• Tidak ada hasil yang ditemukan

HOAX DITONTON SAKA KACAMATA AGAMA

N/A
N/A
nisa & prayitno

Academic year: 2024

Membagikan "HOAX DITONTON SAKA KACAMATA AGAMA "

Copied!
6
0
0

Teks penuh

(1)

HOAX

DITONTON SAKA KACAMATA AGAMA

Istilah hoax sing saiki lagi ngetrend malah nganti gawe gendra tekan kalangan dhuwur, kang ditegesi kabar ngayawara, apus-apus, abal-abal utawa palsu (PS no. 6 tanggal 11 Februari 2017).

Amarga kabar mau ora trep karo kasunyatane, putih dikandhakake ireng, ireng dibiwarakake ijo lsp. Yen ana pitakon keneng apa kok ana sak perangan manungsa sing dhemen tumindak mangkono?. Wangsulane amarga anduweni niat-niat tinamtu utawa duwe gegayuhan (umume ora becik) kang tangeh bakal klakon tanpa tumindak ngono. Sakjane mono menawa ditlesih kanthi premana miturut kacamata agama, substansi tumindak hoax mau ora mung lagi saiki wae utawa lagi tahunan kepungkur, nanging wis ewonan tahun, wis tuwa banget (tuwiiik pol) bareng karo dumadine manungsa dicipta dening gusti Allah swt. Sapa to gegedhuke tumindak hoax iku, ora liya si Iblis kang adigung, gumedhe lan kementhus kang rumangsa luwih mulya katimbang nabi Adam (s. al-Baqorah 34, 36). Iblis pancen gumedhe yeng nyawang Adam, amarga dheweke nganggep awake dhewe luwih mulya jalaran didadekake saka geni, kamangka Adam didadekake saka lemah (al-A’raf 12 lan Shad 76).

Miturut logikane Iblis, geni iku luwih mulya katimbang lemah (iki dadi cikal bakale faham materialis). Kanthi pawadan mengkono Iblis bangkang marang dhawuhe gusti Allah nalika dikongkon hormat marang Adam, iblis mokong rumangsa ora patut yen kudu hormat marang Adam sing derajate luwih asor. Crita sak bacute Iblis tambah rumangsa meri nalika meruhi Adam lan Hawa urip rukun mukti ana ing swarga loka. Iblis runtik atine, mula terus golek cara kanthi menebar hoax. Adam lan Hawa kang dilarang mangan uwoh khuldi dening Allah swt amarga yen dilanggar bakal gawe kapitunan, nanging larangan mau iplintir dening Iblis dadi informasi/

kabar kang mencutake (hoax), lire yen gelem mangan uwoh khuldi mau bakal urip enak kepenak terus (abadi) ning swarga. Adam lan Hawa keblithuk lan kadung mangan uwoh khuldi, ing pangajab kareben bisa oleh kanugrahan kaya omongane Iblis sing manis mencutake mau, pranyata ora jumbuh. Tundhone dudu entuk kanugrahan malah oleh bendu lan kamurkan gusti Allah, Adam/Hawa dadi seneb tur susah, nanging iblis klakon seneng, suka pari suka lan bungah.

Dadi yen ditelisih hoax kang perdana iku made in iblis. Hoax iku kebak unsur penyakit 1

(2)

ati/batiniyah, yaiku meri/iri hati, hasad/sengit nyawang wong liya mulya, tapi seneng nyawang wong liya cintraka, gumedhe/sombong, apus krama, ora duwe rasa welas marang sak padha- padha, egois/jail methakil, sing baku kekarepanku klakon, mbuh ora weruh/ora preduli marang kasangsaraning liyan lsp.

Iblis pancen prigel anggone gawe hoax ( profesional – merga wis kadung kontrak) anggone, katitik rikala nabi Ibrahim as arep nindakake dhawuhe gusti Allah swt awujud diuji kudu nyembelih nabi Ismail cilik, anggone iblis gawe trik (hoax) nggodha nabi Ibrahim jan luar biasa tenan. Thukul tembung kang manis, mencutake, logis, agamis sing bisa gawe bingung sing krungu, kaya-kaya benero tenan ing mangka iku apus-apus (hoax) . Iblis kandha marang nabi Ibrahim kurang luwih : “ Gusti Allah iku Maha Welas Asih, mokal yen dhawuh marang sawijining wong tuwa kon mateni/nyembelih anake dhewe”. Tembung iku nalare lan secara tekstual 100% bener, ananging bisa gawe keblinger. Iblis nerusake ujare “prentah ngono iku mesthi saka iblis, mula aja dituruti, aja mbok bacutke” –lho ngono iku sing omong iblis dhewe, pangrayune iblis, rak ya hebat to, mula yen ora ngerti sing sejatine perkara mesthi bakal keblithuk. Pangglembuke iblis maneh “lha yen anakmu mbok pateni, terus sing arep mbacutake perjuangan agama sapa?”. Wah jan jos gandhos tenan, prigele iblis molak malikake perkara, tembung kang rasional, logis tur agamis nembus ana ing tuntung ati. Ewo semana nabi Ibrahim datan konjat tetep madhep mantep yen iku pancen dhawuhe gusti Allah kang kudu dituhoni.

Pungkasane iblis digetak nabi Ibrahim, terus lunga mamprung.

Tumindak hoax ngono iku uga kasandhang dening nabi Ya’kub as, kanthi modus sing rada beda ora kaya sing dumadi marang nabi Adam lan nabi Ibrahim. Critane rada dawa kaya kang kaserat ana ing al-Qur’an s. Yusuf ayat 4 nganti ayat 19, mula para maos katuran mirsani piyambak ana ing al-Qur’an surat lan ayat mau.

Kacarita nabi Ya’kub as itu kagungan garwa loro, peputra 12 (rolas). Saka garwa sing kapisan patutan 10 (sepuluh) lan saka garwa sing kapindo patutan 2(loro) yoiku Yusuf as lan Bunyamin.

Putra sing sepuluh iku duweni ati gething marang sedulur loro sing beda ibu mau. Cekaking crita kanthi rekadaya kang edi peni lan premana, pungkasane bisa nyemplungake Yusuf ana jero sumur. Nanging laporane (hoax) marang nabi Ya’kub, menawa Yusuf wis dimangsa kewan galak kinanthen bukti nuduhake klambine Yusuf kang gudras gupak getih. Nampa pelapurane putrane mau nabi Ya’kub mung nahan duka, ing batos ngunandika, ing tembe mburi kowe arep nemoni apa nakalmu kok kliwat. Tenan kasunyatan ing tembe mburi sedulur sepuluhe nabi Yusuf mau

(3)

kaweleh dening patrape dhewe. Kabeh rumngsa salah lan siya-siya marang Yusuf gek zaman semono, saiki ngerti dhewe Yusuf ora mati malah mukti bawa baudhndha. Ceta lan bener dhawuhe gusti Allah swt, pranyata sing sapa salah bakal seleh, sing sapa nandur bakal ngundhuh wohing pakartini dhewe-dhewe.

Nabi Muhmmad saw dhewe makaping-kaping oleh kabar hoax kang meh wae anjalari rusaking sesrawungan para sahabat lan umat, malah meh wae gawe bubrahing rumah tanggane Nabi.

Ana ing riwayat dicritakake nalika Siti Aisyah bareng karo rombongan pasukan kondur saka peperangan, lakune Siti Aisyah rada kether ana mburi jalaran nggoleki barange sing ilang/buang hajat, terus ndilalah kawruhan dening sawining sahabat, ngerti yen iku garwane Nabi terus ngancani mlaku bareng/njaga ngancani. Mung merga mlaku bareng ngono iku, nalika tekan Madinah dadi berita besar (hoax), diklesak-klesikake yen Siti Aisyah wis laku sedheng. Meh-meh wae Rasulullah saw dhewe ketut percaya marang kabar miring mau, untunge malaikat Jibril enggal-enggal tumurun nemoni Nabi perlu paring pepadhang yen kabar mau ora bener. Ana ing kasus iki sing dadi trouble makere yaitu sak golongan menungsa sing terus-terusan golek wektu kang becik kanggo nyebarake kabar angin (hoax) kareben persatuan lan kesatuan umat dadi cengkah lan citrane elek. Menungsa sing gawene tumindak ngene iki kaserat ana ing al-Qur’an klebu tumindake wong fasiq (al-Hujurat 6). Fasiq yaiku sifat sing ning lahir karo batine ora padha, dadi kakang adi utawa undha-undhi utawa andha-usuk karo sifat munafiq, merga padha-padha nduweni sifat bunglon.

Wanter dhawuhe gusti Allah swt marang wong sing iman diwanti-wanti yen krungu suwijining kabar ora kena gampang percaya, lire kudu dicek, ditiliti (tabayun) luwih ndhisik (sak hingga ngerti bener apa to salah), amarga kabar iku yen wis dadi opini negatif bisa nuwuhake kacintrakan marang liyan dan kaduwung mburi. Piye carane nliti, bener utawa salahe suwijining kabar, salah sawining cara yaiku kaya sing kaserat ana ing PS nomer 6 sing ndak aturke ning ndhuwur mau.

Kanggone wong sing iman menawa ngerti suwijing kabar, kudu nduweni adeg-adeg kang jejeg lan kudu dicekel kenceng, yaitu ora kena kabeh bab sing ngerteni, sing dirungokke lan sing diweruhi banjur dikandakake marang liyan. Ananging kudu difilter/saring/ditintingi endi kang kena lan kudu dikandakake menyang liyan lan endi kang ora perlu utawa malah kudu disimpen primpen (dirahasiakan). Mula ana ing sawijining hadits sing dingendikake, dudu sifate wong sing iman menawa kebeh sing dirungokake, kabeh sing dingerteni lan kabeh diweruhi dikandhakake 3

(4)

marang liyan. Tegese wong sing iman iku kudu bisa njaga lisan, lathine kudu dikendhaleni. Jarwo dhosoke mula bukane diarani cangkem, merga yen ora dicencang ora gelem mingkem. Ana hadits liya dikandhakake, supaya “ngomong sing bener/haq, yen ora bisa ngomong sing bener/haq, pilih meneng”, lire kudu pilah lan pilih, kapan kudu ngomong, kapan kudu meneng, aja asbun.

Mula yen wis ngerti iku kabar ora bener yo aja disiar-siarake marang liyan, lha yen nyiarake wae ora entuk, apa maneh gawe ada-ada kabar apus-apus mesthi luwih dening ora kena. Mbesuk ning akherat Allah bakal nyuwun tanggung jawabe pakaryane anggota tubuh kita ini, kaya sing kaserat ana ing surat al Isro’ 36, sing maknane kurang luwih ” Sak temene parungon (as-sam’a), mripat (al-bashar) lan ati (al-fuad) iku bakal dijaluki tanggung jawabe dening gusti Allah swt”.

Ngucapake/ngarani/ngomongake/nuduh bab/perkara/barang kang ora trep karo kasunyatan, iku diarani fitnah. Ing mangka hoax ugo ngabarake/mbiwarake kang ora padha antarane sing omong karo sunyatane. Mula antarane fitnah karo hoax iku ora ana kaceke, alias padha wae, padha abal-abale, tir padha irenge, kenthir padha gendhenge, lir kadya jambe sinigar, kaya selembar mata uang, padha-padha memutarbalikkan fakta dan realita. Ana ing alQur’an hukume fitnah luwih abot katimbang raja pati (QS al-Baqoroh 191), awit yen raja pati iku cetho kurbane, nanging yen fitnah kurbane bisa ngambra-ambra. Dadi yen fasiq iku kakang adi karo munafiq, terus hoax karo fitnah iku sedulur sinara wedi, kadya sak lembar godhong suruh, diwolak-walik yen dicokot padha getire, amarga karo-karone duweni efek/akibat kang mbebayani tumaraping sesrawungan.

Perkara hoax uga ana ing crita Ramayana apa dene Mahabarata. Kacarita nalika dewi Sinta kang nganti 3tahun ana regemane prabu Dasamuka/Rahwana ratu kang kondhang adigang adigung adiguna tur cluthak bin angkara murka iku, yen dinalar mesti wis gegamah dewi Sinta. Mula nalika kraton Ngalengka bisa dikalahake dening prabu Rama sak wadya balane lan dewi Sinta bisa karebut maneh, opini publik wis nyawiji ndakwa (hoax) yen dewi Sinta wis ora suci. Publik wis babar blas ora bakal bijeni yen isih ana sisi-sisi becike prabu Dasamuka. Nanging senadyan kaloka raja kang bregudul prabu Dasamuka isih nduweni prinsip ora bakal laku paripeksa nggone arep ngepek bojo dewi Sinta. Bebojoan kudu linambaran rasa tresna, ing mangka tresna mono ora bisa dipeksa. Mula sing dintindakake Dasamuka marang dewi Sinta matahun-tahun mung glembug alus (sekedar merayu saja). Ing kene kita bisa oleh pelajaran yen sak elek-elek menungsa, sok isih ana kabicikane, ora ana menungsa elek thok breg wutuh, utawa apik thok

(5)

4

Prabu Rama jejere ratu kang wicaksana ngerti lan yakin yen garwane isih suci, nanging

masyarakate ora gampang percaya marang kahanan, kepara njaluk bukti yen dewi Sinta bener- benar isih suci. Kocapa nalika dianakake ritual khusus, yaiku dewi Sinta diobong urip-uripan, nyatane ora kobong masyarakat lagi percaya yen ratu gustine isih suci.

Senadyan crita Ramayana iku ora ana sambung rapete karo kisah nabi Muhammad ing duwur, ananging duweni piwulang kang padha yaiku aja gampang percaya yen durung ana bukti, aja sok purbasangka tanpa seksi, ojo sok nuduh yen ora weruh, lire kudu tliti nastiti lan ngati-ati.

Menawa ana kisah nabi Muhammad lan Ramayana ora cetha tokoh sing tukang gawe kabar abal-abal (hoax), nanging yen ing crita Mahabarata justru ana sawinijing tokoh/pemggedhe kang seneng gawe hoax, mitenah wong liya amrih katekanan karepe. Deweke iku kejaba dadi pejabat oleh legimitasi saka sang ratu. Tokoh iki katelah/peparab harya Sengkuni yo harya Suman. Ora wilangane anggone gawe kabar palsu (hoax) kanggo nglestareake hegemoni kekuasanne. Salah sawijining conto yaiku kanggo ngrangsang kalungguhan (suksesi pemerintahan) Sengkuni gawe pokal wong isih urip meger-meger dikabarake yen wis mati, kinanthen bukti palsu sing wis direkadaya sak durunge (hoax). Bacute Sengkuni ngenekake “jumpa pers” gandheng Pendhawa wis tumpes tapis, mula kalungguhan kedhaton wis sak mesthine lengser saka regemane Pandhawa pindhah menyang Kurawa. Bab iki dibabar ana ing lakon Bale Sigala-gala.

Kanthi ulasan ringkes ing dhuwur bisa ditarik kesimpulan, sing antarane : i). anane “hoax” iku wis tuwa banget, setua umur manusia. Ii). Hoax iku memba memper karo fitnah, awit duweni karakteristik sing padha. iii). Wong sing iman kudu ora bakal menyemarakkan hoax, opa maneh kok malah gawe ada-ada (ancamane abot saka gusti Allah). iii). Efek hoax apa dene fitnah banget mbebayani tumpraping urip bebrayan, mula jaga lisan. iv). Sing gawe hoax apa dene fitnah klebu golongan fasiq utawa munafiq, sifat kang nistha mungguhing agama Islam. v). Hoax, fitnah, fasiq, munafiq itu penyakit ruhani/ati sing bisa nemplok marang sapa wae, bisa pejabat bisa uga rakyat, sing sregep salat apa dene tukang maksiat. vi). Mula ayo disingkiri penyakit mau !!! karep ben urip iki bisa rukun, guyup, tentrem, ayem, bahagia sejahtera donya akherat. Amin.

Suwun

5 Semarang, 14 Februari 2017

(6)

Imam Irjanto

Referensi

Dokumen terkait