• Tidak ada hasil yang ditemukan

naskah drama kudu tanggungan

N/A
N/A
nyam nyoul arief

Academic year: 2023

Membagikan "naskah drama kudu tanggungan"

Copied!
29
0
0

Teks penuh

(1)

KUTANG (Kudu Tanggungan)

Para Paraga:

1. Begog 2. Parwi 3. Bagio 4. Lestari 5. Bu Susi 6. Samsiyo 7. Bardi 8. Agus

WAYAH SORE.

BEGOG BAKUL WEDANGAN LAGI DHASARAN.

BEGOG: tahu, bakwan, blanggreng, limpung, lan sak panunggalane, wis lungguh nyrenuk nang panggone. Wedang teh, kopi, jahe, susu, wis nunggu mili ngglondor mlebu gulu. Sega bandeng, sega oseng, sega endhog, wis dibuntel nganggo koran sing isine berita janji politisi nang ngarepe, nang mburine berita korupsi. Lincak uwis siap dilungguhi? (Reka-reka nyauri dadi kursi) Lapor, kami para lincak siap menjalankan tugas!

Bagus! Aja lali karo jarwa dhosokmu ya ngger, Lin-cak, dilingguhi aja mencak. Dadi kowe kudu nampa kabeh bokong sing bakale diselehke ana gegermu iki. Merga bokong teka, rejeki mara, dadi kudu ditampa. Bokong kuwi pancen werna-werna ya ngger. Ana sing atos, ana sing lincip, ana sing lemu, rada mbanyu, gandhane ya werna-werna lan tak kira kowe kabeh ya wis ngerti bagaiamana kudu menyikapi. Klasa ya wis siap to? (Reka-reka dadi klasa) Siaaap!

Bagus. Uwis kabeh tenan iki, rokok ya wis, korek, sundukan, rambak kulit, ceker... (sinambi ngecek). Oiya, iki aja nganti lali, buku bon! (Nyekel buku bon) Buku catetan utang! Buku akuntansi iki. Nha, kowe dak selehke nang kene, ben sing ndhuwe utang dha kelingan karo utange. Ya ra? Eh, sik-kosik, yen dak selehke kene mengko malah dikira nyepaki nggo uwong meh ngebon meneh. Wah piye ki penak e...

KAWEKTU BEGOG ISIH BINGUNG BABAGAN NYELEHNE BUKU, PARWI MLEBU NGGAWA ES BATU.

PARWI: nyoh mas, iki es batune.

(2)

BEGOG: anyep apa ra?

PARWI: nyoh rasakna dhewe, anyep apa orane!

BEGOG: wah iya! Atos lan anyep, kaya bojoku sing ayune yen ditandhingne karo bojone sapa wae ora kalah! (Karo njawil janggute bojone).

PARWI: uwis ta, rasah gojegan! Lagi dhasaran ki aja gojegan, mbok ndonga ngono lho.

BEGOG: gegojegan kui gawe bungah ati, bungah ati kui ngundhang rejeki.

PARWI: kuwi rak sanggitmu! Nek dhasaran wae wis gojegan, mengko rejekimu ya ngajak gojek piye?

BEGOG: lhaya dak guyu no! Wahahahahahahahahah! Dhuwit…dhuwit! Kowe kuwi kok senengane ngajak dolanan. Ngajak playon; dioyak mrana mlayu mrene diucit mrene mlayu mrono. Kadhangkala dhuwit kui ya senenge ngajak dhelikan, gek sing jenenge dhuwit kui ya, Bu, yen ndhelik kui primpen banget. Lha, liya dina ngajak dolanan sepak sepong, rak gendeng ta! Wong tuwa kok dijak sepak sepong. Arep dak cekel, kedhisikan ditendang, mencelat rejekiku, tiung tekan jaban rangkah!

PARWI: terus sampeyan ya tetep bungah?!

BEGOG: ya tetep no! Menyelesaikan masalah tanpa masalah kui ya gur siji carane, ya kui ati bungah.

PARWI: yen ngono ki atimu lagi bungah, Pak?

BEGOG: lhaya iya! Tontonen ki esemku nanggal sepisan.

PARWI: esem nanggal sepisan kui apa ya ana. Sing ana kui alise nanggal sepisan.

BEGOG: ana! Esem nanggal sepisan kui eseme wong sing bubar nampa gajian. Wong-wong kae yen tanggal siji, tanggal enom rak eseme manis-manis, ulate padhang kaya aku iki. Lho!

(Mraktekke mesem meneh, dimanis-maniske).

PARWI: Pak, anakmu njaluk tuku sepatu.

BEGOG: weh, langsung tukokne no! Anake Begog pengusaha wedangan og. Yen tuku aja gur siji lho bu, tuku loro sisan, merga sikile anakmu kui loro. Pira?

(3)

PARWI: ana rega ana rupa jare anakmu mau.

BEGOG: uwis ngerti, lhaiya pira?

PARWI: ana rega ana rupa jare...

BEGOG: lha iya pira?

PARWI: 350...

BEGOG: wkakakakakakakakakaka (ngguyu wagu). Pira?

PARWI: telungatus seket ewu...

BEGOG: wakakakakakakakakkakak (ngguyune kaya wong kelaran).

PARWI: Pak! sampeyan iki ngapa ta...

BEGOG: 350 ewu bu?

PARWI: iya, cah’e mau nembunge sak mono. Ana rega ana rupa...

BEGOG: ana rega ana rupa, ana rega ana rupa! Kuwi jenenge ana rega gawe rekasa! Kuwi jenenge ana rega ngepruk rupa, ngepruk rai, ngepruk ndase bapakne! Apa ra metungke bapake iki gur bakul wedangan.

PARWI: ra kelingan lagi wae lho sampeyan sesumbar; tukokne no, anake Begog pengusaha wedangan. Mau wae ndapuk pengusaha, bareng krungu regane balik dadi bakul meneh.

BEGOG: iki aku ana rongatus, nya wenehna.

PARWI: lhaiya kurang!

BEGOG: (ngelungne buku bon) kurangane ya cateten kene!

PARWI: piye ta iki, kok malah menehke catetan utang.

BEGOG: lhawong dhuwitku ya gur gari nang catetan. Catetan utange Mardi, Samidi, Bardi, Samsiyo, lan liya-liyane. Kabeh kecatet nang kono.

PARWI: lha apa aku kok kongkon tuku sepatu mbayare nganggo catetan utangan? Mbak kasir, niki kurangane dibeta Mardi, Samidi, Bardi, nggih...

(4)

BEGOG: lha witikna, ana rega ana rupa, anane banda ya mung catetan.

PARWI: sampeyan ki ya lucu kok, Pak, utang ki kenapa dicatet kui ya ben isa ditagih!

Sampeyan ki aja gur nyatet-nyatet thok! Ya nganggo dijaluk, nganggo ditagih! Dhewe iki ya dhuwe butuh. Sanajan utange ya gur dha sithik-sithik, tur yen pating trenik ngene iki ya suwe- suwe krasa, gawe akdhewe rekasa.

BEGOG: iya-iya, Bu.

PARWI: aja mung ya-ya ya-ya lho pak. Sampeyan ki bukak wedangan ki dinggo pagawean, dudu klangenan. Aja mung tuna sathak bathi sanak, aja lali sampeyan ki diganduli anak. Iki ora gur babagan sepatu lho, Mas, nanging ngelingana dhewe ki ya kudu nduwe cekelan. Jalukane sepatu anakmu pancen isa disemayani, nanging nek ketiban babagan wigati, apa sampeyan ya meh celelek’an meh mbayar nganggo catetan?

BEGOG: kok dadi tekan ngendi-endi ta, Bu? Uwis ta.

PARWI: (meneng sedhela) aku ki ngerti, Pak, sampeyan iki wonge pekewuhan. Pengene njaga sesrawungan. Ning kok suwe-suwe dadi mangan ati, weruh wong sing ngakune ra kuwat mbayar wedang, banjur nembung bon dhisik, terus liya dina wis wani njupuk montor anyar, kamangka utang nang kene durung disaur. Aku ki ora meri lho, Pak, tur nek weruh ngono kui apa ora dadi anyel aku.

BEGOG: ya nek isa aja anyel bu. Anyel kuwi marai kesel.

PARWI: apa ora weruh Si Samsiya motore anyar?

BEGOG: ya weruh...

PARWI: lha terus?

BEGOG: terus apa?

PARWI: ora anyel?

BEGOG: Bu, muga-muga aku tetep ora anyel. Tur nek rasan-rasan iki ditutug-tutugke, suwe- suwe aku ya isa dadi melu anyel. Mergo anyel, mangkel, sebel kui nular! Aku ra kepengen ketularan anyelmu, merga aku meh bakulan. Bakul wedangan kok mrengut, bakul cap apa kui!

(5)

PARWI: lha ning...

BEGOG: urusan utang dak usahakke ndang dak tagih, nek isa ya wengi iki, sapa wae sing nang catetan iki, ora gur Si Samsiya. Freda sesuk bakal tuku sepatu.

PARWI: tenan lho, Pak...

BEGOG: iya-iya....

PARWI: yauis ku dak bali omah dhisik, ngurupne lampu. Ngko mrene meneh. Ku njupuk tahu karo tempe ya nggo lawuh nang omah.

PARWI LUNGA.

SAKBUBARE PARWI LUNGA BEGOG NILIKI MENEH BUKU BON.

BAGIO MLEBU.

BAGIO: wah, Gog, sregepe temenan. Lagi sinau apa kowe? Maca buku karangane sapa kui?

BEGOG: karangane tangga-tanggane dhewe!

BAGIO: cerita babagan apa?

BEGOG: utang! (Karo nguncalke bukune nyang Bagio) BAGIO: oalah buku bon, ta, dak kira susastra! Hahaha!

BEGOG: rasah nglucu, ndasku ngelu!

BAGIO: rasah nesu, aku pesen kopi susu….

BEGOG MENYAT GAWEKKE WEDANG.

BAGIO: kopi-susu kuwi karo susu-kopi beda apa padha, Gog?

BEGOG: lhaiya beda.

BAGIO: bedane apa coba?

BEGOG: yen kopi susu kuwi akeh kopine, yen susu kopi kui akeh susune.

(6)

BAGIO: oo dadi sing manggon nang ngarep kuwi sing luwi akeh, sing nang mburi kuwi luwih sithik. Kaya sega bandeng iki, luwih akeh segane ketimbang bandenge, sega oseng ki luwih akeh segane ketimbang osenge, ngono. ta?

BEGOG: iya, nyoh iki kopi susumu, luwih akeh kopine ketimbang susune, luwih akeh mikire ketimbang turune!

BAGIO: pintere le gawe parikan. Lha nek es teh kae luwih akeh es’e ketimbang teh’e?

BEGOG: lha kowe gelem po ngombe prongkol?

BAGIO: lha jaremu sing manggon nang ngarep sing luwih akeh. Es-teh, es’e nang ngarep teh’e nang mburi lho!

BEGOG: nek es teh beda meneh. Sing nang ngarep kuwi sing panggone nang ndhuwur.

BAGIO: oo ngono ya, bener-bener. Es kae kemampul kok, ya, kemambang nang ndhuwure teh.

Pinter kowe! Apa meneh kira-kira?

BEGOG: ora panganan apa ombenan rapapa?

BAGIO: rapapa.

BEGOG: bendera merah-putih. Merah’e nang ndhuwur, putih’e di bawahnya; Merah-Putih bendera kita, nek diwalik dadi gendera Polandia.

BAGIO: aku ya ndhuwe no! Lampu Bang-jo! Abange nang ndhuwur, ijone nang ngisor, nang tengahe ana lampu kuning.

BEGOG: nha andekna ya mudheng.

BAGIO: sik-kosik, nek suami-istri? Suami nang ndhuwur, istri nang ngisore?

BEGOG: lhaiya sak senenge sing nglakoni!

BAGIO: lha jaremu mau?

BEGOG: wong ya aku mau ya gur waton ngomong, Io! Timbang ra ngomong, wong ya pitakonmu ya gur pitakon sing waton ta? Babagan jeneng wedang wae ndhadhak dipitakonke, wong ya kari aba terus diombe.

(7)

BAGIO: ya sapa ngerti saka pitakon sing waton kui akdhewe dadi isa ngudari urip. Ndhisik mbah-mbahe dhewe isa nemu piwulang-piwulang sing luhur kui rak ya saka pitakon-pitakonan kang bisa ngudhar kahanan, ngasi nemokne sejatine. Lho ngono…

BEGOG: ooo ngono?

BAGIO: iya….

BEGOG: nek ngono saiki aku dak ganti sing takon ya?

BAGIO: ya aku dak ganti sing nyauri. Takon apa?

BEGOG: (njupuk buku bon) nek buku bon iki sejatine dinggo apa, Io?

BAGIO: dinggo nyatet para tiyang ingkang nggadhahi utang.

BEGOG: lha catetan kui kanggone dinggo apa?

BAGIO: ben ora lali marang apa sing wis dilakoni. Dadi nek catetan utang kui, ben ora lali utawa nglali karo utange. Dadi nggo pangeling-eling marang sapa uwonge, pira utange, terus kapan janji nyaure. Ngono!

BEGOG: waa lha iki perkarane! (Mbanting buku bon) Jangkrik!

BAGIO: weh ngapa? (Kaget) perkara apa?

BEGOG: dadi mudheng aku apa kleruku. Iki lho, Io, nang buku bon iki uis dak cathet sapa uwonge sing ngutang; iki ana, pira utange; iki ya wis kecatet, tanggal utange ya ana. Lha janji kapan nyaure ki ora ana! Mula dha ora nyaur-nyaur.

BAGIO: lha thik ora mbok tagih?

BEGOG: kudune ora sah ditagih nek wis ndhuwe dhuwit rak ya nyaur.

BAGIO: terus dha nyaur ra?

BEGOG: ora…..

BAGIO: terus piye nek ngono kuwi coba?

BEGOG: dak kira ki, apa lali, apa pancen rung dhuwe dhuwit tenan.

(8)

BAGIO: ya isa wae ngono, nanging isa wae nglali, isa uga wis dhuwe dhuwit nanging kok meh ngeculke saka kantongan nggo nyaur utang ki ra tekan-tekan, alias uwabuottt tenan.

BEGOG: mosok ora kepengen ndang ngrampungi urusan, ben enteng merga wis ra ndhuwe tanggungan.

BAGIO: tanggungane sapa?

BEGOG: lhaiya sing utang!

BAGIO: kuwi rak rumangsamu. Rumangsamu kui wong-wong sing utang kuwi rumangsa dhuwe tanggungan? Rumangsamu wong-wong kui isa bisa ngrumangsani? Owalah Gog-Begog, ra tahu nonton berita-berita nang tipi ta kowe?

BEGOG: tipi? Ora tahu.

BAGIO: mulane kowe dadi ora ngerti utawa kurang memahami.

BEGOG: lha neng tipi kuwi ana apa?

BAGIO: saka nonton tipi kuwi, kowe dadi isa ngerti gambarane wong-wong saiki. Kowe dadi isa maca kelakuane, tindhak-tandhuke, lan pokal-julik’e wong-wong saka nonton kelakuan, tindhak-tandhuk, lan pokal julik’e para pemimpin sing senengane nglali marang janji, lali marang tanggungan, lan siji meneh, uwis ora ndhuwe isin!

BEGOG: sing diberitakne nang tipi kuwi rak kelakuane wong-wong ndhuwuran, aja mbok padhakne! Lha sing urusan utang karo wedangan iki ya gur wong-wong kene, padha-padha wong cilik kaya aku.

BAGIO: wis lumrahe yen masyarakat kui tiru-tiru pemimpine. Pemimpin kui rak suri tauladan, gedhe pengaruhe marang jaman. Dhasare kawula kuwi senenge ngeli kaya gedang-goreng- tanpa-kulit-saka-silit-kemambang-nang-kali, dadi padha melu lumrahe jaman, melu jamak’e jaman. Sak elek-elek’e kelakuan yen wis dadi lumrahe jaman ya bakale dadi lumrahe kelakuan.

Jamane jaman edan yen ra edan ora keduman. Beja-bejane wong sing lali, sing ra beja kui sing diutangi. Kaya kahananmu saiki.

BEGOG: dadi yen ngene iki aku sing kleru?

BAGIO: kowe ora kleru, gur lagi ketiban kahanan lha dadine kelaran.

(9)

BEGOG: terus kudu piye iki aku? Anakku njaluk sepatu, dhuwitku durung bali, bojoku muni- muni.

BAGIO: lhaiya jenenge lara kui kudu ndang digolekne tamba.

BEGOG: tambane kuwi apa?

BAGIO: tambane kuwi ya cara.

BEGOG: lha iki sing dak enteni, piye carane?

BAGIO: aku ya durung ngerti.

BEGOG: woo asu! Kat mau ndakik-ndakik tekan ngendi-ngendi jebul ya ra ngerti!

BAGIO: yo kosik ta, ndhekmau ki merumuskan masalah, lha saiki tiba wektune nentokake cara, utawa metode, utawa tamba. Sik dak nyumet rokok sik.

BAGIO NYUMET ROKOK.

BAGIO: lha rak tenan ta, Gog! Saka nyedhot udud iki aku nemu wahyu, Gog!

BEGOG: piye, Io?

BAGIO: sik kosik, wahyune durung patio cetha, ijik lamat-lamat. Dak sedhot’e meneh sik.

BEGOG: sedhot sing akeh io gen ndang cetho wahyune!

BAGIO: ssst! Meneng! Wahyu kui kudu dienteni kanthi menep lan wening.

PADHA MENENG SAK UNTARA.

BAGIO: wis ketemu carane!

BEGOG: piye carane?

BAGIO: ngene carane! Akdhewe kudu nggawe wong-wong sing utang kuwi mau mara mrene, terus dielengne marang utange.

BEGOG: lha nek nyemayani?

BAGIO: kosik ta, kowe ki menenga dhisik, ndhak aku lali! Ngene, lho! Nyemayani kuwi rak alesane urung ndhuwe dhuwit ta? Lha awak’e dhewe kudu isa gawe oknum-oknum kuwi ora isa

(10)

selak. Dhewe kudu gawe kana blaka yen lagi ndhuwe dhuwit. Lha salah sijine cara ben kana wani blaka yen lagi nyekel dhuwit, kowe kudu ndhelik dhisik.

BEGOG: sik-sik, kana sing ndhuwe utang kok aku sing mbok kon ndhelik.

BAGIO: kowe gelem diewangi apa ora? Yen gelem manud aku, yen ra manud yowis urusana dhewe.

BEGOG: yowis aku manud, ning kasil tenan lho.

BAGIO: dicoba! Kowe ndhelik kana, wedangane titipna aku. Bariki wong-wong kui dak telpune dak ajak nongkrong nang kene.

MUSIK MLEBU, BAGIO NELPUN, LAMPU MATI.

LAMPU MURUP NANG OMAHE BU SUSI. LESTARI LAGI MARA TAMU, PERLUNE AREP NYILIH DHUWIT.

LESTARI: saestu, Bu, mangke yen kula sampun enten arta gage kula lunasi.

SUSI: aku iki ora merkarakne nglunasimu, kuwi urusan mburi. Perkarane iki lagi ora ana dhuwit sing dak silihne kowe. Lebonan saka utangan ki lagi dha macet, dhuwitku mandheg, aku ya dadi ra isa obah, dadi ya ora isa ngewangi wong liya sing lagi butuh kaya awakmu ngene iki.

LESTARI: lha pripun bu, niki ajeng dingge bayaran sekolah anak kula lanang, nek mboten saget mbayar sesuk, mboten angsal melu ujian.

SUSI: lho apa meneh dinggo urusan pendidikan ngene iki. Aku ora isa nek ora mbantu. Merga aku ngerti yen pendidikan kui penting dinggo anak-anake’e dhewe. Awakmu ngerti apa ora anak’e Marto Pete sing isa dadi sarjana kae?

LESTARI: inggih ngertos…

SUSI: lha kae isa dadi sarjana ya mergo utanganku. Anak’e Darmi bakul jamu kae, sekolah’e isa tutug kui ya merga utanganku. Pokok’e nek dinggo urusan ragat sekolah, aku ki ora etung-etung, rentenane ya ora tak gawe gedhe. Aku seneng mbantu nek dinggo pendidikan.

LESTARI: inggih, Bu, lajeng pripun niki, Bu?

(11)

SUSI: lhaiya kuwi, aku kepengen mbiyantu awakmu sakjane, nanging dhuwite sing arep dak silihne awakmu lagi ora nang tanganku. Butuhmu 500 ewu ta?

LESTARI: inggih, Bu….

SUSI: lha rak tenan to!

LESTARI: pripun, Bu?

SUSI: sakjane dalane kuwi wis diatur karo gusti! Tur gara-gara manungsa kuwi senenge dha mblenjani, gawe bubrah tatanan. Kudune awan mau Si Agus kuwi ngerterne dhuwit nang aku 500 ewu, banjur wengi iki dhuwit kuwi isa dak silihne nang awakmu. Rak ngono ta kudune dalan sing wis dicepaki gusti. Eeee, lha kok Si Agus kuwi mblenjani, jare arep diterne sesuk awan.

Kamangka, Senin sesuk kuwi anakmu uwis kudu mbayar?

LESTARI: inggih Bu, kudu senin isuk sakdherenge ujian.

SUSI: yowis ngene wae, dhuwit sing digawa agus kuwi dhuwit sing bakale dak silihne nang awakmu. Ndhekmau dak telpun jare dhuwite wis ana nanging lagi isa ngeterne sesuk awan. Lha, tinimbang awakmu ora sida enthuk silihan, tinimbang aku ya dadi kegelan merga ora isa mbantu pendidikan. Nek umpama awakmu bengi iki mara nang omahe Agus kepiye?

LESTARI: kula, Bu?

SUSI: lhaiya awakmu, ngerti ta Si Agus, tanggane dhewe sing saiki manggon nang Palur?

LESTARI: ngertos, Bu. Napa mboten kenapa-kenapa kula sing nyuwunke artanipun?

SUSI: ora pa-pa! Wong ya bakale dhuwit’e kuwi mbok silih, lan dhuwit’e ya wis ana jare Agus mau. (Sinambi nulis surat) nha iki dak cekeli layang kuwasa, dak tanda tangani, dadi mengko awakmu nduduhne iki. Karo sakdurunge kowe mangkat, Si Agus dak telpune.

LESTARI: eee,…

SUSI: rasah pekewuh Les, arep piye meneh, coba? Dalane kudu ngono. Ngono ya? Dinggo pendidikan anakmu iki, aku kepengen mbantu.

SUSI NGELUNGNE SURAT NANG LESTARI.

LESTARI: inggih bu.

(12)

SUSI: yowis, saiki ndang budhal wae, selak kewengen.

LESTARI: inggih, Bu, kula pamit riyin, matur suwun, Bu.

SUSI: iya, ati-ati.

BUBAR LESTARI METU SAKA OMAH’E SUSI, SUSI NGETOKNE DHUWIT NANG NJERO TAS’E, BANJUR DIETUNG.

LAMPU MATI ALON-ALON.

LAMPU MURUP ALON-ALON, NANG WEDANGAN WIS ANA BARDI, LAN SAMSIYA BAGIO: lha nek ngumpul ngene iki penak, dadi ra rumangsa kijenan.

BARDI: si Begog nangndi, lha thik kowe sing kon bakulan.

BAGIO: jare mau dhahdakan ana acara keluarga, gandheng wis kebacut dhasaran eman-eman yen ora dibukak sisan.

SAMSIYA: banjur ngakon kowe sing nunggu?

BAGIO: iya.

SAMSIYA: dibayar ora?

BAGIO: lhaiya dibayar, dhasare yo lagi longgar pengen thenguk-thenguk nang kene, ee lha kok malah entuk rejeki.

BARDI: wuah! Bungahe kaya kere nemoni malem! Dibayar pira coba?

BAGIO: ora kandhani, mundhak kowe-kowe kepengen ngrebut pagaweyanku!

BARDI: alah-alah ora kepengen! Kanggo apa aku ngrayah gaweyan buruh wedangan, apa meneh mung sedina.

BAGIO: nek mbendina gelem?

BARDI: yo wegah, kurang men gaweyan, lha thik ngidhit! Dadi mandor ki wis kepenak.

BAGIO: gaweyan ki sing penting ki ora gur penak thok, sing penting tanjane kuwi og. Wong ya ana lho, sing tiba nampa blanja gur nampa catetan. Catetan potongan, kepotong iki, kepotong

(13)

kuwi, ketugel iki, kepunggel kuwi. Blanjan dina sebtu, nyekele gur gari limolas ewu, entek-e nang malem minggu. Lha kebutuhan seminggu ngarep piye? Diutangke meneh mengko disaur dina sebtu ngarep. Aja-aja kowe ngono Bar?

BARDI: yo ra mungkin no! Pa ra weruh kowe, lungguhku iki rada miring. Mergane apa?

SAMSIYA: bokongmu gedhe sisih?

BAGIO: udunen yak’e!

BARDI: udunen udelmu kuwi! Lungguhku ki ora isa jejeg merga ana sing ngganjel iki. Apa ta iki? (Njupuk dompet) Woo lha jebule dompetku lagi kandhel!

SAMSIYA: kandel kuwi isine apa?

BARDI: ndadak takon lho, lhaiya dhuwit! Lho….. (Nduduhke isi dompete)

BAGIO: wah iya, jebule akeh dhuwite Pak Mandor! (Marang Samsiya) Nek bakul akik pripun?

Aja-aja dhuwite ya akeh?

BARDI: akeh tur ya gur wujud akik. Tumbas wedang mbayare nganggo watu werna abang, tumbas gorengan nganggo watu bacan!

SAMSIYA: dasar mandor, cangkeme ngeres, kakehan mangan duit cor pa?

BAGIO: uis rasah emosi, di sini saudara Bardi hanya sekedar berekspresi, tujuane ben sampeyan kasih bukti.

SAMSIYA: ora gur bukti! Mangan sak nggaglakmu, karo ngombe sak nglogokmu, dak bayari!

BARDI: weleh-weleh, ra usah repot-repot lho, Ya, nek mbantu jebule ya gur nganggo utangan.

BAGIO: iya ya, bantuan tur saka utangan? Wah, isa-isa dadi kacilakan sing kebacutan, kaya tata cara pembangunan wiwit Orde Baru ngasi saiki no! Utange ra bisa rampung ngasi ditanggung anak putu. Emoh aku nek gur mergo emosi, kowe dadi utang nggo bayari.

SAMSIYA: sing arep utang ki sapa? (Ngrogoh kantong, ngetokne amplopan kandel) Iki lho, aku bubar kepayon! Pancen bakale ya ana sing ngerti barang sing aji, kaya pembeliku mau awan, rasah kakehan nyang-nyangan langsung dibayar cash sejuta! Dadi, Di-Bardi, wengi iki kowe

(14)

rasah nylinthut dhuwit semen sing nang dompetmu kuwi, wengi iki weteng lan sak usus-ususe, Samsiya sing nanggung!

BARDI: kosik, aja mbok kira aku gelem nampa traktiranmu, huh! Isa ngasorke derajate mandor sak Indonesia no, yen aku gelem dibayari bakul sing paitane gur watu karo ilat lunyu.

SAMSIYA KARO BARDI PADU OMONG, SAYA SUWE SAMSAYA SERU. KAWEKTU KUI BEGOG NJEDUL REKA-REKA NESU.

BEGOG: heh iki dha rame-rame nang wedangan ki enek apa? Nek carane ngene iki isa-isa aku rugi! Iki geger-gegeran apa jan-jane? Io, iki enek apa?! Jare mu isa dak percaya nggo njaga wedanganku? Kok malah dadi panggon padudon ngene?

BAGIO: tenang, Gog, tenang. Restoranmu tetep bakal aman. Kowe ra bakal rugi, merga geger- gegeran iki. Malah ana kemungkinan kowe samsaya bathi.

BEGOG: kok isa?

BAGIO: mergane geger-gegeran iki ora sembarang geger-gegeran. Ora kaya padudon biasane.

Biasane geger lan padudon kuwi rak merga rebutan dhuwit, lha yen ngono kuwi pancen merugikan. Lha iki mau perkarane ora rebutan dhuwit, nanging rebutan mbayari mangan. Apa ra kuwi malah dadi tambah rejeki?

BEGOG: ah mosok! Iya ta? Ya? Di?

SING DITAKONI ORA NYAURI.

BAGIO: iya! Kancane dhewe loro iki, lagi akeh dhuwite, Gog! Tonotonen kuwi Si Bardi lungguhe rada miring, kuwi merga apa?

BEGOG: bokonge gedhe sesisih?

BAGIO: salah! Merga dhompete kandel! Merga kesesel dhuwit sing akehe ra eram-eram.

Nanging kancane dhewe sijine, Si Samsiya, ya ora kalah sugih! Sanajan lungguhe ora miring, nanging nang kantongane ana amplop.

BEGOG: ooo meh ngirim surat?

(15)

BAGIO: salah! Kuwi amplop isine dhuwit, cash! Bar nampa bayaran merga watu akik’e kepayon gedhe!

BEGOG: oo ngono? Lagi dha akeh ki dhuwite, terus bingung le arep ngecakne?

BAGIO: iya ngono.. rak iya, ta? Di? Ya?

BAGIO SENGAJA NDUGANG MEJA BANJUR REKA-REKA KAGET.

BAGIO: (reka-reka kaget) Eh kowe krungu apa ora, Gog?

BEGOG: apa?

BAGIO: kok kaya ana suara gemblodhag nang lacimu.

BEGOG: weh iya ig, ana apa ya?

BAGIO: kaya ana sing obah, Gog! Coba tilik’ana!

BEGOG: ora wani aku, Io, kowe wae tulung inguk’en.

BAGIO: yowis tur kancani ya.

BEGOG KARO BAGIO REKA-REKA WEDI KAWEKTU NYEDHAK’I LACI.

BAGIO: (mbukak laci banjur njerit) waaaaa!!!!!!!!

KABEH: enek apa?!!

BAGIO: sing gemblodhag kuwi mau jebul buku cilik elik, Gog! Buku apa kuwi, aja-aja jimatmu?

BEGOG: dudu! Kuwi buku catetan bon!

BAGIO: kawektu mbok selehne nang laci mau, bukakan apa tutupan?

BEGOG: apane?

BAGIO: bukune! Mbukak apa nutup?

BEGOG: nutup! Iya aku kelingan banget kuwi mau nutup.

(16)

BAGIO: lha iki mbukak, Gog! Dadi swara glodhagan kuwi mau merga bukune mbukak dhewe!

Lhoh! Kok ana jenenge Bardi karo Samsiya?

BEGOG: apa iya? (NGINGUK) Iyai, kok isa ngono ya?

BAGIO: iki mesti sasmita! Amit mbah (ngati-ati, njupuk buku saka laci). Ana wong loro padu rebutan mbayari mangan. Bubar kuwi nang laci ana buku bon glodhagan. Mbasan ditiliki jebule mbukak dhewe, ana jenenge wong loro sing rame merga bingung meh ngecakne dhuwite. Iki sasmita apa ya?

BEGOG: aja-aja sasmita kuwi kandha, iki dina apik dinggo ngrampungi urusan utang?

BAGIO: bener kuwi! Cocok kuwi!

BEGOG: bener ngono?

BAGIO: iya! Lha saiki piye, Di? Ya? Ndilalah ya lagi akeh dhuwit. Nang kene, utange Samsiya 130 ewu, iki nek wedang ngono sak tong. Lha nek si Bardi 140 ewu, iki nek umpama gorengan ngono entuk sak bagor. Pie, kowe wong loro lagi ndhuwe dhuwit akeh ta? Iki sing nagih dudu aku utawa Begog lho, nanging bangsa-bangsa sing ra kethok lho.

BARDI: iya-iya! aku rene nyet arep nyaur utang og!

SAMSIYA: aku iya!

BEGOG: wah sasmita tenan iki!

MUSIK MLEBU.

BARDI KARO SAMSIYA NGELUNGAKE DHUWIT, ADEGAN DILAKONI KARO TETEMBANGAN.

BUBAR NGLUNASI UTANG, SAMSIYA KARO BARDI LUNGA.

BAGIO: piye? Beres ta, urusane?

BEGOG: wah kowe kuwi jan kancaku sing paling pinter tenan kok, Io. Isaku ya gur maturnuwun karo nggratiske kopi susumu lho iki.

(17)

BAGIO: santai saja, ngene iki aku ya melu seneng, merga utegku isa digunakne kanggo ngewangi kanca.

BEGOG: iya, pokok’e aku tetep maturnuwun! Isaku gur maturnuwun nganggo omong lambe.

BAGIO: ya matur nuwun’a karo utegku iki.

BEGOG: maturnuwun uteg’e Bagio!

BAGIO: sami-sami cangkeme Begog.

BEGOG: haha, tur kowe iki tenan lho, Io. Kowe kuwi wong pinter tenan. Wis ketok kat cilik.

Ya wektu pelajaran, ya wektu dolanan, ya wektu kumpulan, kowe mesti pinter dhewe. Tur kok aneh ya, Io?

BAGIO: anehe piye?

BEGOG: kok kowe ra sugih ya, Io?

BAGIO: woasu ig!

BEGOG: heh, tenan iki! Ngene lho maksudku, nek aku ora sugih kuwi rak wis lumrahe. Aku wong bodho, isaku ya gur dodolan, waniku ya gur ngubengne dhuwit cilik, merga etung-etungan rada akeh sithik ndasku langsung ngelu. Lha nek kowe kuwi wong pinter, mikir apa-apa nyandhak, ngomong apa-apa mudheng, etung-etungan ya ra kangelan, kudune kowe kuwi sugih!

BAGIO: nyatane ya ra sugih nug!

BEGOG: lhaiya, ncen ra sugih, tur kudune kowe kuwi sugih!

BAGIO: ya ngomong’a Gusti Alah kana!

BEGOG: eh, kowe ki mudheng karepku ora ta, Io!

BAGIO: iya, aku mudheng. Ngene lho, Gog, wong sugih kuwi ora kudu pinter. Syarate wong isa sugih kuwi gur siji, ya kuwi dhuwite akeh. Lha carane ya bakulan, golek bathi, ngubengne dhuwit; paitan sak mene mengko baline luwih gedhe. Ngono! Lha aku iki ora pinter bakulan, ora mudheng carane golek bathi, ora pinter nang babagan golek dhuwit.

(18)

BEGOG: ya paling ora kowe rak isa dibayar nggo mikirne masalah negara umpamane. Kaya mentri ngono kae lho. Pantes kowe kuwi dadi mentri, ben utegmu kuwi kanggo! Tur sayange sing weruh kowe pinter ya gur wong-wong kene, ya gur kanca-kancamu.

BAGIO: sing nunjuk dadi mentri ya gur bakul wedang kaya kowe! Aku kok dadi mentri, malah miring mengko mlakuku. Sing kepilih dadi mentri kuwi ya, Gog, wong-wong sing dianggep pinter miturut sudut pandang wong dagang.

BEGOG: weh piye kuwi?

BAGIO: lha po ra iya? Wah kae sukses usahane, kae mesti pinter, dadi mentri. Wah kae perusahaane akeh, kae mesti pinter, dadi mentri. Wah kae bisnise berkembang tekan apa-apa, cocok iki dadi mentri. Wah kae buruhe pating tlechek nang ndalan-ndalan, lumayan ki, dadi mentri. Wah nek iki, sanajan rada bodo nanging wis mbantu aku wektu pemilu, yois, dadi mentri.

Ngono! Dadi suk nek wedanganmu iki berkembang mbukak cabang nang ngendi-ndi, omsetmu milyaran, malah sok isa lho, kowe ketunjuk dadi mentri kebudayaan!

BEGOG: lha kok isa? Mudeng apa aku babagan kebudayaan?

BAGIO: wedangan kuwi lak ya kebudayaan. Ya mengko diaturlah, lha kowe wegah po dadi mentri?

BEGOG: ya wegahlah isaku gur gawe wedang kok kon mikir kebudayaan. Ngene we, saiki aku titip wedangan meneh, dak mulih sedela menehne hasil pemikiranmu iki (karepe dhuwit sauran utang) nang bojoku, ben isa ndang nukokne sepatu.

BAGIO: wolha semprul, yois kana, ja suwe-suwe!

BEGOG: weh sapa ngerti saka dak titipi dagangan, kowe mudheng dagang, terus berkembang, omsetmu milyaran terus dadi mentri kebudayaan!

BAGIO: ah ngunthal bakwan! (Mangan bakwan) Yois kana!

BEGOG: yois tak mulih sedhela, meh transfer iki nang rekeninge bojoku!

BEGOG LUNGA.

BAGIO TUNGGU WEDANGAN.

(19)

LESTARI MLEBU.

LESTARI: Mas, dak golek’i nang ngendi-ngendi jebul nang kene.

BAGIO: iya, ngapa?

LESTARI: Mas, sampeyan weruh ta omahe Agus sing nang Palur?

BAGIO: weruh, kenapa?

LESTARI: dak jak mrana yoh Mas, wengi iki.

BAGIO: lhaiya mrana ki ana urusan apa?

LESTARI: anu, iki mau aku nanggone Bu Susi nggolek silihan nggo bayaran sekolahe Riko.

BAGIO: terus apa hubungane karo Agus?

LESTARI: kosik, ta! Dak cerita dhisik. Anu… Bu Susi kuwi gelem menehi utangan, nanging dhuwite ijik digawa Agus, lagi dibalekne sesuk awan.

BAGIO: terus?

LESTARI: lha tinimbang dhewe rasida entuk utangan, dhewe kon njupuk wae nang Agus wengi iki.

BAGIO: dadi dhewe kon nagihne dhuwite Susi nang Agus ngono?!

LESTARI: iya.

BAGIO: kowe gelem? Dikon dadi dekoleptor ra bayaran ngono kui? Nagih utang kui mbok kira gampang? Apa meneh ra bayaran.

LESTARI: kuwi dhuwite ki jane wis ana, awake dhewe gur gari mara njupuk dhuwite. Merga yen ngenteni diterne Agus kudu ngenteni sesuk sore, kamangka anake dhewe kudu mbayar sesuk esuk ben isa melu ujian. Iki lho aku diwenehi layang kuwasa.

BAGIO: jare sapa dhuwite wis ana?

LESTARI: jare Agus kawektu ditelpun bu Susi. Jare wis ana gur rung isa ngeterne.

BAGIO: ya nek ana tenan, nek jan-jane rung ana, nanging ra wani kandha?

(20)

LESTARI: lhaiya aku ra ngerti ta, Mas, kuwi tenanan apa ngapusi.

BAGIO: lhaiya nek ra ngerti kuwi rasah melu-melu. Apa meneh dudu urasane dhewe, kuwi urusane Agus karo Susi, dudu urusanmu, dudu urusanku! Isa-isa dhewe dadi nanggung masalah karo Agus, gelem ngono?

LESTARI: aku ki ya ra gelem, Mas, jan-jane!

BAGIO: Lha thik gelem-gelem’e dadi tukang tagih, malah wis gawa-gawa layang kuwasa barang! Saiki apa bedane kowe karo tukang tagih?

LESTARI: lha rumangsamu aku ki gelem ngene iki?

BAGIO: lha nyatane ya mbok iyani, meh mbok lakoni!

LESTARI: ya merga anakmu kuwi kudu mbayar sesuk! Sampeyan gelem anake dhewe kisinan merga ra isa melu ujian lantaran kurang bayaran? Apa ra mbayangne sampeyan, pie rasane ra isa padha karo kanca-kancane? Apa ra isin? Apa ra kapok? Apa ra anyel? Gelem sampeyan anake dhewe nanggung kahanan kaya ngono?

BAGIO: sing pengen ki ya sapa?

LESTARI: lhaiya, nek ra pengen ki ya kudu nggolek dalan!

BAGIO: golek dalan ki ya kudu dalan bener.

LESTARI: oalah dadi mbok anggep bojomu iki kleru? Kene pontang-panting golek utangan, sampeyang tongkrongan nang wedangan, isa-isane ngomongne dalan sing bener. Saiki piye dalan bener’e, kandha’a! Endi kasilmu? Omongna aku.

BAGIO MENENG.

LESTARI: lha rak meneng ta, sampeyan? Ya ra mudheng ta kudu piye? Mas, aku ki ya mudheng iki ngko bakale dhewe kudu nanggung rasa pekewuh marang Agus. Tur meh piye meneh, jenenge kepepet, aku ya kepeksa ngiyani. Mending akdhewe sing nanggung ketimbang anake dhewe sing tanggungan. Jenenge wong tuwa rak ya kudu ngono, ta?

BEGOG KARO PARWI MLEBU KATON SUMRINGAH.

(21)

BEGOG: wah, Nyonya Bagio ya neng kene ta? Jane umpama kat mau kowe nang kene ngono, kowe isa weruh kecerdasane bojomu iki. Wis diceritani karo Bagio rung, Les?

PARWI: iya, Les, aku wae gela ora weruh dhewe, gur krungu ceritane saka bojoku, ora weruh dhewe.

LESTARI: cerita napa?

PARWI: iki mau lho bojomu ki nagihne utange Samsiya karo Bardi nang wedangan kene.

LESTARI: nagihne utang?!

PARWI: iya! Umpama ora diewangi bojomu iki, wah isa-isa dhuwite bojoku ra bali-bali, kamangka anakku pengen tuku sepatu. Untung wae bojomu pinter dadi bojoku sing rada bodho tur polos iki isa digawekne cara nggo nagih utange.

LESTARI: iya ta, Mas? (Marang bagio)

BEGOG: (nyaut omongan) iya! Gek isa-isane nemu cara ngene iki ta, Les. (Mraktekne) Waaaaa!!!!!!!! Ana sing gemblodhag nang laci jebul buku cilik elik! Buku apa kuwi? (Ngakon parwi) Par, kowe dadia aku ndang!

PARWI: kuwi buku Bon!

BEGOG: kawektu mbok selehne nang laci mau, bukakan apa tutupan?

PARWI: nutup!

BEGOG: lha iki mbukak, Gog. Lhoh! Kok ana jenenge Bardi karo Samsiya?

PARWI: apa iya?

BAGIO: iki mesti sasmita! Ana wong loro padu rebutan mbayari mangan. Bubar kuwi nang laci ana buku bon glodhagan. Mbasan ditilik’i jebule mbukak dhewe, ana jenenge wong loro sing rame merga bingung meh ngecakne dhuwit’e. Iki sasmita apa ya?

PARWI: sasmita ngrampungi urusan utang?

(22)

BEGOG: bener! Cocok kuwi! Lha saiki piye Di? Ya? Iki sing nagih dudu aku utawa Begog lho, nanging bangsa-bangsa sing ra kethok lho! Lha merga sandiwara kuwi mau Bardi karo Samsiya nyaur utang, duwite dak wenehke Bojoku, bojoku ngguya-ngguyu merga isa nukokne sepatu.

PARWI: iya no! Wong wadon ngendi sing ra bungah isa weruh anake seneng merga isa dituruti kepenginane. Ya ra, Les?

LESTARI: ngono, Mas? Dadi ngono, Mas? Sampeyan wegah nagihne utang merga kuwi urusane wong liya, kamangka kuwi dinggo butuhe anake dhewe. Jebul nang kene sampeyan gelem ngurusi urusane wong liya, kamangka blas ora ana sangkut-paute karo keluargane dhewe?

Jawaben, Mas!

PARWI: lhoh enek apa ta, Les?

LESTARI: niku, mang takon kaliyan wong sing pinter niku! Omonga, Mas, aja meneng wae!

PARWI: Les, enek apa ta, Les? Sepurane nek aku karo bojoku kleru omong iki mau.

LESTARI: mboten wonten sing kleru, Mbak. Gur niki wau rada lucu. Kawektu bojo kula nagihne utang ten mriki, kula pontang-panting nggolekne utangan dinggo ragat sekolahe anak.

Bareng kula mara nggawa cara dilokne kleru karo bojoku, merga carane kuwi kudu nagihne duwite Bu Susi sing jik digawa Agus. Lha kok saget cara kula kleru, kamangka apa bedane karo carane Mas Bagio nagihne utang ten mriki?

BAGIO: uwis, ta Les.

LESTARI: iki pancen uwis! Aku kudu nanggone Agus, nek sampeyan wegah ngeterne, aku mangkat dhewe! Dak urusane dhewe!

LESTARI LUNGA.

BAGIO: yauis, Gog, ku bali sik, dak ngeterne bojoku.

BEGOG: eh Io, anu, sepurane ya, aku dadi ra kepenak ki.

BAGIO: wis ta, rapapa.

BEGOG: eh, anu… nganggo dhuwitku iki sik wae umpama kowe gelem. (Ngekek’i kode parwi, ben melu ngomong)

(23)

PARWI: iya, Io, iki mending mbok nggo sik wae, urusan sepatu gampang, jik isa dikerikne.

Wong dhuwit iki ya ra bakal bali nek ora mbok ewangi.

BAGIO: alah uis, ta, rasah. Rapopo, rasah pekewuh. Aku bali sik. Selak bojoku mangkat dhewe kae mengko.

BAGIO LUNGA.

PARWI KARO BEGOG ULAT-ULATAN.

PARWI: piye, mas?

BEGOG: lha piye?

PARWI: aku lila banget nek dhuwite sepatu disilih Bagio sik jane.

BEGOG: yois mengko nek dhuwit nang Agus ra ketagih, ben nganggo dhuwit’e dhewe sik.

PARWI: iya.

LAMPU MATI.

KAWEKTU LAMPU MURUP BAGIO KARO LESTARI WIS NANG OMAHE AGUS.

AGUS: lhoh, Mas Bagio karo Mbak Les, kok dingaren? Jebul kanca lawas sing mara, dak kira iki mau tukang tagih sing teka, tiwas ora ndang dak bukakne lawang. Dadi dak ingak-inguk saka cendela sik iki mau. Eee jebul Mas Bagio sekalian. Lagi wani dak bukak. Mangga-mangga pinarak. Pripun kabare?

BAGIO: alhamdulilah apik, nek kowe sak keluarga piye, Gus?

AGUS: apik apa ora iki, Mas? Iki omah sepi, gur gari aku ijen sing nang kene.

LESTARI: lhoh lha Dewi?

AGUS: bojoku mulih nang nggone wong tuwane, anakku digawa kabeh loro-lorone. Jare wis ra betah, mben byar diparani tukang tagih, nang omah wis ora tentrem jare, banjur pamit njaluk mulih nang omahe wong tuwane.

BAGIO: lha kok ora mbok penggak?

(24)

AGUS: piye le arep menggak, Mas, kahanan omah pancen lagi ngono, ora isa dak selaki.

Dhasare bojone iki ya lagi ra cekel gawe, gek ya ndilalah utang nang ndi-ndi merga dinggo ragad babarane si ragil sasi kepungkur. Jan-jane kepengenanku ki ya diadhepi bareng, susah-bungah kluwarga tetep utuh nang omah. Eee, ning arep kandha ki ra tekan aku. Merga ya ora tegel, kamangka sakjane ya mangkel. Dadi sanajan gela yawis dak tampa karepane bojoku njaluk mulih dhisik. Eh malah wis sambat tekan ngendi-ndi nganti lali gawekne wedang. Maklum, nang omah ra ana sing isa disambati, ketekan sampeyan dadi keculan cerita. Dak jupukne wedang sik Mbak, Mas.

LESTARI: eh ora sah repot-repot.

BAGIO: iya, Gus, iki mung sedhela.

AGUS: ora repot, gawe wedhang ya gur sedhela kok. Mangga lungguh Mas-Mbak. (Karo menyat metu gawe wedang)

LESTARI KARO BAGIO LUNGGUH NANG KURSI TAMU BANJUR ULAT-ULATAN.

LESTARI: piye, Mas?

BAGIO: lha piye, wong kahanane kaya ngono.

LESTARI: (nduding hapene Agus sing gumlethek nang meja tamu) lhaning kok hapene kuwi apik men, Mas.

BAGIO: lhaiya kuwi, aku ya mikir ngono, rokok’e wae marlboro nuk. Tur rasah diomongne wae, Les, malah dadi ra kepenak ati mengko.

LESTARI: yois, nek kono ra wani ngomong aku dak sing ngomong, sak ora-orane dicoba dhisik.

BAGIO: eh, aja!

LESTARI: dicoba.

AGUS MLEBU, NYUGUHNE WEDANG.

AGUS: mangga-mangga diunjuk wedange. Oiya enek perlu apa niki? Nganti lali takon. Eh nanging, kethoke iki ngko aku arep ketekan wong nagih utang. Bu Susi tangga kampunge dhewe

(25)

kae ngakon uwong rene meh nagihne utange. Bejane enek sampeyan Mas Bagio, mengko tulung ewangi ngomong ya?

LESTARI: ngomong apa?

AGUS: anu mbak, ya kahananku iki, lagi ra ana dhuwit tenan. Ewangi omong, biasane tukang tagih kuwi ngeyel karo meksa.

LESTARI: lha piye le ora meksa, nek ora dipeksa ya ora bakal nyaur. Tur piye le arep ngewangi omong nek hapemu sing apik kui gumlethek nang meja ngono.

AGUS: oiya, iki dak selehne nang mburi sik, malah disita iki mengko yen tukang tagihe weruh.

AGUS NGGAWA HAPENE METU.

BAGIO: Les, karepmu ki apa ta?

LESTARI: karepku ki ya omong apa enek’e. Perlune dhewe rene apa ya bakal dak omongne.

BAGIO: ra ana gunane, apa meh mbok sita hapene?

LESTARI: ya ora, sak ora-orane akdhewe wis nglakokne sing dikongkonke Bu Susi, mengko akdhewe isa kandha apa anane.

BAGIO: mbok uwis rasah, iki mau Begog wis saguh arep….

AGUS MLEBU.

AGUS: uwis aman saiki, Mbak. Tukang tagihe ra bakal weruh hapeku nangndi.

LESTARI: tetep bakal weruh, Gus.

AGUS: kok isa?

BAGIO: (nyaut) mergo rokokmu iki marlboro! (Sing dimaksud rokok sing ngglethek nang meja) AGUS: lhoh apa hubungane?

BAGIO: lhaiya no, merga rokok marlboro iki rokok larang, dadi wong sing kuwat tuku rokok marlboro, mesti ya wong dhuwe dhuwit!

AGUS: oiya bener kui, yauis, iki ya dak selehne mburi sik.

(26)

AGUS MEH NJUPUK ROKOKE.

LESTARI: ora perlu, Gus, ora merga rokokmu kui ngglethek nang meja.

AGUS: lhoh lha merga apa?

LESTARI: merga…..

BAGIO: (nyaut) merga ambu rokoke kui rung ilang. Ambu rokok marlboro kui lak khas ta, dadi ya mesti konangan. Hmm iki mesti ambune rokok marlboro, ngono.

AGUS: ooo dadine cendelane kudu dak bukaki iki ben ndang ilang ambu rokoke.

AGUS MEH MENYAT BUKAK’I CENDELA.

LESTARI: ora usah, Gus, ora merga ambu rokok.

AGUS: lhoh lha merga apa meneh?

BAGIO: (nyaut) merga ambune wis nemplek nang klambimu.

LESTARI: uwis ta mas! Rasah ditutup-tutupi meneh!

BAGIO: Les….

LESTARI: merga sing dikon nagih mrene karo Bu Susi kuwi aku karo bojoku.

AGUS: owasu, tukang tagih asu!

LESTARI: heh, Gus, kowe rasah misuhi ngono, aku dudu tukang tagih, aku ya dudu asu.

AGUS: nyatane kowe wong loro mara mrene perlune nagihne utang ta? Piye ra asu? Mara ngambus-ngambus kahanan, bareng kene blaka apa nyatane banjur njegok lantaran kongkonan.

Ngapa ra ngomong kat mau? Ngenteni kabeh dak bukak, ben kene ra isa selak? Asu kaya wong goblok aku!

LESTARI: aku ki ra karep ngono!

AGUS: lha ngapa ra ngomong kat mau?

LESTARI: merga aku dudu tukang tagih, aku ya gur dikongkon merga aku ya butuh nyilih dhuwit sing kudune mbok saur dina iki mau.

(27)

AGUS: oo mudheng aku… (njupuk hapene nang mburi banjur njedhul meneh) nyoh! Gaglaken nyo hapene. Iki arep mbok sita, ta? Nyoh sisan marloboroku sitanen! Dhasar asu!

LESTARI: dhuh gusti!

LESTARI KELARAN KARO MANGKEL NGASI NANGIS.

BAGIO: uwis Les, ayo bali wae.

LESTARI: kowe meneng wae weug bojomu dipisuh-pisuhi kaya ngono!

BAGIO: lha meh ngapa? Iki kabeh ra ana gunane, yen ditutug-tutugne gur gawe rugi akdhewe kabeh. Gus, aku karo bojoku rene iki ya kepeksa mrene merga dikongkon njupuk dhuwit. Dak kira Bu Susi kuwi ya wis kandha yen sing mara kuwi aku, lan ngirane kuwi ya gur gari njupuk dhuwite sing durung sempet mbok terne.

AGUS: dhuwite kuwi ora ana!

BAGIO: yowis nek ra ana, aku ya weruh, aku ya ra bakal nyita barangmu. Aku wong loro iki gur kandha, nek ra ana yauis.

AGUS: yauis ndang minggat kana!

LESTARI: heh, kowe ki….

BAGIO: uwis Les, ayo bali!

LAMPU MATI MLEBU MUSIK.

KAWEKTU MURUP BAGIO KARO PARWI BONCENGAN NANG NDHUWUR MOTOR.

BAGIO KARO LESTARI PADU OMONGAN NANG NDHUWUR MOTOR.

BAGIO: aku mau ki rak wis kandha, dhuwite kuwi rung ana gur Agus ra wani kandha nang Susi. Saiki nek wis ngene iki piye coba? Ora kasil apa-apa, dhewe malah dadi rame karo Agus, dadi pedhot seduluran.

LESTARI: aku ki ya ra ngerti nek dhuwite kuwi pancen ra ana. Aku ya ra nyangka Agus dadi muring-muring kaya ngono. Kowe ki ya aja gur nyalahne bojomu!

BAGIO: piye ra nyalahne, kowe ki dijak mikir dawa ora gelem!

(28)

LESTARI: alah wong kono ya ora ndhuwe cara liya, isane gur nyalahne-nyalahne. Nek smpeyan dhuwe dhuwit ya ra bakal ngasi aku golek utangan! Ngasi kudu nagihne utang ngene iki!

BAGIO: o, kowe nyalahne bojomu merga kere!

LESTARI: iya, aku nyalahne kowe, merga kowe terus-terusan nyalahne aku. Ra gelem mikir, isane gur nyalahne!

BAGIO: mbok kira aku ki ora mikir, aku ki ya mikir!

LESTARI: mikirne urusan sepatune anake Begog, iya?!

BAGIO: heh, Les! Aja mbok sangkut pautne karo kuwi! Kuwi ra ana hubungane…

LESTARI: awas mas!!!!!!!!!

BAGIO: aaaaaaa!!!!!!!!!

LAMPU MATI

SWARA REM, KLAKSON, WONG NJERIT, BANJUR SWARA TABRAKAN! BANJUR SWARA AMBULANCE.

LAMPU MURUP.

BEGOG LAGI LUNGGUHAN NUNGGU WEDANGAN. PARWI MARANI, BEGOG KETHOK KAGET, BANJUR WONG LORO PADHA KUKUT-KUKUT WEDANGAN

LAMPU MATI

SWARA: Asalamualaikum Wr.WB. Inalilahi wa inailaihi rojiun. Sampun kapundhut wonten ngarsanipun Gusti Allah. Bapak Bagio Raharjo, dinten …. jam ….. amargi gerah sawetawis wekdhal. Layon badhe kasaraekaken wonten …. (Dipasne karo panggon pentas) Wassalamualaikum Wr.Wb.

RAMPUNG

Sukoharjo, 30 Desember 2019

Referensi

Dokumen terkait