• Tidak ada hasil yang ditemukan

Hadirin Jamaah Jumat Rahimakullah

N/A
N/A
Iftakhul Farokhil Anam

Academic year: 2024

Membagikan " Hadirin Jamaah Jumat Rahimakullah"

Copied!
2
0
0

Teks penuh

(1)

Hadirin Jamaah Jumat Rahimakullah

Kedah kito mangertosi ajaran Islam niku ngajak kito sregep nyambut gawe supados dados tiyang mandiri lan mulio, amergi mboten mbebani tiyang lintu. Nopo maleh nyambut gawe niku kecatet dados ibadah kranten sampun ngelaksanaaken perintahe Gusti Allah. Gusti Allah dawuh wonten surat Al-Jumuah ayat 10:

َنوُحِلْفُت ْمُكَلَعَل ا ًريِثَك َ َلٱ ۟اوُرُكْذٱ َو ِ َلٱ ِل ْضَف نِم ۟اوُغَتْبٱ َو ِض ْرَ ْلٱ ىِف ۟اوُر ِشَتنٱَف ُة ٰوَلَصلٱ ِتَي ِضُق اَذِإَف

Artosipun: Nalikane shalat wis dirampungake, mongko gumelaro siro kabeh ing bumi lan nyupriho kanugrahane Gusti Allah, lan ilingo marang Gusti Allah sak akeh-akehe, supoyo siro kabeh begjo.

Setunggale hadis dipun dawuhaken:

َف ِرَت ْحُمْلا َنِم ْؤُمْلا ُبِحُي َا َنِإ

Artosipun: Saktemene Gusti Allah trisno marang wong mukmin ingkang sregep nyambut gawe (HR. Imam Tabrani)

Dalil-dalil meniko paring pepiling dumateng kito sedoyo bilih tiyang ingkang sregep nyambut gawe niku kecatet tiyang ingkang dipun trisnane Gusti Allah. Nopo maleh tiyang niku nggih sregep sholat lan dzikir marang Gusti Allah. Ganjarane bakal pikantuk dobel-dobel.

Jamaah Jumat Ingkang Minulyo

Wonten setunggale dawuh ingkang populer nggih meniko:

اًدغ ُت ْوُمَت َكَنأَك َكِت َرِخ ِل ْلَم ْعا َو اًدَبَأ ُشْي ْعَت َكَنَأَك َكاَيْنُدِل ْلَم ْعِا

Artosipun: Ngamalo krono dunyomu koyo-koyo siro urip saklawase, lan ngamalo krono akhiratmu koyo- koyo siro bakal mati sesok.

Dawuh niki menawi dipun pahami, paring pepertelan tiyang ingkang ngamal arupi sregep nyambut gawe krono dunyone, niku kedah nggadah semangat urip saklawase, mboten males-malesan, sebab urip saklawase niku nyiapaken sangu ingkang katah. Lajeng tiyang ingkang ngamal krono akhirate, niku kedah nggadah keyakinan bakal pejah ing dino sesok, tegese kedah tenanan anggenipun ibadah ukhrowi.

Kekalihipun sami-sami mbahas babakan ngamal; ngamal kanggo dunyo lan ngamal krono akhirat. Sinten kimawon ingkang sregep ngamal kanggo dunyone, biasane nggadah dowo pengangen-angen utawi cita- cita, ngantos supe bakale pejah. Kosok wangsulipun, sinten kimawon ingkang ngamal krono akhirate, biasae mboten nggadah dowo pengangen-angen, sebab sedoyo penggaweane dipun cawisaken kagem dinten pejahe.

Pramilo, monggo kito sareng-sareng sregep ngamal arupi nyambut gawe, ampun ngantos kito aras- arasen lan mboten nggadah semangat. Mugi-mugi ngamal kito ingkang arupi sregep nyambut gawe niku dipun catet ibadah, lan amalan sae ingkang tumuju marang Gusti Allah.

(2)

Referensi

Dokumen terkait