GLADHEN WULANGAN III
I. Pilih wangsulan kang paling bener!
1. Minangka pribadi kang lantip, yen rerembugan kudu bisa empan papan, jalaran .... a. ing endi lan karo sapa kita rembugan panganggone basa padha wae.
b. panganggone basa ing warung kopi padha karo ing arisan ibu-ibu.
c. bocah sekolah, bocah kuliahan, para pegawe, yen jagongan basane padha wae. d. para intelek, pemimpin agama, apa dene politikus, yen jagongan padha wae. e. beda papan lan bab kang dirembug, bisa ndadekake beda panganggone basa. 2. Basa Jawa minangka basa ilmu, yaiku ... .
a. basa kang digunakake kanggo rembugan ing adicara kaluarga. b. basa kang digunakake kanggo ing adicara pahargyan adat. a. basa kang digunakake kanggo medharake rasa pangrasa. b. basa kang digunakake kanggo medharake saweneh kawruh. c. basa kang digunakake kanggo guneman ing pasrawungan. 3. Undha-usuk ing basa Jawa iku bakune mung ana loro yaiku... .
a. ragam ngoko alus lan ragam krama inggil b. ragam ngoko lan ragam krama
c. ragam krama lugu lan ragam karma inggil d. ragam ngoko lan krama inggil
e. ragam krama alus lan krama inggil
4. Basa ngoko yen tetembungane kacampuran tembung-tembung krama kagolongake basa... . a. ngoko lugu b. ngoko alus c. krama d. krama lugu e. krama inggil
5. Yen katandhingake karo basa ngoko, basa krama luwih ... . a. kasar lan rumaket
b. luwih gampang cak-cakane
c. alus lan nduweni surasa luwih ngajeni d. lugu lan kurang ngajeni liyan
Sastri Basa /Kelas 12 59
6. Ibu : Bapak wis dhahar?Bapak : Wis, ngenteni Ibu kesuwen. Dakkira durung kondur.
Basa kang digunakake ing punggelan teks kasebut yaiku … . a. ngoko lugu
b. ngoko alus c. krama lugu d. krama alus e. ngoko lan krama
7. Wong yen lagi nesu, lumrahe migunakake basa ... . a. ngoko lugu
b. ngoko alus c. krama lugu d. krama alus e. ngoko lan krama
8. Wong/bocah nom kang nduweni pangkat kang luwih dhuwur marang wong tuwa kang dadi andhahane migunakake basa ... .
a. ngoko lugu b. ngoko alus c. krama lugu d. krama alus e. ngoko lan krama
9. Paman Adipati, kula ngaturaken sungkeming pangabekti mugi konjuk. Wangsulan kang trep yaiku ...
a. Ya ngger, daktampa, ora liwat pamujiku tampanana. b. Ki sanak menika sinten lan saking pundi?
c. Pancen bener kaya ngono kuwi kuwajibane duta. d. Ana wigati apa kowe sowan mrene?
e. Pakaryan kang becik kudu kalestarekake!
10. Sapa sing bisa aweh sandhang, yen wadon dipek sedulur, yen lanang arep disuwitani utawa gelem didadekne bojo.
Ukara ing dhuwur mujudake unine ... . a. wara-wara
b. sayembara c. reklame/iklan d. layang e. lelayu
11. Cerkak mujudake kasusastran gagrag anyar kang nyritakake ... . a. panguripan sabendina
60 Sastri Basa /Kelas 12
b. epos Ramayana-Mahabaratac. prastawa sejarah
d. kedadeyan sajerone kraton e. kedadeyan apa anane
12. Kanggo nguripake crita, pengarang cerkak migunakake ... . a. basa baku
b. basa standar c. dhialek lan idhiolek d. lelewaning basa e. basa padinan
13. Adhedhasar urut-urutane crita, struktur teks cerkak kaperang dadi ... . a. coda, orientasi, komplikasi, lan resolusi
b. resolusi, coda, orientasi, lan komplikasi c. komplikasi, resolusi, coda, lan orientasi d. orientasi, komplikasi, resolusi, lan coda e. orientasi, komplikasi, coda, lan resolusi
14. Dumadine perkara kang kudu diadhepi dening para tokoh/paraga, ing struktur teks cerkak diarani ….
a. resolusi b. coda c. orientasi d. komplikasi e. klimaks
15. Panintinge dudutan dening para pamaca, ing struktur teks cerkak diarani …. a. resolusi
b. coda c. orientasi d. komplikasi e. klimaks
16. Tuwuh pengarep-arep. Ora wedi ngadhepi pacobaning urip. Ing struktur teks cerkak kalebu ….
a. resolusi b. coda c. orientasi d. komplikasi e. klimaks
Sastri Basa /Kelas 12 61
17. Bedane basa kang digunakake ing teks cerkak lan teks crita wayang, yaiku basaing cerkak iku nggunakake basa padinan, dene basa ing crita wayang ... . a. sinanggit mawa tetembungan basa Kawi
b. akeh migunakake basa ngoko a. kacampuran dialek lan idhiolek b. migunakake basa baku utawa standar c. migunakake basa Jogja-Solo
18. Sajrone pasrawungan, wong kang pinter crita bisaane akeh kancane, jalaran .... a. critane bisa agawe guyu
b. sing diajak jagongan mesthi krasan c. wektu sak jam krasa mung sedhela d. ketrampilan agawe guyu dibutuhake
e. pakaryane ngomong ing ngarepe wong akeh
19. Guyon maton mujudake adat kebiasan masyarakat Jawa kanggo.... a. nerak norma-norma ing masyarakat
b. mulangake wejangan utawa ilmu pengetahuan
c. ndudut ati lan ora mboseni katampa kanthi ikhlas jalaran ora ngguroni, d. ngguroni masyarakat Jawa babagan norma-norma
e. pralambang kang nglatih lantiping pikir.
20. Para pamicara kerep migunakake teks anekdot sajerone nindakake ayahane, kanggo ....
a. nabet ing atine para panyemak b. nyemoni para priyayi
c. guyon karo para panyemak
d. guyon karo wong penting/pejabat publik e. sarana guyon maton
21. Teks anekdot iku mujudake guyonan inteleks utawa guyonane wong pinter, jalaran ....
a. akeh sing ngarani yen teks anekdot iku padha wae karo teks humor. b. sejatine teks anekdot iku beda karo teks humor.
c. teks anekdot drajate luwih dhuwur yen katandhing karo teks humor. d. teks anekdot drajate pada wae yen katandhing karo teks humor. e. teks anekdot nduweni isi, lelewaning basa, lan tujuan kang gumathok. 22. Bedane teks anekdot karo teks humor, yaiku ....
a. Teks anekdot guyonane lugu/wantah, yen teks humor guyonane ngandhut pasemon, wewarah, lan utawa wejangan.
b. Teks anekdot isine nyritakake lelakone wong penting, yen teks humor isine nyritakake lelakone wong biasa.
62 Sastri Basa /Kelas 12
c. Teks anekdot mupangate minangka sarana lelipur utawa hiburan, yen tekshumor mupangate minangka sarana kritik sosial.
d. Teks anekdot kadhapuk adhedhasar khayalan utawa imajinasi, yen teks humor kadhapuk adhedhasar prastawa kang nyata.
e. Teks anekdot guyonan ora migunakake lelewaning basa, yen teks humor guyonane migunakake lelewaning basa.
23. miturut Kanthi trengginas Bandhot ngecakake akal buluse, tegesan rokok sing dibuwang mau dijupuk maneh banjur disedhot karo muni, ”Ooo .... sepurane, rokokku ceblok”. Punggelan teks kasebut struktur teks anekdot kalebu perangan …. a. janturan b. pawadan c. prakara d. tanggapan e. wasana
24. Ajaran moral sajeroning teks anekdot mujudake wejangan utawa wewarah kang nduweni sipat praktis, jalaran....
a. diwedharake pengarang lumantar para paraga. b. pituduh iku bisa ditrepake ing bebrayan. c. minangka kaca benggala.
d. kanggo nyemoni tingkah polah para pemimpin.
e. masyarakat pengin para pejabat nduweni moral kang apik.
25. Supaya bisa dadi sarana kritik sosial kang dulce et utile ‘nyenengake lan migunani’, teks anekdot kudu ....
a. dibungkus kanthi crita kang ngguyokake lan dibumboni lelewaning basa kang trep.
b. dibungkus kanthi crita horor kang medeni lan dibumboni lelewaning basa kang trep.
c. dibungkus kanthi crita kang up to date lan dibumboni lelewaning basa kang trep.
d. dibungkus kanthi crita kang lucu lan dibumboni gambar-gambar kang endah. e. dibungkus kanthi crita kang lucu lan dibumboni prenesan maneka warna.