• Tidak ada hasil yang ditemukan

NGURI-URI LESTARINING BASA LAN SASTRA JAWA

N/A
N/A
Ahmad Muzaqqi

Academic year: 2023

Membagikan "NGURI-URI LESTARINING BASA LAN SASTRA JAWA "

Copied!
2
0
0

Teks penuh

(1)

Nama : Ahmad Hasan Zamzamy Delegasi : SMP AL - ISHOM

Tema : Nguri-Uri Lestarining Basa lan Sastra Jawa

NGURI-URI LESTARINING BASA LAN SASTRA JAWA

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh Nuwun,

Kawilujengan saha kabagaswarasan mugya tansah kajiwa kasarira dumateng panjenengan sedaya dalasan kula.

Bapak Ibu juru pambiji ingkang tuhu kinabekten, para kadang mudha peserta sayembara sesorah ingkang kinasih wonten manah.

Minangka purwakaning atur, sumangga kula dherekaken monjukaken puja-puji syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT ingkang sampun paring kanikmatan saha rahmat, satemah ing wekdal menika kula panjenengan saged kempal nyawiji ing papan kalenggahan menika kanthi pinayungan bagas waras nir ing rubeda.

Salajengipun mugi piatur ing pangaksama dene kula tansah bade atur sesorah ingkang asesirah “Nguri-Uri Lestarining Basa lan Sastra Jawa”.

Para rawuh ingkang minulya, basa lan sastra laladan kedah dipun lindungi, amargi, basa menika sanes namung sekumpulan tembung utawi seperangkat kaidah tata basa. Ingkang langkung wigatos, basa inggih punika khazanah pinten-pinten refleksi pemikiran lan kawruh.

Bab menika dipun aturaken dening Kepala Balai Basa Propinsi Jawi Tengah, DR.

Ganjar Harimansyah, wonten ing salebeting diskusi daring kanthi tema “Urgensi peran generasi milenial kaliyan palestantunan basa lan sastra jawa” medal wonten ing ruang virtual zoom meeting. Ganjar njlentrehaken, saben warsa pinten-pinten basa laladan keancem punah utawi ngalami mandhap status. “kehilangan basa gadhah artos kaicalan daya kreativitas lan keberagaman intelektualitas minangka realisasi kemanusiaan.

Para rawuh ingkang minulya, sastra jawa miturut Wikipedia kaperang dados kalih kategori. Inggih menika ingkang dipun serat salebeting bentuk prosa utawi puisi. Ing salebeting bentuk prosa limrahipun dipun sebat gancaran lan ingkang bentuk puisi limrah dipun sebat kaliyan istilah tembang. Saperangan ageng karya sastra jawi dipun serat lebeting bentuk tembang wiwit saking awal ngantos dumugi wekdal samenika.

(2)

Adhedhasar ing pangertosan basa lan sastra jawi wonten inggil, kita sedaya keparing ngidentifikasi menawi dados generasi mudha, kita kedah wantun nglampahake bab ingkang saged ngiyati palestantunan bahasa lan sastra jawi.

Para rawuh ingkang minulya, wonten pinten-pinten kagyatan ingkang saged dipun dadosaken media kanthi tujuan njagi palestantunan basa lan sastra jawi. Antawisipun ndamel kagyatan kados maneka warna festival. Kados festival budaya nusantara, festival kesenian, festival tembang dolanan lare, festival dalang, beber seni, Pekan Kreativitas Budaya Pelajar dan Porseni Pelajar, Pekan Budaya lan sanes-sanesipun.

Pekan budaya inggih punika kagyatan ingkang ngrangkum sarangken adicara lomba ingkang sesambetan kaliyan basa, sastra, lan budaya jawi ingkang dados salah setunggale upaya kagem merevitalisasi basa, sastra, budaya, ugi aksara jawi. Pekan budaya dados tanggel jawab pamarintah kagem diwontenaken kanthi rutin. Pekan budaya badhe ngewrat sedaya aktivitas budaya lan sastra kanthi komprehensif. Pekan budaya dipun tumuti kaliyan pendampingan budaya, supados masyarakat mangertosi punapa ingkang diprogramaken dening pamarintah.

Para rawuh ingkang minulya, sejatosipun kathah cara kagem nglestantunaken anggenipun nguri-uri basa lan sastra jawi kageme lare mudha. Kadosta pandamelan lan pengelolaan laman utawi website bab aksara, basa, sastra, lan budaya jawi. Samenika sampun dipun giyataken pamarintah amrih kersaha pra mudha saya gayeng marang basa sastranipun piyambak. Amargi menawi mboten dipun lestantunaken, sampun dados keyakinan bilih badhe wonten nagari sanes ingkang ngakeni tuwin ngrebat basa ugi sastra jawa kita.

Ing wusana, kanthi tulusing manah kula ngajak rencang-rencang kagem sami sengkuyung anggenipun sinau ugi nresnani basa lan sastra jawi supados mboten punah lan ngicalaken identitas kanthi gampil.

Cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten klenta-klentunipun atur awit saking kiranging seserepan kula ngengingi basa, sastra saha subasita, kula nyuwun sih samudra pangaksami.

Nuwun.

Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Referensi

Dokumen terkait

Qua kết quả định danh, phân loại các loài giun tròn ký sinh trên nhím ở 3 địa điểm điều tra là Cầu Ngang, Càng Long và Cầu Kè cho thấy nhím nhiễm 3 loài giun tròn là Enterobius

Kula nyuwun pangestu dumateng sedaya para sepuh miwah pepunden, para kadang Forkompinda, para rawuh miwah sedaya warga Klaten ing samangke, taun- taun ingkang bade dateng, kula ingkang