(PERSAUDARAAN MASYARAKAT BUDAYA NASIONAL INDONESIA) DEWAN PENGURUS PERMADANI KAB.PURWOREJO
Sekretariat : Desa Redin Rt 03/04 Kecamatan Gebang Kabupaten Purworejo No Hp 085200346274
Pambagya Harja basuki
Para Tamu ingkang minulyo,kulo pun supono talanging basa Bp.Ngatiyono sagotrah
Ingkang sepisan ngaturaken pambagyo sugeng rawuh dumateng sagung para tamu,lan ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpo pepindan awit rawuh panjenengan sedaya.
Selajengipun,kados sampun sami prikso bilih dinten meniko bp.Ngatiyono netepi darmaning asepuh,ngijab qobulaken putro putrinipun ingkang asesilih Retno Ariyani daup kalian bagus Sumindar atmojo kakungipun Bp.Purnomo
Wondene upacara ijab qobul,sampun kalampahan ing ari kalenggahan puniko,kala wau wanci tabuh 8 wekdal Nuswantoro imbang pracima,mapan ing KUA kecamatan Gebang,inggih awit saking dungo pangestu panjenengan sedaya,upacara ijab lumampah kanti rancak kalis ing sambikala.
Pramila rawuh panjenengan sedaya,kasuwun hanekseni bilih brayanipun pinanganten sarimbit sampun syah mungguh paugeraning Agami lan Negari,saha nyuwun Tambahing dunga pamuji,mugi brayanipun pengantin sarimbit tansah manggih kabagyan lan kamulyan dados keluarga ingkang sakinah mawaddah warohmah,pinaringan putra lan putri ingkang sholeh lan sholikhah.
Para rawuh ingkang tuhu kinurmatan,pahargyan ing wanci puniko saget lumampah,inggih karana paring pambiantunipun sanak kadang,tangga tepalih,punopo dene tanda tresna saking sagung para tamu,ingkang meniko bp Ngatiyono ,mboten saget atur piwales menapa menapa,gejawi naming ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindan mugi-mugi Alloh SWT paring lelintu ingkang satraju dumateng kesaenan panjenengan.
Selajengipun Bp.Ngatiyono ugi nglenggana,katah kekirangan saha kalepatan anggenipun nampi saha ngacarani rawuh panjenengan sedaya,wiwit saking kirang gupuh,aruh,lungguh lan suguh,ingkang mboten damel suka renaming penggalih sagung para tamu,ingkang menika bp.Ngatiyono nyuwun agunging sih pangaksami.
Ing wasana dhumateng para tamu kakung saha putri kasuwun sekeca lenggah ngantos paripurnaning adicara ing mangke kanti mardikaning penggalih.
Penutup