• Tidak ada hasil yang ditemukan

E. Mumpangating Panaliten 1.Mumpangating teoritis1.Mumpangating teoritis

2. Mumpangating praktis

a. Kagem guru

Ningkataken pangertosan guru, mliginipun guru basa Jawi kangge ningkataken piwucalan nyerat aksara Jawi.

b. Kangge siswa

Ningkataken ketrampilan nyerat aksara Jawi siswa kelas XI Akuntansi 1 SMK Negeri 1 Klaten semester ganep taun piwucalan 2015/2016. c. Kangge paneliti

Ningkataken pangertosan lan nambah pengalaman babagan model utawi metodhe piwucalan, mliginipun piwucalan kooperatif tipe Team Assisted Individualization (TAI).

103

BAB V PANUTUP

A. Dudutan

Adhedasar andaran wonten ing bab ing ngajeng, saget kapendet dudutan inggih menika:

1. Piwucalan nyerat aksara Jawi kanthi TAI saget ningkataken ketrampilan siswa Kelas XI Akuntansi 1 SMKN 1 Klaten, amargi sakderengipun dipunparingi piwucalan nyerat aksara Jawi (prasiklus) cacahipun siswa ingkang saget tuntas sinaunipun (KKM) cacah 14 siswa (39%). Saksampunipun dipunparingi piwucalan ing siklus I kanthi TAI cacahipun siswa ingkang tuntas cacah 28 siswa (78%) lan siklus II sedaya siswa (100%) sampun tuntas.

2. Piwucalan nyerat aksara Jawi kanthi TAI kangge Kelas XI Akuntansi 1 SMKN 1 Klaten katindakaken ngantos kalih siklus, saben siklus katindakaken betah kalih piwucalan. Wonten piwucalan siswa dipundamel kelompok-kelompok diskusi, satemah piwucalan saget ningkataken aktifitas siswa saklebetipun ndherek piwucalan, amargi siswa ingkang prigel saget mbiyantu siswa ingkang kirang prigel, siswa saget wawanrembag kaliyan siswa sanes kangge mangertosi bahan piculanan. Ing piwucalan siklus I siswa ingkang aktif cacah 22 siswa (61,11%0 lan ing siklus II sedaya siswa aktif ing piwucalan.

104

B. Implikasi

1. Metodhe TAI saget dipunagem ing piwucalan basa Jawi utawi piwucalan sanes, ingkang baken bahan piwucalan saget narik saha ndorong antawisipun siswa saget gotong royong sesarengan kangge mangertosi bahan piwucalan, amargi:

a. Metodhe TAI asipat stundent centered lan mboten asipat teacher centered, pramila guru mboten nguwaosi wekdal lan pangandikan ing saklebetipun piwucalan.

b. Metodhe TAI paring kalonggaran dhumateng siswa kangge sinau kanthi kelompok. Ing piwucalan siswa kapontho dados kelompok-kelompok, lan saben kelompok dumados saking siswa ingkang asipat heterogen.

c. Metodhe TAI paring kalongaran dhumateng siswa supados aktif ing saklebetipun piwucalan. Ing piwucalan siswa kedah purun njalin komunikasi lan interaksi dhumateng siswa sanesipun kangge mangertosi bahan piwucalan.

d. Metodhe TAI paring kalonggaran dhumateng siswa ingkang prigel saget mbiyantu siswa ingkang kirang prigel. Pramila ing saklebetipun piwucalan dumados transfer pengertosan lan ketrampilan saking siswa ingkang prigel dhumateng siswa ingkang kirang prigel.

2. Saben kelompok siswa saget efektif menawi guru anggenipunmontho siswa kanthi adedhasar faktor heterogenitas karakteristik siswa, pramila diskusi kelompok saget lumampah kanthi sae amargi ketrampilan kelompok saget

105

imbang. Awit saking menika, guru anggenipunmontho kelompok siswa kedah adedhasar:

a. Jenis kelamin siswa, inggih menika saben kelompok siswa dipunupadi supados wonten siswa jaler lan pawestri.

b. Ketrampilan siswa, inggih menika saben kelompok siswa kedah dipunupadi supados wonten siswa ingkang prigel lan siswa ingkang kirang prigel.

c. Domisili siswa, inggih menika saben kelompok siswa kedah dipunupadi supados wonten siswa saking kutha lan ndesa.

d. Status sosial ekonomi siswa, inggih menika saben kelompok siswa kedah dipunupadi supados wonten siswa ingkang saking keluwarga sugih lan miskin.

3. Keaktifan siswa ing saklebetipun piwucalan penting sanget, amargi saget ndorong semangat lan mandirengipun siswa ing piwucalan, pramila proses piwucalan katumpu ing siswa lan sumber pasinaon mboten namung saking guru. Pramila kangge ndorong keaktifan siswa saget katindakaken kadosdene:

a. Supados saben siswa ing kelompok diskusi kagungan wekdal ingkang sami kangge pangandikan, pramila wekdal pangandikan saben siswa dipunwatesi kadosdene: saben siswa dipunparingi wekdal 2 menit, lan saksampunipun siswa ingkang lenggah ing samping tengen utawi kiring kanthi urut dipunparingi wekdal kangge pangandikan, satemah

106

saben siswa pikanthuk wekdal kangge wawanrembag lan aktif ing diskusi saking wiwitan dumugi pungkasaning piwucalan.

b. Kangge ngatur wektu wawanrembag siswa ing diskusi kelompok, pramila saben kelompok dipuntunjuk ketua kangge mimpin wawanrembang lan ngatur wekdal wawanrembag anggota kelompok.

C. Saran

1. Kagem guru:

a. Bahan ingkang dipunagem kangge piwucalan dipunpadosaken ingkang jumbuh kaliyan kurikulum.

b. Kasilipun panaliten saget dipunagem guru utawi paneliti sanes kangge tindakaken panaliten wonten ing kelas sanes, supadas saget mendet dudutan ingkang langkung sae kangge ningkataken implikasi TAI wonten ing piwucalan.

c. Kelompok siswa ing dipundamel wonten ing saben siklus supados mboten sami lan tansah gangem pertimbangan kapinteran siswa lan gender, supados siswa saget nindakaken interaksi ingkang langkung kathah dhumateng siswa sanesipun.

2. Kangge siswa:

a. Siswa kedah aktif ing sadangunipun piwucalan, awit saking wiwitan dumugi pungkasaning piwucalan, aktif wawanrembag kaliyan siswa sanesipun ing kelompok.

107

c. Siswa kedah paring wekdal dhumateng siswa sanesipun kangge wawanrembag.

108

KAPUSTAKAN

Abin Syamsuddin Makmun dan Udin Syarifudin Sa’ud. 2006. Perencanaan

Pendidikan. Bandung: PT Remaja Rosdakarya.

Ahmad Rivai dan Nana Sudjana. 2007. Teknologi Pengajaran. Bandung: Sinar Baru Algesindo

Akhadiah Sabarti. 1997. Menulis I. Jakarta: Depdikbud

Anita Lie. 2008. Cooperative Learning: Mempraktikkan Cooperative Learning di Ruang-ruang Kelas. Jakarta: Gramedia Widiasarana Indonesia.

Amin Suyitno. 2010. Pemilihan Model-model Pembelajaran dan Penerapannya di Sekolah. Jakarta: Depag.

Anton Kusumo. 2011. Penerapan Metode Kooperatif Model TAI (Team Assisted Individualization) untuk Meningkatkan Proses dan Hasil Pembelajaran Geografi SMA. Skripsi tidak diterbitkan, Universitas Negeri Yogyakarta. Arif Ismail dan Isjoni. 2008. Model-model Pembelajaran Mutakhir. Yogyakarta:

Pustaka Pelajar.

Asep Jihad dan Abdul Haris. 2009. Evaluasi Pembelajaran. Yogyakarta: Multi Pressindo.

Dalyono, M. 2005. Belajar dan Pembelajaran. Jakarta: Rineka Cipta. Daryanto. 2008. Evaluasi Pendidikan. Jakarta: Rineka Cipta.

Djaali. 2011. Psikologi Pendidikan. Jakarta. PT Bumi Aksara.

Henry Guntur Tarigan. 1986. Menulis sebagai Suatu Keterampilan Berbahasa, Bandung: Angkasa

Made Wena. 2009. Strategi Pembelajaran Inovatif Kontemporer. Jakarta Timur: PT. Bumi Aksara.

Moleong, Lexy J. 1996. Metodologi Penelitian Kualitatif. Bandung: Remaja Rosda Karya.

Muhibbin Syah. 2011. Psikologi Belajar. Jakarta: Raja Grafindo Persada.

Mulyasa, E. 2006. Kurikulum Yang Disempurnakan. Bandung: PT Remaja Rosdakarya.

109

Nana Sudjana. 2011. Penilaian Hasil Proses Belajar Mengajar. Bandung: PT Remaja Rosdakarya.

Nasution. 2008. Berbagai Pendekatan Dalam Proses Belajar Mengajar. Jakarta: Bumi Aksara.

Ngalim Purwanto. 2010. Psikologi Pendidikan. Bandung: Remaja Rosdakarya. Oemar Hamalik. 2001. Proses Belajar Mengajar. Jakarta : Bumi Aksara.

Padmosoekotjo, S. 1989. Wewaton Panulise Basa Jawa Nganggo Aksara Jawa. Surabaya: PT. Citra Jaya Murti.

Paul Suparno. 2008. Riset Tindakan Untuk Pendidik. Jakarta : PT. Grasindo. Robert Slavin, E. 2009. Cooperative Learning. Bandung: Nusa Media.

Sardiman, A.M. 2006. Interaksi Dan Motivasi Belajar Mengajar. Jakarta: PT Raja Grafindo Persada.

Siti Amirah Budiastuti. 2012. Eksperimentasi Model Pembelajaran Kooperatif Think Pair Share dan Team Assisted Individualization Pada Materi Trigonometri Ditinjau dari Minat Belajar Matematika Siswa di Kabupaten Ponorogo Tahun Pembelajaran 2011/2012. Tesis, tidak diterbitkan, Universitas Sebelas Maret Surakarta.

Slameto. 2010. Belajar dan Faktor-Faktor yang Mempengaruhinya. Jakarta: PT Rineka Cipta.

Sugihartono dkk. 2007. Psikologi Pendidikan. Yogyakarta : UNY Press

Suharsimi Arikunto. 2006. Prosedur Penelitian, Suatu Pendekatan Praktek. Jakarta: Rineka Cipta.

Suharsimi Arikunto, Suhardjono dan Supardi. 2008. Penelitian Tindakan Kelas. Jakarta : Bumi Aksara.

Sutopo, H.B. 2006. Metodologi Penelitian Kualitatif : Dasar Teori dan

Terapannya Dalam Penelitian. Surakarta: Sebelas Maret University

Press.

Suyanto dan Djihad Hisyam. 2000. Pendidikan Di Indonesia Memasuki Millenium III.Yogyakarta: Adicita Karya Nusa.

110

Sarwiji Suwandi, dan Ekosusilo. 2008. Penelitian Tindakan Kelas (PTK) dan Penulisan Karya Ilmiah. Modul Pendidikan dan Pelatihan Profesi Guru (PLPG). Surakarta: Panitia Sertifikasi Guru Rayon 13.

Syaiful Sagala. 2010. Supervisi Pembelajaran. Bandung : Alfabeta.

Wina Sanjaya. 2008. Strategi Pembelajaran Berorientasi Standar Proses Pendidikan, Jakarta: Kencana.

_____________. 2011. Penelitian Tindakan Kelas. Jakarta: Kencana Prenada Media Group.

Dokumen terkait