• Tidak ada hasil yang ditemukan

Ringkesan setelan kamera potret

Dalam dokumen Xperia active Buku tuntunan (Halaman 97-100)

Pangenalan pemandangan

Kamera nemtokake pemandangan endi sing paling apik. Lambang pemandhangan lan teks katon yen pemandhangan dipilih.

Normal

Sapuan Panorama 3D

Kanthi Sweep Panorama™ 3D sampeyan bisa njupuk potret sudhut amba, panorama ing

pemandhangan apa wae ing 3D. Penet tombol kamera banjur pindhah kamera kanthi ajeg saka sisih menyang sisih liyane.

Sapuan Panorama

Gunakake setelan iki kanggo njupuk potret sudhut amba, panorama. Penet tombol kamera banjur pindhah kamera kanthi ajeg saka sisih menyang sisih liyane.

Mode fokus

Fungsi fokus ngontrol bagean potret endi sing kudu kontras. Nalika fokus otomatis urip, kamera tansah nyetel fokus supaya area ing pigura fokus putih tetep kontras.

Fokus tunggal otomatis

Kamera kanthi otomatis fokus ing subyek sing dipilih. Fokus otomatis terus-terusan urip. Demek terus layar kamera, pigura fokus putih malih dadi ijo nalika fokus wis disetel. Potret bakal dijupuk sanalika sampeyan ngeculake driji.

Multi fokus otomatis

Fokus kanthi otomatis disetel ing sawetara area gambar. Demek terus layar kamera, pigura fokus putih malih dadi ijo nalika fokus wis disetel. Potret bakal dijupuk sanalika sampeyan ngeculake driji. Fokus otomatis terus-terusan mati.

Deteksi praupan

Kamera kanthi otomatis ndeteksi nganti limang pasuryan, sing dituduhake dening pigura ing layar kamera. Kamera kanthi otomatis fokus ing subyek sing paling cedhak. Sampeyan uga bisa milih pasuryan kanggo njupuk fokus kanthi nunyuk pasuryan kasebut ing layar. Demek terus layar kamera, pigura fokus putih malih dadi ijo nalika fokus wis disetel. Potret bakal dijupuk sanalika sampeyan ngeculake driji. Deteksi pasuryan ora bisa digunakake kanggo kabeh jinis pemandangan. Fokus otomatis terus-terusan urip.

Tanpa wates

Gunakake nalika njupuk potret saka kadohan. Fokus disetel ing subyek sing adoh. Subjek sing cedhak karo kamera bisa uga burem. Fokus otomatis terus-terusan mati.

Fokus tutul

Tutul bagean tartamtu ing layar kamera kanggo nyetel area fokus. Fokus otomatis terus-terusan mati. Demek terus layar kamera, pigura fokus putih malih dadi ijo nalika fokus wis disetel. Potret bakal dijupuk sanalika sampeyan ngeculake driji.

Setelan iki mung kasedhiya ing mode motret Normal. Nilai cahya

Nemtokake jumlah cahya ing potret sing pengin dijupuk. Angka sing luwih dhuwur nuduhake cahya sing tambah akeh.

Setelan iki mung kasedhiya ing mode motret Normal. Ngukur

Fungsi iki kanthi otomatis nemtokake cahya sing imbang kanthi ngukur jumlah cahya kanggo gambar sing pengin dijupuk.

Pusat

Nyetel cahya menyang tengah gambar. Rata-rata

Ngetung cahya adhedhasar jumlah cahya kanggo kabeh gambar. Titik

Nyetel cahya ing bagean cilik saka gambar sing pengin dijupuk.

Setelan iki mung kasedhiya ing mode motret Normal. Imbangan putih

Setelan imbang putih nyetel imbangan werna miturut kondisi cahya.

Otomatis

Nyetel imbangan werna kanthi otomatis miturut kondisi cahya. Pijar

Nyetel imbangan werna kanggo kondisi cahya anget, kayata ing ngisor lampu bolam. Fluoresensi

Nyetel imbangan werna kanggo cahya lampu neon. Awan

Nyetel imbangan werna kanggo panggunaan kondisi njaba ruangan kanthi cahya srengenge. Mendhung

Nyetel imbangan werna kanggo langit mendhung.

Setelan iki mung kasedhiya ing mode motret Normal. Stabiliser gambar

Nalika njupuk potret, bisa angel nyekeli telpon kanthi anteng. Stabiliser mbantu sampeyan kanthi ngimbangi obahe tangan sampeyan.

On

Stabiliser gambar urip. Gambar sing dijupuk mbutuhake wektu nyimpen luwih suwe yen fungsi iki urip. Off

Njupuk potret kanthi stabiliser mati.

Setelan ini mung kasadhiya ing mode motret Normal lan mode motret Kamera ngarep. Sesawangan

Gunakake fitur Pemandangan kanggo nyiyapake kamera kanthi cepet kanggo kahanan sing nggunakake pemandangan sing wis diprogram. Kamera wis nemtokake sawetara setelan sing bisa dicocogake miturut pemandangan sing wis dipilih, kanggo njupuk potret sing paling apik.

Off

Fitur Sawangan mati lan potret bisa dijupuk kanthi manual. Potret

Gunakake kanggo potret ngadeg. Setelan dioptimalake kanggo menehi nada skin sing luwis alus. Lanskap

Gunakake kanggo potret mujur nengen. Kamera fokus ing objek sing adoh. Nalika Lanskap dipilih, mode fokus diganti dadi Tanpa wates.

Pemandangan wengi

Gunakake nalika njupuk potret ing wayah wengi utawa ing lingkungan sing surem (tanpa lampu kilat). Amarga suwene wektu cahya, kamera kudu dicekeli kanthi anteng utawa diselehake ing papan sing rata. Nalika Pemandangan wengi dipilih, mode fokus diganti dadi Tanpa wates.

Potret wengi

Gunakake kanggo potret ngadeg ing wayah wengi utawa ing lingkungan sing kurang cahya (nganggo utawa tanpa nganggo lampu kilat). Amarga suwene wektu cahya, kamera kudu dicekeli kanthi anteng utawa diselehake ing papan sing rata.

Pantai lan salju

Gunakake ing lingkungan padhang kanggo ngindhari potret surem. Olahraga

GUnakake kanggo foto obyek sing mlaku cepet. Wektu cahya sing cepet minimalake burem amarga obah.

Pesta

Gunakake kanggo potret ing njero ruangan ing lingkungan kurang cahya. Pemandangan iki njupuk cahya latar mburi njero ruangan utawa cahya lilin. Amarga suwene wektu cahya, kamera kudu dicekeli kanthi anteng utawa diselehake ing papan sing rata.

Dokumen

Gunakake kanggo potret teks utawa gambar. Nambahi kontras potret sing luwih landhep.

Setelan iki mung kasedhiya ing mode motret Normal. Lampu kilat

Gunakake lampu kilat kanggo njupuk potret nalika kondisi cahya surem utawa ana cahya saka mburi Otomatis

Kamera kanthi otomatis nemtokake manawa kondisi cahya mbutuhake lampu kilat. Lampu kilat pangisi

Gunakake setelan iki yen latar mburi luwih padhang tinimbang subyek. Iki ngilangi bayangan peteng sing ora dipengini.

Off

Lampu kilat dipateni. Kadang, kualitas potret malah luwih apik tanpa lampu kilat, sanajan ing kondisi cahya surem. Njupuk potret sing apik tanpa nggunakake lampu kilat mbutuhake tangan sing anteng. Gunakake timer poto kanggo nyegah potret burem.

Nyuda mripat abang

Nyuda warna abang ing mata nalika njupuk potret.

Resolusi

Pilih ing antarane sawetara ukuran gambar lan rasio aspek sadurunge njupuk potret. Potret kanthi resolusi sing luwih dhuwur mbutuhake memori sing luwih akeh.

5MP 4:3

Ukuran gambar 5 megapiksel kanthi rasio aspek 4:3. Cocog kanggo potret sing pengin dideleng ing layar non-widescreen utawa dicithak kanthi resolusi dhuwur.

6MP 16:9

Ukuran gambar 3 megapiksel kanthi rasio aspek 16:9. Format widescreen resolusi dhuwur. Nduweni resolusi sing luwih dhuwur tinimbang full HD. Cocog kanggo potret sing pengin dideleng ing layar widescreen.

2MP 4:3

Ukuran gambar 2 megapiksel kanthi rasio aspek 4:3. Cocog kanggo potret sing pengin dideleng ing layar non-widescreen.

2MP 16:9

Ukuran gambar 2 megapiksel kanthi rasio aspek 16:9. Cocog kanggo potret sing pengin dideleng ing layar widescreen.

Atur wektu otomatis

Kanthi timer poto sampeyan bisa njupuk potret tanpa nyekeli telpon. Gunakake fungsi iki kanggo njupuk potret pribadhi, utawa potret kelompok supaya kabeh bisa dipotret. Sampeyan uga bisa nggunakake timer poto supaya kamera ora goyang nalika njupuk potret

Aktif (10 detik)

Setel wektu tundha 10 detik wiwit nutul layar kamera nganti potret dijupuk. Aktif (2 detik)

Setel wektu tundha 2 detik wiwit nutul layar kamera nganti potret dijupuk. Off

Deteksi eseman

Gunakake fungsi deteksi eseman kanggo nemtokake eseman apa sing ditanggepi kamera sadurunge njupuk potret.

Mesem amba

Mung njupuk potret nalika dideteksi eseman sing amba. Mesem biasa

Njupuk potret nalika dideteksi sing eseman sedhengan. Eseman sithik

Njupuk potret nalika dideteksi eseman sing tipis. Off

Fungsi deteksi eseman mati.

Geotag

Menehi tag menyang potret nganggo katrangan ing ngendi potret dijupuk On

Yen geotagging diuripake, lokasi geografis kira-kira ditambahake menyang potret nalika dijupuk. Kanggo nggunakake geotag, sampeyan uga kudu ngaktifake fitur lokasi ing menu Setelan.

Waca Nggunakake layanan lokasi kanggo nggoleki posisi sampeyan ing kaca 118.

Yen arep nambahake geotag menyang potret, lokasi kudu ditemtokake dhisik sadurunge njupuk potret. Loikasi sampeyan ditemtokake nalika ditampilake ing layar kamera. Nalika telpon nelusuri posisi sampeyan, ditampilake .

Off

Nalika geotagging dipateni, sampeyan ora bisa ndeleng lokasi ing ngendi sampeyan njupuk potret

Swara rana

Pilih arep nganggo utawa ora arep nganggo swara nalika njupuk potret.

Cara motret

Pilih cara sing digunakake kanggo njupuk potret.

Tombol layar

Njupuk potret kanthi nutul layar tutul ing layar kamera. Potret dijupuk sanalika sampeyan ngangkat driji. Njupuk tutul

Ngenali area fokus tartamtu kanthi nutul layar kamera nganggo driji. Potret dijupuk sanalika sampeyan ngangkat driji. Iki dianggo yen mode fokus disetel dadi fokus demek.

Mung tombol kamera

Njupuk potret mung kanthi nggunakake tombol kamera piranti keras. Potret dijupuk sanalika sampeyan ngangkat driji.

Dalam dokumen Xperia active Buku tuntunan (Halaman 97-100)

Dokumen terkait