BAB II GEGARAN TEORI
A. Andharan Teori
3. Pangertosan Tradhisi
Tradhisi utawi adat istiadat utawi dipunsebut ugi tata kelakuan miturut Koentjaraningrat (ing Herusatoto, 2008 : 164-165), saged dipunperang wonten 4 tingkatan, inggih punika : 1) tingkat nilai budaya, 2) tingkat norma-norma, 3) tingkat hukum, 4) tingkat aturan mligi. Tingkat nilai budaya arupi pamanggih-pamanggih ingkang gadhah konsep babagan-babagan ingkang langkung gadhah piwulang wonten ing pagesangan masarakat. Tingkat norma-norma inggih punika arupi piwulang-piwulang budaya ingkang sampun gegayutan dhumateng peranan saben-saben masarakat wonten wewengkonipun. Saha tingkat adat ingkang kaping 3 inggih punika sistem hukum ingkang taksih dipuntindakaken. Ingkang pungkasan inggih punika tingkat aturan mligi ingkang ngatur tumindak-tumindak ingkang cetha kawatesan panggenanipun wonten ing masarakat saha asipat konkret. Saged dipunpundhut dudutan bilih tradhisi punika tata kelakuan
16
adhedhasar pamanggih-pamanggih ingkang jumbuh kaliyan norma-norma ingkang dipunangge wonten ing aturan papan kasebut saha asipat konkret.
Tata kelakuan dening salah satunggaling masarakat dipunangge dados piranti kangge ngawasi, kanthi sadhar utawi mboten sadhar. Tata kelakuan kasebut wonten salah satunggaling pihak maksakaken salah satunggaling tumindak saha wonten sanesipun pihak arupi larangan, saengga kanthi cara mboten langsung arupi piranti supados masarakat njumbuhaken tumindakipun kaliyan tata kelakuan kasebut.
Miturut Rostiyati, dkk (1994 : 1) “…upacara tradhisional umumipun gadhah ancas kangge ngurmati, nyukuri, muji, nyuwun slamet, dhumateng Gusti lantaran mahluk alus saha leluhuripun”. Salah satunggaling tradhisi masarakat ingkang dados kabiyasan saha taksih dipuntindakaken dening masarakat Jawa inggih punika tradhisi ziarah. Tradhisi ziarah inggih punika salah satunggaling tumindak ingkang taksih tetep dipuntindakaken kanthi cara turun tumurun kanthi cara dhateng wonten ing makam utawi papan-papan ingkang dipunanggep kramat saha gadhah kekiyatan ghaib kangge ancas tartamtu.
Papan-papan ingkang dipunanggep kramat saha gadhah kakiyatan ghaib inggih punika papan-papan sepen ingkang mboten asring dipunsowani tiyang utawi makam ingkang taksih dipunsowani dening masarakat minangka papan kangge ziarah inggih punika petilasan Ardi Lawet. Nalika ngawontenaken tradhisi ritual slametan dipunjangkepi sarat arupi menyan, sekar, lan sanesipun ingkang sampun dipundongani. Sarat kasebut biyasa dipunsebut sajen utawi sesaji. Sesaji
ingkang wonten dipunancasaken kangge nyuwun slamet, tentreming gesang, supados dipuntebihaken saking gangguan roh-roh jahat.
Tata caranipun nglampahi tradhisi ritual slametan punika kaliyan lenggah sila kangge piyantun jaler lan tipuh kangge piyantun estri kanthi santai sarta nggabung kaliyan sanesipun. Para peziarah ingkang nindakaken ritual ugi ngagem sruwal ingkang rami lan sopan. Sedaya nyatu kangge nindakaken ritual. Kangge mahami ritual mrelukaken tumindhak arupi kasadharan, inggih punika raos remen dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuwaos. Para peziarah ingkang nindakaken ritual slametan wonten ing petilasan Ardi Lawet punika mboten kawatesan dening komunitas aliran kapitadosan nanging ugi komunitas ingkang gadhah agama Islam, Islam Kejawen, Katholik lan sanesipun. Wonten praktek religi kasebat, kathah tiyang pitados wonten pangaribawa sinkretik kaliyan agama sanes, upaminipun agama Hindhu, Budha, lan Islam. Geertz (ing Endraswara, 2003 : 57) agama Jawa gadhah 3 variasi inggih punika abangan, santri, lan priyayi. Variasi kasebat gadhah tumindak kaagamaan ingkang benten salah satunggal lan sanesipun. Mboten kawatesan ugi rakyat alit, kaum ningrat utawi priyayi ingkang tetep njurung ritual kasebat. Para peziarah ingkang nindakaken tradhisi ritual slametan wonten ing petilasan Ardi Lawet punika wonten maneka warna kapitadhosan satunggal kaliyan sanesipun. Para peziarah ingkang nindakaken tradhisi ritual slametan asalipun saking pundi kemawon papan, mboten mbentenaken sistem kapitadosan satunggal kaliyan sanesipun, ingkang paling penting sedaya manut lan ndamel komunitas kangge ngawontenaken ritual slametan.
18
Para peziarah ingkang nindakaken tradhisi ritual slametan wonten ing petilasan Ardi Lawet gadhah tingkatan mistik kangge ngalap pengalaman mistikipun. Punika tingkatan mistik miturut Mulder ( ing Endraswara, 2003 : 127-128), inggih punika :
1. tingkatan paling ngandhap punika sarengat, inggih punika ngurmati lan gesang miturut hukum-hukum agama;
2. tarekat, wonten pundi kasadharan ngengingi hakekat tumindhaking tingkatan ingkang pratama kedah dipuninsyafi luwih lebet lan dipuntingkataken malih. Upaminipun nalika maos donga, nindakaken ritual mistik mboten namung tumindak lan pamaosan ayat-ayat, nanging usaha ingkang luhur nyawisaken dhasar kangge pinanggih dhumateng Gusti wonten ing manahipun manungsa; 3. hakekat, tingkat ngadhepi kaleresan. Tingkat ngrembakanipun kanthi penuh
kasadharan gandheng hakekat donga lan nglayani dhumateng Gusti, pamahaman luwih, bilih satunggalipun cara kangge menapa kemawon ingkang wonten inggih punika dados walinipun Gusti;
4. ingkang pungkasan inggih punika makrifat, manungsa dumugi jumbuhing kawula lan Gusti. Wonten tingkat punika jiwanipun tiyang gayut kaliyan jiwa semesta lan tumindak manungsa namung dados laku, pagesangan tiyang dados donga saterasipun dhumateng Gusti.
Saking andharan wonten nginggil punika saged dipunpundhut pangertosan rikala para peziarah ingkang nindakaken ritual sampun nindakaken 4 tingkatan wonten ing nginggil wau tiyang ingkang ngertos kasejatosan (pramana ing jati), ngraos gesangipun namung dados laku. Wonten babagan punika tradhisi ritual
slametan wonten ing petilasan Ardi Lawet ancasipun ngalap slamet dhumateng Gusti kanthi donga saterasipun dhumateng Gusti. Para peziarah ingkang nindakaken tradhisi ritual slametan kasebat wonten pucuk paling nginggil kangge ngalap kamulyan kanthi semedi kadosta, dedonga, tirakat, utawi puwasa. Wonten babagan punika para peziarah ingkang nindakaken tradhisi ritual slametan kedah gadhah budi pakerti ingkang ngutamakaken kapribaden saha kaarifan wonten tumindak kanthi olah rasa lan batos tumuju manunggaling kawula Gusti. Tradhisi ritual slametan ingkang kalampahan wonten ing petilasan Ardi Lawet katujukaken kangge ngalap slamet lan kabegjan ingkang tujuanipun mangunggal kawula Gusti.
Tradhisi ritual slametan wonten ing petilasan Ardi Lawet punika folklor budaya ingkang dipuntindakaken dening para warga desa Panusupan lan sanesipun kangge upiya ngalap kasadharan saking Gusti Ingkang Maha Kuwaos katuju kangge ngalap kaslametan gesang. Wonten tradhisi ritual slametan petilasan Ardi Lawet desa Panusupan mangka saged dipunpundhut pesen piweling agama, nilai-nilai etis lan norma-norma punika saged dipunparingaken kangge sedaya masarakat, ingkang saged dipunginakaken dados piweling gesang manungsa.