BAB IV ASILING PANALITEN SAHA PIREMBAGAN
B. Pirembagan
1) Pambijining Produk dening Dosen Ahli Materi
Pambijining produk dening dosen ahli materi ngasilaken data arupi biji
kualitas media saha asiling pamrayogi ingkang sae bab materi ingkang dipunrembakaken wonten ing media pasinaon. Prakawis ingkang dipunvalidasi
dening dosen ahli materi inggih menika babagan materi ingkang dipunlebetaken wonten ing media pasinaon mliginipun tata pandhapuking kamus. Validasi saking
ahli materi ugi ngengingi bab tampilan entri saha sub entri supados gampil dipunginaken saha dipunmangertosi dening siswa.
Validasi dipuntindakaken kanthi lesan saha awujud seratan. Pamrayogi saking dosen ahli materi dipunginakaken minangka pandom kangge ngewahi materi produk kamus elektronik basa Jawi menika supados layak dipunujicoba.
Validasi dening dosen ahli materi kaperang saking tiga welas (13) indikator. Pambijining produk dening dosen ahli materi dipuntindakaken kaping tiga, inggih menika validasi tahap sepisan, validasi tahap kalih, saha validasi tahap tiga ingkang ngasilaken produk media pasinaon layak dipunujicoba.
Lembar validasi ingkang dipunisi dening dosen ahli materi kaperang saking tigang aspek pambijining kualitas produk. Kolom ingkang sepisan kangge pambijining produk saking bab materi pasinaon. Aspek materi pasinaon ngewrat gangsal indikator. Kolom ingkang kaping kalih inggih menika pambijining produk
saking bab basanipun ingkang ngewrat sekawan indikator. Kolom ingkang kaping tiga inggih menika pambijining produk saking bab leresipun isi ingkang ngewrat sekawan indikator (lembar validasi dening dosen ahli materi saged dipuntingali wonten ing kaca Lampiran 3).
a) Pambijining Produk dening Dosen Ahli Materi Bab Materi Pasinaon
Validasi dening dosen ahli materi saking bab materi pasinaon kaperang dados tigang tahap pambijining produk, inggih menika pambijining produk tahap
I, tahap II, saha tahap III. Asil pambijining produk saking bab materi pasinaon saged dipunandharaken kados ing ngandhap menika.
Tabel 10. Asiling Pambiji dening Dosen Ahli Materi Bab Materi Pasinaon Tahap I
No. Indikator ValidasiTahap I
Biji Kategori 1 Kualitas anggenipun paring panyurung
dhateng siswa 4 S (Sae)
2 Jumbuh kaliyan standar kompetensi 2 K (Kirang)
3 Trep dipunginakaken kangge sinau 4 S (Sae)
4 Trep materinipun 4 S (Sae)
5 Jumbuhipun tetembungan kaliyan tegesipun 4 S (Sae) Prosentase asiling rata-rata validasi tahap I 72%
(Sae)
Adhedhasar tabel wonten ing nginggil, saged dipunmangertosi prosentase
pambijining produk dening dosen ahli materi tumrap produk wiwitan kamus.
Pambijining produk tahap I saking bab materi pasinaon pikantuk prosentase 72% mila kategori pambijing produk adhedhasar skala likert inggih menika sae. Materi
pasinaon dipunlebetaken kategori sae amargi materi pasinaon menika dipunanggep saged nggampilaken siswa nalika sinau materi basa Jawi, ananging taksih wonten kirangipun ing saperangan indikator saengga kedah dipunewah-ewahi malih produkipun. Anggenipun ngewah-ewahi produk dipunjumbuhaken kaliyan pamrayoginipun validator materi ing proses pambijining produk tahap I satemah badhe ngasilaken produk revisi I kamus elektronik basa Jawi.
64
Tabel 11. Asiling Pambiji dening Dosen Ahli Materi Bab Materi Pasinaon Tahap II
No. Indikator Validasi Tahap II
Biji Kategori 1 Kualitas anggenipun paring panyurung dhateng
siswa 4 S (Sae)
2 Jumbuh kaliyan standar kompetensi 4 S (Sae) 3 Trep dipunginakaken kangge sinau 4 S (Sae)
4 Trep materinipun 5 SS (Sae Sanget) 5 Jumbuhipun tetembungan kaliyan tegesipun 5 SS (Sae Sanget)
Prosentase asiling rata-rata validasi tahap II 88%
(Sae Sanget)
Adhedhasar tabel wonten ing nginggil, sasampunipun dipunwontenaken ewah-ewahan dhateng produk revisi I kamus elektronik basa Jawi lajeng saged dipunmangertosi prosentase pambijining produk tahap II dening dosen ahli materi. Pambijining produk tahap II saking bab materi pasinaon pikantuk
prosentase 88% mila kategori pambijing produk adhedhasar skala likert inggih menika sae sanget. Materi pasinaon dipunlebetaken kategori sae sanget amargi
materi pasinaon menika dipunanggep saged nggampilaken siswa nyinaoni materi basa Jawi, ananging taksih wonten kirangipun ing saperangan indikator saengga kedah dipunewah-ewahi malih produkipun jumbuh kaliyan pamrayoginipun dosen
ahli materi wonten ing pambijining produk tahap II. Asilipun ewah-ewahan samangke arupi produk revisi II kamus elektronik basa Jawi.
Tabel 12. Asiling Pambiji dening Dosen Ahli Materi Bab Materi Pasinaon Tahap III
No. Indikator ValidasiTahap III
Biji Kategori 1 Kualitas anggenipun paring panyurung dhateng
siswa 4 S (Sae)
2 Jumbuh kaliyan standar kompetensi 4 S (Sae)
3 Trep dipunginakaken kangge sinau 5 SS (Sae Sanget) 4 Trep materinipun 5 SS (Sae Sanget) 5 Jumbuhipun tetembungan kaliyan tegesipun 5 SS (Sae Sanget)
Prosentase asiling rata-rata validasi tahap III 92%
Adhedhasar tabel wonten ing nginggil, sasampunipun dipunwontenaken ewah-ewahan dhateng produk revisi II kamus elektronik basa Jawi lajeng saged dipunmangertosi prosentase pambijining produk dening dosen ahli materi tahap
III. Pambijining produk tahap III saking bab materi pasinaon pikantuk prosentase
92% mila kategori pambijing produk adhedhasar skala likert inggih menika sae sanget. Materi pasinaon dipunlebetaken kategori sae sanget amargi media
pasinaon menika dipunanggep saged nggampilaken siswa sinau materi basa Jawi. Sasampunipun boten wonten ewah-ewahan malih wonten ing pambijining produk tahap III dening dosen ahli materi, mila produk revisi II kamus elektronik basa Jawi lajeng dados produk kamus elektronik basa Jawi kangge ujicoba. Ing ngandhap menika kasamektakaken grafik pambijining produk tahap I, II, saha III dening dosen ahli materi wonten ing aspek materi pasinaon.
Gambar VIII: Grafik pambijining produk tahap I, II, saha III dening dosen ahli materi aspek materi pasinaon
0 1 2 3 4 5 Kualitas anggenipun paring panjurung dhateng siswa Jumbuh kaliyan standar kompetensi Trep dipunginakaken kangge sinau Trep materinipun Jumbuhipun tetembungan kaliyan tegesipun Aspek materi pasinaon
66
Validasi saking bab materi pasinaon saking dosen ahli materi ngewrat gangsal indikator. Indikator ingkang kaserat wonten ing lembar validasi
dipuntingali saking bab materi pasinaon saged dipunandharaken kados mekaten. (1) Kualitas anggenipun paring panjurung dhateng siswa
Kualitas anggenipun paring panjurung dhateng siswa saking asil pambijinipun dosen ahli materi wonten ing tahap I dumugi tahap III pikantuk kategori sae lan biji sedayanipun 4. Kategori sae menika nedahaken bilih materi (sesanti) awujud bebasan, paribasan, utawi saloka ingkang kaserat wonten ing bageyan ngandhap tampilan kamus elektronik basa Jawi menika cekap kangge paring panjurung siswa sinau basa Jawi.
(2) Jumbuh kaliyan standar kompetensi
Saking pambijinipun dosen ahli materi, biji indikator materi pasinaon jumbuh kaliyan standar kompetensi tahap I inggih menika 2 saengga kalebet
kategori kirang. Kategori kirang menika dipunjalari amargi andharan bab standar kompetensi saha kompetensi dasar ingkang dados pancadan kangge damel kamus
elektronik basa Jawi menika dereng dipunlebetaken wonten ing aplikasi medianipun. Awit saking menika produk kamus elektronik basa Jawi menika lajeng dipunewah-ewahi kanthi dipunjangkepi SK saha KD pamulangan basa Jawi siswa SMP/MTS kelas VIII semester ganjil. Saking asiling ewah-ewahan pramila wonten ing pambijining produk tahap II saha tahap III, indikator materi pasinaon jumbuh kaliyan standar kompetensi sedayanipun pikantuk biji 4 kanthi kategori
kamus elektronik basa Jawi menika saestu sampun jumbuh kaliyan SK saha KD adhedhasar silabus Basa Jawi kangge siswa SMP kelas VIII semester ganjil.
(3) Trep dipunginakaken kangge sinau
Indikator materi pasinaon trep dipunginakaken kangge sinau pikantuk biji 4 kanthi kategori sae wonten ing pambijining produk tahap I dening dosen ahli materi. Kategori sae menika nedahaken bilih tetembungan basa Jawi ingkang dipunserat wonten ing kamus elektronik basa Jawi menika sampun jumbuh kaliyan buku pasinaon basa Jawi ingkang dipunginakaken siswa saengga materi
menika trep dipunginakaken kangge sinau siswa.
Materi pasinaon basa Jawi arupi tetembungan basa Jawi wonten ing entri
saha sub entri nipun lajeng dipunewah-ewahi sekedhik, dipundamel langkung rapi saha konsisten tata cara panyeratipun. Saking asiling ewah-ewahan menika pramila biji indikator materi pasinaon trep dipunginakaken kangge sinau ing
tahap II pikantuk biji 4 kanthi kategori sae. Kategori sae menika dipunasilaken amargi taksih wonten saperangan entri data ingkang dereng konsisten tata panyeratanipun saengga kedah dipunewah-ewahi malih.
Sasampunipun dipunewah-ewahi, wujud entri saha sub entri saged langkung nggampilaken siswa sinau tetembungan basa Jawi saha tegesipun. Asilipun inggih menika pambijining produk saking dosen ahli materi wonten ing
tahap III saged mindhak dados 5 kanthi kategori sae sanget. Kategori sae sanget menika nedahaken menawi materi tetembungan ingkang kaserat wonten ing
68
media kamus elektronik basa Jawi menika saestu sampun trep dipunginakaken siswa kangge sinau materi pasinaon basa Jawi.
(4) Trep materinipun
Wonten ing bab materi pasinaon kanthi indikator trep materinipun, dosen
ahli materi paring biji 4 kanthi kategori sae wonten ing pambijining produk tahap
I. Kategori sae menika nedahaken bilih materi ingkang kaserat wonten ing kamus
elektronik basa Jawi menika sampun jumbuh kaliyan materi pasinaon basa Jawi wonten ing buku-buku pasinaon basa Jawi gadhahipun siswa. Supados langkung nggampilaken siswa mangertosi tegesing tetembungan ingkang kaserat wonten ing salebeting kamus, pramila wujud produk kamus menika dipunewah-ewahi sekedhik mawi tambahan tuladha saben tetembunganipun. Saben entri data
dipuntambahi tuladha satunggaling ukara ingkang dipunpendhet saking buku pasinaon basa Jawi.
Saking asiling ewah-ewahan produk kamus elektronik basa Jawi menika, pramila dosen ahli materi paring biji 5 kanthi kategori sae sanget wonten ing pambijining produk tahap II saha III. Kategori sae sanget menika nedahaken bilih
materi ingkang kaserat wonten ing kamus sampun trep kaliyan materi pasinaon basa Jawi ingkang kaserat wonten ing buku ajar basa Jawi minangka sumber rujukan. Tegesipun saben entri data ugi sampun trep amargi sampun dipunjumbuhaken kaliyan Baousastra Djawa.
(5) Jumbuhipun tetembungan kaliyan tegesipun
Indikator jumbuhing tetembungan kaliyan tegesipun pikantuk biji 4 kanthi
kategori sae wonten ing pambijining produk dening dosen ahli materi tahap I.
Kategori sae menika nedahaken bilih tetembungan ingkang kaserat minangka
entri data kamus sampun jumbuh kaliyan sub entri datanipun ingkang minangka tegesing tetembungan, ananging taksih wonten saperangan sub entri ingkang tata panyeratanipun taksih dereng konsisten, mila kedah dipunewah-ewahi malih.
Saking asiling ewah-ewahan, indikator jumbuhing tetembungan kaliyan tegesipun pikantuk biji 5 sedaya kanthi indikator sae sanget wonten ing pambijining produk dening dosen ahli materi tahap II saha III. Kategori sae sanget menika nedahaken bilih sedaya tetembungan minangka entri data sampun jumbuh kaliyan tegesipun ingkang minangka sub entri data.
b) Pambijining Produk dening Dosen Ahli Materi Bab Basanipun
Validasi dening dosen ahli materi saking bab basanipun kaperang dados tigang tahap pambijining produk, inggih menika pambijining produk tahap I,
tahap II, saha tahap III. Asil pambijining produk saking bab basanipun saged dipunandharaken kados ing ngandhap menika.
Tabel 13. Asiling Pambiji dening Dosen Ahli Materi Bab Basanipun Tahap I
No. Indikator ValidasiTahap I
Biji Kategori
1 Dipunrantam urut abjad 4 S (Sae)
2 Trep tata basanipun 4 S (Sae)
3 Trep anggenipun ngginakaken ejaan 4 S (Sae)
4 Basanipun baku 4 S (Sae)
Prosentase asiling rata-rata validasi tahap I 80% (Sae)
70
Adhedhasar tabel wonten ing nginggil, saged dipunmangertosi prosentase
pambijining produk wiwitan kamus elektronik basa Jawi dening dosen ahli materi
wonten ing pambijing produk tahap I saking bab basanipun. Asiling prosentase
inggih menika 80% mila kategori pambijing produk adhedhasar skala likert
kalebet sae. Panyerating basa ingkang dipunginakaken wonten ing kamus menika dipunlebetaken kategori sae amargi basanipun tetembungan ingkang dipunlebetaken wonten kamus menika dipunanggep trep kangge tataranipun siswa SMP. Trepipun basa ingkang dipunginakaken wonten ing kamus menika dipunangkah saged nggampilaken siswa anggenipun sinau materi basa Jawi, ananging taksih wonten kirangipun ing saperangan indikator saengga kedah dipunewah-ewahi malih produkipun. Anggenipun ngewah-ewahi produk
dipunjumbuhaken kaliyan pamrayoginipun validator materi ing proses
pambijining produk tahap I satemah badhe ngasilaken produk revisi I kamus
elektronik basa Jawi.
Tabel 14. Asiling Pambiji dening Dosen Ahli Materi Bab Basanipun Tahap II
No. Indikator Validasi Tahap II
Biji Kategori
1 Dipunrantam urut abjad 5 SS (Sae Sanget)
2 Trep tata basanipun 4 S (Sae)
3 Trep anggenipun ngginakaken ejaan 5 SS (Sae Sanget)
4 Basanipun baku 5 SS (Sae Sanget)
Prosentase asiling rata-rata validasi tahap II 95% (Sae Sanget)
Adhedhasar tabel wonten ing nginggil, saged dipunmangertosi prosentase
pambijining produkrevisi I kamus elektronik basa Jawi dening dosen ahli materi
prosentase inggih menika 95% mila kategori pambijing produk adhedhasar skala likert kalebet sae sanget. Panyerating basa ingkang dipunginakaken wonten ing kamus menika dipunlebetaken kategori sae sanget amargi basanipun tetembungan ingkang dipunlebetaken wonten kamus menika dipunanggep trep kangge tataranipun siswa SMP. Trepipun basa ingkang dipunginakaken wonten ing kamus menika dipunangkah saged nggampilaken siswa anggenipun sinau materi basa Jawi, ananging taksih wonten kirangipun sekedhik ing saperangan indikator
saengga kedah dipunewah-ewahi malih produkipun. Anggenipun ngewah-ewahi
produk dipunjumbuhaken kaliyan pamrayoginipun validator materi ing proses
pambijining produk tahap II satemah badhe ngasilaken produk revisi II kamus
elektronik basa Jawi.
Tabel 15. Asiling Pambiji dening Dosen Ahli Materi Bab Basanipun Tahap III
No. Indikator Validasi Tahap III
Biji Kategori
1 Dipunrantam urut abjad 5 SS (Sae Sanget)
2 Trep tata basanipun 5 SS (Sae Sanget)
3 Trep anggenipun ngginakaken ejaan 5 SS (Sae Sanget)
4 Basanipun baku 5 SS (Sae Sanget)
Prosentase asiling rata-rata validasi tahap III 100% (Sae Sanget)
Adhedhasar tabel wonten ing nginggil, saged dipunmangertosi prosentase
pambijining produkrevisi II kamus elektronik basa Jawi dening dosen ahli materi
wonten ing bab basanipun. Asilipun prosentase inggih menika 100% mila
kategori pambijing produk adhedhasar skala likert kalebet sae sanget. Panyerating basa ingkang dipunginakaken wonten ing kamus menika dipunlebetaken kategori
72
menika dipunanggep trep kangge tataranipun siswa SMP. Trepipun basa ingkang dipunginakaken wonten ing kamus menika dipunangkah saged nggampilaken siswa anggenipun sinau materi basa Jawi. Sasampunipun boten wonten ewah-ewahan malih wonten ing pambijining produk tahap III dening dosen ahli materi
saking aspek basanipun, mila produk revisi II kamus elektronik basa Jawi lajeng dados produk kamus elektronik basa Jawi kangge ujicoba. Ing ngandhap menika kasamektakaken grafik pambijining produk tahap I, II, saha III dening dosen ahli materi wonten ing aspek basanipun.
Gambar IX: Grafik pambijining produk tahap I, II, saha III dening dosen ahli materi aspek basanipun
Validasi wonten ing aspek basanipun saking dosen ahli materi ngewrat sekawan indikator. Indikator ingkang kaserat wonten ing lembar validasi
dipuntingali saking bab materi pasinaon saged dipunandharaken kados mekaten.
0 1 2 3 4 5 Dipunrantam urut abjad Trep tata basanipun Trep anggenipun ngginakaken ejaan Basanipun baku Aspek basanipun
(1) Dipunrantam urut abjad
Indikator materi pasinaon dipunrantam urut abjad saking asil pambijinipun dosen ahli materi wonten ing tahap I pikantuk kategori sae kanthi biji 4. Kategori sae menika nedahaken bilih anggenipun mujudaken kamus
elektronik basa Jawi menika sampun jumbuh kaliyan tata pandhapuking kamus ingkang limrah, bilih kamus kedah dipundamel urut abjad. Supados saged ketingal langkung rapi, tata panyerating tetembungan wonten ing kamus
elektronik basa Jawi menika lajeng dipunewah-ewahi sekedhik.
Saking asiling ewah-ewahan produk kamus elektronik basa Jawi menika pramila dosen ahli materi paring biji 5 kanthi kategori sae sanget wonten ing pambijining produk tahap II saha III. Kategori sae sanget menika nedahaken bilih sedaya entri data kamus sampun dipunrantam urut abjad kanthi rapi.
(2) Trep tata basanipun
Pambijining produk tahap I saha II dening dosen ahli materi wonten ing
indikator trep tata basanipun pikantuk biji 4 kanthi kategori sae. Kategori sae menika nedahaken bilih pamilihing basa ingkang dipunginakaken wonten ing pandhapuking kamus sampun trep kaliyan yuswanipun siswa SMP. Supados sedaya tetembungan ingkang dipundadosaken entri data menika langkung gampil dipunmangertosi dening siswa, mila pamilihipun basa dipunrapekaken malih.
Saking asiling ewah-ewahan produk kamus elektronik basa Jawi menika lajeng wonten ing pambijining produk bab basanipun tahap III dosen ahli materi
74
bilih sedaya pamilihing basa wonten ing kamus elektronik menika sampun trep kangge tataranipun siswa SMP.
(3) Trep anggenipun ngginakaken ejaan
Indikator trep anggenipun ngginakaken ejaan pikantuk biji 4 kanthi
kategori sae wonten ing pambijining produk dening dosen ahli materi tahap I.
Kategori sae menika nedahaken bilih ejaan ingkang dipunginakaken kangge damel kamus menika sampun trep kaliyan Ejaan Yang Disempurnakan (EYD) Basa Jawi. Amargi taksih wonten saperangan tetembungan ingkang taksih lepat panyeratan ejaanipun, mila produk kamus elektronik basa Jawi menika dipunewah-ewahi sekedhik.
Sasampunipun produk kamus menika dipunewah-ewahi, dosen ahli materi
paring biji 5 sedaya kanthi kategori sae sanget wonten ing indikator trep anggenipun ngginakaken ejaan tahap II saha tahap III. Kategori sae sanget menika nedahaken menawi sedaya tetembungan wonten ing salebeting kamus sampun trep ejaanipun kaliyan EYD Basa Jawi.
(4) Basanipun baku
Komponen materi pasinaon wonten ing indikator basanipun bakupikantuk biji 4 kanthi kategori sae wonten ing pambijining produk dening dosen ahli materi tahap I. Kategori sae menika nedahaken bilih panyerating basa wonten ing kamus
elektronik basa Jawi menika sampun baku minangka basa ingkang kedah dipunginakaken ing satunggaling seratan. Amargi taksih wonten saperangan
tembung ingkang dereng baku tata panyeratanipun, mila produk kamus elektronik
basa Jawi menika dipunewah-ewahi sekedhik.
Sasampunipun produk kamus menika dipunewah-ewahi, dosen ahli materi
paring biji 5 sedaya kanthi kategori sae sanget wonten ing indikator basanipun baku tahap II saha tahap III. Kategori sae sanget menika nedahaken menawi sedaya tetembungan wonten ing salebeting kamus sampun baku kados ingkang kaserat wonten ing EYD Basa Jawi.
c) Pambijining Produk dening Dosen Ahli Materi Bab Leresipun Isi
Validasi dening dosen ahli materi saking bab leresipun isi kaperang dados tigang tahap pambijining produk, inggih menika pambijining produk tahap I,
tahap II, saha tahap III. Asil pambijining produk saking bab leresipun isi dipunandharaken kados ing ngandhap menika.
Tabel 16. Asiling Pambiji dening Dosen Ahli Materi Bab Leresipun Isi Tahap I
No. Indikator ValidasiTahap I
Biji Kategori 1 Trep materi wonten ing media kaliyan
materi sekolah 3 C (Cekap)
2 Trep pamilihipun gambar 3 C (Cekap)
3 Cetha materinipun 4 S (Sae)
4 Anggenipun ngginakaken basa gampil
dipunmangertosi 4 S (Sae)
Prosentase asiling rata-rata validasi tahap I 70% (Sae)
Adhedhasar tabel wonten ing nginggil, saged dipunmangertosi prosentase
pambijining produk wiwitan kamus elektronik basa Jawi dening dosen ahli materi
76
prosentase inggih menika 70% mila kategori pambijing produk adhedhasar skala likert kalebet kategori sae. Leresipun isi ingkang dipunginakaken wonten ing kamus menika dipunlebetaken kategori sae amargi tetembungan minangka wosing kamus dipunrantam jumbuh kaliyan buku materi pasinaon siswa SMP kelas VIII semester ganjil. Sanajan ta mekaten taksih wonten kirangipun ing saperangan
indikator saengga kedah dipunewah-ewahi malih produkipun. Anggenipun ngewah-ewahi produk dipunjumbuhaken kaliyan pamrayoginipun validator materi ing proses pambijining produk tahap I satemah badhe ngasilaken produk revisi I kamus elektronik basa Jawi.
Tabel 17. Asiling Pambiji dening Dosen Ahli Materi Bab Leresipun Isi Tahap II
No. Indikator ValidasiTahap II
Biji Kategori 1 Trep materi wonten ing media kaliyan
materi sekolah 5 SS (Sae Sanget)
2 Trep pamilihipun gambar 4 S (Sae)
3 Cetha materinipun 5 SS (Sae Sanget)
4 Anggenipun ngginakaken basa gampil
dipunmangertosi 5 SS (Sae Sanget)
Prosentase asiling rata-rata validasi tahap II 95% (Sae Sanget)
Adhedhasar tabel wonten ing nginggil, saged dipunmangertosi prosentase
pambijining produk revisi I dening dosen ahli materi wonten ing pambijining
produk tahap II saking bab leresipun isi.Asilipun prosentase inggih menika 95% mila kategori pambijing produk adhedhasar skala likert kalebet sae sanget. Leresipun isi ingkang dipunginakaken wonten ing kamus menika dipunlebetaken
sampun jumbuh kaliyan buku materi pasinaon siswa SMP kelas VIII semester ganjil. Sanajan ta mekaten taksih wonten kirangipun ing saperangan indikator
saengga kedah dipunewah-ewahi malih produkipun. Anggenipun ngewah-ewahi
produk dipunjumbuhaken kaliyan pamrayoginipun validator materi ing proses
pambijining produk tahap II satemah badhe ngasilaken produk revisi II kamus
elektronik basa Jawi.
Tabel 18. Asiling Pambiji dening Dosen Ahli Materi Bab Leresipun Isi Tahap III
No. Indikator ValidasiTahap III
Biji Kategori 1 Trep materi wonten ing media kaliyan
materi sekolah 5 SS (Sae Sanget)
2 Trep pamilihipun gambar 4 S (Sae)
3 Cetha materinipun 5 SS (Sae Sanget)
4 Anggenipun ngginakaken basa gampil
dipunmangertosi 5 SS (Sae Sanget)
Prosentase asiling rata-rata validasi tahap III 95% (Sae Sanget)
Adhedhasar tabel wonten ing nginggil, saged dipunmangertosi prosentase
pambijining produkrevisi II kamus elektronik basa Jawi dening dosen ahli materi
wonten ing pambijining produk tahap III saking bab leresipun isi. Asilipun
prosentase inggih menika 95% mila kategori pambijing produk adhedhasar skala likert inggih menika sae sanget. Leresipun isi ingkang dipunginakaken wonten ing kamus menika dipunlebetaken kategori sae sanget amargi tetembungan minangka wosing kamus dipunrantam sampun jumbuh kaliyan buku materi pasinaon siswa SMP kelas VIII semester ganjil. Sasampunipun boten wonten ewah-ewahan malih