• Tidak ada hasil yang ditemukan

Nonton Wayang Kulit

Dina Minggu kepungkur, aku sowan daleme Pak Dhe Sastro, bebarengan karo kancaku, Dhimas, Arif, lan Endah. Perlune, arep nyuwun pirsa bab pagelaran wayang sing nembe kaleksanan ana Bale Desa Purwantoro, dina Jumat sadurunge. Kejaba pancen kepengin sowan menyang daleme Pak Dhe, sowanku pancen ana perlu. Aku sakanca kepengin nyuwun pirsa bab wayang. Pak Dhe Sastro kuwi kamase Ibu kang mbarep, kang pidalem ana Desa Purwantoro. Nalika timure,

Pak Dhe ngasta ana DKA, ringkesan saka Djawatan Kereta Api, saiki PT Kereta Api, perangan saka Kementrian Perhubungan. Ing sela-selane nindakake pakaryane kang utama, Pak Dhe sastra uga prigel nDhalang, lan pancene Panjenengane luwih kawentar minangka Dhalang kondang. Dina Minggu iku, aku sakanca marem banget, jalaran nampa katrangan lan crita wayang kang maneka warna, lan banget negsemake. Mangkene pangandikane Pak Dhe marang aku sakanca.

...

Pak Dhe : Dadi tekamu mrene kabeh iki karepe arep nanggap critane Pak Dhe, ngono? Lha jarene sing arep mrene kancamu sak kelas, kok

iki mung bocah papat?

Aku : Inggih, Pak Dhe. (Aku mangsuli karo rada kecipuhan)

Kados ingkang sampun kula aturaken kala emben, kula sakanca kepengin sanget sinau bab ringgit kaliyan Pak Dhe. Mumpung taksih libur.

Bab sagedipun lare sekawan ingkang sowan, Arif ingkang ngertos. Pak Dhe : Oo Nak Arif iki ta putrane Pak Marwan sing nembe kondur Haji?

Piye kabar kasugengan lan tindake neng Mekah?

Arif : Pangestunipun Panjenengan, Bapak pinaringan sugeng sakonduripun saking Mekah. Mung radi gerah watuk sawatawis, mila dereng saged sowan mriki. Bab kanca-kanca sanesipun, pancen meh sedaya kepengin sowan mriki, eman sedaya sampun pikantuk jejibahan piyambak-piyambak saking sekolahan.

Pak Dhe : Kanggo pentas akhir taun kuwi, ta. Ya wis ora papa.

Arif : Inggih, eman sanget, ning kanca-kanca sami sagah sowan mriki, sanes wekdal. Kula kanca sekawan menika, pancen ingkang kajibah dados Panitia ngrangkep pemain wonten pentas nggelaraken drama wayang wulan ngajeng.

Pak Dhe : Lha dobel-dobel pakaryane, apa ora kaboten?

Endah : Lha nggih menika, Pak Dhe, Arif kaliyan Wisnu, aggenipun saged ―mlokotho‖ kanca!

Aku : Mlokotho piye, ta nDah, wong kowe dhewe sing njaluk ngurusi apa-apa, kamangka kudu latiyan pentas barang.

Dhimas : Lha iya, Endah ki ya aneh-aneh wae, wong criwis ngono kok njaluk dadi Sembadra barang. Apa mengko ora kudu ngempet ...

Endah : He,... ngempet apa hayoo! Karo maneh sing ndhapuk aku dadi Sembadra, sapa?

Apa pantese aku dadi Sri Kandhi ngono kae, apa dadi Banowati? Dhimas : Dadi Sarpakenaka, ya pantes, kok En...!

Endah : Apa?! Sarpakenaka? Sakarepmu, wis. Trima mulih, aku...!

Arif : Wis, wis ah! Malah padha regejegan. Saru lho! Kok dha ora nJawani blas !!

Pak Dhe (Gumujeng, banjur ngendika)

: Ya wis, tak wiwiti wae critane. Kowe kabeh ngerti ta, pagelaran wingi bengi rak njupuk lakon ―Petruk Madeg Pandhita‖.

Endah : Lho, sanes Petruk dadi Ratu, ta Pak Dhe ??

Dhimas : Wis ta, En. Aja nyela-nyelani wae. Lehmu criwis mbok disimpen dhisik...

Endah (Endah mendelik, ning semu mbrabak. Dhimas klecam-klecem. Pak Dhe gumujeng)

Pak Dhe : Dudu. Petruk ora dadi Ratu, ning malah dadi Pandhita. Pada paragane, beda kalungguhan lan ―peran‘-e.

Sastri Basa / Kelas 10

39

Aku : Bab apik endi, miturut aku, mesthi padha apike. Rak inggih, Pak

Dhe? Sing penting rak Dhalange. Kepriye wasis lan prigele anggone crita lan ngurip-uripi lakon wayange.

Pak Dhe : Iya, Wisnu ana benere. Dhalang banget olehe nemtokake kasil orane pagelaran wayang. Kaprigelan lan kawasisane dhalang pancen njalari pagelaran dadi lewih urip lan dhuwur pangajine. Kowe kabeh mesthi ngerti, pagelaran wayang ora mung tontonan, ning uga tuntunan...

Arif : Kula mireng, dhalang menika pasemon saking Pengeran, inggih Pak? Ringgitipun pasemon tumrap titahipun.

Pak Dhe : Iya akeh sing ngarani mangkono. Ning sing bener, dhalang dudu Pangeran, ning mung utusan-Ne. Mung caritane dawa, kapan-kapan wae crita bab kuwi. Saiki crita wa, Petruk madeg Pandhita.

Endah : Lajeng bentenipun paraga Petruk nalika dados ratu kaliyan nalika madeg pandhita, kados pundi?

Pak Dhe : Sing genah, gandheng kalungguhane beda, mesthi beda bobote tanggung jawab lan tumindake.

Dhimas : Menawi makaten, pandhita langkung utami tinimbang ratu, inggih Pak?

Pak Dhe : Ya ora kudu utawa ora mesthi mangkono. Boboting tumindak, kaukur karo kaya ngapa utawa apa kekarepane.

Arif : ―Inna ma yakmalu bin niyah, nggih Pak? Satuhune kabeh tumindak kudu kawiwitan saka niyat sing becik....

Endah : Wallahh kok kumeruh barang, kowe Rif!

Pak Dhe : Iya pancen Arif bener. Ning karepku ana kene, tumindake Petruk nalika dadi ratu, ya Prabu Wel Gedhuwel Beh, beda karo nalika dheweke madeg pandhita kang asesilih Ajar Panyukilan.

Endah : Adhuh, nuwun sewu Pak Dhe.... Lajeng bentenipun kados pundi? Pak Dhe : Nalika madeg ratu dadi Sang Prabu Wel Gedhuwel Beh, Petruk

nduweni kekarepan males ukum marang bendarane kang wis lali marang darmaning satriya. Bendarane, mligine Raden Janaka wis tumindak cumantaka, degsiya marang abdine. Kejaba kuwi, Ki Lurah Petruk pancen rumangsa beja bisa nggawa mlayu jimat Kalimusada, Banjur dheweke nggunakake pusaka mau kanggo sarana madeg ratu ana ing praja Loji Tengara.

Arif

Pak Dhe

: Mendhet kalodhangan dados ratu, menika kalebet ambisius, inggih Pak?

: Bener, bisa mangkono, senajan ora mesthi. Sing cetha,

gegambaran mau laras banget karo tumindak lan kahanane urip kita saben dinane. Ana gegambaran nafsu utawa pepenginan kang tanpa ukuran, tembunge nggugoni watak durangkara, ana kang

Dhimas

dhemen njejegne adil, ana sing seneng gawe perkara utawa dadakan,...

: Lajeng nalika Petruk madeg pandhita?

Endah : Pun Pak Dhe, boten usah diwangsuli. Lha neke wau midhangetaken pangandikan panjenengan, rak mesthi ngertos kekajengane Petruk nalika dados pandhita...

... ... (siswa kabeh bebarengan

nganalisis gayutan utawa relevansine carita karo kanyatan saben dinane. Garapan iki dilarasake karo sumbere crita, lan dhapukane pacelathon sajrone tuladha mau)

Dokumen terkait