Sholawat Bocah Cilik-Cilik
Bocah cilik-cilik, dha dolanan meri Sek cilik pingin rabi, pungkase ra dipikir Bocah cilik-cilik, ora duwe wedi
Dosa dilakoni, Cilaka yen wis mati
Lelo-lelo ledhung, Anak lanang nandur jagung Ayo dha dibendung, mumpung durung kadhung Lelo lelo ledhung, Anak lanang nandur jagung Ayo dha dibendung, mumpung durung kadung
Bocah cilik-cilik, dolanane tresna Arta dereng melik, nyusahke wong tuwa Bocah cilik-cilik, Aja dha tumama Tresna gur saithik, Napsu kang kuwawa
Lela lela ledhung, anak lanang nandur jagung Mengko yen wis kadung, wirang sing di tanggung Mengko yen kuwalat, ora slamet donya akhirat Mula jaga sholawat, mugi gusti peparing berkat
Padhang Bulan (Pencegahan Pernikahan Dini)
Urip bebrayan aja mung grusa-grusu Urip bebrayan kudu ngelmu
Aja kesusu omah-omah cilik Masa depan isih dawa ngenteni
Allahumma sholli 'ala Muhammad Ya robbi sholli 'alaihi wasallim
Yen isih cilik wayahe sekolah Golek ilmu supoyo tambah Ojo nuruti karepe nepsu Napsu angkara aja di gugu
Allahumma sholli 'ala Muhammad Ya robbi sholli 'alaihi wasallim
Nabi Muhammad paring pitutur Urip bebrayan kudu jujur Ora keno grusa-grusu lan kesusu Supoyo urip tentrem lan rahayu
Allahumma sholli 'ala Muhammad Ya robbi sholli 'alaihi wasallim
Ayo kanca podo direnungake Masa depan iku penting sanget Ojo kegodha senenge sak wayah Mending ngaji nganti oleh hidayah
Allahumma sholli 'ala Muhammad Ya robbi sholli 'alaihi wasallim
Mugo-mugo Gusti Allah paring lilo Jogo awake dewe ojo sembrono Supoyo ora getun ing mburi dino Urip bahagia selawase kono
Allahumma sholli 'ala Muhammad Ya robbi sholli 'alaihi wasallim