• Tidak ada hasil yang ditemukan

DURMA

1. Wadyanira sri narapati ing Yaman, amuntab pireng kethi,

pirang-pirang yuta, malah surup Hyang Arka, kang prajurit meksih gili, ing lampahira,

Sang Nata prapteng jawi.

2. Pra dipati samya lancang-linancangan, mangkono kang winarni,

ingkang para kadang, samya ngobongi wisma, Raden Ngabdullah Buntalip, lan Menak Abas,

dahana wus andadi.

3. Pinajupat pangobonge wadyeng Mekah, amumbul ponang geni,

kagyat wadyeng Yaman, palihan manahira, akathah kang samya bali, lawan timbalan,

nira Sri Narapati.

4. Kang sapalih wadya kinen ngrebat kitha, ingkang kathah tan nganti,

samya alorodan, ngrebut nak putunira, mangkana Sri Narapati, wus kaesisan,

ing bala keh lumaris.

Umarmaya ningali, yen mengsah geng prapta, sorotira pinasang,

kang katempuh sami ngisis, murub marongan,

tan ana tahan geni.

6. Nateng Yaman sinander marang wong Menak, niba saking turangga,

sinikep saksana, Sang Nata datan polah, pepes bayu tan ngundhili, asru tatanya,

sireku hantu ngendi.

7. Dene sira teka nyikep marang ingwang, sapata ranmu belis,

Raden Ambyah mojar, dudu hantu manira, ngong sutane adipati, Mekah kang aran, Arya Ngabdul Muntalip.

8. Umarmaya mara sarwi ngunus pedhang, kadi pundi puniki,

nunten pinejahan, sinudhet wadhukira, ususe dipun palirit, dosane tansah, ambadhog bulubekti

9. Hell sang nata pilihen pedhang lan rajang, miwah cacap lan lembing,

lah sira piliha, age mupunga enjang, Marmaya abriga-brigi, sang nateng Yaman,

tyase maras tan sipi.

10. Ingsun iki kulup angur uripana, dene kadhaton mami,

alapen sasigar, suri milu agamanta, myang sakarsanira tuwin, mari manira,

amupu bulubekti.

11. Tuhu kulup ingsun manut marang sira, wong Menak lingira ris,

lah inggih Sang Nata, tuwan salin agama, sarengat Nabi Ibrahim, sampun angucap, Sang Nata den uculi.

12. Wadyanirapunggawa mantri kang ana, kami tenggengen sami,

tutulung tan bisa, miyat lamun sang nata, samana wus den uculi, mara tur sembah, samya nut ing agami.

13. Pra dipati ing Yaman wus nut agama, ngandika Sri Bupati,

payo anakingwang, padha lumebeng pura, kadang-kadangira meksih, anengjro pura,

Ngabdullah Abuntalip.

14. Lajeng nitih turangga wau Sang Nata, Rahaden Ambyah nuli,

nitih Kalisahak, budhal Sri Naranata,

sagung arta bulubekti, sampun binekta, maring jro kitha sami.

15. Sakalangkung sihira Sang Nateng Yaman, tan pisah ing samargi,

turangganya jajar, tan pisah sanalika,

wong Yaman ebat ningali, miwah Sang Nata,

maring kudanira Mir.

16. Sampun prapteng panangkilan Sri Narendra, Raden Ambyah kinanthi,

wus kinon alenggah, ing palowanu retna,

sagung kang punggawa mantri, miwah satriya,

ratu kang mancabumi.

17. Samya kucem sarawungan cahyanira, kadya wulan upami,

kawedalan surya, kusut cahyaning wulan, karoban surya rumembi, tana tumenga,

samya sasmita ajrih.

18. Nulya medal pupundhutan saking pura, anulya punang larih,

dhadhasar mas jingga, sinotyeng nawaretna, piremas taluki kuning, lelemekira,

mider kanang lalapcin.

19. Nateng Yaman tan pegat andikanira, marang wong Menak asih,

pan pinutra putra, tanapi para kadang, sadaya tinami-tami, sinung dunungan, sinuba-suba sami.

20. Pira-pira kamulyan mring wong ing Mekah, samya ginusti-gusti,

andina kasukan, gantya-gantya sugata, kendel lamun tekeng wengi, kocaping kandha,

sampun salawe wengi.

21. Putreng Mekah binoja krama neng Yaman, siyang pantara latri,

myang ing panangkilan, belabur sekul ulam,

mangkana ingkang winarni, ingkang lalana,

anjajah andon jurit.

22. Wus akathah nagri kapir kang kaidak, kang bangga den pateni,

yen ratu prakosa, tan purun anungkula, yen kathah ingkang prajurit, rawuh rinencak,

dalu denya dhatengi.

23. Lajeng tundhuk andarojog jroning pura, yen ratune wus panggih,

gegere puyengan, ingantep ratunim,

yen purun nut ing agama, sinung apura,

.24. Dadya kawus kang para ratu amanca, ingkang anglawan jurit,

kutha tinuguran, pinagut saben dina, tuhu-tuhuning prajurit, Rahaden Maktal, pilih ingkang uadhahi.

25. Ing yudane akathah rutu kuciwa, giris pra manca nagri,

kalamun amanah, nadyan parise waja, rangkep pitu tatas sami, lamun anggada,

amedhang lan ambindi.

26. Kathah ratu pejah lan dipangganira, luluh tumibeng siti,

yen angadu bala, prajurit seseliran, patang ewu kere wesi, turangganira,

samya kineren wesi.

27. Sampun kasub dadya prajurit digdaya, kathah kang nungkul aris,

wus samya sinungan, sadaya tali tangan,

kang minangka anting-anting, tandha kabala,

maring Maktal prajurit.

28. Gagawane prajurit duk kesahira, saking ing Ngalabani,

saleksa kang patang, ewu mangkya wewahnya, limang leksa kang prajurit, putra jarahan,

kathah ingkang tut wuri.

29. Putreng Miskat tanapi ing Kudaendah, kaboyong wus angabdi,

putreng Sitibarjali, ing Mahribi kabala, miwah wau ing Pildani. Kopah suwita,

ing Luhyalam ing Jabit.

30. Duk semana Raden Mektal aneng Miskat, prajurit den undhangi,

siyageng ngayuda, pan arsa tumuntura, marang ing Yaman nagari, sabalanira,

datan kawarneng margi.

31. Prapteng Yaman kendel sajawining kitha, geger atutup kori,

wadyeng Yaman sigra, mantri kang tunggu lawang, atur uninga ing patih, wonten satriya, lalana andon jurit.

32. Balanira kendel sajawining kitha, kya patih tur upeksi,

marang Sri Narendra, yen wonten parangmuka alalana andon jurit, gugup Sang Nata, sigra miyos tinangkil.

33. Asupenuh pra dipati lan satriya, punggawa para mantri,

siyageng ngayuda, wau pra putreng Mekah,

sadaya wus samya nangkil, Rahaden Ambyah,

tan tebih lan Sang Aji.

34. Nateng Yaman asru denira ngandika, marang rekyana patih,

patih sapa baya,

kang arsa malbeng kutha, kang lalana andon jurit, wartane sapa,

miwah satriya ngendi.

35. Patih Burhan tur sembah wartining kathah, putra ing Ngalabani,

saha sampun kathah, jajahan kang kaidak,

wong Menak duk myarsa angling, ing graiteng tyas,

myarsa aturing patih.

36. Dhuh pukulun manawi boten alomba, satriya ingkang prapti,

luhung pinaguta,

sampun kaunang-unang, nagari kang den prepeki, rawuh ginecak,

sigra mByah matur aris.

37. Dhuh Sang Nata puniku pun Yayi Maktal, anusul marang mami,

sampun tuwan gita, punika pakoningwang, ngandika Sri Narapati, lamun mangkana, lah papagena patih.

38. Patih Burhan umatur marang Sang Nata, lamun suwawi Gusti,

satunggal wontena, abdinta putra tuwan, manawi asalah tampi, yata wong Menak, Marmaya kang tinuding.

39. Budhal saking ngayunan nateng ing Yaman, rikat lampahe prapti,

sajiwining kitha,

gya panggih Raden Maktal, Umarmaya asisirig,

paran pinaran,

XI. SANG RETNA UMANDHITAHIM, RAJAPUTRI ING