• Tidak ada hasil yang ditemukan

Penialain kompetensi Sikap antar Peserta Didik Mata Pelajaran: Bahasa Jawa

NO STRUKTUR TEKS PARAGRAF / KALIMAT

C. LK Menganalisis unsur intrinsic dan pesan moral dalam cerkak

3) Penialain kompetensi Sikap antar Peserta Didik Mata Pelajaran: Bahasa Jawa

Kelas/Semester : XI / 2

Topik : memahami isi dan struktur karya sastra prosa cerkak dan menulis karya sastra prosa cerkak.

Indikator : Peserta didik menunjukkan perilaku memiliki perilaku jujur, disiplin, tanggung jawab, dan proaktif

1. Amati perilaku temanmu dengan cermat selama mengikuti pembelajaran 2. Berikan tanda v pada kolom yang disediakan berdasarkan hasil pengamatan 3. Serahkan hasil pengamatanmu kepada gurumu

No Perilaku Dilakukan / muncul

Ya Tidak

1. Berperilaku tidak berbohong pada kegiatan dan selalu dapat dipercaya

2. Menyelesaikan tugas sesuai dengan waktu dan tidak mengganggu siswa atau kelompok lain

3. Melakukan tugas sesuai dengan jadwal yang dirancang

4. Mengungkapkan informasi disertai dengan sumber rujukan

5. Giat berusaha dapat mengumpulkan informasi dan selalu beraksi serta bereaksi dalam berdiskusi atau pembelajaran

4) Jurnal

Jurnal Penilaian

Nama :

Kelas :

No Hari, Tanggal Kejadian Keterangan/ Tindak Lanjut

1. 2.

2. PENGETAHUAN

TES URAIAN Petunjuk

1. Baca secara cermat contoh cerkak berikut! 2. Setelah itu, jawablah pertanyaan berikut!

a. Berdasarkan contoh cerkak yang diberikan, jawablah pertanyaan berikut untuk mengetahui pemahaman kalian tentang cerkak!

1. Menapa ingkang dipunwastani cerkak menika?

………

………

………

………

2. Kasebatna menapa kemawon ingkang dados titikanipun cerkak! ………

………

………

………

3. Kaandharna menapa ingkang dados unsur intrinsik cerkak! ………

……….

………

……….

………

4. Kaandharna menapa ingkang dados unsur ekstrinsik cerkak! ………

……….

………

……….

b. Berdasarkan contoh cerkak yang diberikan, jelaskan Unsur intrinsik dan pesan moral yang terkandung di dalam cerkak tersebut!

Raden Rangga

Panembahan Senapati

Satunggaling dinten ing pendhapa Kraton Mataram, Kotagedhe Panembahan Senapati diadhep putrane.

“Apa sira ngerti, sebabe daktimbali Rangga?” Pandangune Panembahan Senapati. “ Boten Rama, menapa wonten bab wigatos ingkang kedah kula tindakaken?”

“Sewengi aku ora bisa sare, sariraku krasa lungkrah, apa gelem mijeti samparanku?” Pandangune ingkang rama.

Raden rangga nyembah, banjur wiwit mijeti samparane ramane, sinambi dipijeti, Panembahan Senapati nerusake pangandikane.

“Rangga, sira kudu sadhar, yen sing koktindakake wingi kae dudu tumindak kang becik, sanajan sira ora mempan ketaman pusaka, saengga tumbak Manggala Tuban iku putung, lan sira males kanthi kepelan tangan sing ngremukake sirahe utusan Sultan Hadiwijaya padhang, uga kok ambali maneh marang utusan Banten.

Yen tumindak mangkono iku kok terusake bisa tuwuh perdondi ing antarane aku lan mitraku. Aku samar yen tumindakmu iku bisa gawe cilakane awakmu dhewe. Sira kudu ngerti yen ana gunung dhuwur, isih ana gunung liyane sing ngluwihi dhuwure. Coba putungen drijiku yen kowe rumangsa sekti.

Raden Rangga rumaos serik manahipun, rumaos dipunece dening ramanipun, lajeng nyobi mutung drijinipun keng rama, nanging boten saged.

Rangga paribasane Suradira jayaningrat, lebur dening pangastuti, sakabehing wujud tumindak ala lan angkara murka iku bakal sirna kanthi luhuring budi lan tumindak utama, tumindakmu iku ora becik, kumalungkung, apa ta sing sira goleki ing panguripan sira iku? Uripe mangungsa ora suwe, bakal abadi ing alam sawise mati, becike sira singkiri tumindak sing ala lan seneng pamer iku. Adhuh… Rangga kok apakake sikilku iki, rasane kok panas banget?”

Samparane ramane dipijet sakatoge, minangka tandha yen Raden Rangga boten remen pangandikanipun keng Rama. Panembahan Senapati enggal nendhang Raden Rangga ngangge Samparanipun, saengga Raden Rangga mencelat medal nabrak beteng kraton ngantos jebol lan dhawah ing desa Depokan (samenika mapan ing kidul Bonbin Gembiraloka).

Raden Rangga lajeng mlajar nilar Mataram, Piyambakipun ngertos menawi ramanipun duka sanget. Kesahipun tumuju ing Pati daleme pamanipun Wasis Jayakusuma. Nalika menika pamanipun nembe lenggah siniwaka kaadhep para nayaka ing pendhapa kadipaten. Adipati Wasis ngawe, supados Raden Rangga nyelaki paman. Ing salebeting pendhapa wonten sela ageng ingkang boten saged dipunpindhah nalika pendhapa kabangun, sebab boten wonten mergi sanes. Raden Rangga nerjang sela ageng wau saengga sela wau ajur rata kaliyan siti. Sedaya ingkang wonten sami gumun. Raden Rangga lajeng mapan sawetawis ing Pati ndherek pamanipun.

Papan nyimpen watu gatheng

Amargi sampun sawetawis ing Pati, Raden Rangga rumaos kasepen, boten saged dolanan gatheng, watu bunder 50 kg. Piyambakipun jeleh lajeng nimbali dhateng satunggaling prajurit regol:

“Paman apa ing kene ana wong sing sekti ngluwihi aku?”

“Wonten Raden, satunggaling pertapa ingkang sumendhe ing wit, lan elok, wit asem wau dados garing lan pejah.”

Raden Rangga lajeng dipundugekaken ing pertapa kasebat, lajeng nyuwun pirsa dhateng pertapa. “He, sang atapa jawaben pitakonku iki, apa sejatine tujuwan wong urip iku lan kepiye nasibku sesuk?”

Sarehne ingkang disuwuni pirsa mèndêl mawon, sang atapa lajeng dipuntendhang dhawah klumah, saderengipun tekaning seda, pertapa mangsuli lan sepata :

“He bocah enom sing ora ngerti tata krama, wong urip iku mung bekti lan ngawula marang Gustine, dene nasibmu ora bakal suwe uripmu, yen sesuk ing Mataram ana ula gedhe kang gawe gendra yaiku kang bakal males tumindakmu sing seneng milara.”

“Aku ora wedi, saiki kena, sesuk ora dadi apa,” wangsulane Raden Rangga kumaki.

Sedaya kedadosan ingkang dipunalami ing Pati dipuncariyosaken dhateng Ramanipun ing Mataram. Raden Rangga lajeng kadhawuhan meguru ngaji dhateng eyangipun Ki Juru Martani, supados sampurna ngelmunipun. Sinaosa ing salebeting manah boten remen, Raden Rangga nurut kemawon. Saduginipun ing daleme Ki Juru Martani, Raden Rangga nengga Ki Juru Martani nembe shalat luhur, sinambi mbolongi jun ngangge drijinipun. Toyanipun dados mancur, Raden Rangga rumaos remen manahipun. Ki Juru Martani Priksa lajeng ngendika :

“Thole Rangga apa drijimu ora lara, watu iku rak atos?” “Boten eyang, menika watu empuk sanget.”

“Atos, watu iku atos.” Ngendikane Ki Juru Martani.

Sanalika sela dados atos, astanipun Raden Rangga kraos sakit. Raden Rangga rumaos klentu lajeng kersa meguru dhateng eyangipun, dipunwulang tata krama lan budi pekerti luhur lan ngemu utama. Satunggaling dinten Raden Rangga kadhawuhan nyingkiraken ula ageng ingkang ngganggu warga ing Patalan Bantul. Ula ingkang ngubet sariranipun saged dipunkawonaken, ula pejah amargi endhase dikeplak ajur dados sawalang-walang. Raden Rangga boten ateges menang, sariranipun kraos lungkrah, balungipun remuk kados dipunlolosi nalika dipungubet ula, wekasan Raden Rangga seda, trep kados sabdanipun sang atapa ingkang dipunpilara tanpa dosa.

Rubric / criteria penilaian hasil memahami cerkak

No Aspek dan Kriteria Skor

1. Menapa ingkang dipunwastani cerkak menika?

2. Kasebatna menapa ingkang dados titikanipun cerkak!

3. Kaandharna menapa kemawon Unsur intrinsik cerkak!

2 2 3 3

4. Kaandharna menapa kemawon unsure ekstrinsik cerkak!

Total skor = 10

No Aspek dan Kriteria Skor

Dokumen terkait