ASILING PANALITEN SAHA PIREMBAGAN
A. Asiling Panaliten
1) Pisuhan Tembung Lingga Aran Referen Namaning Kewan
Pisuhan awujud tembung lingga aran referen namaning kewan kaperang dados tiga inggih menika pisuhan kangge ngandharaken raos jengkel, kuciwa, lan ngandharaken raketing sesambetan.
(a)Pisuhan Awujud Tembung Lingga Referen Namaning Kewan kangge Ngandharaken Raos Jengkel
Wonten ing Lawakan Curanmor kapanggihaken pisuhan ingkang awujud tembung lingga ingkang gadhah referen namaning kewan lan kangge ngandharaken raos jengkel. Pisuhan awujud tembung lingga ingkang gadhah referen namaning kewan kangge ngandharaken raos jengkel saged dipuntingali wonten ing pethikan menika.
Konteks: Yugo ngemutaken ibunipun supados ngleresaken rikmanipun ingkang mawud-mawud (boten rapi) nalika ibunipun saweg umpetan amargi kuwatos wonten tiyang ingkang ngertos nalika Yugo saweg nyolong kelapa.
(1)Yugo: “Kuwe rambute ditata dhisit, aja kaya landhak.”
(Data no. 3 MP3 Curanmor no. 4, Anak Nurut Maring Mamake)
Wonten ing tuladha menika kapanggihaken pisuhan ingkang awujud tembung ‘landhak’. Wonten salebeting tuturan menika tembung ‘landhak’ kalebet tembung pisuhan amargi menika boten kangge nyebut landhak minangka jinising kewan ananging kangge nyebut mitra tutur inggih menika ibunipun Yugo.
Tembung ‘landhak’ menika kalebet tembung lingga. Tembung ‘landhak’ menika kalebet tembung lingga amargi dereng ewah lan dereng angsal wuwuhan.
Menawi dipuntingali saking jinising tembung, tembung ‘landhak’ kalebet tembung aran. Tembung ‘landhak’ kalebet tembung aran amargi saged dipungandheng kanthi tembung ‘dudu’ dados ‘dudu landhak’ lan boten saged dipungandheng kaliyan tembung ‘ora’ kados ’ora landhak’.
Referen saking pisuhan menika kalebet referen namaning kewan. Acuan saking tembung ‘landhak’ inggih menika kewan ingkang wulu kaku lancip-lancip kados eri. Wonten ing tuturan menika Yugo mastani mitra tuturipun ‘landhak’. Menika sampun beda saking acuan ‘landhak’ minangka jinising kewan ananging tembung ‘landhak’ dipuntujokaken kangge mitra tuturipun. Dados wonten ing ukara menika referen saking pisuhan sampun beda tegesipun ananging taksih gadhah gegayutan, bilih rikmanipun mitra tutur dipunsamikaken kaliyan rambut landhak ingkang ngadeg-ngadeg.
Menawi dipuntingali kanthi konteks tuturan, tuturan ingkang ngemu pisuhan menika kangge ngandharaken raos jengkel. konteks tuturan ingkang ngemu pisuhan menika kangge ngandharaken raos jengkel Yugo dhateng ibunipun amargi rikmanipun ibunipun awud-awudan (boten rapi). Wekdal menika Yugo ajrih lan kuwatos bok bilih wonten tiyang ingkang ngertos nalika piyambakipun saweg nyolong kelapanipun tiyang amargi rikma ingkang awud-awudan menika saged nyebabaken konangan. Kangge ngandharaken raos jengkelipun Yugo dhateng ibunipun satemah Yugo mastani ibunipun kados landhak.
(b)Pisuhan Awujud Tembung Lingga Referen Namaning Kewan kangge Ngandharaken Raos Kuciwa
Wonten ing Lawakan Curanmor kapanggihaken pisuhan ingkang awujud tembung lingga ingkang gadhah referen namaning kewan kangge ngandharaken raos kuciwa. Pisuhan awujud tembung lingga ingkang gadhah referen namaning kewan kangge ngandharaken raos kuciwa saged dipuntingali wonten ing pethikan menika.
Konteks: Rambo konangan dhateng bapakipun pacare amargi bapakipun pacare Rambo menika tiyang ingkang kagungan apotek nalika Rambo tumbas kondom.
(2)Penjaga apotek: “Kampret kowe pancen!”
(Data 3, MP3 Curanmor no. 7, Beli Kondong)
Wonten ing tuladha menika kapanggihaken pisuhan ingkang awujud tembung ‘kampret’. Tembung ‘kampret’ kalebet pisuhan amargi kalebet tembung kasar lan referen saking kampret menika dipunanggep ala kaliyan masarakat. Wonten salebeting tuturan menika tembung ‘kampret’ kalebet tembung pisuhan amargi menika boten kangge nyebut kampret minangka jinis kewan ananging kangge nyebut mitra tutur saking penjaga apotek inggih menika Rambo.
Tembung ‘kampret’ menika kalebet tembung lingga. Tembung ‘kampret’ menika kalebet tembung lingga amargi dereng ewah lan dereng angsal wuwuhan.
Menawi dipuntingali saking jinising tembung, tembung ‘kampret’ kalebet tembung aran amargi saged dipungandheng kanthi tembung ‘dudu’ dados ‘dudu kampret’ lan boten saged dipungandheng kaliyan tembung ‘ora’ kados ’ora kampret’.
Referen saking pisuhan menika kalebet referen namaning kewan. Acuan saking tembung ‘kampret’ inggih menika nama kewan bangsa lawa alit. Wonten ing tuturan menika Penjaga Apotek mastani mitra tuturipun ‘kampret’. Menika sampun beda saking acuan ‘kampret’ minangka jinising kewan ananging dipuntujokaken kangge mitra tuturipun. Dados wonten ing ukara menika referen saking pisuhan sampun beda tegesipun.
Menawi dipuntingali kanthi konteks tuturan ingkang ngemu pisuhan menika dipun-ginakaken kangge ngandharaken raos kuciwa. Pisuhan menika dipun-ginakaken kangge ngandharaken raos kuciwa penjaga apotek dhateng Rambo amargi pacaripun putranipun inggih menika Rambo kanyata tiyang ingkang tumbas kondom kaliyan piyambakipun wonten ing apotek. Penjaga apotek ingkang kuciwa lajeng misuh kanthi nyebut Yugo menika kampret.
(c)Pisuhan Awujud Tembung Lingga Referen Namaning Kewan kangge Ngandharaken Raketing Sesambetan
Wonten ing Lawakan Curanmor kapanggihaken pisuhan ingkang awujud tembung lingga ingkang gadhah referen namaning kewan kangge ngandharaken raketing sesambetan. Pisuhan awujud tembung lingga ingkang gadhah referen namaning kewan kangge ngandharaken raketing sesambetan saged dipuntingali wonten ing pethikan menika.
Konteks: Ari nggleweh bapakipun nalika ibunipun dipunenyek kados kucrit. (3)Ari: “Biyungku kucrit ya ramaku clurut.”
Wonten ing tuladha menika kapanggihaken pisuhan ingkang awujud tembung ‘clurut’. Tembung ‘clurut’ kalebet pisuhan amargi referen saking clurut menika dipunanggep ala kaliyan masarakat. Wonten salebeting tuturan menika tembung ‘clurut’ kalebet tembung pisuhan amargi menika boten kangge nyebut clurut minangka jinis kewan ananging kangge nyebut mitra tutur saking Ari inggih menika bapakipun Ari.
Tembung ‘clurut’ menika kalebet tembung lingga. Tembung ‘clurut’ menika kalebet tembung lingga amargi dereng ewah lan dereng angsal wuwuhan.
Menawi dipuntingali saking jinising tembung, tembung ‘clurut’ kalebet tembung aran amargi saged dipungandheng kaliyan tembung ‘dudu’ dados ‘dudu clurut’ lan boten saged dipungandheng kaliyan tembung ‘ora’ kados ’ora clurut’.
Referen saking pisuhan menika kalebet referen namaning kewan. Acuan saking tembung ‘clurut’ inggih menika kewan bangsa tikus ingkang ambunipun langu. Wonten ing tuturan menika Ari mastani mitra tuturipun ‘clurut’. Menika sampun beda saking acuan ‘clurut’ minangka jinising kewan ananging dipuntujokaken kangge mitra tuturipun. Dados wonten ing ukara menika referen saking pisuhan sampun beda tegesipun.
Menawi dipuntingali kanthi konteks tuturan saking pisuhan menika ngandharaken raketing sesambetan Ari kaliyan bapakipun amargi tuturan menika ancasipun kangge gojegan antawisipun Ari dhateng bapakipun nalika ibunipun dienyek kados kucrit. Tuturan menika dipun-ngendhikaaken sinambi gojekan kangge ngandharaken raketing sesambetan. Awit saking raketing sesambetan
antawisipun Ari dhateng bapakipun satemah Ari nyebut bapakipun clurut nalika bapakipun nyebut ibunipun kucrit.