• Tidak ada hasil yang ditemukan

Doa Pembukaan Acara Pernikahan

N/A
N/A
Happy Ter

Academic year: 2024

Membagikan "Doa Pembukaan Acara Pernikahan"

Copied!
4
0
0

Teks penuh

(1)

Assalamu ‘alikum Wr. Wb.

Sugeng siang ingkang ngrasuk kapitadosan sanes

Kawilujengan kabagas warasan lan kasantosan mugi tansah kasariso panjenengan sami sumrambahipun sedoyo wargo

………

Sakderengipun kawulo ngaturaken minggah reroncening adicoro, purwo madya wasono tansah manggih rahayu kalising rubedo nir ing sambikolo, sumonggo langkung rumiyin kito tansah muji syukur wonten ngarsanipun gusti ingkang murbeng dumadi, ingkang sampun kepareng paring rahmat lan nikmat gumelaring alam agesang wonten madyaning bebrayan agung, tansah kajiwo lan kasaliro dumateng panjenengan sedoyo dalasan kawulo, sahinggo kito saget rawuh kempal manunggal wonten pawiwahan mriki, saperlu paring berkah pangestu dumateng panjenenganipun Bapak: _ anggenipun netepi darmaning sepuh, mugi saget dadoso keluargo ikang sakinah wawadah warohmah…amin amin yarobalalamin.

Poro rawuh kakung semawono putri, wondene menggah reroncenipun adicoro ingkang sampun rinumpoko dening poro kulo wongso nun inggih:

1. Adicoro pasrah panampi.

Paripurno adicoro pasrah panampi, kalajengaken ...

Paripurno atur pambagyo harjo

tondo yekti pawiwahan sampun paripurno.

Mekaten menggah reroncening toto adicoro pawiwahan puniko.

saklajengipun keparengo poro tamu pinarak wontening palenggahan kanthi mardikaning penggalih hangrantos tumapaking adicoro, sinambi

Kawulo nuwun panjenenganipun para pepunden, poro sesepuh, pinisepuh ingkang satuhu sampun pono ing pamawas, lebdo ing pitutur, kiblat ing panembah ingkang pantes pinundi soho kinabekten.

Dumateng poro sarjono sujaning budi, poro pangemban pangembating projo, satriyaning nagari ingkang minongko dados pandam pandoming kawulo dasih ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan.

Poro alim ulomo ingkang rinten dalu tansah sumanding kitab suci wahyuning ilahi, minongko panuntun kiblating panembah, ingkang satuhu luhurung budi.

Poro purnokaryo labet projo ingkang mahambek luhuring darmo, miwah poro kadang sutresno mudo werdo ingkang pantes sinudarsono, punopo dene poro tamu kakung miwah putri ingkang dahat kalinggo murdoning akrami.

Kawulo piniji hanjejeri minongko pangendali woro, saperlu mratitisaken murih rancaking titi laksono adicoro pawiwahan prasojo ing ratri kalenggahan puniko.

Sakderengipun kawulo ngaturaken minggah reroncening adicoro, purwo madya wasono tansah manggih rahayu kalising rubedo nir ing sambikolo, sumonggo langkung rumiyin kito tansah muji syukur wonten ngarsanipun gusti ingkang murbeng dumadi, ingkang sampun kepareng paring rahmat lan nikmat gumelaring alam agesang wonten madyaning bebrayan agung, katitik rahayu sagung dumadi tansah kajiwo lan kasaliro dumateng panjenengan sedoyo dalasan kawulo, sahinggo kito saget hanglonggaraken penggalih, haminakaken wanci soho keperluan rawuh kempal manunggal wonten sasono pawiwahan mriki, saperlu hanjenengi saha paring berkah pangestu dumateng panjenenganipun Bapak: _ anggenipun netepi darmaning sepuh, hangrakit sekar cepoko mulyo hamiwoho putro mahargyo siwi tetepo winengku ing suko basuki.

Poro rawuh kakung semawono putri, wondene menggah reroncening adicoro ingkang sampun rinancang, rinacik, rinumpoko dening poro kulo wongso nun inggih: __

Minongko purwakaning adicoro tinarbuko sowanipun temanten putri mijil saking tepas wangi, manjing ing madyaning sasono rinenggo.

Tanggap risang duto pametuk dupi hamirsani atmojo temanten putri lenggah anggono raras, tumunten bidal dumateng paleremanipun puro temanten kakung, saperlu kajengkaraken tumuju dumateng sasono pawiwahan.

Saksampunipun putro temanten kakung rawuh wonten ing sasono rinenggo, tumunten kalajengaken adicoro pasrah panampi.

Paripurno adicoro pasrah panampi, kalajengaken daup panggihipun putro temanten anut satataning adat widi widono ingkang sampun sinengker, tumunten kalajengaken upocoro krobongan.

Madyaning suko ing kalenggahan meniko mboten kekilapan kadang besan sutresno, lekasing sedoyo ugi nderek mangyu bagyo keparengipun ingkang hamengku gati, milo lajeng manjing wonten pawiwahan, ginarubyuh sagunging poro kadang santono, tumunten kalajengaken upocoro sungkeman.

Ing saklajengipun panjenenganipun ingkang hamengku gati badhe marak ngabyantoro sakperlu ngaturaken pambagyo harjo katur panjenenganipun sagunging poro tamu.

Paripurno atur pambagyo harjo temanten sarimbit bade kalengseraken saking madyaning sasono wiwoho manjing sasono busono saperlu rucat busono kanarendran, santun busono kasatriyan.

Saksampunipun temanten sarimbit paripurno angagem busono kasatriyan, tumunten kasowanaken malih wangsul ngabyantoro poro tamu saperlu nyenyandang pudyastowo mrihwidadaning bebrayan. Wondene minongko pratondo paripurnaning pahargyan, menawi temanten sarimbit sampun jengkar saking sasono rinenggo tumuju wiworo pawiwahan, tondo yekti pawiwahan sampun paripurno.

Mekaten menggah reroncening toto adicoro pawiwahan prasojo ing ratri puniko. Ingkang saklajengipun keparengo poro tamu pinarak ing palenggahan kanthi mardu mardikaning penggalih miwah kulo derekaken hangrantos tumapaking adicoro, sinambi nglaras rarasing gendhing-gendhing saking paguyuban: ingkang dipun pangarsani Bapak: _

(2)

Assalamu’alaikum Wr Wb

Sugeng siang ingkang ngrasuk kapitadosan sanes

Kawilujengan kabagas warasan lan kasantosan mugi tansah kasariro panjenengan sami sumrambahipun sedoyo warga ………

Ingkang kaulo kurmati bapak soho ibu ingkang mboten saget kaulo sinebat setunggal mboko setunggal mugi tansah rahayu ingkang sarwi pinanggih.

Monggo sakderengipun ngunjukaken raos syukur wonten ngerso dalem Gusti ingkang akariyo Jagad, katitik taksih pinaringan seger kuwarasan satemah saget rawuh wonten pahargian agung puniko.

Ongko kalihipun sholawat ugi salam mugi tansah katur Jujungan Nabi Agung Muhammad SAW ingkang dipun antu-antu safaatipun mbenjang wonten pungkasaning jejaman.

Nuwun sewu kaulo ngadek jejer wonten ngerso panjenengan sami aweratipun mundi dawuh saking hamengku gati Bapak/Ibu…..

Kang rikalenggahan samangke nedyo netepi darmaning asepuh amiwoho suto mahargio siwi ngunduh putro mantu.

Nenggih roko mas ………

ingkang sampun ajantu krami wanudyo ayu mijil saking tlatah ………

putro panjenenganipun bopo/Ibu………

kanti wewangi nimas ayu ………

Bapak/Ibu ingkang satuhu kaulo kurmati, kulo minongka ingkang pengendali woro arso mratitisaken lumampahe adicoro siang kalenggahan meniko.

Dene jankepipun adicoro:

1. Pambuko

2. Waosan ayat suci Al-qur’an

3. Atur Pasrah saking keluargo temanten putri 4. Atur Panampi saking keluargo temanten kakung 5. Do’a

6. Panutup

Mekaten menggah reroncening toto adicoro pawiwahan prasojo ing ratri puniko, lumaksitoning adicoro saklajengipun nenggih 1. Waosan ayat suci al-qur’an, katur panjengan bopo/ibu……… wekdal kaulo sumanggakaken .

(ngaturaken agunging panuwun katur panjenenganipun bopo/ibu……… ingkang sampun paring berkah waosan wedo suci) 2. Adiocoro saklajengipun nenggih atur pasarah panggulowentah saking keluargo ageng temanten putri ingkang bade dipun

sulihi panjenenganipun bopo………

Wekdal soho panggenan kaulo sumanggakaken.

3. Adiocoro saklajengipun nenggih atur pasrah panampi saking keluargo ageng temanten kakung ingkang bade dipun sulihi panjenenganipun bopo………

Wekdal soho panggenan kaulo sumanggakaken.

4. Adiocoro saklajengipun nenggih Do’a ingkang bade dipun sulihi panjenenganipun bopo………

Wekdal soho panggenan kaulo sumanggakaken.

Mekaten menggah reroncening toto adicoro pawiwahan prasojo ing ratri puniko. Ingkang saklajengipun kito pungkasi mbok bilih anggen kaulo ngaturaken reroncenipun

(3)

Assalamu’alaikum Wr Wb

Sugeng siang ingkang ngrasuk kapitadosan sanes

Kawilujengan kabagas warasan lan kasantosan mugi tansah kasariro panjenengan sami sumrambahipun sedoyo warga ………

Ingkang kaulo kurmati bapak soho ibu ingkang mboten saget kaulo sinebat setunggal mboko setunggal mugi tansah rahayu ingkang sarwi pinanggih.

Monggo sakderengipun ngunjukaken raos syukur wonten ngerso dalem Gusti ingkang akariyo Jagad, katitik taksih pinaringan seger kuwarasan satemah saget rawuh wonten pahargian agung puniko.

Ongko kalihipun, sholawat ugi salam mugi tansah katur Jujungan Nabi Agung Muhammad SAW ingkang dipun antu-antu safaatipun mbenjang wonten pungkasaning jejaman.

Nuwun sewu kaulo ngadek jejer wonten ngerso panjenengan sami amweratipun mundi dawuh saking hamengku gati Bapak/Ibu……

Kang rikalenggahan samangke nedyo netepi darmaning asepuh amiwoho suto mahargio siwi daupipun temanten sarimbit.

Nenggih kanti wewangi nimas ayu ……… ingkang sampun ajantu krami rook mas ……… putro panjenenganipun bopo/Ibu………

Bapak/Ibu ingkang satuhu kaulo kurmati kulo ingkang pengendali woro arso mratitisakaen lumampahe adicoro siang kalenggahan meniko.

Kawis tingal temanten soho bopo/ibu sampun kepareng pinarak wonten sasono palenggahan, pramilo reroncening adicoro saklajengipun nenggih:

 Waosan ayat suci al-qur’an, katur panjengan bopo/ibu……… wekdal kaulo sumanggakaken . ngaturaken agunging panuwun katur panjenenganipun bopo/ibu……… ingkang sampun paring berkah waosan wedo suci……

 Poro bapak/ibu sedahan ingkang kinurmatan paripurno waosan wedo suci kepareng lumaksitoning adicoro saklajengipun neggih adicoro krobongan kawiwitan saking adicoro sungkeman, kacar-kucur lan dahar kembul …… monggo katur sang juru paes/rias saget mratitisaken lampahipun adicoro krobongan.

Urutan sungkeman:

1. Temanten putri sungkem dateng temanten kakung

2. Temanten kekalih sungkem wonten bopo/ibu temanten kakung 3. Temanten kekalih sungkem bopo/ibu temanten putri

Urutan Kacar-kucur:

1. Temanten kakung jumeneng, temanten putri lenggah

2. Temanten kakung ngasto woskaputro/kyai ambar sejati kaparingaken temanten putri Urutan Dhahar kembul:

1. Temanten putri ndulang temanten kakung 2. Dulang-dulangan

3. Dahar piyambak-piyambak 4. Ngunjuk bareng

5. Ngunjuk piyambak-piyambak

Poro bapa/ibu ingkang tansah kaulo bekteni, lulus raharjo datan wonten pambengan satunggal menopokemawon lampahipun adicoro krobongan.

Pramilo adocoro saklajengipun nenggih pasarah panggulowentah saking keluargo ageng temanten putri ingkang bade dipun sulihi panjenenganipun bopo………

(atur uningo ugi saklebetipun adicoro pasarah niki mangke monggo kadang-kadang sinoman/karangtaruna pasugatan, dedaharan lan unjukan sagetdipun wedalakaen sakmino ugi nyarengi adicoro pasrah meniko kersanipun mboten kedlarung-dlarung acara kelanggahan siang meniko)

Monggo katur panjenengan bopo…. Kulo aturi paring dawuh pasrah panggulo wentah wonten sasono kapiji mriki.

(4)

Nuwun kaulo nuwun … assalamualikum wr wbr.

Sugeng siang ingkang ngrasuk kapitadosan sanes

Kawilujengan kabagas warasan lan kasantosan mugi tansah kasariro panjenengan sami sumrambahipun sedoyo warga ………

Ingkang kaulo kurmati bapak soho ibu ingkang mboten saget kaulo sinebat setunggal mboko setunggal mugi tansah rahayu ingkang sarwi pinanggih.

Monggo sakderengipun ngunjukaken raos syukur wonten ngerso dalem Gusti ingkang akariyo Jagad, katitik taksih pinaringan seger kuwarasan satemah saget rawuh wonten pahargian agung puniko.

Ongko kalihipun, sholawat ugi salam mugi tansah katur Jujungan Nabi Agung Muhammad rosullah SAW ingkang dipun antu-antu safaatipun mbenjang wonten pungkasaning jejaman.

Nuwun sewu kaulo ngadek jejer wonten ngerso panjenengan sami amweratipun mundi dawuh saking hamengku gati Bapak/Ibu……

Kang rikalenggahan samangke nedyo netepi darmaning asepuh amiwoho suto mahargio siwi daupipun temanten sarimbit.

Nenggih kanti wewangi nimas ayu ……… ingkang sampun ajantu krami rook mas ……… putro panjenenganipun bopo/Ibu………

Bapak/Ibu ingkang satuhu kaulo kurmati kulo ingkang pengendali woro arso mratitisakaen lumampahe adicoro siang kalenggahan meniko. Dene jankepipun adicoro nenggih:

1. Pambuko

2. Waosan ayat suci Al-qur’an

3. Atur Pasrah saking keluargo temanten putri 4. Atur Panampi saking keluargo temanten kakung 5. Do’a

6. Panutup

Menggah mekaten reroncening toto adicoro pawiwahan prasojo ing ratri puniko, lumaksitoning adicoro saklajengipun nenggih Panyondro acara

1. Waosan ayat suci al-qur’an, katur panjengan bopo/ibu……… wekdal kaulo sumanggakaken .

(ngaturaken agunging panuwun katur panjenenganipun bopo/ibu……… ingkang sampun paring berkah waosan wedo suci) 2. Adiocoro saklajengipun nenggih atur pasarah panggulowentah saking keluargo ageng temanten putri ingkang bade dipun sulihi panjenenganipun bopo……… Wekdal soho panggenan kaulo sumanggakaken.

3. Adiocoro saklajengipun nenggih atur pasrah panampi saking keluargo ageng temanten kakung ingkang bade dipun sulihi panjenenganipun bopo……… Wekdal soho panggenan kaulo sumanggakaken.

4. Adiocoro saklajengipun nenggih Do’a ingkang bade dipun sulihi panjenenganipun bopo………Wekdal soho panggenan kaulo sumanggakaken.

Mekaten menggah reroncening toto adicoro pawiwahan prasojo ing ratri puniko. Ingkang saklajengipun kito pungkasi mbok bilih anggen kaulo ngaturaken reroncenipun

Urutan sungkeman:

1.Temanten putri sungkem dateng temanten kakung

2.Temanten kekalih sungkem wonten bopo/ibu temanten kakung 3.Temanten kekalih sungkem bopo/ibu temanten putri

Urutan Kacar-kucur:

1. Temanten kakung jumeneng, temanten putri lenggah

2. Temanten kakung ngasto woskaputro/kyai ambar sejati kaparingaken temanten putri Urutan Dhahar kembul:

1. Temanten putri ndulang temanten kakung 2. Dulang-dulangan

3. Dahar piyambak-piyambak 4. Ngunjuk bareng

5. Ngunjuk piyambak-piyambak Panyondro

Poro bapa/ibu ingkang tansah kaulo bekteni, lulus raharjo datan wonten pambengan satunggal menopokemawon lampahipun adicoro krobongan.

Poro bapak/ibu sedahan ingkang kinurmatan paripurno waosan wedo suci kepareng lumaksitoning adicoro saklajengipun neggih adicoro krobongan kawiwitan

saking adicoro sungkeman, kacar-kucur lan dahar kembul …… monggo katur sang juru paes/rias saget mratitisaken lampahipun adicoro krobongan.

Referensi

Dokumen terkait

Demikian Berita Acara Pembukaan Penawaran ini dibuat untuk dapat dipergunakan seperlunya, atas perhatian diucapkan terima kasih. Medan, 5 Juli 2011 Panitia

Hasil dari Pembukaan Penawaran untuk pekerjaan tersebut diatas adalah seperti tercantum. dalam lampiran Berita

Demikian Berita Acara Pembukaan Penawaran ini dibuat dengan benar untuk dipergunakan seperlunya.. PANITIA PENGADAAN BARANG DAN JASA DINAS KEHUTANAN

Demikian Berita Acara Pembukaan Dokumen Penawaran ini dibuat dengan sebenarnya untuk dipergunakan sebagaimana mestinya. PANITIA PENGADAAN BARANG/JASA DINAS PENDAPATAN,

BAB V HASIL DAN PEMBAHASAN PENELITIAN 5.1 Analisis Data Konstruksi Simbol Eksistensi Doa dalam Pernikahan Adat Jawa dengan Semiotika Roland Barthes dalam Film Mantan-Manten

kerapian maba Gedung Serbaguna Persiapan acara pembukaan. Sambutan O/ Ketua

Sambutan dari orang tua begitu penting, karena doa yang dipanjatkan oleh orang tua untuk kelancaran acara ulang tahun dan kebaikan untuk anak akan sangat berpengaruh karena doa

SUSUNAN PANITIA ACARA PERNIKAHAN Ananda “HESLIN BINTI SARIWULAN” 1... SEMUA MUDA-MUDI