• Tidak ada hasil yang ditemukan

Setelan Internet lan MMS

Dalam dokumen Buku tuntunan. Xperia ZL C6502/C6503/C6506 (Halaman 30-33)

Kanggo ngirim pesen multimedia utawa ngakses internet nalika ora ana jaringan Wi-Fi® sing sumadhiya, sampeyan kudu duwe sambungan data seluler sing bisa fungsi lan duwe setelan Internet lan MMS (Multimedia Messaging Service) sing bener. Deleng tips-tips iki:

• Kanggo jaringan seluler lan operator umume, setelan internet lan MMS wis diinstal sadurunge ing piranti sampeyan. Sampeyan banjur bisa wiwit nganggo internet lan langsung bisa ngirim pesen multimedia.

• Ing sebageyan kahanan, sampeyan oleh opsi kanggo ngundhuh setelan internet lan MMS sanalika nguripake piranti sawise kertu SIM dilebokkake. Sampeyan uga bisa ngundhuh setelan iki liya wektu saka menu Setelan.

• Sampeyan bisa kapan wae sacara manual nambah, nggenti, utawa mbusak setelan internet lan MMS ing piranti. Yen sampeyan ora sengaja nggenti utawa mbusak setelan internet utawa MMS, undhuh setelan internet lan MMS maneh.

• Yen sampeyan ora bisa entuk dalan internet ing jaringan seluler utawa yen olahpesen multimedia ora aktif, senajan setelan internet lan MMS wis kasil diundhuh menyang piranti sampeyan, deleng tips-tips atas masalah kanggo piranti sampeyan ing www.sonymobile.com/support/ kanggo masalah cakupan jaringan, data seluler, lan MMS.

Yen mode STAMINA urip kanggo nyimpen daya, kabeh kiriman data mobile ngaso nalika layar mati. Yen iki nyebabake masalah sambungan, coba alangi sawetara aplikasi layanan saka ngaso, atau pateni mode STAMINA sawetara. Kanggo informasi liyane, waca Ringkesan fitur mode STAMINA ing kaca 22.

Yen sampeyan nggunakake piranti karo pirang-pirang pangguna, mung pamilik, yaiku pangguna utama, sing bisa ngundhuh setelan internet lan olahpesen saka menu Setelan, nanging setelan sing diundhuh bisa ditrapake marang kabeh pangguna.

Ndownload setelan Internet lan MMS

1 Saka Layar ngarep, tutul .

2 Golek banjur tutul Setelan > Liyane > Setelan Internet.

3 Tutul Tampa. Nalika setelan wis kasil diundhuh, katon ing garis status lan data seluler diuripake kanthi otomatis.

Yen setelan ora bisa diundhuh menyang piranti sampeyan, priksa kakuwatan sinyal jaringan seluler. Pindhaha menyang njaba sing tanpa aling-aling utawa nyedhaka menyang jendhela banjur coba maneh.

Nambah setelan internet lan MMS kanthi manual

1 Saka Layar ngarep, tutul .

2 Golek banjur tutul Setelan > Liyane > Jaringan mobile.

3 Tutul Jeneng Titik Akses > .

4 Tutul Jeneng banjur tik jeneng sing dikepingini.

5 Tutul APN banjur tik jeneng jalur akses.

6 Tik kabeh informasi liya sing dijaluk. Yen sampeyan ora mangerteni informasi apa sing dijaluk, hubungi operator jaringan kanggo njaluk rincian sing luwih akeh.

7 Yen wis rampung, tutul , banjur tutul SIMPEN.

Ndeleng setelan Internet lan MMS sing diundhuh

1 Saka Layar ngarep, tutul .

2 Golek banjur tutul Setelan > Liyane > Jaringan mobile.

3 Tutul Jeneng Titik Akses.

4 Kanggo ndeleng rincian luwih akeh, tutul item sing wis sadhiya.

Yen sampeyan duwe sambungan sumadhiya luwih saka siji, sambungan jaringan sing aktif katon saka tombol sing ditandhani.

Wi-Fi®

Gunakake sambungan Wi-Fi® kanggo njlajah Internet, ngundhuh aplikasi, utawa ngirim lan nampa email. Yen wis nyambung menyang jaringan Wi-Fi®, piranti sampeyan ngeling-eling jaringan kasebut lan otomatis nyambung yen liya wektu ana ing jangkoan jaringan kasebut.

Saperang jaringan Wi-Fi® majibake sampeyan mlebu ing kaca web tartamtu supaya bisa entuk akses. Kontak administrator jaringan Wi-Fi® sing sesambungan kanggo informasi sajangkepe.

Jaringan Wi-Fi® sing sumadhiya bisa asipat kabuka utawa katutup/aman.

• Jaringan sing kabuka tandhane ana ing jejere jeneng jaringan Wi-Fi®.

• Jaringan sing katutup/aman tandhane ana ing jejere jeneng jaringan Wi-Fi®.

Saperang jaringan Wi-Fi® ora njedul ing dhaptar jaringan sing sumadhiya amarga ora nyiyarake jeneng jaringane (SSID). Yen sampeyan ngerti jeneng jaringane, sampeyan bisa nambahake sacara manual menyang dhaptar jaringan Wi-Fi® sing sumadhiya.

Ngaktifake Wi-Fi®

1 Saka Layar ngarep, tutul .

2 Golek banjur tutul Setelan > Wi-Fi.

3 Tutul tombol on-off kanggo nguripake fungsi Wi-Fi®.

Iki perlu sawetara detik sadurunge Wi-Fi® bisa aktif.

Nyambung menyang jaringan Wi-Fi® kanthi otomatis

1 Saka Layar ngarep, tutul .

2 Golek banjur tutul Setelan > Wi-Fi.

3 Tutul tombol on-off kanggo nguripake fungsi Wi-Fi. Kabeh jaringan Wi-Fi® sing kasedhiya ditampilake.

4 Tutul jaringanWi-Fi® kanggo nyambungake. Kanggo jaringan aman, ketik sandhi sing cocog. ditampilake ing garis status yen sampeyan wis nyambung.

Kanggo nggoleki jaringan anyar sing kasedhiya, tutul , banjur tutul Refresh. Yen sampeyan ora bisa kasil nyambung menyang jaringan Wi-Fi, deleng tips ngatasi masalah sing cocog kanggo piranti sampeyan ing www.sonymobile.com/support/.

Nambah jaringan Wi-Fi® kanthi manual

1 Saka Layar ngarep, tutul .

2 Golek banjur tutul Setelan > Wi-Fi.

3 Tutul > Tambah jaringan.

4 Tik informasi Jeneng jaringan (SSID).

5 Kanggo milih jinis pangamanan, tutul kolom Keamanan.

6 Yen dijaluk, tik sandhi.

7 Kanggo ngowahi sawetara opsi sabanjure kayata proxy lan setelan IP, tandhani kothak centhang Pilihan canggih banjur owahi kaya sing dikarepake.

8 Tutul Simpen.

Hubungi administrator jaringan Wi-Fi® sampeyan kanggo njaluk SSID jaringan lan sandhi.

Setelan Wi-Fi®

Yen sampeyan disambungake menyang jaringan Wi-Fi® utawa yen kasedhiya jaringan Wi-Fi® ing sacedhake, sampeyan bisa ndeleng status jaringan kasebut. Sampeyan uga bisa mbisakake piranti supaya ngabari manawa ana jaringan Wi-Fi® dideteksi.

Yen sampeyan ora kasambung menyang jaringan Wi-Fi®, piranti nggunakake sambungan data seluler kanggo ngakses Internet (yen sampeyan wis nyiyapake lan ngaktifake sambungan data seluler ing telpon). Kanthi nambahake kabijakan ora aktif Wi-Fi®, sampeyan bisa namtokake kapan arep ngoper saka Wi-Fi® menyang data seluler.

Ngaktifake kabar jaringan Wi-Fi®

1 Uripake Wi-Fi®, yen durung urip.

2 Saka Layar ngarep, tutul .

3 Golek banjur tutul Setelan > Wi-Fi.

4 Tutul > Canggih.

5 Seret panggeser ing jejere Kabar jaringan menyang tengen.

Ndeleng rincian informasi babagan jaringan Wi-Fi® sing sinambung

1 Saka Layar ngarep, tutul .

2 Temokake banjur tutul Setelan > Wi-Fi.

3 Tutul jaringan Wi-Fi® sing saiki disambungake. Rincian informasi jaringan bakal ditampilake.

Nambah kabijakan turu Wi-Fi®

1 Saka Layar ngarep, tutul .

2 Golek banjur tutul Setelan > Wi-Fi.

3 Tutul , banjur tutul Lanjut > Wi-Fi tetep aktif sajrone turu.

4 Pilih salah siji.

WPS

WPS (Wi-Fi® Protected Setup) iku standar jaringan nirkabel sing nulung netepake sambungan jaringan nirkabel aman. Yen sampeyan ngerti sethithik bab keamanan nirkabel, WPS nggampangake sampeyan ngatur wiwitan sandhi katrangan Wi-Fi Protected Access (WPA) kanggo ngamanake jaringan. Sampeyan uga bisa nambah piranti menyang jaringan sing ana tanpa ngetik sandhi sing dawa.

Gunakake salah siji cara iki kanggo mbisakake WPS:

• Cara menet tombol – cukup menet tombol ing piranti sing didhukung WPS, contone, perute.

• Cara PIN – piranti sampeyan nggawe PIN (Personal Identification Number) acak, sing diketik ing piranti sing didhukung WPS.

Nyambung menyang jaringan Wi-Fi® nganggo tombol WPS

1 Saka Layar ngarep, tutul .

2 Golek banjur tutul Setelan > Wi-Fi.

3 Uripake Wi-Fi® yen durung murup.

4 Tutul > Lanjut > Tombol Push WPS, banjur penet tombol WPS ing piranti sing didhukung WPS.

Nyambung menyang jaringan Wi-Fi® nganggo PIN WPS

1 Saka Layar ngarep, tutul .

2 Golek banjur tutul Setelan > Wi-Fi.

3 Uripake Wi-Fi® yen durung murup.

4 Tutul > Lanjut > Entri PIN WPS.

5 Ing piranti sing didhukung WPS, ketik PIN sing ditampilake ing piranti sampeyan.

Dalam dokumen Buku tuntunan. Xperia ZL C6502/C6503/C6506 (Halaman 30-33)

Dokumen terkait