Padha karo sadurunge, katrangane kabagi maneh dadi papat: 1) dhasar, 2) panemu sing ndhasari tumindak, 3) tumindak iku dhewe, 4) parampungan. Dhasar, panemu sing ndhasari tumindak, lan klesha kanggo niyat ala padha karo prekara omongan kasar utawa ala.
Dhasare yaiku apa bae utawa sapa bae sing kita anggep ora nyenengake. Katrangane padha karo sadurunge, klesha sing melu uga padha kaya sadurunge. Kekarepane yaiku niyat kanggo nindakake prekara-prekara kayadene nyulayani wong liya. Kita ora seneng marang wong tartamtu lan ngarep-arep apa bae sing ala sing bakal
bisa dirasakake wong liya kasebut. Prekara ala iku bisa lita tindakake dhewenan utawa ngongkon wong liya kanggo nindakake. Niyat ala contone ngarep-arep wong liya mati utawa kelangan barange.
Minangka tuladha, saiki coba sapa ing ana kene mikirake wong sing ora kita senengi. Banjur tuwuhake niyat ala supaya apa bae sing ala dirasakake wong kasebut. Kita ngarep-arep wong iku kena reribed, lara, lan nemoni prekara ala ing pakaryaning lan sakpiturute. Salah siji niyat kasebut minangka conto niyat ala. Tuladha liyane yaiku nalika kita ngarep-arep wong liya ora kasil anggone nindakake pakaryan. Pikiran-pikiran ala kaya mangkono iku dudu prekara sing ora umum. Nanging malah kosok baline, niyat ala iku prekara sing bgampang banget tuwuh ing batin kita.
Yaiku katranganing kekarepan kanggo niyat ala. Kanggo tumindake dhewe, kayadene wis dijlentrehake ing Anggitan Agung Urut-Urutaning Dalan Tumuju Kawicaksanan, amung kanthi “nuwuhake panemu utawa pamikiran kaya mangkono iku”. Ing prekara dalan karma batin, ora segampang lan sacetha dalan karma jasad lan wicaran. Kanggo dalan karma jasad lan wicaran, kekarepane bisa dibedakake kanthi tumindak sejatine. Dene kanggo dalan karma batin, uga kekarepan, tumindake dhewe, nganti parampungane, kabeh iku asipat batin.
Menawa kita ngupaya mbedakake antaraning kekarepan lan tumindak sejatine ing prekara niyat ala, banjur loro-loroning bisa dibedakake maneh saka bab seringe lan kekuwatane. Tuladhane, ing urut-rutaning kekarepan, kita bisa bae mikir, “Mendah apike
yen apa bae sing ala bisa karasakake wong iku.” Sabanjure, ing urat-urutan tumindak sejatine, kekarepan kasebut luwih kuwat tinimbang nalika ana ing urut-urutan kekarepan.
Parampungan niyat ala ana ing kaputusan sing digawe ing batin. Beda karo parampungan ing tumindak jasad nalika wong bener-bener ngantem utawa nyulayani wong liya. Ing prekara dalan karma ireng niyat ala, parampungan kedaden nalika tuwuk kaputusan lan niyat kebak supaya apa bae sing ala dirasakake wong liya.
Dadi, ayo kita baleni maneh urut-urutane. Kang kapisan, gegayutan karo sapa bae sing ora kita senengi, kita nuwuhake niyat kanggo nyulayani, ngantem utawa nyerang wong iku. Niyat iku tuwuh ing urut-urutan wiwitan sing disebut kekarepan. Banjur, kita tansah mikirake niyat kasebut iku saengga kekarepan iku sansaya kuwat. Artine, niyate wis ngrembaka dadi niyat kanggo bener-bener nyulayani. Ing wektu iku, niyat kanggo bener-bener nyulayani wis minangka tumindak sejati. Nalika ana kaputusan gedhe kanggo nuwuhake niyat kanggo nyulayani, ing kono iku dalan karmane dadi jangkep.
Menawa ora dimangerteni kanthi tliti, katelu urut-urutan iki kaya-kaya minangka siji reroncening pamikiran sing padha. Angel kanggo mangerteni dene sabenere ana telung urut-urutan sing beda sing ana ing njerone. Sabanjure, ana limang prekara sing nentokake apa dalan karmane jangkep apa ora. Menawa salah siji saka prekara iki ora ana, banjur dalan karmane ora jangkep
1.Tumindak cengkah sing dituwuhake dening pangrasa
sing nyawang sipat-sipating jalaran-jalaran kang mbebayani lan kedadeyan sing ana gandheng
rentenge karo dheweke, nduweni pribadi sing sejati.
Tumindak iki yaiku nduweni pikiran sing cetha dene “Ya iki wonge utawa prekara sing nyulayani awakku”. Kaya dene anggepan sing cetha lan pas tumrap apa bae sing dianggep bakal nyulayani awake dhewe. Dadi, coba pikirake kanhi tenanan. Menawa panjenengan rila legawa marang pamikiran iki lan ora musatake kawigaten marang apa bae utawa sapa bae sing panjenengan anggep minangka wong utawa apa bae sing nyulayani panjenengan, banjur panjenengan ora bakal ngrasakake dene panjenengan ora saguh utawa ora bisa nampa bebaya sing dituwuhake. Supaya dalan karma niyat jahat dadi jangkep, batin kudu kanthi cetha nganggep dene, “Ya iki sing nyulayani awakku”.
2.Tumindak ora sabar amerga ora sabar ngedhepi sing nyulayani panjenengan;
Dadi, balik maneh, cetha banget dijlentrehake ing prekara kaping pindho iki, yaiku tumindak ora sabar. Mungguh wong bisa sabar, banjur kesabarane iku ora bakal mara menyang tumindak cengkah nganti nuwuhake niyat ala kanggo nyulayani sapa bae sing dianggep dadi jalaraning bebaya. Dadi, kurange kesabaran iku minangka sumber utama kanggo tuwuhe niyat ala.
3.Serik ati sing tuwuh amerga kawigaten sing ora bener lan tansah ditindakake dibarengi pikiran jalaran-jalarane kamurkan;
Tumindak iku mijil amerga tansah nyawang lan nuwuhake pamikiran utawa panemu bab jalarane bebaya utawa apa kang dianggep nyulayani utawa njalarake kamurkan ing jroning batin. “Kawigaten sing ora bener” lan “pangeling-eling tumrap jalaran-jalaraning kamurkan” iku minangka sumbering tuwuhing kamurkan ing jroning batin.
4.Tumindak sing kebak rasa iri sing mikir, “Mendah apike yen musuhku dak tempiling utawa dak pateni”.
5.Tumindak sing dipandhegani rasa tanpa wirang utawa isin bab niyat ala lan lali marang tekading kanggo mardhika saka kekliruwan-kekliruwan jalaran niyat ala.
Tumindak iki tuwuh nalika sapa bae bener-bener didhasari dening niyat ala saengga dheweke ora nggagas untung rugine saka niyat ala iku.
Gatekake werna-wernaning sarat ing ndhuwur lan batinen sarat-sarat kesebut tenanan. Ing kene, niyat alan iku minangka wujuding pamikiran kang gampang banget tuwuh, nanging ing kono dalan karmane ora jangkep yen ora kaleksanan sakabehing limang sarat kasebut. Bisa bae kita nduweni pangrasa ala marang sapa bae, nanging durung tamtu pangrasa iku ngleksanani limang sarat niyat ala.
Bisa bae wong nduweni niyat ala, nanging dheweke durung patiya kelangan kesabaran. Bisa uga niyat alan tuwuh tanpa kawigaten sing kleru
utawa uga pangeling-eling marang jalaran-jalaraning kamurkan. Umume, sapa bae bakal nduweni niyat ala ora nganti bener-bener mateni utawa nempiling liyan. Ing kahanan sing umum biasane ora nganti kaya mangkono.
Niyat ala bisa tuwuh ing maneka warna urut-urutan lan kekuwatan. Biyasane niyat ala ora nganti ngleksanani sakabehing kalima sarat kasebut. Tuladhane, niyat ala biyasa, kayadene ngarepake apa bae sing ala dirasakake liyan. Niyat ala sing biyasa tuwuh nalika kita mangerteni bebaya utawa inciman saka wong kasebut menyang kita lan kita mung ngarepake apa bae sing ala kareben dirasakake. Dadi, iku klebu niyat ala biyasa, sing beda karo niyat ala sing ngleksanani limang sarat jangkep.