• Tidak ada hasil yang ditemukan

NASKAH PIDATO BASA JAWA PDF

N/A
N/A
Muhamad Arba'i

Academic year: 2024

Membagikan "NASKAH PIDATO BASA JAWA PDF"

Copied!
2
0
0

Teks penuh

(1)

NASKAH PIDATO BASA JAWA

Oleh:

DERA SILVIANA MAHENDRO SD NEGERI CANDIREJO

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh..

(2)

Dewan pambiji ingkang kula bekteni, bapa ibu guru pangapit ingkang kula urmati, saha para kanca ingkang kula tresnani. Sumangga kula dherekaken sukor wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT, awit ing wekdal menika kula lan panjenengan taksih dipun paringi kesehatan saengga saged kempal ing papan menika. Sholawat saha salam mugi katetepna ing ngarsanipun Nabi Muhammad SAW ingkang dipun suwun safangatipun ing donya dumugi akherat.

Saderengipun kula nyuwun pangapunten awit sampun ngadeg wontening mriki, mboten amargi kula kiranging tata krama, awit kula dipun paringi jejibahan ngaturaken sesorah babagan “Merdeka Berprestasi, Talenta Seni Menginspirasi”.

Pamarentah lumantar menteri pendidikan sampun ngundhangaken wontenipun “Kurikulum Merdeka”. Kurikulum menika gadhah pangajab supados para siswa saged pados pasinaon ingkang langkung wiyar sasampunipun tigang tahun sami kendel awit wontenipun pandhemi Covid-19.

Mangga kula ngajak dhumateng kula piyambak lan para siswa sedaya supados Kurikulum Merdeka menika sageda mboten dados tambahing pakaryan utawi tambah rekaos pasinaonipun, nanging sageda ndadosaken gumreguting pasinaon saengga prestasi pasinaon saged kasembadan mungguh dipuntrepaken kaliyan gegayuhan kula lan para kanca sedaya.

Kurikulum Merdeka ugi nyakup babagan Profil Pelajar Pancasila, ingkang nggadhahi kekajengan supados para siswa sami nggadhahi watak trep kaliyan profil Pelajar Pancasila kasebat.

Salah satunggaling Profil Pelajar Pancasila inggih menika “Kearifan Lokal”. Ing mriki para siswa supados tresna kaliyan budaya-budaya lokal ingkang adiluhung. Awit menawi budaya kasebat mboten dipun uri-uri badhe ical, lan sedaya badhe kecalan budaya kasebat. Tuladhanipun budaya Jawi ingkang sanget adiluhung menika menawi ical lan mboten dipun uri-uri tamtu sanget kecalan budaya kasebat.

Pramila mangga sami remen dhateng budaya Jawi ingkang awujud seni, kadosta: wayang, kethoprak, beksan(tari-tarian) lan taksih kathah malih budaya Jawi ingkang adiluhung.

Dewan juri ingkang minulya, pramila cekap semanten sesorah saking kula. Kathah kalepatan nyuwun pangapunten. Kupat janure tuwa menawa lepat nyuwun pangapura.

Wassalamu’alaikum Warrahmatullahi Wabarakatuh..

Referensi

Dokumen terkait