• Tidak ada hasil yang ditemukan

PENGARUH SASTRA MODERN

Dalam dokumen diktat teori sastra jawa (Halaman 35-45)

Novel

Novel juga disebut roman. Banyak yang membedakan antara roman dengan novel, tetapi sesungguhnya sama saja. Novel-novel modern lebih banyak yang kemudian difilmtelevisikan menjadi telenovela. Contoh-contoh kutipan novel berbahasa Jawa dapat dilihat di bawah ini:

Ngulandara

“……….., judheg aku!” Punika angluhipun satunggaling priyantun ngadeg, cancut, wonten ngiringanipun mobil oto ingkang sampun kabikak tutupipun. Wironipun kablesekaken menginggil, ngantos kathokipun ketingal sekedhik, jasipun sampun kabikak, kantun ngangge rangkepan. Pacaking badan methentheng ragi mbungkuk. Nering pandulu tumuju dhateng mesining oto. Sajak migatosaken sanget dhateng kawontenaning motor punika.

Nitik tetesing kringetipun saking bathuk tuwin saking gulu, dalah telesing rangkepan ingkang wingking, cetha yen priyantun wau sampun kepara dangu tumandang damel awrat. Saboten-botenipun inggih kaesuk ngong-sronging manah.

Priyantun wau umuripun udakawis seketan taun, nanging kebekta saking saening badan, lan saged ugi saking anggenipun boten alitan manah, ketingalipun saweg umur kawan dasa taun.

35

Ing salebetipun oto wau ingkang linggih ing bak wingking sisih kiwa priyantun estri, umur tigang dasa gangsal taun, ingkang wonten sisih tengen ugi priyantun estri wetawis saweg pitulasan taun.

Memperipun priyantun estri ingkang wonten sisih kiwa punika bojonipun, ingkang wonten tengen anakipun. Ing salebetipun priyantun wau uthek madosi ingkang njalari mogok otonipun, ingkang estri ketingal suntrut. Tanga-nipun tengen sedhakep, badan kasendhekaken ing cagaking tendha, sirahipun kabantalaken tangan kiwa. Kados boten mokal yen ta kawastanana saweg susah manahipun.

Nanging anakipun boten makaten. Linggihipun sendhen, ketingal sajak sasekecanipun, sumelehing pasemon kenging dipun wastani mesem ajegan. Tangan-ipun tansah ngolak-alik kacunipun sutra ingkang sinulam peni.

Ngantos sawetawis dangu priyantun tetiga wau boten sami cecriyosan, dumadakan ingkang estri sumela sanjang dhateng ingkang jaler semu netah, “Ta, pak! Biyen mula aku rak wis kandha yen wong ngingu oto kuwi akeh kesusahane.”

“Hem! Ibune mono wasis yen mung nutuh.”

Anakipun nyelani, “Yah, ibu ki! Punapa inggih oto menika namung murugaken kesusahan thok? Wong lagi sepisan bae dingendikakake akeh!”

“Lah ya kuwi Tien nek ibumu.”

“Nyatane nek kaya ngene iki kepriye hara? Mangka neng tengah bulak, wis jam setengah nem, kathik atise kaya ngene. Gunung Sumbing wis kemul

36

ampak-ampak, dalah ingkang Kledhung ya wis meh putih, dhasar dalane sumengka, kok jebul otone bobrok!”

“Yah, ibune ki ta! Rak ya lumrah ta yen oto kuwi sok mogok, ora kok banjur bobrok ngono. Iki rak mung saka ana adon-adon sing durung mathuk utawa mlesed saka mesthine. Ana oto isih kincling-kincling ngene jare bobrok.”

“Ingkang risak menika napanipun ta pak? Mangke gek dipun paeka sopir ingkang mentas medal menika.”

“Mempere ya ngono Tien, nanging bapakmu ora priksa.”

“Hara ta ibune kuwi rak tanduk maneh olehe nutuh ….. Nek pangiraku ora. Sabab metune kuwi jalaran dheweke dadi lurah desa, tur maneh neng jajahanku, dadi mesthine ora gelem gawe wisuna menyang aku.”

“Ngona-ngonoa kae nyatane! Nek kaya ngene iki banjur priye hara?” “Sawise, kepriye, lah ya kudu nrima. Mengko yen ana oto saka Wanasaba utawa saka Parakan sing wis ngglondhang, ya padha nunggang kuwi bae.”

“Inggih pak, terkadhang mangke wonten saestu, nanging sewanipun inggih lajeng awis.

Ibunipun nyambeti, “Prakara laranging sewan kuwi dudu barang-barang, balik anane bae durung karuwan! Mangka dina iki ora kebener pasaran Kreteg utawa Parakan, kathik wis wayah ngene, bisane ana saka ngendi?” Wedaling wicanten makaten wau kanthi sugal, mratandhani saya sanget anyeling manahipun lan kados dene sampun telas pangajeng-ajengipun ... (Margana Djajaatmadja, 1932).

37 Geguritan

Perkembangan sastra Jawa juga tak luput dari pengaruh dalam bentuk puisi. Puisi modern dalam sastra Jawa disebut geguritan gagrak anyar. Geguritan gagrak anyar keluar dari aturan-aturan seperti dalam tembang, parikan, wangsalan, dan lain-lainnya. Berkembangnya geguritan gagrak anyar bersamaan dengan perkembangan kesusastraan Indonesia.

Keindahan puisi modern atau geguritan gagrak anyar tidak pada pergulatan bahasa, tetapi lebih pada isinya untuk mengekspresikan perasaan jiwa. Jelas sekali bahwa geguritan merupakan pengaruh puisi modern. Contoh geguritan gagrak anyar:

Mbarang

Bocah cilik manis, kakang adi Runtang-runtung nyang endi-endi Nyangking angklung saka bumbung Mlebu lurung metu lurung

Bocah cilik manis, kedhana-kedhini Runtang-runtung mbarang separan-paran Ngupa boga nyambung panguripan sadulitan Nambal nista kang lunga teka wira-wiri, nrenyuhi Nembangi lagu-lagu, memelasi

Mbukak babad ngenesi ati

Koncatan bapa biyung, dheweke tininggal keri Bocah cilik manis, kedhana-kedhini

Runtang-runtung nyang endi-endi

Dina-dina uripe kaliput ayang-ayangane mega.

Pengarang geguritan gagrak anyar sampai sekarang berkembang dengan subur. Contohnya: Group Diskusi Sastra Blora: Napas-napas Tlatah Cengkar, Tepungan Karo Omah Lawas, Esmiet, Poer Adhie Prawoto dan Anjrah Lelana

38

Brata dan (Suripan Sadi Hutama, 1984: 17). Pertumbuhan sastra Jawa baik prosa maupun puisi berkembang melalui koran, majalah, buletin dan buku-buku modern. Bahkan sekarang dengan media elektronik para pecinta geguritan menuangkan buah pikirnya dengan lebih bebas.

Cerita Cekak

Cerita cekak atau disingkat dengan Cerkak biasanya dipublikasikan melalui majalah berbahasa Jawa. Di bawah ini contoh-contoh cerkak:

Pelaut Lan Gegantilaning Ati

Cerkak ini karya Oskandar R yang diterbitkan oleh majalah Djayabaya Minggu Wage, 6 Februari 1966 no. 20.

Denpasar, Malem Minggu.

Sawijining toko kang gedhe dhewe ing kutha iki.

Ing pojokan, cedhak lawang, ana priya ngadeg. Tangane sing kwia njagang ing meja kaca, dene sing tengen dolnan dhompet konci mobil. Mripate maetr mandeng sawenehing wanita manganggo blus kuning enom. Lan wanita mau, najan katone katrem nguwasi piranti ngadisara ing njeron lemari kaca, ngerti yen disawang. Raine ngatonake mangkel ngatine wong wadon kang wani-wani wedi.

Wanita mau mingser nengen, menyang panggonan kain-kain lan ramening wong kang bisa ngaling-ngalingi dheweke saka pamandenge priya mau. Nanging

39

nalika dheweke takon-takon regane kain marang pelayan nuli mengo ngiwa, dheweke sumurup blegere priya mau kang wis ngadeg ing pojokaning meja.

Wanita mau nyoba mesem. Manis eseme. Untune kang pindha mutiara rintik-rintik apik. Lan rikala priya mau genti mesem, eseme sakala mbleret.

Saiki dijajal maneh mandeng mripate priya mau. Mripate sing dipandeng kaya nembus-nembusa. Lan pranyata wanita mau kasoran.

Saiki si wanita ngadeg ing ngarepe kasir, arep mbayar barang-barang sing dituku. Priya mau ora adoh saka kono. Nuli ing papan njupuk barang-barang. Priya mau iya ora adoh saka kono.

Rikala lumaku ing trotoar, ngetan wanita mau noleh lan weruh si priya nrombol ramening wong liwat klawan sajak kesusu.

Ora let suwe priya mau wis mlaku ing sandhinge. Sok-sok iya kambi nadah pangesuke wong-wong liwat sing arep nyenggol wanita mau. Nuli, “Sugeng dalu!” tembunge.

Wanita mau mung tumoleh.

Sumambunge, “Mbok aja sombong-sombong … kok ora gelem mangsuli!”

Ngawuningani menawa kapeksan alus, wanita mau mangsuli klawan mangke, “Sugeng dalu!”

“Nah, ngono rak ya apik.” Kandhane priya mau.

Saiki kekarone nyabrang dalan. Tetumpakan pating sliri. Tanpa sengaja kekarone gandheng tangan. Bareng kelingan, wanita mau enggal-enggal narik tangane dhewe. Mlaku ing trotoar maneh.

40

Ujug-ujug, “Panjenengan, pelaut?” pitakone si wanita. “Pirsa saka ngendi?” si pria gumun.

“Potongan panjenengan. Cukuran panjenengan. Dompet panjenengan.” “Oh?” si pria ngambali suwara gumune kambi nglirik dompet kang ana tulisane AL. Dudu DK. Nuli tembunge, “Umurku telung puluh loro ora ana samondra sing durung dak ambah. Aku duwe sesanti: ing ngendia wae aku nemoni sawijining wanita sing bisa ngrikatake kegeging jantungku, mesthi dakgoleki, najan tekan poncote jagad, nek durung tepung, ndakparani kambi kandha, “Saudari, aku kepengin tepungan karo sliramu. Tenan, aku kepengin tepungan.”

Wanita mau gumuyu tumengkling, nuli kandheg sadhela, bebarengan nyawang wong-wong sing padha nggrombol nonton dokar ketabrak montor.

“Apa kabeh pelaut nakale sliramu kaya panjenengan?” pitakone wanita, bareng wis jumangkah maneh neruske laku.

“Ya kabeh pelaut nakale kaya aku. Nanging ora kabeh sesantine padha karo aku. Uga ora kabeh pelaut sing umure telung puluh loro durung kawin.”

“Pamer!” wanita mau ngelokake. “Kesempatan baik untuk memamerkan diri bahwa anda belum punya istri. Dakkira ora kabeh pelaut wani nyedhaki sawijining wanita, nuli kandha ‘Saudari, aku kepengin tepung karo sliramu’!”

“Ya, ora kabeh pelaut wani mara lan nyedhaki sawijining wanita, nuli kandha, ‘Saudari, aku kepengin tepung karo sliramu’.”

“Aku kagum!” ujare wanita mau. “Sliramu kagum?”

41

“Priya ngendi wae mesti seneng banget mrang wanita sing gelem kagum. Kagum iya kagum, nanging aku duwe sesanti: ing ngendia wae aku nemoni sawijining wanita sing bisa ngrikatake kegeging jantungku, mesthi dakgoleki, najan tekan poncote jagad, nek durung tepung, ndakparani kambi kandha, “Saudari, aku kepengin tepungan karo sliramu. Tenan, aku kepengin tepung karo sliramu.! Kepriye panemumu?”

Iki iya mujudake peksan alus. Wanita mau ngguyu dhisik cekikikan saking geline, nuli mangsuli, “Jenengku Kartika!”

“Kartika? Apik banget jenengmu! Arep dak undang Ika!” “Aja! Undangen aku Tik, kaya pangundange kanca-kancaku!”

“Wis ta, aku lilanana ngundang sliramu Ika. Saya ingin mengistimewakan engkau.”

Kekarone lumaku terus. Nyabrang ing prapatan Bali Hotel. Banjur nliwati dalan sing sepi. Tekan ing prapatan sacedhake museum, wanita mau kandha, “Awake dhewe kudu pisah ing kene. Aku ora gelem panjenengan terake tekan ngomah!”

“Nanging kapan bisa ketemu maneh? Sesuk sore ing ngarep toko kae maneh, priye?”

Wanita mau manthuk.

Mangkono, sabanjure kekarone tansah bebarengan. Boncengan scooter biru langit rina wengi. Sore-sore ngadeg ing pesisir Sanur nyawang ombak kang gumulung, utawa ndlusup-ndlusup ing alas gaweyan ing sacedhake villa-villa Sanur. Numpak sekoci wong loro ing tlaga Berantan, oyak-oyakan ing dalan

42

menyang Istana Tampak Siring, ndeleng wong gawe reca ing Ubud. Saiki kekarone katon ing Batur nyawang gunung gundul, sesuke ing Ujung, ing tilas lahare Gunung Agung. Terkadang wis sore repet-repet kae isih lumaku gegandhengan tangan ing sawah-sawah antarane Belangsinga lan Sukawati.

Nanging saben sapatemon mesti dipungkasi dening pepisahan.

Priya mau, kambi ngetokake sirahe saka cendela bis, kandha, “Kariya basukyarja, Ika!”

Wanita mau arawat eluh, umik-umik, Panjenengan bakal dak pethuk sakondure saka operasi. Aku mesti bakal seneng banget tetepungan karo calon garwa panjenengan. Panjenengan kudu emut. Aja ginubel dening kenangan-kenangan kang endah thok. Panjenengan iku perwira laut. Amrih cocoge, garwa panjenengan kudu ayu. Lan, lan …”

Kambi nutupi tutuke wanita mau, si priya nuli kandha, “Rungokna! Aku iki priya sing wis mateng. Yen deleng riwayatmu, sliramu iki pancen wanita sing nakal dhewe sajagad. Nanging aku ora maelu apa sing klakon sadurunge kita ketemu. Perihana kahananmu kaya esuk iki dina ingkang kawitan. Sing dakanggep, dina iki lan sabanjure! Sliramu ngerti?”

“Aja! Aja ginubel dening kenangan-kenangan! Aku lalekna wae! Emuta! Isih akeh kenya-kenya sing gelem dadi sisihan panjenengan, dudu aku!”

Nalika bis Damri wiwit nggereng, wanita mau mbengok setengah nangis, “Emuta, aku wis randha!” Suara mau isih dumeling. Lan pancen saben dina, sasuwene priya mau ngentekake cutine ing Bali iki, tetembungan mau tansah dibolan-baleni dening si wanita.

43

Saiki wanita sing memelas mau lumaku sepoyongan ing dalan kang sepi. Ing sangisore lampu listrik dheweke mandheg lan sumendhe ing cagak sing anyes. Saka dhadhane diwetokake layang sasuwek. Layang saka priya mau kang dikongkon maca manawa priya mau wis budhal.

Dheweke maca:

Saiki awake dhewe wis padha adohe. Yen sliramu arep ninggal aku, tinggalen! Nanging sadurunge, tancepna sawijining keris ing ingone villa Sanur. Keris sing bakal dak anggo mateni sakabehe kenangan manis sasuwene kita sesrawungan. Kenangan mau saiki isih angrem ing sirahku.

Si wanita ngremet layang mau banjur ditekem ing dhadhane. Dheweke tiba ndhodhok, jalaran sikile ora kuwat nyangga anggane. Lan manuk-manuk esuk padha nembang: kabeh wis malih ireng, kabeh wis malih ireng!

44

Dalam dokumen diktat teori sastra jawa (Halaman 35-45)

Dokumen terkait