IKRAR HALAL BI HALAL
Assalamu’alaikumwr.wb.
Nuwun,
Ingkang dahat ingaosan Bapa Contoh minangka Kepala Dusun Contoh Saha para tetuangganing Dusun Contoh Ingkang winantu pakurmatan.
Mugi linepatna ing deduka, kula minangka lanjaraning atur para kadang baraya agung warga Dusun Mayong. Ing salebeting swasana riyadi ‘Idul Fitri’ punika kepareng ngaturaken sumungkeming pangabekti, mugi Gusti Allah kepareng anampi sedaya amal ibadah.
Saha nglenggana anyandhang dosa ingkang kalajeng katrajang, asring ambadal dhawuhipun para pangarsa salebeting gesang bebrayan, kula sagung kadang warga Dusun Mayong angrerepa lubering pangaksama.
Salajengipun, kula sakadang warga Dusun Contoh, kepareng nyuwun rumentahing donga suci saking Penjenenganipun Bapa Contoh, mugi sedaya warga tansah pinaringan rezeki ingkang kathah saha barokah, ugi sedaya muda tumaruna sageto hanggayuh sedya ingkang jinangka.
Pungkasaning atur, kula sakadang ndherek ndedonga mugi sedaya pinaringan karahayon.
Makaten atur kula, bilih wonten atur ingkang kirang trasila, kula nyuwun gunging pangaksama.
Nuwun.
Wassalamu’alikumwr.wb.