Studocu is not sponsored or endorsed by any college or university
Naskah Pidato Tembang Dolanan
Teknik Penulisan Karya Ilmiah (Universitas Negeri Semarang)
Studocu is not sponsored or endorsed by any college or university
Naskah Pidato Tembang Dolanan
Teknik Penulisan Karya Ilmiah (Universitas Negeri Semarang)
Downloaded by daffa danish ([email protected])
lOMoARcPSD|32607852
Naskah Pidato Bahasa Jawa
Tema : Piwulang Pitutur Luhur Sajroning Tembang Dolanan Institusi : SDN Tandang 03 Semarang
Assalamualaikum wr.wb
Dumateng bapak saha ibu dewan yuri ingkang tansah manggih suka basuki Dumateng bapak saha ibu guru ingkang kula bekteni
Sarta para kadang siswa ingkang kula tresnani
Kanthi linambaran sagunging pakurmatan, sumangga kula ndherekaken manungku puja dumateng gusti ingkang Maha Welas Asih, kanthi raos syukur, awit sampun kaparingan kaberkahan saingga kita saged kempal ing papan punika
Tembang dolanan, wontening kakawin lan kidung punika, minangka sarana kangem ngajak lare- lare agawe trengginas lan waskita. Ing tembang dolanan, bisa kita pirsani wontening nilai-nilai kang penting kagem mbentuk kapribaden lare - lare sak menika.
Adhedhasar tembang dolanan, lare-lare saged nerapaken peran- peran kang sae, kang saged dipun tuladhani wontening pasrawungan.
Tembang dolanan kathah jinipun, kadosta : - Dondong opo salak
- Padang rembulan - Menthok - menthok - Gundhul - gundhul pacul
- Gugur gunung, lan isih akeh maneh
Tembang dolanan minangka warisan budaya jawa karipta dening para winasis kang ngemot pitutur luhur.
Pramila mangga kadang-kadang siswa, nyinau lan ngapalake tembang-tembang dolanan ingkang sampun dipun ajaraken dening bapak saha ibu guru kanthi tememen.
Downloaded by daffa danish ([email protected])
lOMoARcPSD|32607852
Mugi tembang dolanan supados tetep jumeneng lan eksis ing jaman samangke, pramila kedah kita jaga murih ngrembaka lan lestari.
Wusana cekap semanten atur kula, matur nuwun sedaya kawigatosipun bilih wonten klenta- klentu atur kula nyuwun gunging pangaksama.
Bilahi taufik wal hidayah
Wassalamualaikum wr.wb
Downloaded by daffa danish ([email protected])
lOMoARcPSD|32607852