• Tidak ada hasil yang ditemukan

BAB V PANUTUP

C. Pamrayogi

Adhedhasar dudutan saha implikasi ing panaliten menika, panaliti saged suka pamrayogi ing ngandhap menika.

1. Panaliten bab tembung wacaka menika namung neliti data ingkang dipunpanggihaken wonten ing cerkak ingkang kapacak wonten ing rubrik Mekar Sari ariwarti Kedaulatan Rakyat ingkang terbit saben dinten ngahad ing taun 2013, pramila saged dipunteliti wonten ing sumber data sanesipun supados tetembungan ingkang dipunpanggihaken tansaya kathah lan saged nambah referensi.

2. Panaliten wonten ing cerkak ingkang kapacak ing ariwarti Kedaulatan Rakyat menika namung winates bab tembung wacaka, tumraping para panaliti salajengipun kaangkah saged nindakaken panaliten bab tembung andhahan sanesipun.

90

KAPUSTAKAN

Antunsuhono. 1956. Paramasastra Djawa. Yogyakarta: Hien Hoo Sing Chaer, Abdul. 1994. Linguistik Umum. Jakarta: Rineka Cipta

Hestiani, Dwi Restu. 2012. “Verba Berafiks Bahasa Jawa dalam Rubrik Cerita Rakyat “Pasir Luhur Cinatur” pada Majalah Panjebar Semangat”. Skripsi. Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Yogyakarta.

Mulyana. 2011. Morfologi Bahasa Jawa. Yogyakarta: Kanwa Publisher.

Nurlina, dkk. 2004. Pembentukan Kata dan Pemilihan Kata dalam Bahasa Jawa. Jakarta: Pusat Bahasa Departemen Pendidikan Nasional.

Ramlan. 1987. Morfologi: Suatu Tinjauan Deskriptif. Yogyakarta: C.V Karyono. Nurgiyantoro, Burhan. 2002. Teori Pengkajian Fiksi. Yogyakarta: Gajah Mada

University Press.

Nurhayati, Endang. 2001. Morfologi Bahasa Jawa. Yogyakarta: Fakultas Bahasa dan Seni UNY.

Poerwadarminta, W. J.S. 1939. Baoesastra Djawa. Ngayogyakarta: J.B. Wolters’ Uitgevers Maatschappij.

Samsuri. 1980. Analisis Bahasa; Memahami Bahasa secara Ilmiah. Jakarta: Penerbit Erlangga.

Sayuti. Suminto A. 2000. Berkenalan dengan Prosa Fiksi. Yogyakarta: Gama Media.

Stanton. Robert. 2007. Teori fiksi. Yogyakarta: Pustaka Pelajar.

Sudaryanto. 1988. Metode Linguistik. Yogyakarta: Gadjah Mada University Press. ---(ed). 1992. Tata Bahasa Baku Bahasa Jawa. Yogyakarta: Duta Wacana

University Press.

Sugiyono. 2010. Metode Penelitian Pendidikan: Pendekatan Kuantitatif, Kualitatif dan R&D. Bandung: Penerbit alfabeta.

Sumardjo. Jacob. 1997. Catatan Kecil tentang Menulis Cerpen. Yogyakarta: Pustaka Pelajar

Tarigan, Henry Guntur. 1985. Pengajaran Morfologi. Bandung: Penerbit Angkasa Ulfah, Afiya. 2013. “Afiks Gabung dalam Novel Gerombolan Gagak Matram Karya Any Asmara”. Skripsi. Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Yogyakarta

Wibawa, Sutrisna, dkk. 2004. Buku Pegangan Kuliah Mata Pelajaran Bahasa Jawa. Yogyakarta: Fakultas Ilmu Pendidikan UNY.

ingkang Kapacak ing Rubrik Mekar Sari Ariwarti Kedaulatan Rakyat

No. Data

Jinising Tembung

Wacaka

Jinising Tembung Lingga

Katrangan Ba w a W a c aka Daya Wac a ka Kriya W a c aka Karana Wac aka Aran Kriy a Kaanan Panggand heng

Panyilah Sesulih Wilangan

Ance r-a ncer Katrang a n Panguwuh Prakategor ial a b c d 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 1.

“ Entuk apa nulis sastra Jawa?” ngono pitakonku nalika taun 1991, ana sawijining patemon ing Sanggar Sastra Jawa Yogyakarta. (KR/060113/k21/P/kol1/bar24)

Patemon daya wacaka (tembung aran) “mangsane wong padha ketemu” /b2

{pa-/-an}

temu prakategorial

2.

Cerkak lan Geguritan kang daktulis ana blog, ana penerbit saka Suriname kang duwe

kawigaten sastra Jawa.

(KR/060113/k21/P/kol1/bar37)

Kawigaten bawa wacaka (tembung aran) /a2 “rasa wigati”

{ka-/-an}

wigati tembung kaanan “perlu banget”

3.

“Kabeh pancen wis ginaris. Aku mung lulusan STM entuk

kanugrahan Gusti Allah…”

(KR/060113/k21/P/kol3/bar27)

Kanugrahan bawa wacaka (tembung aran) /a2 “ganjaran, peparing”

{ka-/-an}

No. Data a b c d 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 Katrangan

4.

Pikire, sawise pedhot sesambungane karo dheweke, uripe Pramono bakal kaya layangan tatas. Nanging

kanyatan, tekan saiki kurang luwih

rolas taun Pramono tetep teteg atine. (KR/130113/k18/MS/kol1/bar7)

Kanyatan bawa wacaka (tembung aran) /a2 “prakara kang nyata”

{ka-/-an}

nyata tembung kaanan “temen, ora gorohan”

5.

Dheweke crita saka pisanan anggone sesambungan katresnan tekan pisahe karo Pramono.

(KR/130113/k18/MS/kol2/bar2)

Katresnan bawa wacaka (tembung aran) /a2 “rasa seneng/tresna”

{ka-/-an}

tresna tembung kaanan “asih, mulunging ati marang liyan”

6.

“Ringkese, urip iku ora oleh nyunggi

kamurkan nanging kudu eling lan

waspada!”

(KR/130113/k18/MS/kol3/bar39)

Kamurkan bawa wacaka (tembung aran) /a2 “ora trima”

{ka-/-an}

murka tembung kaanan “ora trima”

7.

Kacarita, pas dina pangrukti, babagan dana beya disaguhi dening Srikandhi. (KR/200113/k21/SI/kol2/bar18)

Pangrukti kriya wacaka “patrap anggone ngrukti” /c1

{pa-}

ngrukti tembung kriya tanduk “ngrumat, ngopeni”

8.

Kabeh kabutuhan dheweke sing nanggung.

(KR/200113/k21/SI/kol2/bar19)

Kabutuhan bawa wacaka (tembung aran) /a2 “perkara kang dibutuhke”

{ka-/-an}

No. Data a b c d 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 Katrangan

9.

Ndilalah Permadi antuk kacilakan, motore tabrakan, nalika arep mangkat mulang.

(KR/200113/k21/SI/kol3/bar48)

Kacilakan bawa wacaka (tembung aran) /a2 “perkara kang cilaka”

{ka-/-an}

cilaka tembung kaanan “nandhang sangsara (kojur), ora begja”

10.

Miwiti minggu iki, Lukito kudu njaga

kasarasan.

(KR/270113/k21/NPLJ/kol3/bar17)

Kasarasan bawa wacaka (tembung aran) /a2 “rasa saras”

{ka-/-an}

saras tembung kaanan “ora lelaranen”

11.

Bu Sarju lagi masak ana pawon. (KR/030213/k21/KOOK/kol1/bar7)

Pawon daya wacaka “panggonan/papan awu” /b1

{pa-/-an}

awu tembung aran “lebu tilas obong-obongan kayu”

12.

Dheg! Ibune Kinanthi tumuli kelingan

kadadeyan wolulikur taun kepungkur.

(KR/170213/k21/DG/kol2/bar15)

Kadadeyan bawa wacaka (tembung aran) /a2 “perkara kang wus kalampahan”

{ka-/-an}

dadi tembung kaanan “ana, maujud saka ing ora ana

13.

Sawise Rusdi lair, pancen Ratri nalika semana sengaja nglungani lan nglalekake kutha kang kebak crita

panerak pangumbaring hawa nepsu ing

natarane Rama, bapake Rusdi lan dheweke.

(KR/170213/k21/DG/kol3/bar3)

Panerak kriya wacaka “patrap olehe nerak” /c1

{pa-}

No. Data a b c d 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 Katrangan

14.

“Ha?!!! Nglamar?! Kowe ora gojeg, Ndhuk? Aku ora salah pangrungon?” saking kagete lan semu ora percaya meh wae Sarman nglebokake geni rokok arep disedhot.

(KR/030313/k21/A/kol1/bar12)

Pangrungon karana wacaka “piranti/srana ngrungu” /d2

{pa-/-an} ngrungu prakategorial

15.

Sarman unjal napas, nyuda mbendheyote pangrasa. (KR/030313/k21/A/kol1/bar19)

Pangrasa kriya wacaka “carane ngrasa” /c1

{pa-}

ngrasa tembung kriya tanduk “ngenyami (nanggapi) rasa, kadunungan rasa”

16.

Mangkonoa arep ngeculake tembung

pamenggak, atine uga ora tekan.

(KR/030313/k21/A/kol1/bar46)

Pamenggak kriya wacaka “piranti/srana menggak” /c3

{pa-}

menggak tembung kriya tanduk “nyandhet, ngelikake”

17.

“Pokoke sesuk nikahan lan resepsine aja ana ngomah. Nikahan ana masjid agung kabupaten, resepsine nang aulane. Piye Pak? Luwih irit tinimbang nang gedhung pertemuan.”

(KR/030313/k21/A/kol2/bar21)

Kabupaten bawa wacaka “wewengkonipun bupati” /a1

{ka-/-an}

bupati tembung aran “pangkat sangisoring gubernur (Indonesia)”

18.

“Kabagyan sakedheping netra kudu daktebus patang taun dhuwit telung puluh yuta”

(KR/030313/k21/A/kol3/bar49)

Kabagyan bawa wacaka (tembung aran) /a2 “rasa begja”

{ka-/-an}

No. Data a b c d 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 Katrangan

19.

Pawongan mau banjur tumuju papan parkir, mlebu mobil banjur tleser-tleser ninggalake pasar ngarep kecamatan. (KR/100313/k18/WA/kol1/bar61)

Kecamatan

Kacamatan bawa wacaka “Wewengkonipun camat” /a1

{ka-/-an}

camat tembung aran “pangkat sangisoring bupati (Indonesia)”

20.

Nanging kang luwih wigati, saben tindak Karangsari saperlu hamriksani tayub ing Kademangan banjur hambeksa ngibing ledhek prawan-prawan Karangsari.

(KR/170312/k18/LS/kol1/bar34)

Kademangan bawa wacaka “wewengkonipun demang” /a1

{ka-/-an}

demang tembung aran “lelurahing bekel,sesebutane sawenehing abdi-dalem”

21.

Kuliah pancen kena kanggo panglipur. (KR/240313/k21/PM/kol3/bar17)

Panglipur kriya wacaka “srana nglipur” /c4

{pa-}

nglipur tembung kriya tanduk “ngrerapu supaya lipur atine”

22.

Sajak mbuwang esem kang ngujiwat, nyawatake sakabehe kaluwihan lan sarwa paripurna.

(KR/310313/k21/R/kol1/bar9)

Kaluwihan bawa wacaka (tembung aran) /a2 “duwe perkara luwih”

{ka-/-an}

luwih tembung kaanan “turah (punjul) saka ing mesthine”

23.

Rumangsa seneng bakal pindhah panggonan lan bakal dadi gebyar kanggo penganggo wong-wong minangka nuhoni dunung.

(KR/310313/k21/R/kol1/bar43)

Penganggo

Panganggo kriya wacaka “sarana nganggo” /c4

{pa-}

No. Data a b c d 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 Katrangan

24.

“weleh, apa maneh iki! Wong-wong saiki, pancen seneng lan bombong karo gaweyan luar negeri ta? Iku

kasunyatan, ora bisa diselaki.

(KR/310313/k21/R/kol3/bar5)

Kasunyatan bawa wacaka (tembung aran) /a2 “pancen nyata”

{ka-/-an}

sunyata tembung kaanan “nyata, sanyata”

25.

“Apa maneh aku, ora salah apa-apa, terus dibuwang neng pawuhan karo wanita lemu tur elek pisan.”

(KR/310313/k21/R/kol3/bar8)

Pawuhan daya wacaka “panggonan uwuh” /b1

{pa-/-an}

uwuh tembung aran “rereged awujud godhong lsp”

26.

Aku ditemu tukang gresek, terus mapan ana ing papan iki, eh kanyata malah luwih tentrem, hehe…” kandhane klambi merek misuwur iku, kanthi esem kebak kamenangan. (KR/310313/k21/R/kol3/bar12)

Kamenangan bawa wacaka (tembung aran) /a2 “rasa menang”

{ka-/-an}

menang tembung kaanan “luwih unggul tinimbang”

27.

Sanadyan mung dakabatin, saben miwiti pakaryan, aku tansah ndonga nyuwun berkahing Pangeran.

(KR/070413/k21/MP/kol3/bar21)

Pakaryan daya wacaka “perkara kang dikaryake” /b3

{pa-/-an}

karya prakategorial

28.

Pasugatan seni jathilan babak sepisan

sajroning adicara merti desa ing kalurahan Wukirpralaya wus paripurna.

(KR/140413/k21/DWP/kol1/bar12)

Pasugatan daya wacaka “barang kang disuguh” /b3

{pa-/-an}

sugata prakategorial “suguh”

No. Data a b c d 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 Katrangan

29.

Pasugatan seni jathilan babak sepisan sajroning adicara merti desa ing

kalurahan Wukirpralaya wus

paripurna.

(KR/140413/k21/DWP/kol1/bar12)

Kalurahan bawa wacaka “wewengkoning lurah” /a1

{ka-/-an}

lurah tembung aran “kepala desa (kampung)”

30.

Mula wektu iki, laku nistamu kuwi bakal nibakake paukuman kang abot marang kowe dhewe.

(KR/140413/k21/DWP/kol3/bar35)

Paukuman daya wacaka “wong kang diukum” /b3

{pa-/-an}

ukum tembung aran “wewaton, angger-angger”

31.

Dina pahargyan tansaya cedhak. (KR/210413/k21/TNU/kol1/bar48)

Pahargyan daya wacaka “mangsane wong diurmati” /b2

{pa-/-an}

argya prakategorial

32.

Tumrap wong padesan garengpung kena kanggo tandha lamun mangsa rendheng wis arep ganti mangsa ketiga.

(KR/280413/k21/BL/kol1/bar6)

Padesan daya wacaka “panggonan desa” /b2

{pa-/-an}

desa tembung aran “dhusun, gegrombolaning pomahan ing sajabaning negara (luwih gedhe tinimbang dhukuh)”

33.

Adji sing sakawit tetembangan jroning batin nglarasake tembang My Love kaget, amarga ing pandulu satleraman sumurup ana wanita mlaku.

(KR/280413/k21/BL/kol1/bar18)

Pandulu kriya wacaka “piranti ndulu” /c4

{pa-}

No. Data a b c d 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 Katrangan

34.

Awit kejaba tilik wong tuwane, uga nakyinake pekabaran bab pokale Ali kang murang tata.

(KR/120513/k21/NPU/kol2/bar21)

Pekabaran

Pakabaran daya wacaka “barang kang dikabarke” /b3

{pa-/-an}

kabar prakategorial “werta, warta”

35.

Dadi tukang minangka panggaotan kanggo ngglindhingake urip mono dadia tukang sing jujur.

(KR/190513/k21/T/kol1/bar6)

Panggaotan karana wacaka “sarana nggaota” /d2

{pa-/-an}

nggaota tembung kriya tanduk “nyambut-gawe”

36.

“Piyambake niku sanes tukang ok Pak, namung kernet tukang,” salah sijine tukang aweh pangerten.

(KR/190513/k21/T/kol3/bar45)

Pangerten karana wacaka “sarana ngerti” /d2

{pa-/-an}

ngerti tembung kriya tanduk “nyakup (nyumurupi) surasane”

37.

Wektu terus lumaku, rodha

panguripan sanadyan mung mbaka

sapecak nanging terus wae tumapak. (KR/260513/k21/MaPa/kol3/bar4)

Panguripan karana wacaka “sarana nguripi” /d2

{pa-/-an} {paN-/-an}

urip tembung kaanan “kaanan bisa mobah-mosik”

No. Data a b c d 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 Katrangan

38.

Nanging, ora tinemu nalar, saben

panen kudu pasok bulu bekti neng

Kanjeng Adipati.

(KR/090613/k21/GM/kol2/bar4)

Panen daya wacaka “mangsane ani-ani” /b2

{pa-/-an}

ani prakategorial

39.

“Wiwit panen mangsa iki, aku ora bakal maneh pasok bulu bekti neng

Kadipaten.”

(KR/090613/k21/GM/kol2/bar8)

Kadipaten bawa wacaka “wewengkoning adipati” /a1

{ka-/-an}

adipati tembung aran “sêsêbutane bupati mancanagara sarta pêpatih dalêm ing Surakarta lan Ngayogyakarta”

40.

Ganti dina, wancine wisan gawe. Kanjeng Sultan nedheng lenggah ing pradata ageng. Padrata Ageng

Kasultanan.

(KR/090613/k21/GM/kol3/bar34)

Kasultanan bawa wacaka “wewengkoning sultan” /a1

{ka-/-an}

sultan tembung aran “ratu”

41.

Atine bojone Wignya mak plong, kekarepane kang wus puluhan taun kepungkur bakal kasembadan.

(KR/160613/k21/MeP/kol2/bar23)

Kasembadan bawa wacaka (tembung aran) /a2 “kelakon kang diarep-arep”

{ka-/-an}

sembada tembung kaanan “dituruti, dilêksanani”

42.

Bojone Wignya mak brabat enggal-enggal marani pak pemborong. (KR/160613/k21/MeP/kol3/bar11)

Pemborong

Pamborong kriya wacaka “wong kang gaweyane mborong” /c2 {pa-}

No. Data a b c d 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 Katrangan

43.

Sing maune makantar-kantar, darbe

panjangka bijine anake paling ora

patlikur.

(KR/230613/k21/IN/kol1/bar48)

Panjangka kriya wacaka “patrap olehe njangka” /c1

{pa-}

njangka tembung kriya tanduk “mengarah, duwe pangangkah”

44.

Wis pirang-pirang kutha diliwati nganti telung ndina iku, ninggalake Jakarta, ninggalake perusahaane minangka

pangarsa.

(KR/300613/k12/NSA/kol1/bar7)

Pangarsa kriya wacaka “wong kang ngarsa” /c2

{pa-}

ngarsa tembung kriya tanduk “ngarep(duwe karep)”

45.

Sawise Dimas aweh pelapuran marang bapakne.

(KR/070713/k21/GUKD/kol3/bar27)

Pelapuran

Palapuran daya wacaka “perkara kang dilapurake” /b3

{pa-/-an}

lapur tembung kriya “dikandhakake (dipratelakake)”

46.

“kabeh kuwi rak kanggo kabecikan desa ta Pak? “

(KR/210713/k21/KS/kol1/bar18)

Kabecikan bawa wacaka (tembung aran) /a2 “perkara becik”

{ka-/-an}

becik tembung kaanan “utama, ora ana owahe, slamet”

47.

Pak Wal ndhadha kaluputan, banjur nyuwun ngapura marang garwane merga wis ngabur-abur dhuwit pribadi uga kas desa, kanggi ngabotohan adu jago nuruti senenge ati.

(KR/210713/k21/KS/kol3/bar25)

Kaluputan bawa wacaka (tembung aran) /a2 “perkara luput”

{ka-/-an}

No. Data a b c d 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 Katrangan

48.

Merga Pak Lurah Wal ora bisa nggunakake jejaring sosial, mula Bu Lurah ngusulke kon masang kothak saran tanpa ngaturake tendensi pribadhine, Mbasan wis kelakon lan

kawujudan Bu Lurah Lega.

(KR/210713/k21/KS/kol3/bar52)

Kawujudan bawa wacaka (tembung aran) /a2 “bisa ana wujude”

{ka-/-an}

wujud tembung kaanan “blegering kaanan”

49.

Jalaran ana pasrawungan, Basukarno grapyak, sumanak, luwes, marang sapa wae cedhak ora mbedak-mbedakake.

(KR/280713/k21/SL/kol1/bar40)

Pasrawungan daya wacaka “panggonan/papan srawung” /b1

{pa-/-an}

srawung tembung kriya “barung, tepung”

50.

“ngene lho Dhik, kanca-kanca persatuan Wredhatama arep ngadani Sawalan ngiras mahargya pengetan dina Proklamasi RI.

(KR/250813/k13/W/kol2/bar16)

Pengetan daya wacaka “mangsane wong padha enget” /b2 paengetan

{pa-/-an}

enget tembung kaanan “eling, ora lali”

51.

Saliyane kuwi iki ana edaran bantuan dana samurwate kanggo kaperluan kasebut.

(KR/250813/k13/W/kol2/bar18)

Kaperluan bawa wacaka (tembung aran) /a2 “acara kang perlu”

{ka-/-an}

perlu tembung kaanan “kudu ditindakake, wigati”

52.

“sampun wongsal-wangsul nglamar

pedamelan, nanging gagal teras, Pak?”

(KR/010913/k21/BL/kol1/bar42)

Pedamelan

Padamelan daya wacaka “perkara kang didamel” /b3

{pa-/-an}

No. Data a b c d 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 Katrangan

53.

Lajeng kangge gesang padintenan, kula namnung ngenger dhateng juragan.

(KR/010913/k21/BL/kol1/bar53)

Padintenan daya wacaka “mangsa pendhak dinane” /b2

{pa-/-an}

dinten prakategorial “wektu wiwit pletheking srengenge tekan surupe”

54.

“Kasinggihan, Pak. Sowan kula sabrayat kejawi silaturahmi, tuwi

karaharjan lan ngaturaken sugeng

riyadi.

(KR/010913/k21/BL/kol3/bar39)

Karaharjan bawa wacaka (tembung aran) /a2 “perkara kang raharja”

{ka-/-an}

raharja tembung kaanan “rahayu, slamet”

55.

Nadyan rumangsa gumun, atine ing wektu iku ora kaya padatan. (KR/080913/k12/J/kol1/bar14)

Padatan daya wacaka “mangsa kaya adate” /b2

{pa-/-an}

adat prakategorial “kalumrahan”

56.

…uga pinangka rasa panarima lan bungahing ati dene putri wuragil kang sulistya ing warna iku bakal kagarwa putra adipati

(KR/290913/k21/KB/kol1/bar33)

Panarima kriya wacaka “carane narima” /c1

{pa-}

narima tembung kriya tanduk “nampa kalawan panuwun”

57.

Demang Prancah pancen rumangsa wus tekan panggayuhe, cedhak marang

kamulyan.

(KR/290913/k21/KB/kol1/bar55)

Kamulyan bawa wacaka (tembung aran) /a2 “kaanan kang mulya”

{ka-/-an}

No. Data a b c d 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 Katrangan

58.

“Kanjeng, lajeng ingkang tedhak griya kula paring panglamar menika sinten, Kangjeng?”

(KR/290913/k21/KB/kol3/bar33)

Panglamar kriya wacaka “wong kang nglamar” /c2

{pa-}

nglamar tembung kriya tanduk “nakokake wong wadon arep diepek bojo”

59.

“Sira kudu lantip ing panggrahita. Apa ana pratandha aneh nalika kowe padha bebedhang anak wadonmu?”

(KR/290913/k21/KB/kol3/bar42)

Panggrahita kriya wacaka “sarana nggrahita” /c4

{pa-}

nggrahita tembung kriya tanduk “mangerti, nyana”

60.

Kenya kuning mruwus lan weweg piyadge kang dadi pocapan warga desa wekasan iki.

(KR/061013/k21/S/kol1/bar3)

Pocapan daya wacaka “perkara kang diucap” /b3

{pa-/-an}

ucap prakategorial “wetuning gunem”

61.

Ing kono diberitakake menawa akeh para pejabat kang kesangkut perkara korupsi, sogok lan mafia proyek padha diseret ing pengadilan.

(KR/131013/k21/DK/kol1/bar9)

Pengadilan

Pangadilan daya wacaka “panggonan ngadili” /b1

{pa-/-an}

ngadil tembung kaanan “jejeg anggone nibakake pepancasan, ora pilih sih”

62.

“Beres, Bune.” Dirjo nampa dhuwit banjur digawa mlebu omah, disimpen ngisor bantal peturon.

(KR/131013/k21/DK/kol1/bar57)

Peturon

Paturon daya wacaka “panggonan turu” /b1 {pa-/-an}

turu tembung kriya “leren sarta ngasotumrap angganing badan apa-dene panca-driya kang lumrah matane merem”

No. Data a b c d 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 Katrangan

63.

Danang milih manggon ana omah dines dokter puskesmas nang Kalegen. (KR/201013/k21/CMA/kol1/bar34)

Kalegen bawa wacaka “wewengkon mirid saking sipat legi ” /a1

{ka-/-an}

legi tembung kaanan “rasa kaya dene rasaning gula”

64.

Jaman wis kebak kadurakan. (KR/101013/k21/NRAP/kol3/bar46)

Kadurakan bawa wacaka (tembung aran) /a2 “sipat duraka”

{ka-/-an}

duraka tembung kaanan “mbangkang ing parentah”

65.

Ora watara suwe plastik isi at iwis ilang saka pandelengan.

(KR/171113/k21/At/kol3/bar28)

Pandelengan karana wacaka “piranti kanggo ndeleng” /d2

{pa-/-an}

ndeleng tembung kriya tanduk “ningali, nonton”

66.

Mardikun nduwe panemu yen sing diomongake kancane kenthel mau bisa-bisa akeh benere.

(KR/241113/k21/St/kol1/barpungkas an)

Panemu kriya wacaka “patrap olehe nemu” /c1

{pa-}

nemu tembung kriya tanduk “oleh apa-apa ora dijarag”

67.

Nalika wus sawetara sasi lenggah tetirah ing perenging pareden, Kanjeng Pangeran Sepuh banjur bebadra memangun dhusun.

(KR/081213/k21/DP/kol1/bar2)

Pareden daya wacaka “panggonan redi” /b1 {pa-/-an}

No. Data a b c d 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 Katrangan

68.

Kangjeng Pangeran Sepuh temene digadhang lenggah ing Kadipaten minangka parampara lan pamengku adat.

(KR/081213/k21/DP/kol1/bar18)

Pamengku kriya wacaka “wong kang mengku” /c2

{pa-}

mengku tembung kriya tanduk “nguwasani, ngerehake”

69.

“Boya. Aku baka tumuju dhusun

Pawuyungan banjur munggah pareden

Papat Gathuk tumuju pucuking pareden.”

(KR/081213/k21/DP/kol3/bar37)

Pawuyungan daya wacaka “jeneng desa; mirid saka panggonan wuyung” /b1

{pa-/-an}

wuyung tembung kaanan “muring, nepsu, sedhih, kesengsem”

70.

“Kula pikantuk beasiswa kangge nerasaken S3 Bu!. Ingkang badhe kula serat bab-bab ingkang magepokan kaliyan kasangsaran lan dipunalami dening para wanita Indonesia miturut hukum lan gender.”

(KR/221213/k21/KA/kol3/bar28)

Kasangsaran bawa wacaka (tembung aran) /a2 “kaanan sangsara”

{ka-/-an}

sangsara tembung kaanan “urip cilaka (ketula-tula)”

71.

Saiki rasa trenyuh iku krasa maneh, nuwuhake panandhang kang jero ing batine para siswa nalika Wening lan wawan ngejak rembugan bab persiapan kemah.

(KR/291213/k21/STKP/kol2/bar13)

Panandhang kriya wacaka “patrap olehe nandhang” /c1

{pa-}

 Data : (KR/291213/k21/STKP/kol2/bar13) KR : Kedaulatan Rakyat

291213 : Terbit surya kaping … k21 : nomer kaca

STKP : irah-irahan cerkak (Sugeng Tindak Kakak Pembina) kol2 : dunungipun data wonten kolom 2 cerkak

bar13 : dunungipun data wonten baris 13 saking nginggil  Irah-irahan Cerkak

A : Anakku…

At : Ati

BL : Berkah Lebaran BL : Bius Lokal

CMA : Crita Minggu Awan

DG : Dhuh Gusti

DK : Dadi Kurban

DP : Dlingo Pareden

DWP : Dhanyang Wukir Pralaya GM : Gunung Mijil

GUKD : Golek Uceng Kelangan Deleg

IN : Ider Nem

J : Jala

KA : Kadhone Atika KB : Kali Bubar

KOOK : Kaya Orong-Orong Kepidak KS : Kothak Saran

LS : Ledhek Srigenter

MeP : Megar Payung MP : Mukjijat Paskah

MS : Mumet Sirahku

NLPJ : Ngoyak Pat Likur Jam NPU : Nunggu Pengumuman UN NRAP : Ngrantu Rembulan ana Pangkon NSA : Nalika Srengenge Angslup

P : Pepesthen PM : Pakdhe Magister R : Reuni S : Sumpil SI : Sasedane Ibu SL : Setu Legi St : Stroke

STKP : Sugeng Tindak Kakak Pembina

T : Tukang

TNU : Tukon Nyirep Udan

W : Wredhatama

WA : Wesi Aji

 Jinising Tembung Wacaka a. Bawa Wacaka

b. Daya Wacaka c. Kriya Wacaka d. Karana Wacaka

1. Tembung Aran 2. Tembung Kriya 3. Tembung Kaanan 4. Tembung Panggandheng 5. Tembung Panyilah 6. Tembung Sesulih 7. Tembung Wilangan 8. Tembung Ancer-ancer 9. Tembung Katrangan 10. Tembung Panguwuh 11. Prakategorial  Katrangan Makna

/a1 : tegesing bawa wacaka “panggenan utawi wewengkon” /a2 : tegesing bawa wacaka “mangun tembung aran”

/b1 : tegesing daya wacaka “panggenan barang; ingkang kasebut ing lingganipun /b2 : tegesing daya wacaka “mangsa”

/b3 : tegesing daya wacaka “ndadosaken tembung minangka lesan” /c1 : tegesing kriya wacaka “cara utawi patrap”

/c2 : tegesing kriya wacaka “tukang utawi priyantun ingkang…” /c3 : tegesing kriya wacaka “ukuran”

/c4 : tegesing kriya wacaka “piranti utawi sarana” /d1 : tegesing karana wacaka “panggenan”

Dokumen terkait