• Tidak ada hasil yang ditemukan

Kelas / Semester : VIII / Ganjil

Hari / Tanggal :

Waktu :

I. Kawangsulana pitakenan-pitakenan wonten ing ngandhap punika kanthi paring tandha (x) wonten aksara A, B, C, atau D mawi wangsulan ingkang leres.

Wacan kanggo nomer 1-2

Ingkang dipunwastani bibit, inggih punika wiji, tiyang anjodhokaken anak punika sami ugi kaliyan tiyang nanem tetuwuhan, estining manah supados pawingkingipun sageda sae uwohipun, mila pinarsudi sanget pamilihipun dhateng bibit. Menawi miturut ingkang kasebat ing nginggil, saestunipunboten gampil. Nangig ancer-ancer ingkang kenging dipunturut, anging saking sesawangan.

Wangsul dhateng rembag sakawit, kacihna ing andharan kasebat, bilih kawontenanipun wiji utawi bibit punika awon saenipun boten saking wiji piyambak. Nanging ugi ugi saking tiyang sepuh. Ingkang punika pamilihipun bibit panganten boten saged nilar dhumateng tiyang sepuh. Pamilih ingkang nyemak dumugi tiyang. Dados bebet punika darah utawi trah utawi turunipun.

Ingkang dipunwastani bebet, inggih punika trah utawi turun, Mila tiyang Jawi manawi, badhe angemah-emahaken anak kedah angengeti dhateng bebet, awit awon saenipun watekipun bebet ingkang kathah tumus dhateng bibit kados ta bebetipun tiyang edan, begja-begjanipun manawi nurunaken inggih gendheng utawi busuk.

1. Menawi badhe angemah-emahaken putranipun kanthi tetimbangan sifat utawi kelakuanipun, menika dipunwastani….

a. Bibit b. Bebet c. Bobot d. Babat

2. Ingkang dipunwastani bebet inggih menika…. a. Anteping manah

b. Trah utawi turunipun c. Sifat utawi kelakuanipun

d. Dedeg blegeripun lema ageng lan inggil

3. Sumangga kula dherekaken puja-puji syukur dhumateng ngarsanipun gusti ingkang maha asih, saengga kula lan panjenengan sedaya saged kempal manunggal ing adicara menika.

Pratelan sesorah ing dhuwur diarani….

a. Panutup b. surasa basa c. Pamuji syukur d. Paring pakurmatan

115

4. Wasana cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten kekirangan anggen kula matur, kula nyuwun agunging sih samudra pangaksami.

Pratelan sesorah ing dhuwur diarani….

a. Panutup b. Pambuka c. Isi/surasa basa d. Nyuwun pangapunten

5. Urut-urutaning damel teks pidato/sesorah ingkang leres inggih menika….

a. Nyiapake judul – nyiapake topik – nulis surasane pidato – gawe teks pidato b. Nulis surasane pidato – nyiapake judul – nyiapake topik – gawe teks pidato c. Nulis surasane pidato- nyiapake topic – myiapake judul - gawe teks pidato d. Nyiapaken topik – nyiapake judul - nulis surasane pidato – gawe teks pidato 6. Sumangga kula dherekaken ngaturaken panuwun dhumateng para Gusti ingkang

Maha Asih awit saking dipun paring kebagaswarasn dhateng kula lan panjenengan

sami. Tembung kebagaswarasan ngemu teges….

a. karawuhan b. kaendahan c. kinurmatan d. kawilujengan

7. Isining panutup inggih menika….

a. Atur salam pambuka

b. Atur rasa syukur dhumateng Gusti c. Atur pakurmatan dhateng para rawuh d. Nyuwun agunging sih samodra pangaksami

8. Nalika sesorah/pidato kedah nggatosaken banter/serune swara, supaya….

a. Para rawuh boten bosen

b. Para rawuh boten saged mirsani c. Para rawuh saged mireng kanthi cetha

d. Para rawuh saged mirsani sinten ingkang pidato

9. Salah sawijine kaprigelan micara ing pangarepe wong akeh kanggo ngandharake

pamanggih utawa ide yoiku…

a. Cariyos b. Sesorah c. Pamanggih d. Pranata adicara

10. Teks sesorah kang isisne ngucapake salam marang para tamu minangka tandha sapa

aruh lan pakurmatan, ing sesorah kalebu….

a. Isi

b. Pambuka c. Panutup

d. Pangarep-arep

11. Ing ngandhap menika kalebu jinising carita rakyat, kejaba….

a. Sage b. Cerkak c. Legenda d. Dongeng

12. Ciri-ciri cerita rakyat ing ngandhap menika leres, kejaba….

a. Tradhisional

b. Wonten nama pengarangipun c. Penyebarane kanthi cara lisan d. Boten wonten nama pengarangipun

Wacan kanggo nomer 13-17

Ajisaka dadi ratu ing Medhang Kamulan. Sawise dadi ratu, Prabu Ajisaka eling marang abdine sing aran sembada. Sembada ditinggal ing Majethi amarga njaga pusaka kang dititipake. Prabu Ajisaka banjur paring dhawuh marang dora saperlu methuk saha njupuk pusaka keris kang dititipake marang sembada.

Sawuse tekan Majethi Dora ngajak Sembada sowan ing Medhang Kamulan lan ngandharake menawa arep njupuk keris kang dititipake. Ananging, Sembada ora gelem menehake pusakane Ajisaka amarga biyen wis diweling yen dudu Ajisaka dhewe kang njaluk utawa njupuk pusaka mau aja diwenehake marang sapa wae. Dene Dora kudu

116

bisa mrantasi ing gawe. Dora lan Sembada padha gelut rame, padha sektine padha digdayane. Ing wusana sampyuh, mati bareng.

Sang Prabu ngenteni tekane Dora lan Sembada. Nanging kang dienteni ora teka mla banjur tindak dhateng Majethi. Sang Prabu dheleg-dheleg mirsani Dora lan Sembada kang wis padha dadi bathang(mati). Supaya bisa dadi pangeling-eling marang Dora lan Sembada, Sang Prabu Ajisaka banjur ngarang aksara mangkene: hanacaraka (ana utusan), datasawala(pada padudon), padhajayanya (padha sektine), magabathange (loro-lorone dadi bathang).

13. Jinising pusaka kang dititpake dening ajisaka yaiku….

a. Keris b. Clurit c. Pedang d. Tombak

14. Abdine Ajisaka kang dititipi pusaka dening ajisaka yaiku …. a. Dora

b. Sembada c. Sumbada d. Dewatacengkar

15. Sadurunge dadi ratu, ajisaka lan abdine sakloron manggon ana ing….

a. Majethi b. Tanah jawa c. Medang kamolan d. Kraton blambangan 16. Tegese padajayanya yaiku ….

a. Ana utusan b. Padha sektine c. Padha padudon

d. Loro-lorone dadi bathang

17. Sembada ora gelem menehake kerise Ajisaka marang Dora amarga….

a. Nuhoni piwelinge ratune b. Arep adu kasekten karo Dora

c. Kudu bisa ngrampungi dhawuhe ratune d. Ora gelem melu menyang Medhang Kamulan

Wacan kanggo nomer 18-22

Bandung Bandawasa salah satunggaling prajurit ingkang mbiyantu Raja Pengging. Raja Pengging saged mejahi Prabu Baka kanthi pambiyantunipun Bandung Bandawasa. Lajeng Bandung Bandawasa kepareng manggen ing Prambanan. Ing Prambanan Bandung Bandawasa mangertos menawi wonten wanita ingkang ayu. Bandung Bandawasa gandrung kaliyan wanita ayu ingkang kagungan nama Rara Jonggrang. Ananging Rara jonggrang ajrih kaliyan Bandung Bandawasa amargi sampuhn mejahi ramanipun. Lajeng Rara Jonggrang damel sarat kangge Bandung Bandawasa. Rara Jonggrang kepingin Bandung Bandawasa damel candi cacah sewu kanthi wekdal setunggal dinten. Kangge nyanggupi sarat saking Rara Jonggrang Bandung Bandawasa nyuwun pambiyantu saking para jin lan lelembut kangge mbangun candi menika.

Rara Jonggrang ajrih menawi Bandung bandawasa saged nyanggupi damel candi cacah sewu menika. Lajeng, supados Bandung Bandawasa boten saged nyanggupi sarat menika, saderengipun enjing Rara Jonggrang paring dhawuh para dayang kangge nyapu latar lan nabuh lesung. Mireng lesung dipuntabuh, para jin lan lelembut mandheg anggenipun nyambut damel, amargi dikinten sampun enjing. Candi ingkang dipundamel menika naming kirang setunggal, lajeng Rara Jonggrang disepatani kaliyan bandung Bandawasa dados Patung. Patung menika mapan wonten sisih candi sewu, lan dipunnamani Candi Rara jonggrang.

18. Sinten ingkang dipunbiyantu dening Bandung Bandawasa? a. Prabu Baka

b. Raja Pengging c. Rara jonggrang d. Jin lan Lelembut

19. Kenging menapa Rara Jonggrang ajrih kaliyan Bandung Bandawasa? a. Amargi Bandung Bandawasa tiyang ingkang ala

b. Amargi Bandung Bandawasa prajuritipun Raja pengging c. Amargi Bandung Bandawasa kekancan kaliyan lelembut d. Amargi Bandung Bandawasa sampun mejahi ramanipun

117

20. Rara Jonggrang disepatani kaliyan bandung Bandawasa dados patung.

Dasanamanipun tembung patung inggih menika….

a. Arca b. Candi c. Pahat d. Stupa

21. Kenging menapa bandung Bandawasa kedah damel candi cacah sewu? a. Dipunutus dening Prabu Baka

b. Kangge sarat nggarwa Rara Jonggrang c. Kangge sarat sarana mejahi Prabu Baka

d. Amargi Raden pengging kepingin nggarwa Rara Jonggrang 22. Sinten nama ramanipun Rara Jonggrang?

a. Prabu Baka b. Raja Pengging c. Raden Pengging d. Bandung Bandawasa

23. Magelang yen ditulis nganggo aksara latin . . . . a.

b. c. d.

24. menawi dipuntulis ngengge aksara latin, inggih menika….

a. pinarsusi b. pinarsudi c. pinardudi d. pinardusi

Wacan kanggo no. 25-27

25. Ajisaka ngulandara ing endi? a. Ing tanah jawa

b. Ing dusun kemukten c. Ing medang kamolan d. Ing satengahing alun-alun

26. Sapa sing ngancani ajisaka ngulandara? a. Dora

b. Sembada c. Mbok randa

d. Prabu dewatacengkar

27. Ngelmu kang diwenehake dening ajisaka yaiku, kejaba….

a. Ngelmu urip b. Ngelmu kejawen c. Ngelmu tetanen d. Ngelmu Panguripan

28. Anggenipun nulis aksara jawa wonten pugeran-paugeran tartamtu ingkang kedah

dipungatosaken, antawisipun….

118 b. Nulis saking inggil sisih kiwa

c. Nulis aksara jawa pedhot-pedhot d. Nulis saking ngandhap sisih kiwa

29. Aksara kang pasangane mapan ana ing sajejere aksara kang dipasangi yaiku . . . . A. Pa,La,Wi,Ja

B. Ra, Ga, Nga, Ya C. Ha, Sa, Pa D. Da, Sa, Ra, Ta

30. Aksara jawa ingkang boten saged mati/dipunpangku inggih menika….

a. b. c. d.

II. Cocogna soal iki kanthi ukara kang cumawis!

1. Tegese tembung kacihna 2. Tegese tembung nilar 3. Tegese tembung jangkep 4. Tegese tembung mracihnani 5. Tegese tembung ngener 6. Tegese tembung brayat 7. Tegese tembung misuwur 8. Tegese tembung ubarampe 9. Tegese tembung wewarah 10 Tegese tembung menggak

A. Genep B. mratandhani C. Pener

D. Nyandhet utawa ngelikake E. Apa-apa kang kalebu kapeluan

utawa perabot

F. wong kang lagi katresnan G. ninggal

H. Moncer utawi sampun populer I. Pitutur saka wong kang luwih tuwa J. Tumuju

K. Wis dituku

L. sanak sedulur sabatih M. kacetha

N. kabeh gaweyan bisa dirampungke O. pitutur utawa pituduh

119

III. Kawangsulana pitakenan wonten ing ngandhap kanthi patitis!

1. Sebutna 4 bab kang perlu digatekake nalika maju sesorah ! 2. Sebutna 5 perangan (bagian) ing sesorah/pidato !

3. Salinen teks ing ngisor iki nganggo aksara latin!

4. Salinen ukara ing ngisor iki nganggo aksara jawa kang trep! 1) Prabu dewata cengkar

2) Bajul putih

3) Kraton medangkamolan 4) Retna mangali

5. Coba golekana tokoh-tokoh ing pethikan carita rakyat ing ngisor iki!

Kacariyos Sang Empu Baradhah kagungan siswa ingkang nami Bahula,

djpundhawuhi dening Empu Baradhah kapurih nglamar anaking Mbok Randha Calon Arang ingkang anama Ratna Manggali. Saestu panglamaripun Empu Bahula dipuntampi dening Mbok Randha, Tumunten dipundhaupaken Empu Bahula kaliyan Ratna Manggali, lestantun dados jodhonipun. Salebetipun Empu Bahula wonten ing Girah, ndherek marasepuhipun; wasana saged nyidra. Kitabipun Mbok Randha ingkang isinipun pinten-pinten japamantra, kalebet ilmu kangge panulakipun. Kitab lajeng kaaturaken dhateng Empu Baradhah.

Empu Baradhah sesampunipun nampi buku saking Bahula tumunten tindak dhateng ing Girah saperlu ngelehælehaken dhateng Mbok Randha margi pandemelipun ingkang andadosaken sengsaranipun tetiyang kathah wau. Mbok Randha mboten mendha malah sakalangkung nepsunipun. Ing satemah Mbok Randha lajeng dipunprajaya Empu Baradhah. Sapejahipun Mbok Randha sesakit lajeng sirep, ical babar pisan.

120

KUNCI JAWABAN UTS

MAPEL BAHASA JAWA KELAS VIII SEM 1

NO KUNCI NO KUNCI No Kunci

1 C 11 B 21 B 2 B 12 B 22 A 3 C 13 A 23 A 4 A 14 B 24 B 5 D 15 A 25 A 6 D 16 B 26 A 7 D 17 A 27 B 8 C 18 B 28 D 9 B 19 D 29 C 10 B 20 A 30 D

Kunci Jawaban Menjodohkan

1. M 2. G 3. A 4. B 5. J 6. L 7. H 8. E 9. O 10. D

121 Kunci Jawaban Uraian.

1. a. Wiraga b. Wirama c. Wicara d. Wirasa 2. a. Salam Pambuka b. Paring Pakurmatan c. Pamuji Syukur c. isi d. Panutup e. Salam Panutup

3. Ajisaka prabu ing medangkamolan Duwe abdi loro yaiku dora lan sembada 4. Jawabane : 1) 2) 3) 4) 5. a. Empu Baradhah b. Empu Bahula c. Bahula d. Mbok Randha e. Ratna Magali

122

Dokumen terkait