꦥꦏꦤꦏꦮꦴꦃꦏꦮꦴꦃꦲꦤ꧀ꦩꦶꦤꦁꦏꦥꦔꦤ꧀ꦩꦸ꧉
1:29 Sarta pangandikané menèh, "Kowé padha Dakparingi sarupané thethukulan kang metokaké wiji, apa déné sarupané woh-wohan minangka panganmu;
1:30
ꦤꦁꦔꦶꦁ ꦱꦏꦏꦃꦲꦶꦁꦱꦏꦠꦴꦏꦏꦮꦤ꧀ꦲꦺꦭꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦱꦏꦏꦃꦲꦶꦁꦩꦤꦸꦏ꧀ꦱꦂꦠ ꦱꦫꦸꦥꦤꦶꦁꦏꦏꦮꦏꦤ꧀ꦏꦮꦤ꧀ꦭꦶꦪꦏꦤ ꦢꦏ꧀ꦥꦫꦶꦁꦔꦶꦱꦸꦏꦼꦠ꧀ꦭꦏꦤ꧀ꦒꦴꦏꦝꦁꦴꦏꦔ
ꦠꦼꦠꦸꦮꦸꦃꦲꦤ꧀ꦩꦶꦤꦁꦏꦥꦔꦏꦤ꧉ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦲꦶꦪꦢꦢꦶ ꦩꦼꦏꦏꦴꦏꦤꦴ꧉
1:30 nanging sakèhing sato-kéwan alasan lan sakèhing manuk sarta sarupaning kéwan-kéwan liyané Dakparingi suket lan godhongé tetuwuhan minangka pangané." Banjur iya dadi mengkono.
1:31
ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶ ꦄꦭ꧀ꦭꦃꦤꦸꦭꦶꦩꦶꦂꦱꦤꦶꦱꦩꦸꦧꦫꦁꦪꦱꦏꦤ꧈ꦭꦤ꧀ꦏꦏꦧꦃꦩꦲ
ꦮꦶꦱ꧀ꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦧꦔꦼꦠ꧀꧈ꦩꦼꦏꦏꦴꦏꦤꦴ ꦮꦶꦱ꧀ꦢꦢꦶꦏꦱꦴꦏꦫꦭꦤ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦢꦢꦶꦏꦲꦱꦸꦏ꧀꧈ꦪꦏꦸꦮꦶꦢꦶꦤ ꦏꦁꦏꦤꦼꦩ꧀꧈
1:31 Gusti Allah nuli mirsani samubarang yasané, lan kabèh mau wis becik banget. Mengkono wis dadi soré lan wis dadi ésuk; yakuwi dina kang kanem.
ꦧꦧ꧀ 2
2:1
꧋ꦩꦼꦏꦏꦴꦏꦤꦴꦩꦲꦫꦩ꧀ꦥꦸꦁꦏꦔꦢꦸꦩꦢꦶꦏꦤꦗꦒꦢ꧀ꦭꦤ꧀ꦱꦲꦶꦱꦶꦏꦤꦏꦏꦧꦃ꧉
2:1 Mengkono mau rampungé dumadiné jagad lan saisiné kabèh.
2:2
ꦲꦶꦁꦢꦶꦤꦏꦥꦶꦠꦸꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦮꦶꦱ ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦁꦔꦏꦏꦱꦏꦏꦃꦲꦶꦁꦪꦱꦏꦤ꧈ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂ
ꦏꦏꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦲꦺꦼꦏꦒꦴꦏꦤꦩꦏꦂꦪ꧉
2:2 Ing dina kapitu Gusti Allah wis ngrampungaké sakèhing yasané, banjur kèndel enggoné makarya.
2:3
ꦢꦶꦤꦏꦥꦶꦠꦸꦩꦲꦤꦸꦭꦶꦢꦶꦧꦼꦂꦏꦃꦲꦶꦱꦂꦠꦢꦶꦱꦼꦏꦼꦂ꧈ꦩꦼꦂꦒꦲꦶꦁꦢꦶꦤꦏꦸꦮꦶ
ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦏꦤꦏꦏꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦲꦺꦶꦁꦥꦏꦂꦪꦤ꧀ꦲꦺꦼꦏꦒꦴꦏꦤꦤꦶꦠꦃꦲꦏꦏꦱꦩꦸꦧꦫꦁ
ꦪꦼꦪꦱꦏꦤ꧉
2:3 Dina kapitu mau nuli diberkahi sarta disengker, merga ing dina kuwi Panjenengané kèndel ing pakaryan enggoné nitahaké samubarang yeyasané.
2:4
ꦏꦪꦩꦼꦏꦏꦴꦏꦤꦴꦢꦸꦩꦢꦶꦏꦤꦗꦒꦢ꧀ꦤꦭꦶꦏꦢꦶꦠꦶꦠꦃꦲꦏꦏ꧉ꦤꦭꦶꦏꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶ
ꦄꦭ꧀ꦭꦃꦤꦶꦠꦃꦲꦏꦏꦗꦒꦢ꧀꧈
2:4 Kaya mengkono dumadiné jagad nalika dititahaké. Nalika Gusti Allah nitahaké jagad,
2:5
ꦲꦶꦁꦧꦸꦩꦶꦢꦸꦫꦸꦁꦲꦤꦠꦼꦠꦸꦮꦸꦃꦲꦤ꧀꧈ꦭꦤ꧀ꦢꦸꦫꦸꦁꦲꦤꦮꦶꦗꦶꦱꦶꦁꦛꦸꦏꦸꦭ꧀꧈ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶ
ꦄꦭ꧀ꦭꦃꦢꦸꦫꦸꦁꦤꦼꦏꦏ꧀ꦏꦏꦏꦲꦢꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦢꦸꦫꦸꦁꦲꦤꦏꦮꦁꦴꦏꦔꦴꦭꦃꦧꦸꦩꦶ꧉
2:5 ing bumi durung ana tetuwuhan, lan durung ana wiji sing thukul, awit Gusti Allah durung nekakaké udan lan durung ana wong ngolah bumi.
2:6
ꦤꦁꦔꦶꦁꦲꦤꦧꦚꦸꦩꦼꦠꦸꦱꦏꦱꦔꦶꦏꦱꦂꦴꦫꦶꦁꦊꦩꦃꦭꦤꦼꦊꦱ꧀ꦱꦶꦥꦊꦩꦃꦲꦤ꧀ꦩꦲ ꦏꦏꦧꦃ꧉
2:6 Nanging ana banyu metu saka sangisoring lemah lan nelesi palemahan mau kabèh.
2:7
ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶ ꦄꦭ꧀ꦭꦃꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦩꦸꦤ꧀ꦝꦸꦠ꧀ꦊꦩꦃꦱꦏꦲꦶꦁꦧꦸꦩꦶꦏꦮꦔꦸꦤ꧀ꦩꦤꦸꦁꦱ꧉ꦤꦸꦭꦶ
ꦏꦧꦴꦏꦭꦁꦴꦔꦏꦤ ꦲꦶꦫꦸꦁꦏꦔꦏꦱꦼꦧꦸꦭ꧀ꦔꦁꦏꦒꦴꦤꦥꦱ꧀ꦱꦶꦁꦲꦫꦶꦥ꧀꧈ꦩꦸꦭꦩꦤꦸꦁꦱꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂ
ꦲꦫꦶꦥ꧀꧈
2:7 Gusti Allah banjur mundhut lemah saka ing bumi kawangun manungsa; nuli bolongané irungé kasebul nganggo napasing urip, mula manungsa banjur urip.
2:8
꧋ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶ ꦄꦭ꧀ꦭꦃꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦪꦱꦥꦼꦠꦩꦤꦤ꧀ꦲꦺꦶꦁꦠꦤꦃꦌꦏꦢꦤ꧀꧈ꦲꦶꦁꦱꦶꦱꦶꦃꦏꦮꦠꦤ꧀꧈
ꦲꦤꦲꦶꦁ ꦥꦼꦠꦩꦤꦏꦤ꧀ꦏꦴꦏꦤꦴꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦲꦼꦏꦒꦴꦏꦤꦩꦥꦤꦏꦏꦩꦤꦸꦁꦱꦱꦶꦁꦢꦶꦝꦥꦸꦂ
ꦩꦲ꧉
2:8 Gusti Allah banjur yasa petamanan ing tanah Èden, ing sisih Wétan. Ana ing petamanan kono Gusti Allah enggoné mapanaké manungsa sing didhapur mau.
2:9
ꦲꦶꦁ ꦥꦼꦠꦩꦤꦏꦤ꧀ꦏꦴꦏꦤꦴꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦤꦸꦏꦸꦭ꧀ꦭꦏꦏꦱꦏꦏꦃꦏꦲꦮꦶꦠ꧀ꦮꦶꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦱꦶꦁ
ꦏꦏꦠꦴꦤ꧀ꦲꦺꦿꦶ꧈ꦭꦤ꧀ꦱꦶꦁꦩꦼꦏꦠꦴꦏ꧀ꦏꦏꦏꦏꦮꦴꦃꦏꦮꦴꦃꦲꦤ꧀ꦱꦶꦁꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦏꦁꦏꦒꦴ
ꦥꦔꦤ꧀꧈ꦲꦶꦁ ꦱꦠꦼꦔꦃꦲꦶꦁꦥꦼꦠꦩꦤꦤ꧀ꦲꦸꦒꦲꦤꦮꦶꦠ꧀ꦠꦶꦁꦏꦲꦫꦶꦥ꧀ꦥꦤ꧀꧈ꦭꦤ꧀ꦮꦶꦠ꧀ꦠꦶꦁ
ꦥꦔꦼꦂꦠꦶꦧꦧ꧀ꦏꦁꦲꦭ ꦭꦤ꧀ꦧꦼꦕꦶꦏ꧀꧈
2:9 Ing petamanan kono Gusti Allah nukulaké sakèhé wit-witan sing katon asri, lan sing metokaké woh-wohan sing becik kanggo pangan. Ing satengahing petamanan uga ana witing kauripan, lan witing pangerti bab kang ala lan becik.
2:10
ꦲꦶꦁꦏꦏꦴꦏꦤꦴꦲꦤꦏꦭꦶꦒꦼꦏꦝꦱꦶꦁꦔꦶꦏꦭꦤꦶꦥꦼꦠꦩꦤꦤ꧀ꦩꦲ꧉ꦲꦶꦁꦱꦚ꧀ꦗꦧꦏꦤ
ꦥꦼꦠꦩꦤꦤ꧀ꦏꦭꦶꦒꦼꦏꦝꦏꦸꦮꦶꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦕꦮꦁꦢꦢꦶꦏꦭꦶꦥꦥꦠ꧀꧈
2:10 Ing kono ana kali gedhé sing ngilèni petamanan mau. Ing sanjabané petamanan kali gedhé kuwi banjur cawang dadi kali papat.
2:11
ꦏꦭꦶꦱꦶꦁꦏꦥꦶꦱꦤ꧀ꦗꦼꦤꦼꦏꦔꦥꦶꦏꦱꦴꦤ꧀꧈ꦏꦭꦶꦲꦶꦏꦶꦲꦶꦭꦶꦏꦤꦔꦸꦧꦼꦔꦶꦲꦶꦁꦱꦠꦤꦃ
ꦲꦮꦶꦭ꧉
2:11 Kali sing kapisan jenengé Pison; kali iki iliné ngubengi ing satanah Hawila.
2:12
꧌ꦲꦶꦁꦠꦤꦃꦏꦏꦴꦏꦤꦴꦲꦤꦲꦼꦩꦏꦱ꧀ꦱꦩꦸꦂꦤꦶ꧈ꦲꦒꦲꦤꦧꦁꦱꦏꦤꦧ꧀ꦭꦼꦏꦤ꧀ꦢꦴꦏ꧀ꦱꦶꦁ
ꦲꦩ꧀ꦧꦸꦏꦤꦮꦔꦶꦧꦔꦼꦠ꧀꧈ꦱꦂꦠꦱꦼꦏꦱꦴꦠꦾꦱꦼꦏꦱꦴꦠꦾꦱꦶꦁꦫꦸꦥꦏꦤꦏꦲꦤ꧀ꦢꦃꦧꦔꦼꦠ꧀꧈꧍
2:12 (Ing tanah kono ana emasé murni, uga ana bangsané blendok sing ambuné wangi banget, sarta sesotya-sesotya sing rupané éndah banget.)
2:13
ꦏꦭꦶꦱꦶꦁꦏꦥꦶꦏꦤ꧀ꦝꦴꦗꦼꦤꦼꦏꦔꦒꦶꦏꦲꦴꦤ꧀꧈ꦲꦶꦭꦶꦏꦤꦔꦸꦧꦼꦔꦶꦱꦠꦤꦃꦏꦸꦱ꧀꧈
2:13 Kali sing kapindho jenengé Gihon, iliné ngubengi satanah Kus.
2:14
ꦏꦭꦶꦏꦁꦏꦠꦼꦭꦸꦠꦶꦿꦶꦱ꧀꧈ꦭꦏꦸꦏꦤꦩꦼꦠꦸꦲꦶꦁꦱꦏꦮꦠꦏꦤꦠꦤꦃꦄꦱꦾꦸꦂ꧉
ꦏꦢꦏꦤꦏꦭꦶꦏꦁꦏꦥꦠ꧀꧈ꦌꦿ꦳ꦿꦠ꧀꧈
2:14 Kali kang katelu Tigris, lakuné metu ing sawétané tanah Asyur; déné kali kang kapat, Éfrat.
2:15
ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦩꦥꦤꦏꦏꦩꦤꦸꦁꦱꦲꦤꦲꦶꦁꦥꦼꦠꦩꦤꦤ꧀ꦌꦏꦢꦤ꧀꧈ꦢꦶꦝꦮꦸꦃꦲꦶ
ꦏꦔꦴꦭꦃꦭꦤ꧀ꦔꦽꦏ꧀ꦱꦥꦼꦠꦩꦤꦤ꧀ꦩꦲ꧈
2:15 Gusti Allah mapanaké manungsa ana ing petamanan Èden, didhawuhi ngolah lan ngreksa petamanan mau,
2:16
ꦏꦏꦫꦴꦢꦶꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤꦶꦩꦼꦏꦏꦏꦤ꧈ꦱꦫꦸꦥꦏꦤꦮꦶꦠ꧀ꦮꦶꦠ꧀ꦠꦏꦤꦥꦼꦠꦩꦤꦤ꧀ꦲꦺꦶꦏꦶ
ꦏꦮꦴꦃꦏꦲꦏꦲꦴꦏꦭꦃꦏꦏꦴꦏ꧀ꦥꦔꦤ꧀꧈
2:16 karo dingandikani mengkéné, "Sarupané wit-witané petamanan iki wohé olèh kokpangan,
2:17
ꦏꦼꦗꦧ ꦩꦸꦁꦮꦶꦠ꧀ꦠꦶꦁꦥꦔꦼꦂꦠꦶꦧꦧ꧀ꦏꦁꦲꦭꦭꦤ꧀ꦧꦼꦕꦶꦏ꧀꧈ꦏꦸꦮꦶꦏꦮꦴꦃꦏꦲꦲꦗ
ꦏꦏꦴꦏ꧀ꦥꦔꦤ꧀꧈ ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦱꦩꦱꦏꦏꦴꦏꦮꦩꦁꦔꦏꦤ꧀ꦮꦴꦃꦏꦲꦩꦲ꧈ꦲꦶꦁꦢꦶꦤꦏꦸꦮꦶ
ꦲꦒꦏꦏꦴꦏꦮꦧꦏꦭ꧀ꦩꦠꦶ꧉
2:17 kejaba mung witing pangerti bab kang ala lan becik, kuwi wohé aja kokpangan. Awit samasa kowé mangan wohé mau, ing dina kuwi uga kowé bakal mati."
2:18
ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈ꦏꦲꦴꦫꦿꦏꦪꦴꦒꦏꦪꦤ꧀ꦩꦤꦸꦁꦱꦩꦸꦁꦲꦶꦏꦗꦤ꧀ꦮꦏꦲ꧉
ꦢꦏ꧀ꦪꦱꦏꦏꦏꦚ꧀ꦏꦁꦱꦼꦩ꧀ꦧꦢ꧉
2:18 Gusti Allah banjur ngandika, "Ora prayoga yèn manungsa mung ijèn waé. Dakyasakné kanca kang sembada."
2:19
ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶ ꦄꦭ꧀ꦭꦃꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦩꦸꦤ꧀ꦝꦸꦠ꧀ꦊꦩꦃ꧈ꦤꦸꦭꦶꦏꦝꦥꦸꦂꦢꦢꦶꦱꦫꦸꦥꦏꦤꦱꦏꦠꦴ
ꦏꦏꦮꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦱꦫꦸꦥꦏꦤ ꦩꦤꦸꦏ꧀꧈ꦏꦏꦧꦃꦩꦲꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦢꦶꦥꦥꦤꦏꦏꦲꦤꦲꦶꦁ
ꦔꦉꦏꦥ꧀ꦥꦩꦤꦸꦁꦱ꧈ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃ ꦏꦼꦂꦱꦩꦶꦂꦱꦤꦶ꧈ꦏꦼꦿꦶꦏꦪꦩꦤꦸꦁꦱꦲꦼꦏꦒꦴꦏꦤ ꦏꦩꦏꦤꦃꦲꦶꦗꦼꦤꦼꦩꦫꦁꦏꦏꦮꦏꦤ꧀ꦏꦮꦤ꧀ꦩꦲ꧉ ꦪꦏꦸꦮꦶꦩꦸꦭꦧꦸꦏꦏꦤ
ꦏꦏꦮꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦩꦤꦸꦏ꧀ꦥꦝꦢꦸꦏꦮꦗꦼꦤꦼꦏꦝꦏꦮꦏꦝꦏꦮ꧉
2:19 Gusti Allah banjur mundhut lemah, nuli kadhapur dadi sarupané sato kéwan lan sarupané manuk. Kabèh mau banjur dipapanaké ana ing ngarepé manungsa, awit Gusti Allah kersa mirsani, kepriyé manungsa enggoné mènèhi jeneng marang kéwan-kéwan mau. Yakuwi mula- bukané kéwan lan manuk padha duwé jeneng dhéwé-dhéwé.
2:20
ꦩꦼꦏꦏꦴꦏꦤꦴꦢꦢꦶꦏꦤꦩꦤꦸꦁꦱꦏꦩꦏꦤꦃꦲꦶꦗꦼꦤꦼꦩꦫꦁꦱꦫꦸꦥꦏꦤꦏꦏꦮꦤ꧀꧈ꦤꦁꦔꦶꦁ
ꦏꦲꦴꦫꦲꦤꦩꦤꦸꦁꦱꦱꦶꦗꦶꦮꦏꦲꦱꦶꦁꦧꦶꦱꦢꦢꦶꦏꦫꦮꦁꦏꦔꦱꦶꦁꦱꦼꦩ꧀ꦧꦢ꧉
2:20 Mengkono dadiné manungsa mènèhi jeneng marang sarupané kéwan. Nanging ora ana manungsa siji waé sing bisa dadi réwangé sing sembada.
2:21
ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶ ꦄꦭ꧀ꦭꦃꦤꦸꦭꦶꦤ꧀ꦢꦏꦢꦏ꧀ꦏꦏꦏꦩꦤꦸꦁꦱꦩꦲꦠꦸꦫꦸꦏꦼꦥꦠꦶ꧈ꦭꦤ꧀ꦲꦺꦶꦒꦏꦤ ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦝꦸꦠ꧀ꦱꦶꦗꦶ꧉ ꦠꦶꦭꦱ꧀ꦥꦁꦏꦒꦴꦤꦏꦤꦲꦶꦒꦏꦁꦏꦥꦸꦤ꧀ꦝꦸꦠ꧀ꦩꦲꦢꦶꦲꦶꦏꦱꦤꦶꦢꦒꦶꦁ꧉
2:21 Gusti Allah nuli ndadèkaké manungsa mau turu kepati, lan igané dipundhut siji; tilas panggonané iga kang kapundhut mau diisèni daging.
2:22
ꦲꦶꦒꦱꦶꦁꦏꦥꦸꦤ꧀ꦝꦸꦠ꧀ꦱꦏꦩꦤꦸꦁꦱꦩꦲꦤꦸꦭꦶꦢꦶꦝꦥꦸꦂꦏꦢꦤꦶꦁꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦢꦢꦶꦏꦮꦁꦴ
ꦮꦏꦢꦴꦤ꧀꧈ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦢꦶꦥꦥꦤꦏꦏꦲꦤꦲꦶꦁꦔꦉꦏꦥ꧀ꦥꦩꦤꦸꦁꦱ꧉
2:22 Iga sing kapundhut saka manungsa mau nuli didhapur déning Gusti Allah dadi wong wadon, banjur dipapanaké ana ing ngarepé manungsa.
2:23
ꦲꦶꦁ ꦏꦏꦴꦏꦤꦴꦩꦤꦸꦁꦱꦤꦸꦭꦶꦔꦸꦕꦥ꧀꧈ꦪꦲꦶꦏꦶꦠꦶꦠꦃꦱꦶꦁꦏꦪꦲꦏꦸ꧈ꦱꦶꦁꦧꦭꦸꦁꦏꦔ
ꦱꦏꦧꦭꦸꦁꦏꦸ꧈ ꦭꦤ꧀ꦢꦒꦶꦁꦏꦔꦱꦏꦢꦒꦶꦁꦏꦸ꧉ꦩꦤꦸꦁꦱꦲꦶꦏꦶꦢꦶꦲꦫꦤꦶꦏꦼꦝꦶꦤꦶ꧈
ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦏꦗꦸꦥꦸꦏ꧀ꦱꦏꦏꦼꦝꦤ꧉
2:23 Ing kono manungsa nuli ngucap, "Yaiki titah sing kaya aku, sing balungé saka balungku, lan dagingé saka dagingku. Manungsa iki diarani ‘kedhini’, awit kajupuk saka kedhana."
2:24
ꦩꦸꦭꦏꦤꦏꦮꦁꦴꦭꦤꦁꦥꦶꦤꦼꦱ꧀ꦛꦺꦶꦤꦶꦁꦒꦭ꧀ꦧꦥꦧꦶꦪꦸꦁꦏꦔꦭꦤ꧀ꦫꦸꦩꦏꦼꦠ꧀ꦩꦫꦁꦫꦧꦶꦏꦤ꧈ꦱꦂꦠ
ꦱꦼꦏꦏꦫꦴꦏꦤꦧꦏꦭ꧀ꦢꦢꦶꦧꦢꦤ꧀ꦱꦶꦗꦶ꧉
2:24 Mulané wong lanang pinesthi ninggal bapa-biyungé lan rumaket marang rabiné, sarta sekaroné bakal dadi badan siji.
2:25
ꦩꦤꦸꦁꦱꦭꦤꦁꦭꦤ꧀ꦮꦏꦢꦴꦤ꧀ꦩꦲꦱꦼꦏꦏꦫꦴꦏꦤꦥꦝꦮꦸꦢ꧈ꦏꦲꦮꦏꦢꦏꦤꦏꦲꦴꦫ
ꦫꦸꦩꦁꦱꦲꦶꦱꦶꦤ꧀꧈
2:25 Manungsa lanang lan wadon mau sekaroné padha wuda, éwadéné ora rumangsa isin.
ꦧꦧ꧀ 3
3:1
꧋ꦥꦝꦥꦝ ꦏꦏꦮꦤ꧀ꦱꦶꦁꦏꦠꦶꦠꦃꦲꦏꦏꦏꦢꦤꦶꦁꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃ꧈ꦲꦭꦏꦸꦮꦶ
ꦏꦏꦮꦤ꧀ꦱꦶꦁꦱꦸꦒꦶꦃꦲꦏꦭ꧀꧈ꦲꦭ ꦩꦲꦠꦏꦏꦴꦤ꧀ꦏꦏꦫꦴꦏꦮꦁꦴꦮꦏꦢꦴꦤ꧀꧈ꦲꦥ
ꦧꦼꦤꦼꦂꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦏꦲꦴꦫꦩꦉꦁꦔꦏꦏꦏꦏꦴꦏꦮ ꦩꦁꦔꦏꦤ꧀ꦮꦴꦃꦲꦶꦁꦮꦶꦠ꧀ꦮꦶꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦏꦏꦧꦃꦱꦶꦁ
ꦲꦤꦲꦶꦁꦥꦼꦠꦩꦤꦤ꧀ꦲꦺꦶꦏꦶ꧈
3:1 Padha-padha kéwan sing katitahaké déning Gusti Allah, ula kuwi kéwan sing sugih akal. Ula mau takon karo wong wadon, "Apa bener Gusti Allah ora marengaké kowé mangan wohing wit- witan kabèh sing ana ing petamanan iki?"
3:2
ꦮꦁꦱꦸꦭ꧀ꦭꦏꦤꦏꦮꦁꦴꦮꦏꦢꦴꦤ꧀꧈ꦏꦮꦴꦃꦏꦲꦮꦶꦠ꧀ꦮꦶꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦲꦺꦶꦁꦥꦼꦠꦩꦤꦤ꧀ꦲꦺꦶꦏꦶ
ꦥꦝꦏꦲꦴꦏꦭꦃꦢꦏ꧀ꦥꦁꦔꦤ꧀꧈
3:2 Wangsulané wong wadon, "Wohé wit-witan ing petamanan iki padha olèh dakpangan,
3:3
ꦏꦼꦗꦧ ꦩꦸꦁꦏꦮꦴꦃꦏꦲꦮꦶꦠ꧀ꦱꦶꦁꦲꦤꦲꦶꦁꦱꦠꦼꦔꦃꦏꦲꦥꦼꦠꦩꦤꦤ꧀꧈ꦱꦶꦁ
ꦢꦶꦝꦮꦸꦃꦲꦏꦏꦏꦢꦤꦶꦁꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶ ꦄꦭ꧀ꦭꦃ꧈ꦲꦗꦏꦏꦴꦏ꧀ꦥꦔꦤ꧀꧈ꦩꦭꦃ
ꦏꦏꦴꦏ꧀ꦒꦼꦏꦥꦴꦏ꧀ꦮꦏꦲꦏꦲꦴꦫꦏꦼꦤ꧈ꦱꦸꦥꦪꦏꦏꦴꦏꦮꦲꦗꦥꦝꦩꦠꦶ꧉
3:3 kejaba mung wohé wit sing ana ing satengahé petamanan; sing didhawuhaké déning Gusti Allah, ‘Aja kokpangan, malah kokgepok waé ora kena, supaya kowé aja padha mati.’"
3:4
ꦲꦭꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦏꦤ꧀ꦝ꧈ꦏꦸꦮꦶꦏꦲꦴꦫꦧꦼꦤꦼꦂ꧈ꦏꦏꦴꦏꦮꦏꦲꦴꦫꦧꦏꦭ꧀ꦩꦠꦶ꧈
3:4 Ula banjur kandha, "Kuwi ora bener! Kowé ora bakal mati!
3:5
ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶ ꦄꦭ꧀ꦭꦃꦲꦼꦏꦒꦴꦏꦤꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦩꦼꦏꦏꦴꦏꦤꦴꦩꦲꦩꦼꦂꦒꦥꦶꦂꦱꦏꦪꦤ꧀ꦱꦩꦱ ꦏꦏꦴꦏꦮꦥꦝꦩꦁꦔꦏꦤ꧀ꦮꦴꦃ ꦏꦸꦮꦶ꧈ꦏꦏꦴꦏꦮꦧꦏꦭ꧀ꦢꦢꦶꦏꦪꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃ꧈ꦭꦤ꧀ꦔꦼꦂꦠꦶ
ꦲꦥꦱꦶꦁꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦭꦤ꧀ꦱꦶꦁꦲꦭ꧉
3:5 Gusti Allah enggoné ngandika mengkono mau merga pirsa yèn samasa kowé padha mangan woh kuwi, kowé bakal dadi kaya Gusti Allah, lan ngerti apa sing becik lan sing ala."
3:6
ꦏꦮꦁꦴ ꦮꦏꦢꦴꦤ꧀ꦧꦉꦁꦤꦩꦠ꧀ꦠꦏꦏꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦏꦼꦱꦼꦱꦼꦩ꧀ꦩꦫꦁꦏꦏꦲꦤ꧀ꦢꦃꦲꦏꦤ
ꦮꦶꦠ꧀ꦭꦏꦤ꧀ꦮꦴꦃꦏꦲꦩꦲ꧈ ꦱꦶꦁꦱꦗꦏꦿꦏꦪꦴꦒꦢꦶꦥꦔꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦧꦶꦱꦏꦔꦴꦏꦭꦃꦲꦏꦏ ꦏꦥꦶꦤ꧀ꦠꦼꦂꦫꦤ꧀꧈ꦩꦸꦭꦏꦤꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂ ꦩꦼꦛꦶꦏꦏ꧀ꦮꦴꦃꦩꦲ꧈ꦤꦸꦭꦶꦢꦶꦥꦔꦤ꧀꧈ꦱꦶꦁꦭꦤꦁ
ꦢꦶꦏꦮꦏꦤꦃꦲꦶꦭꦤ꧀ꦲꦺꦶꦪꦏꦩꦭꦸꦩꦁꦔꦤ꧀꧈
3:6 Wong wadon bareng namataké banjur kesengsem marang kaéndahané wit lan wohé mau, sing
sajak prayoga dipangan lan bisa ngolèhaké kapinteran, mulané banjur methik woh mau, nuli dipangan. Sing lanang diwènèhi lan iya mèlu mangan.
3:7
ꦱꦤꦭꦶꦏ ꦲꦶꦏꦸꦲꦒꦥꦶꦏꦶꦂꦫꦏꦤꦏꦮꦁꦴꦏꦭꦴꦏꦫꦴꦩꦲꦏꦧꦸꦏꦏ꧀꧈
ꦠꦼꦩꦃꦲꦤ꧀ꦥꦝꦮꦼꦫꦸꦃꦏꦪꦤ꧀ꦮꦸꦢ꧉ ꦩꦸꦭꦏꦤꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦥꦝꦔ꧀ꦒꦏꦤ꧀ꦝꦁꦔ꧀ꦒꦏꦤ꧀ꦝꦁꦏꦒꦴꦏꦝꦁꦴ
ꦲꦚ꧀ꦗꦶꦂꦏꦁꦏꦒꦴꦤꦸꦠꦸꦥ꧀ꦥꦶꦲꦮꦏꦏ꧀ꦏ꧉
3:7 Sanalika iku uga pikirané wong loro mau kabukak, temahan padha weruh yèn wuda. Mulané banjur padha nggandhèng-nggandhèng godhong anjir kanggo nutupi awaké.
3:8
ꦏꦱꦴꦏꦫꦏꦤ ꦧꦉꦁꦭꦤ꧀ꦱꦸꦩꦶꦭꦶꦂꦏꦫꦲꦔꦶꦤ꧀꧈ꦩꦤꦸꦁꦱꦭꦤ꧀ꦱꦶꦁꦮꦏꦢꦴꦤ꧀ꦥꦝꦿꦸꦔꦸ
ꦱꦼꦧꦮꦏꦤꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏꦏ꧀ꦏ ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦭꦸꦩꦩ꧀ꦥꦃꦲꦤꦲꦶꦁꦥꦼꦠꦩꦤꦤ꧀꧈ꦤꦸꦭꦶ
ꦥꦝꦲꦩ꧀ꦥꦼꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦲꦺꦶꦁꦲꦤ꧀ꦠꦫꦏꦤ ꦮꦶꦠ꧀ꦮꦶꦠ꧀ꦠꦤ꧀꧈ꦱꦸꦥꦪꦏꦲꦴꦫꦏꦏꦴꦤꦁꦔꦤ꧀꧈
3:8 Soréné bareng lan sumiliré angin, manungsa lan sing wadon padha krungu sebawané tindaké Gusti Allah lumampah ana ing petamanan, nuli padha umpetan ing antarané wit-witan, supaya ora konangan.
3:9
ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦤꦶꦩ꧀ꦧꦭ꧀ꦭꦶꦩꦤꦸꦁꦱ꧈ꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦏꦤ꧈ꦏꦏꦴꦏꦮꦲꦤꦲꦶꦁꦲꦼꦤ꧀ꦢꦶ꧈
3:9 Gusti Allah banjur nimbali manungsa, pangandikané, "Kowé ana ing endi?"
3:10
ꦮꦁꦱꦸꦭ꧀ꦭꦏꦤꦩꦤꦸꦁꦱ꧈ꦱꦉꦁꦏꦮꦸꦭꦩꦶꦉꦁꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦤ꧀ꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏꦏ꧀ꦮꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦺꦶꦁ
ꦥꦼꦠꦩꦤꦤ꧀꧈ꦏꦮꦸꦭꦲꦿꦶꦃ꧈ꦩꦶꦭꦭꦗꦼꦲꦩ꧀ꦥꦼꦠ꧀ꦠꦤ꧀꧈ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦏꦮꦸꦭꦮꦸꦢ꧉
3:10 Wangsulané manungsa, "Sareng kawula mireng Panjenengan tindak wonten ing petamanan, kawula ajrih, mila lajeng umpetan, awit kawula wuda."
3:11
ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦤ꧀ꦢꦔꦸ꧈ꦱꦥꦏꦁꦔꦤ꧀ꦝꦤꦶꦏꦏꦴꦏꦮ꧈ꦏꦪꦏꦤ꧀ꦏꦴꦏꦮꦮꦸꦢ꧈ꦲꦥꦏꦏꦴꦏꦮ
ꦩꦁꦔꦏꦤ꧀ꦮꦴꦃꦲꦶꦁꦮꦶꦠ꧀ꦱꦶꦁꦏꦲꦴꦫꦢꦏ꧀ꦥꦉꦁꦔꦏꦏꦏꦏꦴꦏ꧀ꦥꦔꦤ꧀꧈
3:11 Gusti Allah ndangu, "Sapa kang ngandhani kowé, yèn kowé wuda? Apa kowé mangan wohing wit sing ora Dakparengaké kokpangan?"
3:12
ꦲꦠꦸꦂꦏꦫ ꦩꦤꦸꦁꦱ꧈ꦠꦶꦪꦁꦏꦲꦱ ꦱꦶꦲꦶꦁꦏꦁ
ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦤ꧀ꦥꦫꦶꦁꦔꦏꦼꦤ꧀ꦢꦏꦢꦴꦱ꧀ꦱꦶꦱꦶꦃꦲꦤ꧀ꦏꦮꦸꦭꦩꦼꦤꦶꦏ ꦲꦶꦁꦏꦁꦚꦸꦏꦤꦶ
ꦏꦮꦴꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦶꦠ꧀ꦮꦲꦝꦠꦼꦏꦮꦸꦭ꧈ꦱꦂꦠꦭꦗꦼꦏꦮꦸꦭꦠꦼꦝ꧉
3:12 Aturé manungsa, "Tiyang èstri ingkang Panjenengan paringaken dados sisihan kawula menika ingkang nyukani wohipun wit wau dhateng kawula, sarta lajeng kawula tedha."
3:13
ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶ ꦄꦭ꧀ꦭꦃꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦤ꧀ꦢꦔꦸꦩꦫꦁꦏꦮꦁꦴꦮꦏꦢꦴꦤ꧀꧈ꦲꦥꦱꦼꦧꦏꦧ꧀ꦧꦏꦏꦴꦏꦮ
ꦏꦏꦴꦏ꧀ꦠꦸꦩꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦩꦼꦏꦏꦴꦏꦤꦴ꧈ꦲꦠꦸꦂꦏꦫꦏꦮꦁꦴꦮꦏꦢꦴꦤ꧀꧈ꦱꦮꦼꦂꦲꦶꦁꦏꦁꦔꦥꦸꦱ꧀ꦱꦶ
ꦏꦮꦸꦭ꧈ ꦠꦼꦩꦃꦲꦤ꧀ꦏꦮꦸꦭꦭꦗꦼꦤꦼꦝ꧉
3:13 Gusti Allah banjur ndangu marang wong wadon, "Apa sebabé kowé koktumindak mengkono?" Aturé wong wadon, "Sawer ingkang ngapusi kawula, temahan kawula lajeng nedha."
3:14
ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶ ꦄꦭ꧀ꦭꦃꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦩꦫꦁꦱꦶꦲꦭ꧈ꦱꦏꦫꦃꦏꦤꦏꦏꦴꦏꦮꦔ꧀ꦭꦏꦏꦴꦤꦶꦏꦁ
ꦩꦼꦏꦏꦴꦏꦤꦴ ꦏꦸꦮꦶ꧈ꦩꦸꦭꦏꦤꦏꦏꦴꦏꦮꦏꦼꦤꦲꦶꦁꦲꦶꦥꦠ꧀ꦲꦺꦶꦥꦠ꧀ꦩꦼꦂꦒꦥꦼꦒꦏꦮꦩꦸ꧉ꦲꦶꦁ
ꦔꦠꦏꦱ꧀ꦱꦱꦫꦸꦥꦏꦤ ꦏꦏꦮꦤ꧀꧈ꦩꦸꦁꦏꦏꦴꦏꦮꦏꦝꦏꦮꦏꦁꦤꦩ꧀ꦥꦤꦶ
ꦥꦲꦏꦸꦩ꧀ꦩꦤ꧀ꦲꦺꦶꦏꦶ꧉ꦮꦶꦮꦶꦠ꧀ꦱꦲꦶꦏꦶꦭꦏꦸꦩꦸ ꦧꦏꦭ꧀ꦏꦤ꧀ꦭꦴꦏꦱꦂꦴ꧈ꦭꦏꦤ꧀ꦏꦴꦏꦮ ꦧꦏꦭ꧀ꦩꦁꦔꦤ꧀ꦊꦧꦸꦱꦗꦼꦒꦲꦫꦶꦥ꧀ꦩꦸ꧉
3:14 Gusti Allah banjur ngandika marang si ula, "Sarèhné kowé nglakoni kang mengkono kuwi, mulané kowé kena ing ipat-ipat merga penggawému. Ing ngatasé sarupané kéwan, mung kowé dhéwé kang nampani paukuman iki. Wiwit saiki lakumu bakal nlosor, lan kowé bakal mangan lebu sajegé uripmu.
3:15
ꦏꦏꦴꦏꦮ ꦭꦏꦤ꧀ꦮꦁꦴꦮꦏꦢꦴꦤ꧀ꦲꦺꦶꦏꦶꦧꦏꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦱꦃꦥꦝꦩꦼꦩꦸꦁꦱꦸꦃꦲꦤ꧀꧈
ꦱꦼꦏꦩꦴꦏꦤꦴꦲꦒꦠꦸꦫꦸꦏꦤꦏꦮꦁꦴ ꦮꦏꦢꦴꦤ꧀ꦲꦺꦶꦏꦶꦭꦤ꧀ꦠꦸꦫꦸꦤ꧀ꦩꦸ꧉ꦠꦸꦫꦸꦏꦤꦏꦮꦁꦴ
ꦮꦏꦢꦴꦤ꧀ꦲꦺꦶꦏꦶꦧꦏꦭ꧀ꦔꦽꦩꦸꦏ꧀ꦲꦺꦼꦤ꧀ꦝꦱ꧀ꦩꦸ꧈ ꦭꦏꦤ꧀ꦏꦴꦏꦮꦧꦏꦭ꧀ꦔꦽꦩꦸꦏ꧀ꦠꦸꦁꦏꦏꦏ꧀ꦏ꧉
3:15 Kowé lan wong wadon iki bakal tansah padha memungsuhan; semono uga turuné wong wadon iki lan turunmu. Turuné wong wadon iki bakal ngremuk endhasmu, lan kowé bakal ngremuk tungkaké."
3:16
ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶ ꦄꦭ꧀ꦭꦃꦤꦸꦭꦶꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦩꦫꦁꦏꦮꦁꦴꦮꦏꦢꦴꦤ꧀꧈ꦲꦏꦸꦧꦏꦭ꧀ꦩꦸꦮꦸꦃꦲꦶꦉꦏꦱꦩꦸ
ꦱꦏꦿꦴꦏꦤꦏꦏꦴꦏꦮ ꦔꦤ꧀ꦝꦼꦒ꧀꧈ꦔ꧀ꦭꦫꦤꦶꦭꦤ꧀ꦔ꧀ꦭꦲꦶꦂꦫꦏꦏꦲꦤꦏ꧀꧈
ꦏꦲꦮꦏꦢꦏꦤꦏꦏꦴꦏꦮꦧꦏꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦱꦃ ꦏꦼꦏꦥꦚ꧀ꦕꦸꦠ꧀ꦩꦫꦁꦏꦧꦴꦏꦗꦴꦩꦸ꧈ꦩꦁꦏꦏꦮꦁꦴ
ꦏꦸꦮꦶꦧꦏꦭ꧀ꦔ꧀ꦮꦱꦤꦶꦏꦏꦴꦏꦮ꧉
3:16 Gusti Allah nuli ngandika marang wong wadon, "Aku bakal muwuhi rekasamu sajroné kowé ngandheg, nglarani lan nglairaké anak; éwadéné kowé bakal tansah kepéncut marang bojomu, mangka wong kuwi bakal ngwasani kowé."
3:17
ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶ ꦄꦭ꧀ꦭꦃꦤꦸꦭꦶꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦩꦫꦁꦏꦮꦁꦴꦭꦤꦁ꧈ꦱꦏꦫꦃꦏꦤꦏꦏꦴꦏꦮꦔ꧀ꦒꦸꦒꦸꦩꦫꦁ
ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦏꦔ ꦫꦧꦶꦩꦸ꧈ꦱꦂꦠꦩꦁꦔꦏꦤ꧀ꦮꦴꦃꦏꦲꦮꦶꦠ꧀ꦱꦶꦁꦏꦲꦴꦫꦢꦏ꧀ꦥꦉꦁꦔꦏꦏ
ꦏꦏꦴꦏ꧀ꦥꦔꦤ꧀꧈ꦩꦸꦭꦏꦤꦧꦸꦩꦶꦏꦼꦤ ꦲꦶꦁꦲꦶꦥꦠ꧀ꦲꦺꦶꦥꦠ ꦠꦤꦏꦏꦴꦏꦮ꧇ꦱꦸꦥꦪ ꦏꦏꦴꦏꦮꦧꦶꦱꦩꦁꦔꦤ꧀ꦥꦩꦼꦠꦸꦏꦤꦧꦸꦩꦶꦲꦶꦏꦶ꧈ꦱꦗꦼꦒ ꦲꦫꦶꦏꦥ꧀ꦏꦴꦏꦮ
ꦧꦏꦭ꧀ꦔꦽꦏꦱ꧉
3:17 Gusti Allah nuli ngandika marang wong lanang, "Sarèhné kowé nggugu marang tembungé rabimu, sarta mangan wohé wit sing ora Dakparengaké kokpangan, mulané bumi kena ing ipat- ipat krana kowé: Supaya kowé bisa mangan pametuné bumi iki, sajegé urip kowé bakal
ngrekasa.
3:18
ꦧꦸꦩꦶꦧꦏꦭ꧀ꦩꦼꦏꦠꦴꦏ꧀ꦏꦏꦏꦲꦼꦫꦶꦭꦤ꧀ꦉꦫꦸꦁꦏꦸꦢ꧀ꦢꦤ꧀꧈ꦲꦶꦪꦥꦩꦼꦠꦸꦏꦤꦏꦸꦮꦶꦱꦶꦁ
ꦢꦢꦶꦥꦔꦤ꧀ꦩꦸ꧉
3:18 Bumi bakal metokaké eri lan rerungkudan; iya pametuné kuwi sing dadi panganmu.
3:19
ꦲꦼꦏꦒꦴꦤ꧀ꦩꦸ ꦩꦁꦔꦤ꧀ꦉꦗꦼꦏꦶꦩꦸꦔꦁꦏꦒꦴꦚꦩ꧀ꦧꦸꦠ꧀ꦒꦏꦮꦲꦏꦧꦴꦠ꧀꧈ꦔꦤ꧀ꦠꦶ
ꦠꦼꦏꦤ꧀ꦥꦠꦶꦩꦸ꧈ꦧꦭꦶꦩꦫꦁꦧꦸꦩꦶ ꦲꦱꦭ꧀ꦩꦸ꧉ꦱꦏꦫꦃꦏꦤꦏꦏꦴꦏꦮꦏꦸꦮꦶꦊꦧꦸ꧈ꦩꦸꦭ ꦧꦏꦭ꧀ꦧꦭꦶꦢꦢꦶꦊꦧꦸꦩꦼꦏꦤꦃ꧉
3:19 Enggonmu mangan rejekimu nganggo nyambut-gawé abot, nganti tekan patimu, bali marang bumi asalmu. Sarèhné kowé kuwi lebu, mula bakal bali dadi lebu menèh."
3:20
ꦩꦤꦸꦁꦱ꧌ꦄꦢꦩ꧀꧍ꦲꦏꦮꦃꦗꦼꦤꦼꦩꦫꦁꦏꦧꦴꦏꦗꦴꦏꦤꦏꦮ꧈ꦩꦼꦂꦒꦏꦮꦁꦴꦮꦏꦢꦴꦤ꧀ꦏꦸꦮꦶ
ꦢꦢꦶꦭꦗꦼꦂꦫꦶꦁꦩꦤꦸꦁꦱꦏꦏꦧꦃ꧉
3:20 Manungsa (Adam) awèh jeneng marang bojoné Kawa, merga wong wadon kuwi dadi lajering manungsa kabèh.
3:21
ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦪꦱꦱꦤ꧀ꦝꦁꦔꦤ꧀ꦱꦏꦮꦼꦭꦸꦭꦁꦢꦶꦲꦁꦏꦒꦴꦏ꧀ꦏꦏꦏꦩꦫꦁ
ꦄꦢꦩ꧀ꦭꦤ꧀ꦏꦮ꧉
3:21 Gusti Allah banjur yasa sandhangan saka welulang dianggokaké marang Adam lan Kawa.
3:22
ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶ ꦄꦭ꧀ꦭꦃꦤꦸꦭꦶꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈ꦱꦲꦶꦏꦶꦩꦤꦸꦁꦱꦮꦶꦱ꧀ꦥꦝꦏꦏꦫꦴꦏꦶꦠ꧈ꦔꦼꦂꦠꦶꦧꦧ꧀ꦏꦁ
ꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦭꦤ꧀ꦏꦁ ꦲꦭ꧉ꦩꦸꦭꦏꦤꦱꦲꦶꦏꦶꦩꦤꦸꦁꦱꦲꦗꦔꦤ꧀ꦠꦶꦩꦼꦛꦶꦏ꧀ꦱꦂꦠꦩꦁꦔꦏꦤ꧀ꦮꦴꦃꦏꦲ ꦮꦶꦠ꧀ꦥꦔꦸꦫꦶꦥ꧀ꦥꦤ꧀꧈ ꦠꦼꦩꦃꦲꦫꦶꦥ꧀ꦲꦺꦶꦁꦱꦼꦭꦮꦏꦱ꧀ꦱ꧉
3:22 Gusti Allah nuli ngandika, "Saiki manungsa wis padha karo Kita, ngerti bab kang becik lan kang ala. Mulané saiki manungsa aja nganti methik sarta mangan wohé wit panguripan, temah urip ing selawasé."
3:23
ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦤꦸꦤ꧀ꦝꦸꦁꦩꦤꦸꦁꦱꦱꦏꦥꦼꦠꦩꦤꦤ꧀ꦌꦏꦢꦤ꧀꧈
ꦏꦝꦮꦸꦃꦲꦏꦤ꧀ꦔꦴꦭꦃꦊꦩꦃꦏꦁꦢꦢꦶꦲꦱꦏꦭ꧀ꦭ꧉
3:23 Gusti Allah banjur nundhung manungsa saka petamanan Èden, kadhawuhan ngolah lemah kang dadi asalé.
3:24
ꦱꦮꦸꦏꦱ꧀ꦱ ꦩꦼꦏꦏꦴꦏꦤꦴꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦩꦽꦤꦃꦲꦏꦏ
ꦩꦭꦏꦲꦏꦠ꧀ꦏꦼꦫꦸꦧ꧀ꦲꦺꦶꦁꦱꦏꦮꦠꦏꦤ ꦥꦼꦠꦩꦤꦤ꧀ꦌꦏꦢꦤ꧀꧈ꦏꦏꦫꦴꦔ꧀ꦒꦮꦥꦼꦝꦁ
ꦩꦸꦫꦸꦧ꧀ꦱꦶꦁꦠꦤ꧀ꦱꦃꦢꦶꦏꦲꦴꦧꦠ꧀ꦲꦺꦧꦶꦠ꧀ꦠꦏꦏ꧉ꦏꦸꦮꦶ ꦏꦁꦏꦒꦴꦚ꧀ꦗꦒ꧈ꦱꦸꦥꦪ ꦲꦗꦲꦤꦏꦮꦁꦴꦱꦶꦁꦮꦤꦶꦚꦼꦝꦏ꧀ꦏꦶꦮꦶꦠ꧀ꦠꦶꦁꦥꦔꦸꦫꦶꦥ꧀ꦥꦤ꧀꧈
3:24 Sawusé mengkono Gusti Allah banjur mrenahaké malaékat Kerub ing sawétané petamanan Èden, karo nggawa pedhang murub sing tansah diobat-abitaké. Kuwi kanggo njaga, supaya aja ana wong sing wani nyedhaki witing panguripan.
ꦧꦧ꧀ 4
4:1
꧋ꦄꦢꦩ꧀ꦲꦸꦫꦶꦥ꧀ꦧꦼꦧꦉꦁꦔꦤ꧀ꦏꦏꦫꦴ ꦏꦮ꧈ꦏꦱꦴꦩꦃꦏꦲ꧈ꦠꦼꦩꦃꦏꦮꦔꦤ꧀ꦝꦼꦒ꧀꧈
ꦭꦤ꧀ꦲꦺꦩ꧀ꦧꦧꦂꦲꦤꦏ꧀ꦭꦤꦁ꧉ꦥꦔꦸꦕꦏꦥ꧀ꦥꦏꦮ꧈ꦩꦼꦂꦒꦱꦏ ꦥꦶꦠꦸꦭꦸꦁꦔꦏꦤꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶ
ꦄꦭ꧀ꦭꦃꦲꦏꦸꦢꦸꦏꦮꦲꦤꦏ꧀ꦭꦤꦁ꧉ꦩꦸꦭꦏꦤꦲꦤꦏꦏ꧀ꦏꦩꦲꦢꦶꦗꦼꦤꦼꦔꦏꦏ ꦏꦲꦶꦤ꧀꧈
4:1 Adam urip bebarengan karo Kawa, somahé, temah Kawa ngandheg, lan mbabar anak lanang.
Pangucapé Kawa, "Merga saka pitulungané Gusti Allah aku duwé anak lanang." Mulané anaké mau dijenengaké Kain.
4:2
ꦱꦮꦶꦏꦱ꧀ꦱꦏꦸꦮꦶꦏꦮꦲꦩ꧀ꦧꦧꦂꦲꦤꦏ꧀ꦭꦤꦁꦩꦼꦏꦤꦃ꧈ꦢꦶꦗꦼꦤꦼꦔꦏꦏꦄꦧꦶꦭ꧀꧈
ꦄꦧꦶꦭ꧀ꦢꦢꦶꦥꦏꦔꦴꦤ꧀ꦮꦼꦝꦸꦱ꧀꧈ꦭꦤ꧀ꦏꦲꦶꦤ꧀ꦢꦢꦶꦏꦮꦁꦴꦠꦤꦶ꧉
4:2 Sawisé kuwi Kawa mbabar anak lanang menèh, dijenengaké Abil. Abil dadi pangon wedhus, lan Kain dadi wong tani.
4:3
ꦱꦮꦶꦏꦱ꧀ꦱꦮꦼꦠꦫꦩꦁꦱꦏꦲꦶꦤ꧀ꦩꦲꦚꦏꦲꦴꦱ꧀ꦱꦏꦏꦏꦸꦂꦧꦤ꧀ꦩꦫꦁꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃ
ꦱꦏꦥꦩꦼꦠꦸꦏꦤꦊꦩꦃꦏꦲ꧉
4:3 Sawisé wetara mangsa Kain mau nyaosaké kurban marang Gusti Allah saka pametuné lemahé.
4:4
ꦏꦢꦏꦤ ꦄꦧꦶꦭ꧀ꦲꦸꦒꦚ꧀ꦗꦸꦥꦸꦏ꧀ꦼꦏꦩ꧀ꦥꦠꦼꦏꦩ꧀ꦧꦪꦤ꧀꧈ꦢꦶꦱꦼꦩ꧀ꦧꦼꦏꦭꦃꦭꦤ꧀ꦢꦒꦶꦁꦏꦔ ꦱꦶꦁꦲꦥꦶꦏꦏ꧀ꦝꦏꦮ ꦏꦕꦏꦲꦴꦱ꧀ꦱꦏꦏꦩꦶꦤꦁꦏꦏꦸꦂꦧꦤ꧀ꦩꦫꦁꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃ꧉ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃ
ꦉꦤꦩꦫꦁꦥꦶꦱꦸꦁꦱꦸꦁꦏꦔ ꦄꦧꦶꦭ꧀꧈
4:4 Déné Abil uga njupuk cempé tembéan, disembelèh lan dagingé sing apik dhéwé kacaosaké minangka kurban marang Gusti Allah. Gusti Allah rena marang pisungsungé Abil,
4:5
ꦤꦁꦔꦶꦁꦥꦶꦱꦸꦁꦱꦸꦁꦏꦔꦏꦲꦶꦤ꧀ꦢꦶꦠꦩ꧀ꦥꦶꦏ꧀꧈ꦩꦸꦭꦏꦲꦶꦤꦼꦥ꧀ꦱꦸꦧꦔꦼꦠ꧀꧈
ꦭꦤ꧀ꦲꦸꦭꦏꦠ꧀ꦠꦲꦩ꧀ꦧꦼꦱꦼꦔꦸꦠ꧀꧈
4:5 nanging pisungsungé Kain ditampik, mula Kain nepsu banget, lan ulaté mbesengut.
4:6
ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦤꦸꦭꦶꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦩꦫꦁꦏꦲꦶꦤ꧀꧈ꦪꦏꦒꦏꦤꦏꦏꦴꦏꦮꦤꦼꦥ꧀ꦱꦸ꧈ꦲꦥ ꦱꦼꦧꦏꦧ꧀ꦧꦲꦭꦠ꧀ꦩꦸꦲꦩ꧀ꦧꦼꦱꦼꦔꦸꦠ꧀꧈
4:6 Gusti Allah nuli ngandika marang Kain, "Yagéné kowé nepsu? Apa sebabé ulatmu mbesengut?
4:7
ꦩꦼꦤꦮ ꦠꦸꦩꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦩꦸꦧꦼꦕꦶꦏ꧀꧈ꦩꦼꦱ꧀ꦛꦺꦶꦲꦭꦠ꧀ꦩꦸꦥꦝꦁ꧉ꦤꦁꦔꦶꦁꦱꦏꦫꦃꦏꦤꦠꦸꦩꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦩꦸ
ꦲꦭ꧈ ꦏꦢꦴꦱꦮꦶꦱ꧀ꦕꦸꦩꦼꦥꦏ꧀ꦲꦺꦤꦲꦶꦁꦔꦉꦥ꧀ꦥꦶꦁꦭꦮꦁꦏꦔꦲꦠꦶꦩꦸ꧈ꦲꦉꦥ꧀ꦔ꧀ꦮꦱꦤꦶ
ꦏꦏꦴꦏꦮ꧉ꦤꦁꦔꦶꦁꦏꦸꦮꦶ ꦏꦸꦢꦸꦏꦏꦴꦏ꧀ꦠꦼꦭꦸꦏ꧀ꦏꦏꦏ꧉
4:7 Menawa tumindakmu becik, mesthi ulatmu padhang. Nanging sarèhné tumindakmu ala, dosa wis cumepak ana ing ngareping lawangé atimu, arep ngwasani kowé; nanging kuwi kudu koktelukaké."
4:8
ꦏꦲꦶꦤ꧀ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦏꦤ꧀ꦝꦏꦏꦫꦴꦄꦧꦶꦭ꧀꧈ꦲꦝꦶꦏꦤ꧈ꦲꦏꦪꦴꦥꦝꦩꦼꦚꦁ
ꦠꦼꦒꦭ꧀ꦭꦤ꧀꧈ꦧꦉꦁꦮꦶꦱ꧀ꦠꦼꦏꦤ꧀ꦠꦼꦒꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦄꦧꦶꦭ꧀ꦤꦸꦭꦶꦢꦶꦒꦼꦧꦸꦒ꧀ꦱꦂꦠꦢꦶꦥꦏꦠꦤꦶ꧉
4:8 Kain banjur kandha karo Abil, adhiné, "Ayo padha menyang tegalan." Bareng wis tekan tegalan Abil nuli digebug sarta dipatèni.
4:9
ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶ ꦄꦭ꧀ꦭꦃꦤꦸꦭꦶꦤ꧀ꦢꦔꦸꦩꦫꦁꦏꦲꦶꦤ꧀꧈ꦄꦧꦶꦭ꧀ꦲꦺꦝꦶꦩꦸꦲꦤꦲꦶꦁꦲꦼꦤ꧀ꦢꦶ꧈ꦲꦠꦸꦂꦏꦫ ꦏꦲꦶꦤ꧀꧈ ꦏꦮꦸꦭꦲꦏꦩ꧀ꦧꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦸꦩꦼꦉꦥ꧀꧈ꦩꦼꦤꦥꦏꦮꦸꦭꦩꦼꦤꦶꦏ
ꦥꦏꦩꦴꦏꦩꦁꦴꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦺꦝꦶꦏꦮꦸꦭ꧈
4:9 Gusti Allah nuli ndangu marang Kain, "Abil adhimu ana ing endi?" Aturé Kain, "Kawula mboten sumerep. Menapa kawula menika pamomongipun adhi kawula?"
4:10
ꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦏꦤ ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃ꧈ꦪꦏꦒꦏꦤꦏꦏꦴꦏꦮꦏꦏꦴꦏ꧀ꦔ꧀ꦭꦏꦏꦴꦤꦶꦥꦽꦠꦶꦁꦏꦃ
ꦏꦁꦩꦼꦏꦏꦴꦏꦤꦴ꧈ ꦒꦼꦠꦶꦃꦏꦲꦲꦝꦶꦩꦸꦱꦼꦱꦩ꧀ꦧꦠ꧀ꦩꦫꦁꦲꦏꦸꦱꦏꦲꦶꦁꦧꦸꦩꦶ꧈
ꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦥꦶꦮꦊꦱ꧀꧈
4:10 Pangandikané Gusti Allah, "Yagéné kowé koknglakoni pretingkah kang mengkono? Getihé adhimu sesambat marang Aku saka ing bumi, nyuwun piwales.
4:11
ꦩꦸꦭꦏꦤꦏꦏꦴꦏꦮꦏꦼꦤꦲꦶꦁꦲꦶꦥꦠ꧀ꦲꦺꦶꦥꦠ꧀ꦭꦤ꧀ꦏꦠꦸꦤ꧀ꦝꦸꦁꦱꦏꦲꦶꦁꦧꦸꦩꦶꦏꦏꦏꦤ꧈ꦩꦼꦂꦒ
ꦊꦩꦃꦲꦶꦏꦶꦮꦶꦱ꧀ꦩꦔꦥ꧀ꦤꦝꦃꦲꦶꦒꦼꦠꦶꦃꦏꦲꦲꦝꦶꦩꦸꦤꦭꦶꦏꦏꦏꦴꦏ꧀ꦥꦏꦠꦤꦶ꧉
4:11 Mulané kowé kena ing ipat-ipat lan katundhung saka ing bumi kéné, merga lemah iki wis mangap nadhahi getihé adhimu nalika kokpatèni.
4:12
ꦩꦼꦤꦮꦏꦏꦴꦏꦮꦔ꧀ꦒꦫꦥ꧀ꦊꦩꦃ꧈ꦏꦲꦴꦫꦧꦏꦭ꧀ꦲꦺꦤꦥꦩꦼꦠꦸꦏꦤ꧉ꦏꦏꦴꦏꦮ
ꦧꦏꦏꦭ꧀ꦲꦺꦴꦫꦢꦸꦏꦮꦥꦁꦏꦒꦴꦤꦤ꧀ꦱꦶꦁꦠꦼꦠꦼꦥ꧀ꦭꦤ꧀ꦧꦏꦭ꧀ꦔ꧀ꦭꦼꦩ꧀ꦧꦂꦫꦲꦤꦲꦶꦁꦧꦸꦩꦶ꧉
4:12 Menawa kowé nggarap lemah, ora bakal ana pametuné. Kowé bakal ora duwé panggonan sing tetep lan bakal nglembara ana ing bumi."
4:13
ꦲꦚ꧀ꦗꦸꦏꦏ꧀ꦏꦏꦲꦶꦤ꧀ꦩꦫꦁꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃ꧈ꦥꦲꦏꦸꦩ꧀ꦩꦤ꧀ꦩꦼꦤꦶꦏꦲꦿꦠ꧀ꦱꦔꦼꦠ꧀꧈
ꦔꦏꦤ꧀ꦠꦴꦱ꧀ꦏꦮꦸꦭꦲꦏꦩ꧀ꦧꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦶꦪꦠ꧀ꦚꦁꦒꦶ꧉
4:13 Unjuké Kain marang Gusti Allah, "Paukuman menika awrat sanget, ngantos kawula mboten kiyat nyanggi.
4:14
ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦤꦸꦤ꧀ꦝꦸꦁ ꦏꦮꦸꦭꦱꦏꦶꦁꦧꦸꦩꦶꦔꦿꦶꦏꦶ꧈ꦠꦼꦧꦶꦃꦱꦏꦶꦁ
ꦥꦼꦔꦏꦪꦴꦩ꧀ꦩꦤ꧀ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦤ꧀꧈ꦏꦮꦸꦭꦧꦏꦝ ꦢꦏꦢꦴꦱ꧀ꦠꦶꦪꦁꦔ꧀ꦭꦼꦩ꧀ꦧꦂꦫꦲꦶꦁꦏꦁ
ꦲꦏꦩ꧀ꦧꦴꦠꦼꦤ꧀ꦒꦝꦃꦥꦁꦏꦒꦤꦤ꧀ꦲꦺꦶꦁꦏꦁ ꦠꦼꦠꦼꦏꦥ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦺꦶꦁꦧꦸꦩꦶ꧈ꦭꦤ꧀ꦱꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ ꦏꦏꦩꦏꦮꦴꦤ꧀ꦲꦺꦶꦁꦏꦁꦩꦿꦁꦒꦸꦭ꧀ꦭꦶꦏꦮꦸꦭ ꦠꦼꦩ꧀ꦠꦸꦧꦏꦝꦩꦼꦗꦃꦲꦶꦏꦮꦸꦭ꧉
4:14 Panjenengan sampun nundhung kawula saking bumi ngriki, tebih saking pengayoman Panjenengan. Kawula badhé dados tiyang nglembara ingkang mboten gadhah panggènan ingkang tetep wonten ing bumi, lan sintena kémawon ingkang mrangguli kawula temtu badhé mejahi kawula."
4:15
ꦤꦁꦔꦶꦁ ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧈ꦏꦲꦴꦫꦥꦶꦱꦤ꧀ꦥꦶꦱꦤ꧀꧈ꦩꦼꦤꦮꦲꦤꦏꦁꦩꦏꦠꦤꦶ
ꦏꦏꦴꦏꦮ꧈ ꦧꦏꦭ꧀ꦏꦮꦊꦱ꧀ꦠꦶꦏꦼꦭ꧀ꦥꦶꦁꦥꦶꦠꦸ꧉ꦏꦲꦶꦤ꧀ꦤꦸꦭꦶꦢꦶꦥꦫꦶꦁꦔꦶꦕꦶꦫꦶꦏꦢꦤꦶꦁꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶ
ꦄꦭ꧀ꦭꦃ꧈ ꦱꦸꦥꦪꦲꦗꦔꦤ꧀ꦠꦶꦢꦶꦥꦏꦠꦤꦶꦏꦢꦤꦶꦁꦱꦥꦮꦏꦲꦱꦶꦁꦩꦿꦁꦒꦸꦭ꧀ꦭꦶ꧉
4:15 Nanging Gusti Allah ngandika, "Ora pisan-pisan. Menawa ana kang matèni kowé, bakal kawales tikel ping pitu." Kain nuli diparingi ciri déning Gusti Allah, supaya aja nganti dipatèni déning sapa waé sing mrangguli.
4:16
ꦏꦲꦶꦤ꧀ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦩꦸꦤ꧀ꦢꦸꦂꦱꦏꦔꦂꦱꦏꦤꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦭꦤ꧀ꦩꦁꦏꦒꦴꦤ꧀ꦲꦺꦶꦁꦠꦤꦃꦏꦤꦴꦢ꧀꧈ꦲꦶꦁ
ꦱꦏꦮꦠꦏꦤꦠꦤꦃꦌꦏꦢꦤ꧀꧈
4:16 Kain banjur mundur saka ngarsané Gusti Allah lan manggon ing tanah Nod, ing sawétané tanah Èden.
4:17
꧋ꦏꦲꦶꦤ꧀ꦭꦏꦤ꧀ꦧꦴꦏꦗꦴꦏꦤꦢꦸꦏꦮꦲꦤꦏ꧀ꦭꦤꦁ꧈ꦢꦶꦗꦼꦤꦼꦔꦏꦏꦏꦲꦏꦤꦴꦏ꧀꧈
ꦏꦲꦶꦤ꧀ꦤꦸꦭꦶꦔꦼꦢꦼꦒꦏꦏꦏꦸꦛꦢꦶꦗꦼꦤꦼꦔꦏꦏꦏꦪꦗꦼꦤꦼꦏꦔꦲꦤꦏꦏ꧀ꦏꦩꦲ꧈ꦪꦏꦸꦮꦶ
ꦏꦲꦏꦤꦴꦏ꧀꧈
4:17 Kain lan bojoné duwé anak lanang, dijenengaké Hénokh. Kain nuli ngedegaké kutha
4:18
ꦏꦲꦏꦤꦴꦏ꧀ꦤꦸꦫꦸꦤꦏꦏꦆꦫꦢ꧀꧈ꦆꦫꦢ꧀ꦤꦸꦫꦸꦤꦏꦏꦏꦩꦏꦸꦪꦏꦲꦭ꧀꧈
ꦏꦩꦏꦸꦪꦏꦲꦭ꧀ꦤꦸꦫꦸꦤꦏꦏꦏꦩꦠꦸꦱꦏꦲꦭ꧀꧈ꦏꦩꦠꦸꦱꦏꦲꦭ꧀ꦤꦸꦫꦸꦤꦏꦏ ꦭꦏꦩꦏ꧀꧈
4:18 Hénokh nurunaké Irad. Irad nurunaké Mekhuyaèl; Mekhuyaèl nurunaké Metusaèl, Metusaèl nurunaké Lamèkh.
4:19
ꦭꦏꦩꦏ꧀ꦢꦸꦏꦮꦏꦧꦴꦏꦗꦴꦏꦭꦴꦏꦫꦴ꧇ꦄꦢꦭꦤ꧀ꦗ꦳ꦶꦭ꧉
4:19 Lamèkh duwé bojo loro: Ada lan Zila.
4:20
ꦄꦢꦢꦸꦏꦮꦲꦤꦏ꧀ꦪꦧꦭ꧀꧈ꦭꦤ꧀ꦪꦧꦭ꧀ꦏꦸꦮꦶꦢꦢꦶꦊꦭꦸꦲꦂꦏꦫꦧꦁꦱꦱꦶꦁꦔꦶꦔꦸ
ꦫꦗꦏꦪꦭꦤ꧀ꦩꦁꦏꦒꦴꦤ꧀ꦲꦺꦶꦁꦏꦏꦩꦃ꧉
4:20 Ada duwé anak Yabal, lan Yabal kuwi dadi leluhuré bangsa sing ngingu raja-kaya lan manggon ing kémah.
4:21
ꦲꦝꦶꦏꦤꦪꦧꦭ꧀ꦗꦼꦤꦼꦏꦔꦪꦸꦧꦭ꧀꧈ꦢꦢꦶꦊꦭꦸꦲꦂꦏꦫꦥꦫꦏꦮꦁꦴꦱꦶꦁꦱꦼꦤꦼꦚ꧀ꦭꦼꦩ꧀ꦥꦸꦁ
ꦭꦤ꧀ꦚꦸꦭ꧀ꦭꦶꦁ꧉
4:21 Adhiné Yabal jenengé Yubal, dadi leluhuré para wong sing seneng nylempung lan nyuling.
4:22
ꦗ꦳ꦶꦭꦔ꧀ꦭꦲꦶꦂꦫꦏꦏꦠꦸꦧꦭ꧀ꦏꦲꦶꦤ꧀꧈ꦢꦢꦶꦊꦭꦸꦲꦂꦏꦫꦥꦫꦱꦪꦁꦭꦤ꧀ꦥꦏꦤ꧀ꦝ꧉
ꦠꦸꦧꦭ꧀ꦏꦲꦶꦤ꧀ꦢꦸꦏꦮꦲꦝꦶꦮꦏꦢꦴꦤ꧀꧈ꦗꦼꦤꦼꦏꦔꦤꦲꦩꦃ꧉
4:22 Zila nglairaké Tubal-Kain, dadi leluhuré para sayang lan pandhé. Tubal-Kain duwé adhi wadon, jenengé Naamah.
4:23
ꦭꦏꦩꦏ꧀ꦏ ꦤ꧀ꦝ ꦏꦏꦫꦴꦏꦧꦴꦏꦗꦴꦏꦧꦴꦏꦗꦴꦏꦤꦩꦼꦏꦏꦏꦤ꧈ꦄꦢꦭꦤ꧀ꦗ꦳ꦶꦭ꧈
ꦥꦝꦫꦸꦏꦔꦴꦏꦏꦤ꧀ꦝꦏꦸ꧈ꦏꦪꦤ꧀ꦲꦺꦤ ꦏꦮꦁꦴꦤꦏꦠꦴꦤꦶꦲꦏꦸ꧈ꦏꦮꦁꦴꦏꦸꦮꦶꦩꦼꦱ꧀ꦛꦺꦶ
ꦢꦏ꧀ꦥꦏꦠꦤꦶ꧈ꦱꦼꦏꦩꦴꦏꦤꦴꦲꦒꦏꦪꦤ꧀ꦲꦺꦤ ꦏꦤꦴꦏꦤꦴꦩ꧀ꦩꦤ꧀ꦱꦶꦁꦒꦏꦮꦧꦶꦭꦸꦂꦏꦸ꧉
4:23 Lamèkh kandha karo bojo-bojoné mengkéné, "Ada lan Zila, padha rungokna kandhaku! Yèn ana wong natoni aku, wong kuwi mesthi dakpatèni, semono uga yèn ana nonoman sing gawé bilurku.
4:24
ꦏꦪꦏꦤ꧀ꦮꦁꦴꦩꦏꦠꦤꦶꦏꦲꦶꦤ꧀ꦢꦶꦮꦊꦱ꧀ꦥꦶꦁꦥꦶꦠꦸ꧈ꦤꦁꦔꦶꦁꦏꦪꦤ꧀ꦩꦏꦠꦤꦶꦲꦏꦸ꧈
ꦧꦏꦭ꧀ꦢꦶꦮꦊꦱ꧀ꦥꦶꦁꦥꦶꦠꦸꦁꦥꦸꦭꦸꦃꦥꦶꦠꦸ꧉
4:24 Yèn wong matèni Kain diwales ping pitu, nanging yèn matèni aku, bakal diwales ping pitung puluh pitu."
4:25
ꦄꦢꦩ꧀ꦭꦤ꧀ꦏꦮ ꦢꦶꦥꦫꦶꦁꦔꦶꦲꦤꦏ꧀ꦩꦼꦏꦤꦃ꧉ꦥꦔꦸꦕꦏꦥ꧀ꦥꦏꦮ꧈ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦮꦶꦱ꧀ꦩꦫꦶꦁꦔꦶ
ꦲꦏꦸꦲꦤꦏ꧀ꦭꦤꦁ ꦲꦶꦏꦗꦴꦏꦭ꧀ꦭꦄꦧꦶꦭ꧀꧈ꦱꦶꦁꦢꦶꦥꦏꦠꦤꦶꦏꦲꦶꦤ꧀꧈ꦩꦸꦭꦏꦤ ꦲꦤꦏ꧀ꦩꦲꦢꦶꦗꦼꦤꦼꦔꦏꦏꦏꦱꦠ꧀꧈
4:25 Adam lan Kawa diparingi anak menèh. Pangucapé Kawa, "Gusti Allah wis maringi aku anak lanang ijolé Abil, sing dipatèni Kain." Mulané anak mau dijenengaké Sèt.
4:26
ꦏꦱꦠ꧀ꦢꦸꦏꦮꦲꦤꦏ꧀ꦭꦤꦁ꧈ꦢꦶꦗꦼꦤꦼꦔꦏꦏꦌꦏꦤꦴꦱ꧀꧈ꦤꦭꦶꦏꦱꦼꦏꦩꦴꦏꦤꦴꦏꦮꦁꦴ
ꦮꦶꦮꦶꦠ꧀ꦥꦝꦩꦤꦼꦩ꧀ꦧꦃꦏ꧀ꦭꦮꦤ꧀ꦚꦼꦧꦸꦠ꧀ꦲꦺꦱ꧀ꦩꦏꦤꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃ꧉
4:26 Sèt duwé anak lanang, dijenengaké Énos. Nalika semono wong wiwit padha manembah klawan nyebut Asmané Gusti Allah.
ꦧꦧ꧀ 5
5:1
꧋ꦲꦶꦏꦶꦱꦼꦗꦫꦃꦏꦲꦄꦢꦩ꧀꧈꧌ꦤꦭꦶꦏꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦤꦶꦠꦃꦲꦏꦏꦄꦢꦩ꧀꧈
ꦏꦢꦩꦼꦭ꧀ꦤꦸꦭꦢ꧀ꦥꦱꦼꦏꦩꦴꦏꦤꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀꧈
5:1 Iki sejarahé Adam. [Nalika Gusti Allah nitahaké Adam, kadamel nulad pasemoné Gusti Allah piyambak.
5:2
ꦥꦝꦏꦠꦶꦠꦃꦲꦏꦏꦭꦤꦁꦭꦤ꧀ꦮꦏꦢꦴꦤ꧀꧈ꦱꦂꦠꦥꦝꦢꦶꦧꦼꦂꦏꦃꦲꦶꦭꦤ꧀ꦢꦶꦲꦫꦤꦶ
ꦩꦤꦸꦁꦱ꧉꧍
5:2 Padha katitahaké lanang lan wadon, sarta padha diberkahi lan diarani "manungsa".]
5:3
ꦤꦭꦶꦏꦄꦢꦩ꧀ꦲꦸꦩꦸꦂ꧇꧑꧓꧐꧇ꦠꦲꦤ꧀ꦤꦸꦭꦶꦏꦥꦫꦶꦁꦔꦤ꧀ꦲꦺꦤꦏ꧀ꦭꦤꦁ꧈ꦱꦶꦁꦫꦸꦥꦏꦤ
ꦏꦩꦩ꧀ꦥꦼꦂꦏꦏꦫꦴꦧꦥꦏꦏ꧉ꦲꦤꦏ꧀ꦩꦲꦢꦶꦗꦼꦤꦼꦔꦏꦏꦏꦱꦠ꧀꧈
5:3 Nalika Adam umur 130 taun nuli kaparingan anak lanang, sing rupané mèmper karo bapakné.
Anak mau dijenengaké Sèt.
5:4
ꦱꦮꦶꦏꦱ꧀ꦱꦏꦥꦫꦶꦁꦔꦤ꧀ꦲꦺꦤꦏꦏ꧀ꦱꦠ꧀꧈ꦄꦢꦩ꧀ꦲꦺꦶꦱꦶꦃꦏꦮꦸꦮꦸꦃꦲꦤ꧀ꦲꦸꦩꦸꦂ
800ꦠꦲꦤ꧀꧈ꦱꦂꦠꦏꦥꦫꦶꦁꦔꦤ꧀ꦲꦺꦤꦏ꧀ꦭꦤꦁꦭꦤ꧀ꦮꦏꦢꦴꦤ꧀꧈
5:4 Sawisé kaparingan anak Sèt, Adam isih kawuwuhan umur 800 taun, sarta kaparingan anak lanang lan wadon,
5:5
ꦭꦤ꧀ꦠꦶꦭꦂꦏꦢꦴꦚꦤꦭꦶꦏꦲꦩꦸꦂ930ꦠꦲꦤ꧀꧈
5:5 lan tilar-donya nalika umur 930 taun.
5:6
ꦤꦭꦶꦏꦏꦱꦠ꧀ꦲꦸꦩꦸꦂ꧇꧑꧐꧕꧇ꦠꦲꦤ꧀꧈ꦏꦥꦫꦶꦁꦔꦤ꧀ꦲꦺꦤꦏ꧀ꦭꦤꦁ꧈ꦗꦼꦤꦼꦏꦔ ꦌꦏꦤꦴꦱ꧀꧈
5:6 Nalika Sèt umur 105 taun, kaparingan anak lanang, jenengé Énos.
5:7
ꦱꦮꦶꦏꦱ꧀ꦱꦏꦸꦮꦶꦏꦱꦠ꧀ꦲꦺꦶꦱꦶꦃꦏꦮꦸꦮꦸꦃꦲꦤ꧀ꦲꦸꦩꦸꦂ807ꦠꦲꦤ꧀꧈
ꦏꦥꦫꦶꦁꦔꦤ꧀ꦲꦺꦤꦏ꧀ꦭꦤꦁꦭꦤ꧀ꦮꦏꦢꦴꦤ꧀꧈
5:7 Sawisé kuwi Sèt isih kawuwuhan umur 807 taun, kaparingan anak lanang lan wadon,
5:8
ꦱꦂꦠꦠꦶꦭꦂꦏꦢꦴꦚꦤꦭꦶꦏꦲꦩꦸꦂ912ꦠꦲꦤ꧀꧈
5:8 sarta tilar-donya nalika umur 912 taun.
5:9
ꦤꦭꦶꦏꦌꦏꦤꦴꦱ꧀ꦲꦸꦩꦸꦂ꧇꧙꧐꧇ꦠꦲꦤ꧀ꦏꦥꦫꦶꦁꦔꦤ꧀ꦲꦺꦤꦏ꧀ꦭꦤꦁ꧈ꦗꦼꦤꦼꦏꦔꦏꦏꦤꦤ꧀꧈
5:9 Nalika Énos umur 90 taun kaparingan anak lanang, jenengé Kénan.
5:10
ꦱꦮꦶꦏꦱ꧀ꦱꦲꦶꦏꦸꦌꦏꦤꦴꦱ꧀ꦲꦺꦶꦱꦶꦃꦏꦮꦸꦮꦸꦃꦲꦤ꧀ꦲꦸꦩꦸꦂ815ꦠꦲꦤ꧀꧈
ꦏꦥꦫꦶꦁꦔꦤ꧀ꦲꦺꦤꦏ꧀ꦭꦤꦁꦭꦤ꧀ꦮꦏꦢꦴꦤ꧀꧈
5:10 Sawisé iku Énos isih kawuwuhan umur 815 taun, kaparingan anak lanang lan wadon,
5:11
ꦭꦤ꧀ꦠꦶꦭꦂꦏꦢꦴꦚꦤꦭꦶꦏꦲꦩꦸꦂ905ꦠꦲꦤ꧀꧈
5:11 lan tilar-donya nalika umur 905 taun.
5:12
ꦤꦭꦶꦏꦏꦏꦤꦤ꧀ꦲꦸꦩꦸꦂ꧇꧗꧐꧇ꦠꦲꦤ꧀ꦏꦥꦫꦶꦁꦔꦤ꧀ꦲꦺꦤꦏ꧀ꦭꦤꦁ꧈ꦗꦼꦤꦼꦏꦔ ꦩꦲꦭꦏꦭꦏꦪꦭ꧀꧈
5:12 Nalika Kénan umur 70 taun kaparingan anak lanang, jenengé Mahalaléèl.
5:13
ꦱꦮꦶꦏꦱ꧀ꦱꦏꦸꦮꦶꦏꦏꦤꦤ꧀ꦲꦺꦶꦱꦶꦃꦏꦮꦸꦮꦸꦃꦲꦤ꧀ꦲꦸꦩꦸꦂ840ꦠꦲꦤ꧀꧈
ꦏꦥꦫꦶꦁꦔꦤ꧀ꦲꦺꦤꦏ꧀ꦭꦤꦁꦭꦤ꧀ꦮꦏꦢꦴꦤ꧀꧈
5:13 Sawisé kuwi Kénan isih kawuwuhan umur 840 taun, kaparingan anak lanang lan wadon,
5:14
ꦱꦂꦠꦠꦶꦭꦂꦏꦢꦴꦚꦤꦭꦶꦏꦲꦩꦸꦂ910ꦠꦲꦤ꧀꧈
5:14 sarta tilar-donya nalika umur 910 taun.
5:15
ꦤꦭꦶꦏꦩꦲꦭꦏꦭꦏꦪꦭ꧀ꦲꦸꦩꦸꦂ꧇꧖꧕꧇ꦠꦲꦤ꧀ꦏꦥꦫꦶꦁꦔꦤ꧀ꦲꦺꦤꦏ꧀ꦭꦤꦁ꧈ꦗꦼꦤꦼꦏꦔ
ꦪꦏꦫꦢ꧀꧈
5:15 Nalika Mahalaléèl umur 65 taun kaparingan anak lanang, jenengé Yarèd.
5:16
ꦱꦮꦶꦏꦱ꧀ꦱꦏꦸꦮꦶꦩꦲꦭꦏꦭꦏꦪꦭ꧀ꦲꦺꦶꦱꦶꦃꦏꦮꦸꦮꦸꦃꦲꦤ꧀ꦲꦸꦩꦸꦂ830ꦠꦲꦤ꧀꧈
ꦏꦥꦫꦶꦁꦔꦤ꧀ꦲꦺꦤꦏ꧀ꦭꦤꦁꦭꦤ꧀ꦮꦏꦢꦴꦤ꧀꧈
5:16 Sawisé kuwi Mahalaléèl isih kawuwuhan umur 830 taun, kaparingan anak lanang lan wadon,
5:17
ꦱꦂꦠꦠꦶꦭꦂꦏꦢꦴꦚꦤꦭꦶꦏꦲꦩꦸꦂ895ꦠꦲꦤ꧀꧈
5:17 sarta tilar-donya nalika umur 895 taun.
5:18
ꦤꦭꦶꦏꦪꦏꦫꦢ꧀ꦲꦸꦩꦸꦂ꧇꧑꧖꧒꧇ꦠꦲꦤ꧀ꦏꦥꦫꦶꦁꦔꦤ꧀ꦲꦺꦤꦏ꧀ꦭꦤꦁ꧈ꦗꦼꦤꦼꦏꦔ
ꦏꦲꦏꦤꦴꦏ꧀꧈
5:18 Nalika Yarèd umur 162 taun kaparingan anak lanang, jenengé Hénokh.
5:19
ꦱꦮꦶꦏꦱ꧀ꦱꦏꦸꦮꦶꦪꦏꦫꦢ꧀ꦲꦺꦶꦱꦶꦃꦏꦮꦸꦮꦸꦃꦲꦤ꧀ꦲꦸꦩꦸꦂ800ꦠꦲꦤ꧀꧈
ꦏꦥꦫꦶꦁꦔꦤ꧀ꦲꦺꦤꦏ꧀ꦭꦤꦁꦭꦤ꧀ꦮꦏꦢꦴꦤ꧀꧈
5:19 Sawisé kuwi Yarèd isih kawuwuhan umur 800 taun, kaparingan anak lanang lan wadon,
5:20
ꦱꦂꦠꦠꦶꦭꦂꦏꦢꦴꦚꦤꦭꦶꦏꦲꦩꦸꦂ962ꦠꦲꦤ꧀꧈
5:20 sarta tilar-donya nalika umur 962 taun.
5:21
ꦤꦭꦶꦏꦏꦲꦏꦤꦴꦏ꧀ꦲꦸꦩꦸꦂ꧇꧖꧕꧇ꦠꦲꦤ꧀ꦏꦥꦫꦶꦁꦔꦤ꧀ꦲꦺꦤꦏ꧀ꦭꦤꦁ꧈ꦗꦼꦤꦼꦏꦔ
ꦏꦩꦠꦸꦱꦭꦃ꧉
5:21 Nalika Hénokh umur 65 taun kaparingan anak lanang, jenengé Metusalah.
5:22
ꦱꦮꦶꦏꦱ꧀ꦱꦏꦸꦮꦶꦏꦲꦏꦤꦴꦏ꧀ꦲꦺꦶꦱꦶꦃꦏꦮꦸꦮꦸꦃꦲꦤ꧀ꦲꦸꦩꦸꦂ300ꦠꦲꦤ꧀꧈
ꦏꦥꦫꦶꦁꦔꦤ꧀ꦲꦺꦤꦏ꧀ꦭꦤꦁꦭꦤ꧀ꦮꦏꦢꦴꦤ꧀꧈
5:22 Sawisé kuwi Hénokh isih kawuwuhan umur 300 taun, kaparingan anak lanang lan wadon.
5:23
ꦲꦩꦸꦂꦏꦫꦏꦲꦏꦤꦴꦏ꧀ꦚꦤ꧀ꦝꦏ꧀365ꦠꦲꦤ꧀꧈
5:23 Umuré Hénokh nyandhak 365 taun.
5:24
ꦏꦲꦏꦤꦴꦏ꧀ꦲꦸꦫꦶꦏꦥ꧀ꦥꦠꦤ꧀ꦱꦃꦠꦼꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦏꦏꦫꦴꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃ꧉
ꦢꦸꦩꦢꦏ꧀ꦏꦏꦤ꧀ꦲꦺꦏꦤꦴꦏ꧀ꦲꦺꦶꦭꦁ꧈ꦩꦼꦂꦒꦏꦥꦸꦭꦸꦁꦏꦢꦤꦶꦁꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦏꦤ꧉
5:24 Hénokh uripé tansah tetunggilan karo Gusti Allah. Dumadakan Hénokh ilang, merga kapulung déning Panjenengané.
5:25
ꦤꦭꦶꦏꦏꦩꦠꦸꦱꦭꦃꦲꦩꦸꦂ187ꦠꦲꦤ꧀ꦏꦥꦫꦶꦁꦔꦤ꧀ꦲꦺꦤꦏ꧀ꦭꦤꦁ꧈ꦗꦼꦤꦼꦏꦔ
ꦭꦏꦩꦏ꧀꧈
5:25 Nalika Metusalah umur 187 taun kaparingan anak lanang, jenengé Lamèkh.
5:26
ꦱꦮꦶꦏꦱ꧀ꦱꦏꦸꦮꦶꦏꦩꦠꦸꦱꦭꦃꦲꦶꦱꦶꦃꦏꦮꦸꦮꦸꦃꦲꦤ꧀ꦲꦸꦩꦸꦂ782ꦠꦲꦤ꧀꧈
ꦏꦥꦫꦶꦁꦔꦤ꧀ꦲꦺꦤꦏ꧀ꦭꦤꦁꦭꦤ꧀ꦮꦏꦢꦴꦤ꧀꧈
5:26 Sawisé kuwi Metusalah isih kawuwuhan umur 782 taun, kaparingan anak lanang lan wadon,
5:27
ꦱꦂꦠꦠꦶꦭꦂꦏꦢꦴꦚꦤꦭꦶꦏꦲꦩꦸꦂ969ꦠꦲꦤ꧀꧈
5:27 sarta tilar-donya nalika umur 969 taun.
5:28
ꦤꦭꦶꦏꦭꦏꦩꦏ꧀ꦲꦸꦩꦸꦂ182ꦠꦲꦤ꧀ꦏꦥꦫꦶꦁꦔꦤ꧀ꦲꦺꦤꦏ꧀ꦭꦤꦁ꧉
5:28 Nalika Lamèkh umur 182 taun kaparingan anak lanang.
5:29
ꦥꦔꦸꦕꦏꦥ꧀ꦥ ꦭꦏꦩꦏ꧀꧈ꦏꦧꦴꦕꦃꦲꦶꦏꦶꦧꦏꦭ꧀ꦔ꧀ꦭꦸꦮꦂꦫꦶꦏꦶꦠꦱꦏ
ꦥꦼꦒꦏꦮꦪꦤ꧀ꦏꦸꦏꦶꦠꦱꦶꦁꦲꦏꦧꦴꦠ꧀꧈ꦪꦏꦸꦮꦶ ꦔ꧀ꦒꦫꦥ꧀ꦊꦩꦃꦱꦶꦁꦮꦶꦱ꧀ꦢꦶꦧꦼꦏꦤ꧀ꦢꦴꦤꦶꦏꦢꦤꦶꦁ
ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃ꧉ꦩꦸꦭꦏꦤꦲꦤꦏꦏ꧀ꦏ ꦢꦶꦗꦼꦤꦼꦔꦏꦏꦤꦸꦃ꧉
5:29 Pangucapé Lamèkh, "Bocah iki bakal ngluwari kita saka pegawéan kita sing abot, yakuwi nggarap lemah sing wis dibendoni déning Gusti Allah." Mulané anaké dijenengaké Nuh.
5:30
ꦱꦮꦶꦏꦱ꧀ꦱꦏꦸꦮꦶꦲꦶꦱꦶꦃꦏꦮꦸꦮꦸꦃꦲꦤ꧀ꦲꦸꦩꦸꦂ595ꦠꦲꦤ꧀꧈ꦏꦥꦫꦶꦁꦔꦤ꧀ꦲꦺꦤꦏ꧀ꦭꦤꦁ
ꦭꦤ꧀ꦮꦏꦢꦴꦤ꧀꧈
5:30 Sawisé kuwi isih kawuwuhan umur 595 taun, kaparingan anak lanang lan wadon,
5:31
ꦱꦂꦠꦠꦶꦭꦂꦏꦢꦴꦚꦤꦭꦶꦏꦲꦩꦸꦂ777ꦠꦲꦤ꧀꧈
5:31 sarta tilar-donya nalika umur 777 taun.
5:32
ꦤꦭꦶꦏꦤꦸꦃꦲꦩꦸꦂ500ꦠꦲꦤ꧀ꦏꦥꦫꦶꦁꦔꦤ꧀ꦲꦺꦤꦏ꧀ꦭꦤꦁꦠꦼꦭꦸ꧈ꦪꦏꦸꦮꦶꦏꦱꦩ꧀꧈
ꦏꦩ꧀ꦭꦤ꧀ꦪꦏꦥ꦳ꦿꦠ꧀꧈
5:32 Nalika Nuh umur 500 taun kaparingan anak lanang telu, yakuwi Sèm, Kham lan Yafèt.
ꦧꦧ꧀ 6
6:1
꧋ꦩꦤꦸꦁꦱꦱꦁꦱꦪꦲꦏꦏꦃ꧈ꦱꦸꦩꦼꦧꦂꦲꦶꦁꦧꦸꦩꦶ꧈ꦭꦤ꧀ꦢꦸꦏꦮꦲꦤꦏ꧀ꦮꦏꦢꦴꦤ꧀ꦮꦏꦢꦴꦤ꧀꧈
6:1 Manungsa sangsaya akèh, sumebar ing bumi, lan duwé anak wadon-wadon.
6:2
ꦥꦫꦥꦸꦿꦏꦤꦄꦭ꧀ꦭꦃꦧꦉꦁꦮꦼꦫꦸꦃꦏꦪꦤ꧀ꦲꦺꦤꦏ꧀ꦲꦺꦤꦏꦏ꧀ꦏꦮꦏꦢꦴꦤ꧀ꦥꦫꦩꦤꦸꦁꦱ ꦩꦲꦥꦝꦲꦪꦸꦲꦪꦸ꧈ꦲꦼꦤ꧀ꦢꦶꦱꦶꦁꦢꦶꦱꦼꦤꦼꦔꦶꦤꦸꦭꦶꦢꦶꦏꦥꦏꦏ꧀ꦧꦴꦏꦗꦴ꧉
6:2 Para putrané Allah bareng weruh yèn anak-anaké wadon para manungsa mau padha ayu-ayu, endi sing disenengi nuli dipèk bojo.