• Tidak ada hasil yang ditemukan

LAMPAHAN BAGAWAN PALASARAN KRAMA 1. Jejer ing nagari Wiratha, prabu Basukiswara miyos ing pancaniti

Dalam dokumen SERAT PADHALANGAN RINGGIT PURWA IV (Halaman 26-35)

Ingkang sumiwi putra Raden Arya Durgandana, tuwin patih Kiswata, miwah para punggawa pepak anangkil, ginem : ingkang putra Dewi Durgandini gerah, kringetipun mambet awon. Sang nata tampi wangsiting bathara, sirnaning sasakit manawi Dewi Durgandini kabucal ing bangawan Silugangga. Sang nata lajeng dhawuh dhateng ingkang putra Raden Arya Durgandana tuwin patih Kiswata, ingkang putra Dewi Durgandini kinen ambekta dhateng bangawan Silugangga, patih matur sandika. Sang nata lajeng kondur ngadhaton.

2. Madeg ing gupit Mandragini, sang padniwara Dewi Nalikawati, lenggah ing prabasuyasa, ingadhep para parekan centhi, ingkang mungging ngarsa putra Dewi Durgandini. Ginem, anganti-anti kondurira sang nata. Kasaru rawuhira sang nata gya pinethuk ing garwa miwah putra, sang padniwara lajeng kinanthi bir.ekta lenggah satata. Sang nata paring dhawuh mring garwa, bilih kang putra Dewi Durgandini pinundhut arsa linabuh maring bangawan Silugangga. Prameswari nata tuwin ingkang putra miwah parekan sami karuna. Dewi Durgandini lajeng pinaringaken dhateng Raden Durgandana, katitihaken ing jempana. Sang nata lajeng minggah ing sanggar palanggatan mangsah semedi.

3. Madeg ing paseban jawi, patih Kiswata tuwin para punggawa. Ginem, denira arsa ingutus sang nata. Sampun sami pradandan, namung anganti-anti miyosipun putri nata Dewi Durgandini. Kasaru miyosira Raden Arya Durgandana, angirid jempana tinitih-an Dewi Durgtinitih-andini, lajeng bidhal kapaltinitih-an. Dumugi btinitih-angawtinitih-an

Silugangga, sang putri kadunungaken ing palwa, sampun katilar, anemahi gara-gara. Canthiking bahita sineratan cangkrimaning jawata. Ingkang saged ambatang, inggih punika ingkang saged nyarasaken sasakitira, tetepa jatukrama.

4. Madeg pasanggrahanipun para nata sewu nagara. Ginem, mireng pawarta, bilih putra nata ing Wiratha Dewi Durgandini, binucal ing bangawan Silugangga. Para nata saiyek sami utusan wadya reksasa, anyatakaken, lampahing reksasa kapapag punggawa ing Wiratha, prang gagal, simpang-simpangan.

5. Madeg ing Jonggringsalaka, Hyang Guru lenggah ing bale Marcukundha, ingadhep Hyang Narada tuwin para jawata. Ginem, wantering gara-gara matumpa-tumpa. Aturing Hyang Narada, at-majaning bagawan Sakri nama bagawan Palasara, anggentur ang-gening tapa. Hyang Guru duka, utusan widadari dhinawuhan anggodha, mangkat kaliyan resi Narada.

6. Madeg ing awu-awu Saptarengga, bagawan Palasara, tuwin parepat : Semar, Nalagareng, Petruk, sang bagawan lagya semedi, dhatengipun para widadari sami ngrencana Sang wiku datan keguh, lajeng wangsul lapur mring sang Hyang Guru. Sang Hyang Guru tumedhak tuwin resi Narada, mindha peksi emprit, nusuh ing gelungipun bagawan Palasara. Sareng wanci netes, langkung rame, sang wiku datan keguh. Wasana peksi alit datan linoloh, langkung sangsara. Sang wiku kurda, peksi kakalih binujung mabur, tinututan, dumugi wana sapinggiring bangawan Silugangga, kapa-pag, reksasa, prang sekar. Pejahing reksasa peksi katingal, binu-jung malih, sareng dumugi pinggir Silugangga, kaalangan banga-wan, peksi wonten ing brang ler.

7. Mangkana retna Durgandini, sareng pirsa wonten sujalma ngawe-awe, palwa den pinggiraken, bagawan Palasara saparepatira titiga sami numpak, sedya ngungsir peksi. Kacarita salebetipun wonten ing bahita, bagawan Palasara pirsa cirining canthik, sampun kadhadha, kawimbuhan mulat warnaning sang dewi, karenan ing panggalih. Wantuning taruna derenging driya, tan kena sinayutan, temah mijil tirta kamandhanu, ingusapaken katiring palwa, sarta kinobokaken ing warih. Wekasan sinarap ing rekatha, tuwin mina tambra. Kocapa Dewi Durgandini, sareng panyatangipun saya

rosa, riwe medal kumyus, hangganda langkung arus, sang bagawan kagyat andangu, aturira retna, inggih punika purwanipun dumu-nung ing Silugangga, pundi ingkang mulyakaken dadosa jatukra-manira. Sang wiku welas ing galih, lajeng nuwun ing jawata, kapa-ringan sarana : kunir pethak, dipun usadakaken sanalika waluya, retna tetep ginarwa. Wasana kondur angambah ing wana Gajaho-ya, ing ngriku semadi musthi warastra, wana kabesmi, wekasan dados negari. Sang bagawan sanalika jumeneng nata, praja winas-tanan ing Astina. Satowana dalah rajanipun sami dados manungsa, suwita sang bagawan. Rajaning sato jujuluk raja Andaka, Rajairi, Rajaamariyi. Sareng sampun ngadhaton, prameswari anggarbini, ambabar miyos jalu, pinaringan paparab : Kresnadipayana. Lurah Semar marabi : Raden Biyasa. Para jawata sami rawuh ngestreni jumenengipun nata tuwin babaring putra.

8. Madeg ing Silugangga, kocapa mbaledhaging katir bahita dadya manungsa kembar, lajeng taken-tinaken purwaning dumadi. Kasaru rawuhipun sang hyang Brama, paring pitedah, kinen maring nagari Astina saha pinaringan nama : Raden Kencakaru-pa, tuwin Raden Rupakenca. Gya bidhal, sang bathara laju manjing jronrng narmada, kasarengan pambabarira rekatha tuwin ulam tambra, pinaringan nama : Dewi Rekathawati, inggih Dewi Niyutisnawati, ingkang jaler pinaringan paparab Raden Rajamala. Gya sami tinundhung mring nagari Astina. Ing ngriku kapanggih-ipun kaliyan sudarmanira sayekti.

9. Madeg ing nagari Wiratha. prabu Basukiswara miyos ingadhep putra Raden Arya Durgandana, tuwin patih Kiswata. Atur uninga, bilih putri nata kang manggen ing Silugangga sirna, sarta ing wana Gajahoya dados nagari, lan wonten ingkang jumeneng nata. Sang nata langkung duka, dene tan mawi ngaturi uninga. Gya utusan ingkang putra Raden Arya Durgandana, kinen nyirnakaken. Raden Durgandana bidhal ngirid baris ageng.

10. Madeg ing nagari Astina, sang prabu Palasara lenggah ingadhep putra Raden Kresnadipayana tuwin lurah Semar, Nalagareng, Petruk. Kasaru sowanira Raden Kencakarupa, Raden Rupakenca. Katungka dhatengipun Dewi Rekathawati tuwin Raden Rajamala. Dinangu, matur purwa madya wasana. Sang nata ngungun, pinu-pus ing papasthen, putra sakawan lajeng pinasrahaken kang

garwa. Kasaru gegering jawi-, para putra mapagaken, tiga pisan kawon. Raden arya Durgandana laju malbeng pura, sang nata rinangsang wani, temahan kantaka gumuling siti. Awas mulat pra-meswari nata, lumajeng ngrangkul kang rayi sarwi karuna, nyuwunaken pangaksama. Sang wiku lilih, gya ngandika, bilih Raden Arya Durgandana dhinaupaken kaliyan putra Dewi Reka-thawati. Aturipun sandika. Pondhongan, sigeg.

11. Madeg ing Talkandha, resi Santanu tuwin garwa Dewi Hesthijum-peni, mentas ambabar putra kakung lajeng seda, putra nama Dewabrata, resi Santanu karsa nglurug maring Wiratha, ambekta putra raden Dewabrata, lajeng bidhal.

12. Madeg ing pasanggrahan, para nata sewu nagari, nampeni aturing duta reksasa, sami duka, sedya ngrisak praja Wiratha, enggal anata punggawa, gya budhalan.

13. Madeg ing nagari Astina, prabu Palasara, lenggah ingadhep kang garwa, tuwin para putra. Kasaru praptaning bagawan Santanu nguwuh-uwuh minta tandhing. Para putra arsa mapag, sang nata

mambeng, awit langkung awrat tandingira. Sang prabu mapag pijambak, prang tandhing langkung rame, tan ana kasoran, wekasan tumuruning para jawata misah kang pancakara. Sang Hyang Narada cangkriman, kinen milih, l.sah, 2. sampurna. Ba-gawan Santanu milih : sah; prabu Palasara milih : sampurna. Te-gesipun bagawan Santanu milih kabegjan ing arcapada, prabu Pa-lasara milih Suralaya, sampun sinauran geter-pater. Bagawan San-tanu mukti wibawa nanging cures, prabu Palasara lastantun nge-soraken nepsuning pancadriya, nurunaken para nata sapanung-gilanipun. Resi Narada muksa, prabu Palasara pamit wangsul mring Saptaarga, garwa tuwin putra dalah praja katilar. Dewi Durgandini dalah putra wangsul dhateng Wiratha, bagawan Santanu tut wuri mring Wiratha, nedya anggarwa mring Dewi Durgandini, awit sanget kasmaran ing warnanipun.

14. Madeg ing nagari Wiratha, sang prabu Basukiswara miyos ing pandhapa ingadhep patih Kiswata. Kasaru praptaning putra Raden Arya Durgandana sakadang putra sadaya, matur, amiwiti dumugi wekasan, welingipun resi Palasara, garwa Dewi Durgandini sampun pinegat, supados kadamela sayembara pilih kemawon.

Sang nata pinuju ing galih, gya den undhangaken, wradin ingkang bayawara. Sang nata tuwin prameswari saputra-putri sami miyos ing alun-alun lenggah ing panggungan, para narendra sewu nagari lajeng majeng satunggal-satunggal, nanging tan ana ingkang tinampen, sareng resi Santanu majeng ambekta putra Raden Dewabrata, punika dadya pinujuning panggalih, inggih lajeng ka-dhaupaken. Raden Dewabrata dipun emong Dewi Durgandini, bagawan Santanu ugi lajeng jumeneng nata wonten ing Gajahoya. 15. Madeg para nata sewu nagari, mireng bilih Dewi Durgandini

sampun dhaup kaliyan resi Santanu, lajeng sami angrisak kitha, damel reresah, pinapagaken resi Santanu, prang rame. Para ratu sewu nagari sami kawon, mundur sawadyanipun, sang nata kalem-pakan tuwin putra mantu, santana miwah wadya s^mi mangun bojana andrawina. Bibar. Tanceb kayon.

Dalam dokumen SERAT PADHALANGAN RINGGIT PURWA IV (Halaman 26-35)

Dokumen terkait