• Tidak ada hasil yang ditemukan

BAB I A. CERITA RAMAYANA (ANOMAN DUTA)

N/A
N/A
Andhini Suafah

Academic year: 2024

Membagikan "BAB I A. CERITA RAMAYANA (ANOMAN DUTA) "

Copied!
2
0
0

Teks penuh

(1)

BAB I

A. CERITA RAMAYANA (ANOMAN DUTA)

I. PARAGA/TOKOH CERITA ANOMAN DUTA

Prabu Rama Dewi Shinta Jathayu Anoman

Rahwana/Dasamuka Sugriwa Dewi Trijatha Indrajid

II. TEKS CERITA ANOMAN DUTA

ANOMAN DUTA

Prabu Rama lagi duka amarga Dewi Shinta, garwane Prabu Rama ora ana ing panggonane. Nalika Prabu Rama nggoleki Dewi Shinta, banjur ketemu karo Jathayu, Jathayu matur yen Dewi Shinta didhusta/dicolong dening Rahwana, ratu buta saka Negara Alengka.

Dewi Shinta dipapanake Rahwana ing taman keputren, Negara Alengka. Dewi Shinta ora doyan mangan lan ngombe nganti kuru aking. Rambute dawa nggimbal lan suwe ora gelem adus.

Kabeh kuwi ditindaake Dewi Shinta supaya Rahwana wegah nyedhaki Dewi Shinta. Kanggo njaga keslametane, Dewi Shinta nggawa cundhik/keris cilik. Yen Rahwana nyedhaki, dheweke banjur ngancam arep nganyut tuwuh/bunuh diri. Mung Dewi Trijatha (ponakane Rahwana) sing bisa ngarih-arih Dewi Shinta supaya gelem mangan lan ora bunuh diri.

Ing sawijining dina, Anoman (Kethek Putih) dadi duta/utusan Prabu Rama supaya budhal menyang Negara Alengka kanggo dadi sisik melik/mata-mata. Kanthi pitulungan saka Dewi Trijatha, Anoman kasil sowan marang Dewi Shinta banjur menehake ali-ali saka Prabu Rama. Yen ali-ali kasebut pas ing drijine Dewi Shinta, kuwi tandhane yen Dewi Shinta isih suci. Kabukten yen Dewi Shinta isih suci banjur menehake uga marang Anoman kanggo diaturake Prabu Rama susuk kondhe minangka pralambang yen Dewi Shinta ngenteni banget tekane Prabu Rama.

(2)

Nalika Anoman cecaturan/omong-omongn karo Dewi Shinta, dumadakan konangan Indrajit, putrane Rahwana. Anoman dicekel tanpa bisa nglawan. Dheweke digawa menyang alun- alun Alengka. Printahe Rahwana kang mangerteni bab kasebut, Anoman dicancang tangane lan sikile banjur diobong.

Rahwana nyumet geni ngobong kayu kanggo ngobong Anoman. Ora disangka-sangka geni kasebut ora kasil mateni Anoman amarga Anoman sekti banget. Malah Anoman mabur kanthi nggawa geni neng awake. Geni kang digawa banjur diawut-awut neng pojok-pojoke kraton nganti Negara Alengka kobong kabeh. Akeh prajurit mati saka pangamuke Anoman. Anoman kang slamet banjur bali kanggo nemoni Prabu Rama. Anoman crita ngenani lakune menyang Negara Alengka lan nuduhake susuk kondhene Dewi Shinta kang tandhane Dewi Shinta ngarep-arep rawuhe Prabu Rama.

Kanggo nylametke Dewi Shinta ing Negara Alengka, Prabu Rama dadi ratu bangsa kethek saka Guwa Kiskendha. Kethek-kethek kuwi andhahane/bawahane Sugriwa. Prabu Rama, Anoman, Sugriwa lan para pasukan kethek banjur nyerang Negara Alengka. Amarga kasektene Prabu Rama, akeh prajurit Alengka padha mati. Rahwana uga mati dening Prabu Rama. Akhire Dewi Shinta bisa ketemu meneh karo Prabu Rama.

Referensi

Dokumen terkait