C. Unsur-Unsur Intrinsik
2. Fakta Cariyos a.Alur (Plot)
Alur menika gegayutan kaliyan urutan prastawa ing salebetipun karya sastra menika. Antawisipun satunggal prastawa kaliyan prastawa sanesipun saged dipuntingali gegayutanipun ing salebeting panyeratanipun alur menika. miturut pamanggihipun Priyatni (2010: 112) ngandharaken bilih alur inggih menika rerangkening prastawa ingkang gadhah gegayutan sebab akibat. Jumbuh kaliyan pamanggih menika, Stanton lumantar Nurgiyantoro (2010: 113) ngandharaken bilih alur utawi plot inggih menika cariyos ingkang isinipun ngengingi urutan
prastawa, nanging saben prastawa menika namung dipungayutaken kanthi cara nggayutaken sebab-akibat, satunggalipun prastawa dipunsebabaken utawi nyebabaken wontenipun prastawa-prastawa ingkang sanesipun. Plot sejatosipun
inggih menika menapa kemawon ingkang dipuntindakaken dening paraga saha prastawa menapa ingkang kedadosan saha dipunlampahi dening paraga (Kenny lumantar Nurgiyantara, 2010: 75).
Jumbuh kaliyan pamanggih-pamanggih ing nginggil menika, Sayuti (2000: 30), ngandharaken bilih plot utawi alur cariyos fiksi menika boten namung
ngandharaken prastawa-prastawa utawi kedadosan-kedadosan kanthi nggatosaken sifat kewaktuan utawi temporal kemawon, nanging ugi kanthi nggatosaken
gegayutan antawisipun prastawa utawi kedadosan setunggal kaliyan sanesipun. Saingga plot satunggalipun cariyos menika saged dipunpahami dening para maos
minangka satunggalipun pola majemuk ingkang gadhah gegayutan kausalitas
utawi sebab-akibat.
Plot satunggalipun cariyos menika kedah padu, unity. Antawisipun
prastawa satunggal kaliyan sanesipun, antawisipun prastawa ingkang
dipuncariyosaken rumiyin kaliyan ingkang salajengipun, wonten gegayutanipun. Gegayutan antawisipun cariyos menika prayoginipun cetha, logis, saha saged
dipunmangertosi kronologi wekdalipun tanpa nggatosaken ing salebetipun teks
cariyos menika wonten ing awal, tengah utawi ing pungkasan (Nurgiyantoro, 2010: 142). Saingga ing salebetipun plot menika, sasanesipun nggatosaken
urutanipun prastawa ugi kedah nggatosaken gegayutanipun antawisipun setunggal prastawa kaliyan prastawa ingkang sanesipun.
Struktur plot cariyos fiksi menika saged kaperang dados tiga, ing
antawisipun inggih menika plot awal, tengah, saha pungkasan. Awal
satunggalipun cariyos menika saged ugi minangka perangan tengah utawi pungkasanipun cariyos, mekaten ugi salajengipun, tengah minangka akhir utawi akhir minangka awal utawi tengahing cariyos. Bab menika sejatosipun gumantung
gaya basa utawi teknik pengarang anggenipun nyariyosaken. Temtunipun saben
pengarang menika gadhah idiosinkrasi piyambak, ingkang beda antawisipun
1) Awal
Tahap awal satunggalipun cariyos biasanipun dipunwastani minangka tahap pitepangan. Isinipun ngengingi mapinten-pinten informasi wigatos ingkang
wonten gegayutanipun kaliyan maneka warni bab ingkang badhe kaandharaken ing tahap salajengipun. Tahap awal ugi asring dipunginakaken kangge nepangaken paraga-paraga cariyos, saged awujud deskripsi fisik, kadhang ugi
dipunandharaken ugi (kanthi implisit) wewatekanipun. Fungsi pokok tahap awal
(pambuka) satunggalipun cariyos inggih menika kangge suka informasi saha
andharan saperlunipun, mliginipun ingkang gegayutan kaliyan pelataran saha
penokohan (Nurgiyantoro, 2010: 142).
Perangan awal satunggalipun cariyos menika ngandhut andharan (eksposisi) saha elemen instabilitas. Eksposisi menika istilah kangge nedahaken
proses ingkang dipunpilih saha dipunginakaken pengarang kangge ngandharaken
informasi ingkang dipunbetahaken kangge mangertosi cariyos (Sayuti, 2000: 36).
Salajengipun Sayuti (2000: 40) ugi ngandharaken bilih gegayutan kaliyan perangan awal cariyos saha pilihanipun penulis anggenipun nemtokaken awal cariyos, kedah nggatosaken kemungkinan-kemungkinan ing antawisipun inggih menika:
a) minangka pilihan pungkasan ingkang dipunpilih dening pengarang.
tegesipun, pengarang menika saged mawon nyerat wongsal-wangsul kangge miwiti cariyosipun. Seratan ingkang dipunserat ing wiwitanipun cariyos menika temtunipun ingkang dianggep paling trep kangge miwiti cariyosipun.
b) minangka prastawa ingkang gadhah sesambetan kaliyan karakter paraga
utama utawi kaliyan prastawa ingkang boten wonten gegayutanipun kaliyan karakter paraga utama nanging minangka perangan mata rantai
ingkang wigatos kangge prastawa-prastawa berkualitas salajengipun.
c) minangka gegambaran khususkonflik ingkang gadhah gegayutan kaliyan
prastawa salajengipun kanthi latar tertemtu.
d) awujud prastawa ageng kanthi latar saha konflik tertemtu.
e) satunggalipun prastawa alit kangge nggambaraken watak paraga saha
kangge suka informasi dhumateng para maos supados saged paham
perangan awal saha sedayanipun isi cariyos.
f) minangka introduksi paraga utama utawi paraga ingkang wigatos ing
salebetipun cariyos, kanthi analitik menapa ugi kanthi dramatik, kanthi
cara telling menapa ugi showing.
g) minangka bab ingkang nedahaken para maos ngengingi cara ingkang
dipunginakaken, cara diaan, akuan, menapa ugi campuran.
h) minangka deskripsi saha narasi tertemtu.
i) minangka perangan ingkang ngandharaken papan, wekdal, saha sosial
budaya tertemtu.
j) minangka komplikasi utawi perangan ingkang mbangkitaken minatipun
para maos. Komplikasi menika sifatipun saged mayor utawi minor,
internal utawi eksternal.
Sedaya kemungkinan menika gumantung kersanipun pengarang. antawisipun pengarang setunggal kaliyan sanesipun temtunipun gadhah cara
ingkang beda saingga kemungkinan-kemungkinanipun ugi beda anggenipun nyusun plot.
2) Tengah
Perangan tengah menika minangka perangan ingkang paling panjang saha paling penting ing salebetipun cariyos fiksi. ing perangan menika kaandharaken:
paraga-paraga, prastawa-prastawa wigatos-fungsional ingkang dipuncariyosaken,
konflik ingkang ngrembaka sansaya ngregengaken, saha dumugi klimaks-ipun.
Umumipun ugi kaandharaken tema utawi makna pokok cariyos. Tahap tengah cariyos menika ugi dipunsebat minangka tahap pepadon, nyariyosaken pepadon
utawi konflik ingkang sampun wiwit dipungambaraken ing tahap ingkang
saderengipun, dados sansaya ningkat, sansaya ngregengaken. (Nurgiyantoro, 2010: 145).
Konflik saha klimaks menika minangka perangan ingkang wigatos saha
utama ing salebetipun struktur plot. Klimaks menika namung saged kedadosan
menawi wonten konflik. Nanging boten sedaya konflik menika dumugi klimaks,
boten sedaya konflik menika kedah wonten pungkasanipun. Kedah dipuntingali
pundi ingkang minangka konflik utama saha pundi ingkang namung konflik
tambahan (satunggalipun konflik ingkang langkung dipunsebabaken, dipunalami,
saha dipuntindakaken dening paraga-paraga tambahan) (Nurgiyantoro, 2010: 127).
Sayuti (2000: 42) ngandharaken bilih perangan wigatos saking plot tengah
inggih menika bab konflik, komplikasi saha klimaks. Konflik ing salebetipun
kejiwaan „psycologycal conflict‟, konflik sosial „social conflict‟, saha konflik
antawisipun manungsa saha alam„physical or element conflict‟. Konflikkejiwaan
biasanipun ngengingi perjuangan nglawan dhiri paraga menika kiyambak, saingga saged ngatasi saha nemtokaken menapa ingkang kedah dipuntindakaken. Wondene konflik sosial menika biasanipun ngengingi konflik antawisipun paraga
gegayutan kaliyan perkawis-perkawis sosial. Konflik menika dipunsebabaken
saking sikapipun individu ing salebetipun lingkungan sosial ngengingi ideologi,
pemerkosaan hak, saha sanes-sanesipun. Menika sebabipun wonten konflik
ideologi, konflik keluarga, konflik sosial, saha sanes-sanesipun. Salajengipun,
ingkang dipunwastani konflik alamiah menika biasanipun dipunsebabaken nalika
manungsa boten saged nguwaosi menapa ugi manfaataken saha mbudidaya alam kados menapa kedahipun. Menawi determinasi alam boten saged dipuntindakaken
saged nyebabaken sesambetan antawisipun manungsa kaliyan alam menika dados boten selaras, saingga nyebabaken konflik menika.
Salajengipun Sayuti (2000: 43) ugi ngandharaken bilih:
Disamping terdapat adanya konflik, dalam bagian tengah plot cerita didapatkan pula adanya komplikasi dan klimaks. Komplikasi merupakan perkembangan konflik permulaan, atau konflik permulaan yang bergerak dalam mencapai klimaks, sedangkan klimaks merupakan titik intensitas tertinggi komplikasi, yang darinya titik hasil (outcome) cerita akan diperoleh dan tak terelakkan.
Saking andharan ing nginggil menika saged dipunpendhet dudutan bilih ing salebetipun plot menika, sasanesipun kapanggihaken konflik, ugi wonten
komplikasi utawi klimaks. Komplikasi menika minangka perkembangan saking
minangka titik intensitas ingkang paling inggil komplikasi-nipun, ingkang saged
njalari dipunpanggihaken hasiling cariyos.
Komplikasi menika sifatipun boten tunggal nanging saged ugi jamak,
saingga ugi nyebabaken klimaks ingkang jamak. Wontenipun komplikasi saha
konflik menika wigatos sanget kangge mujudaken klimaks cariyos. Komplikasi
saha konflik ing salebetipun cariyos menika nedahaken kawegiganipun pengarang
ing salebetipun ngandharaken cariyos prosa fiksi-nipun (Sayuti, 2000: 44).
3) Pungkasan
Pungkasan menika asalipun saking klimaks tumuju hasiling cariyos.
Saking andharan ing nginggil menika saged dipunpendhet dudutan bilih umumipun ing salebetipun cariyos menika wonten rentetan prastawa ingkang awujud eksposisi saha komplikasi tumuju klimaks lajeng dipunpungkasi kanthi
pemecahan ingkang logis (Sayuti, 2000: 56)
Menawi dipuntingali saking panyusunanipun prastawa utawi perangan-peranganipun ingkang mbentuk prastawa ing salebetipun cariyos menika, plot
kaperang dados kalih. Ing antawisipun inggih menika plot kronologis utawi
progresif saha plot regresif utawi flash back utawi black-tracking utawi
sorot-balik. Ing salebetipun plot kronologis, awal cariyos menika saestu minangka awal,
pungkasan cariyos saestu minangka pungkasan (Sayuti, 2000: 57). Ing salebetipun cariyos menika, pengarang langkung ngginakaken plot campuran.
Salajengipun, menawi dipuntingali saking perangan pungkasanipun cariyos, plot menika kaperang dados kalih ing antawisipun inggih menika plot
nyukani simpulan cariyos. Wondene ing salebetipun plot terbuka biasanipun
pungkasanipun cariyos wonten ing klimaks, para maos dipunkendelaken
nemtokaken piyambak kados pundi pungkasanipun cariyos (Sayuti, 2000: 58). Pungkasanipun cariyos kanthi plot terbuka menika, suka kawenangan kangge para
maos anggenipun menggalihaken, mbayangaken saha mengkreasikan kadospundi
pungkasanipun cariyos menika. Wondene ing salebetipun plot tertutup,
pungkasanipun cariyos katemtokaken jumbuh kaliyan logika cariyos ingkang
dipundamel. Jumbuh kaliyan logika cariyos menika ugi, para paraga cariyos
menika sampun gadhah nasibipun kiyambak ingkang sampun dipunjumbuhaken kaliyan peran ingkang dipunemban (Nurgiyantoro, 2000: 148).
Menawi dipuntingali saking kwantitas-ipun, plot menika ugi kaperang
dados kalih. Ing antawisipun inggih menika plot tunggal saha plot jamak.
Satunggalipun cariyos menika dipunwastani gadhah plot tunggal menawi cariyos
menika namung gadhah setunggal plot (plot primer). Wondene cariyos ingkang
gadhah plot jamak inggih menika cariyos ingkang gadhah plot langkung saking
setunggal, mekaten ugi plot-plot utamanipun ugi langkung saking setunggal.
Nanging plot-plot utama ingkang wonten ing salebetipun cariyos menika asring
gegayutaning perangan-perangan tertemtu (Sayuti, 2000: 59).
Menawi dipuntingali saking kualitas-ipun, plot menika ugi kaperang dados
kalih. Ing antawisipun inggih menika plot rapet saha plot longgar. Satunggalipun
cariyos dipunwastani gadhah plot tunggal menawi plot utama ingkang wonten ing
salebetipun cariyos menika boten gadhah celah ingkang saged dipunsisipi plot
menawi ing cariyos menika saged dipunsisipi plot sanesipun, biasanipun
minangka sub plot ingkang fungsinipun ndhukung plot utama. Nanging menawi
plot sisipan menika dipunicali, cariyos menika tetep kalajengaken tanpa gangguan
ingkang wigatos (Sayuti, 2000: 59). Ing salebetipun cariyos fiksi kanthi plot
ingkang rapet/ padet menika sasanesipun kaandharaken kanthi cepet, prastawa-prastawa wigatos ugi kadadosan kanthi cepet, gegayutan antawisipun prastawa-prastawa rumaket sanget, para maos kados dipunpeksa ndherekaken lampahipun cariyos. Gegantosaning satunggal prastawa tumuju prastawa wigatos ingkang salajengipun menika kadadosan kanthi alon. Gegayutan antawisipun prastawa menika ugi boten patos wigatos. Antawisipun prastawa wigatos setunggal kaliyan sanesipun menika wonten mapinten-pinten prastawa tambahan, utawi dipunselingi gegambaran latar menapa ugi swasana (Nurgiyantoro, 2010: 160).
b. Paraga saha Penokohan
Miturut pamanggihipun Abrams lumantar Nurgiyantoro (2010: 165), ingkang dipunwastani paraga inggih menika tiyang (-tiyang) ingkang dipuntampilaken ing satunggalipun karya naratif utawi drama. Paraga ingkang
dipuntampilaken menika dipuntafsiraken gadhah nilai moral saha sifat kados
menapa ingkang kagambaraken ing pocapanipun saha tumintakipun. Paraga menika gadhah peran wigatos minangka perangan ingkang nglumantaraken pesan, amanat, moral utawi satunggalipun bab ingkang dipunkajengaken dening
pengarang (Nurgiyantoro, 2010: 167). Wondene ingkang dipunwastani penokohan
inggih menika cara nggambaraken satunggalipun paraga ing salebetipun cariyos kanthi cetha (Joneslumantar Nirgiyantoro, 2010: 165).
Salajengipun Sayuti (2000:73-74) ngandharaken bilih paraga menika
minangka komponen elemen struktural cariyos fiksi ingkang nyebabaken
wontenipun prastawa ing salebetipun cariyos. Menawi dipuntingali gegayutanipun paraga kaliyan isinipun cariyos, paraga menika saged kaperang dados kalih, inggih menika paraga sentral utawi paraga utama saha paraga periferal utawi
paraga tambahan.
Paraga sentral utawi paraga utama menika biasanipun gadhah peran ageng
ing salebetipun cariyos. Prastawa-prastawa utawi kedadosan-kedadosan ing
salebetipun cariyos menika nyebabaken pangewahing tumindak saha
wawasanipun paraga. Paraga utama utawi paraga sentral satunggalipun cariyos
fiksi menika saged dipuntemtokaken kanthi tigang cara. Sepisan, paraga menika
paling mangaribawani makna utawi tema cariyos. Kaping kalih, paraga menika gadhah gegayutan paling kathah kaliyan paraga ingkang sanesipun. Tiga, wekdal kangge nyariyosaken paraga menika paling kathah.
Wondene Nurgiyantoro (2010: 177) ngandharaken bilih paraga utama inggih menika paraga ingkang dipuncariyosaken paling utama minangka paraga satunggalipun prastawa menapa ingkang dipundhapuk prastawa. Paraga utama menika ugi wonten ingkang kacariyosaken ing saben prastawa saha kapanggihaken ing saben halaman cariyos. Paraga utama menika cacahipun saged langkung saking setunggal. Salajengipun Nurgiyantoro ugi ngandharaken bilih ingkang dipunwastani paraga tambahan inggih menika paraga ingkang langkung sekedhink anggenipun nyariyosaken, boten patos wigatos, namung kacariyosaken
menawi wonten gegayutanipun langsung menapa ugi boten langsung kaliyan paraga utama.
Sasanesipun kanthi cara ing nginggil menika, paraga cariyos fiksi menika
ugi saged dipunbedakaken kanthi adhedhasar watakipun. Awit saking menika, wonten paraga prasaja utawi flat character saha paraga komplek utawi round
character (Sayuti, 2000: 76). Paraga ingkang prasaja/ datar inggih menika paraga
ingkang kirang makili personalitas manungsa ingkang wetah, namung setunggal
perangan ingkang mligi dipuntonjolaken (Sayuti, 2000: 77). Paraga kompleks
utawi ingkang ugi dipunwastani paraga bulat inggih menika paraga ingkang saged
dipuntingali gesangipun kanthi wetah. Ciri paraga datar menika dipunandharaken
kanthi prasaja, wondene ciri paraga bulat, piyambakipun menika saged
ngagetaken (Sayuti, 2000: 78).
Menawi dipuntingali penampilaning paraga-paraga menika, paraga dipunbedakaken dados paraga protagonis saha paraga antagonis (Nurgiyantoro,
2010: 178). Paraga protagonis menika paraga ingkang dipunremeni, salah
satunggalipun ingkang kawentar dipunwastani hero, paraga ingkang gadhah
norma-norma, nilai-nilai, ingkang ideal (Alternbernd saha Lewis lumantar
Nurgiyantoro, 2010: 178). Wondene ingkang dipunwastani paraga antagonis
inggih menika paraga ingkang nyebabaken konflik. Nanging boten sedaya konflik
menika dipunsebabaken dening paraga antagonis (Nurgiyantoro, 2010: 178).
Lajeng Nurgiyantoro (2010: 188) ugi ngandharaken bilih kanthi
adhedhasar berkembang menapa boten perwatakan-ipun paraga-paraga ing
statis saha paraga berkembang. Paraga statis inggih menika paraga cariyos
ingkang watakipun menika tetep, boten ewah amargi wontenipun prastawa-prastawa ingkang kedadosan. (Alternbernd saha Lewis lumantar Nurgiyantoro, 2010: 188). Wondene ingkang dipunwastani paraga berkembang inggih menika paraga ingkang watakipun menika ewah saha ngalami perkembangan jumbuh
kaliyan pangrembakaning (saha pangewahing) prastawa saha plot ingkang dipuncariyosaken.
Adhedhasar kemungkinan pencerminan paraga cariyos tumrap manungsa
ing gesang ingkang sejatosipun, paraga cariyos saged dipunperang dados kalih, inggih menika paraga tipikal saha paraga netral. Paraga tipikal inggih menika
paraga ingkang nggambaraken satunggaling paraga minangka bagian saking
satunggalipun lembaga, ingkang wonten ing kasunyatan. Paraga menika
nggambaraken sikapipun pengarang marang paraga, perkawis ingkang dipunadhepi dening paraga, utawi sikap saha tumindakipun paraga menika
kiyambak. Wondene paraga netral inggih menika paraga ingkang namung wonten
ing salebetipun cariyos.
Cara Nggambaraken Paraga (Penokohan)
Ing salebetipun nggambaraken paraga, wonten ingkang mbedakaken cara-cara ingkang dipunginakaken menika dados cara-cara ingkang analitik saha dramatik,
wonten ingkang mbedakaken dados cara langsung saha boten langsung, wonten ingkang mbedakaken dados cara diskurtif, dramatik, kontekstual saha campuran.
Sejatosipun sedaya istilah-istilah ing nginggil menika gadhah esensi ingkang