• Tidak ada hasil yang ditemukan

TAHUN PELAJARAN 2014 / 2015

Dalam dokumen ULANGAN UMUM SEMESTER GANJIL (Halaman 26-35)

Mata Pelajaran : Bahasa Daerah Kelas : IX Hari / Tanggal : Rabu, 16 Desember 2015 Waktu : 07.30-09.00

Pilihen salah siji jawaban sing bener! Wacan

Critane dawa, Adhi Sukrasana, nalika aku sowan ana kraton Maespati ngadhep Prabu Arjunasasra, aku matur apa sing dadi gegebenganing atiku. Prabu Arjunasasra kersa nampa pasuwitanku sauger aku bisa mboyong Dewi Citrawati saka negara Magada. Aku nyaguhi apa sing dadi kersane Sang Prabu. Tekan negara Magada ngepasi negara mau dibyuki raja sewu negara kang padha ngayunake Dewi Citrawati, Mbaka siji aku kasil ngalahake raja-raja mau.

1. Tegese tembung gegebengan ing paragraf dhuwur yaiku … a) Keadilan

b) Gagayuhan c) Kemajuan d) Kekalahan

2. Tegese tembung pasuwitanku ing paragraf dhuwur yaiku … a) Panglamarku

b) Panyuwunku c) Pangabdianku d) Keputusanku

3. Tegese tembung dibyuki ing paragraf dhuwur yaiku … a) Diserbu kanthi jumlah kang akeh banget

b) Diserbu kanthi jumlah kang sithik banget c) Diserbu kanthi dadakan

d) Diserbu kanthi meneng-menengan

4. Prabu Arjunasasra kersa nampa pasuwitane Sumantri kanthi syarat apa ? a) Bisa mboyong Sukrasana

b) Bisa mboyong Dewi Ctrawati c) Bisa ngalahake Arjunasastra d) Bisa ngalahake Sukrasana

5. Geneya negara Magada dibyuki raya sewu negara ? a) Amarga padha ngayunake Dewi Citrawati b) Amarga padha nggething Dewi Citrawati c) Amarga kepengin dadi raja Magada d) Amarga kepengin mateni raja Magada

6. Adhedhasar isining paragraf ing dhuwur, watake Sumantri yaiku … a) Netepi dhawuhe ramane

b) Netepi dhawuhe adhine c) Netepi dhawuhe Sang Prabu d) Netepi dhawuhe Citrawati

7. Amanat kang bisa dijupuk saka pethikan crita ingb dhuwur yaiku … a) Kudu nindakake apa sing wis disaguhi

b) Kudu ninggalake apa sing wis disaguhi c) Aja nyaguhi yen ora sanggup nglakoni d) Aja nglakoni sing ora disenengi

8. Pirsa kahanan mau Sang Prabu katon duka banget, banjur dhawuh marang Kang Sumantri supaya ngrangket aku. Kang Sumantri age tumandang gawe, dheweke nyandhak tanganku terus diglandhang metu saka taman. Ana papan kang sep tanganku diculke. Kang Sumantri katon nesu banget. Mripate aban ngatirah, tangane malangkadhak karo nguman-uman aku.

“Aku rak wis kandha, kowe ora kena ngetok ana taman. Lha kok malah nekad, mlebu taman nganthi gawe wedine para putri.”

“Aku mung kepengin nemoni kowe, kok, Kang. Kowe rak wis janji ora arep ninggalke aku maneh.”

“Ora urus! Pokokekowe kudu lunga saka kene, mulihamenyang padhepokan ngancani Bapa Bengawan. Yen kowe tetep ana kene mung bakal ngreridhu lakuku arep nggayuh kamukten.”

Geneya Sumantri nesu marang adhine ? a) Amarga Sumantri didukani Sang Prabu b) Amarga Sumantri ditinggal adhine c) Amarga Sukrasana ngetok ing taman d) Amarga Sukrasana ditinggal Sumantri

9. Apa tujuane Sukrasana mlebu menyang njero taman ? a) Kepengin weruh Sang Prabu

b) Kepengin weruh wujude taman c) Kepengin nemoni Sang Putri d) Kepengin nemoni Sumantri

10. Watake Sukrasana saka pethikan crita in dhuwur yaiku … a) Tresna marang Sang Prabu

b) Tresna marang Sang Putri c) Tresna marang kangmase d) Tresna marang bapake

11. Watake Sumantri adhedhasar pethikan crita ing dhuwur yaiku … a) Mblejani janji marang adhine

b) Mblejani janji marang bapake c) Mblejani janji marang Sang Prabu d) Mblejani janji marang Sang Putri

12. Semono uga kewan-kewan sing bisa urip ing gurun mung sing wis adaptasi ewon taun. Unta umpamane, yen ngombe sepisan wae bisa entek sagenthong gedhe, disimpen ing wetenge kanggo sangu ing dalan-dalan sing durung mesthi ana oasene. Dene kewan-kewan cilik goleke pangan akeh-akehe ing wayah bengi kareben ora mati ngelak.

Geneya unta yen nombe sepisan bisa entek sagenthong ? a) Amarga awake gedhe mula uga butuh ngombe sing akeh

b) Amarga unta tahan panas, mula dheweke ora tau krasa kepanasen c) Amarga unta mlaku ing gurun iku panas banget mula unta tahan panas d) Amargo kanggo sangu ing dalan sing durung mesthi ana oasene 13. Geneya kewan cilik yen golek pangan wayah bengi ?

a) Supaya ora kademen b) Supaya ora mati ngelak

c) Supaya gampang oleh panganan d) Supaya oleh panganan akeh

14. Kutha-kutha gedhe wiwit kangelan golek sumber sing laik konsumsi. Tembung laik konsumsi ing ukara dhuwur tegese …

a) Aja dikonsumsi b) Ora dikonsumsi c) Layak dikonsumsi d) Ala dikonsumsi

15. Tujuan akhire supaya tandhon banyu bisa luwih akeh saengga kebutuhan banyu ngombe sing higienis bisa kacukupan.

Tembung tandhon banyu ing ukara ndhuwur tegese … a) Kabutuhan banyu

b) Kekurangan banyu c) Kaluwihan banyu d) Pasedhiyan banyu

16. Panganan kudu diawasi ke-higienisane, kadar nutrisine, kudu bebas saka bahan berbahaya. Mula bakul ing kantin ora kena dodolan panganan sembarangan. Lan sing penting bakule ora kena masak ing kantin kang nuwuhake asep sing ngganggu lingkungan. Kalebu asepe rokok. Area sekolah, area sing bebas saka rokok.

Geneya bakul ig kantin ora oleh dodol panganan sembarangan ? a) Amarga panganan sing didol kudu bebas saka bahan sin berbahaya b) Amarga panganan sing didol kudu panganan sing murah

c) Amarga panganan sing didol kudu panganan sing larang d) Amarga panganan sing didol kudu diolah dhewe dening bakule 17. Geneya bakule ora oleh masak ing kantin ?

a) Amarga njalari rusuh b) Amarga njalari repot c) Amarga nuwuhake asep d) Amarga ngganggu sekolah

18. Area sekolah becike mujudake area sing … a) Bebas saka sampah

b) Bebas saka rokok c) Bebas saka karamaian d) Bebas saka kekumuhan

19. Awak panas saktemene mujudake reaksi kang lumra minangka wujud pertahanane awak saka serangan penyakit, ora beda karo bentuk reaksi liyane. Umpamane diare, watuk, mripat mbobok, irung umbelen, cathuken. Kanthi ningkatake suhune, badan ngupaya supaya kuman utawa virus sing nyerang bisa dadi ringkuh njur luwih gampang ditumpas.

Awak panas kuwi sejatine mujudake apa ? a) Reaksi wujud pertahanane awak b) Reaksi lumebune penyakit c) Reaksi kena bibit penyakit d) Reaksi aarga klebon kuman

20. Apa tujuane suhu badan ditingkatake ? a) Supaya kuman sing nyerang dadi kuwat b) Supaya kuman sing nyerang dadi ringkih c) Supaya kuman sing nyerang dadi akeh d) Supaya kuman sing nyerang angel obate

21. Repote, dokter ahli pisan, apamaneh wong awam, kadang kangelan ndeteksi DBD. Meh kabeh infeksi akut ing awal serangane memper gejala DBD. Ciri khas DBD, kaya pendarahan kulit lan pendarahan liyane muncule ing akhir stadium.

Geneya dokter kangelan ndeteksi DBD ?

a) Amarga meh kabeh infeksi akut gejalane memper DBD b) Amarga meh kabeh infeksi akut angel obat-obatane c) Amarga meh kabeh infeksi akut durung ana obate d) Amarga meh kabeh infeksi akut obate larang regane 22. Ciri khas DBD arupa perdarahan kulit biasane muncul ing …

a) Awal stadium b) Tengah stadium c) Akhir stadium d) Awal lan akhir

23. Kang ora kaleu perangane naskah pidato yaiku … a) Pambuka

b) Isi c) Ular-ular d) Panutup

24. Ing pembukaan UUD 45 alinea katelu wis jelas dinyatakake yen kamardikan kang kita regem iku minangka berkah rohmahe ALLAH Kang Maha Kawasa. Mula saka iku, kamardikan dadi amanah kang wajib kita jaga.

25. Bab kang perlu kita tindakake pas pidato yaiku … a) Nyepakake klambi sing arep dianggo

b) Kudu nguwasani bab kang arep dipitadokake c) Nyepakake buku-buku

d) Nyepakake kendaraan

26. Aspek ritual, yen ditulis nganggo aksara Jawa …

27. Didegake, yen ditulis nganggo aksara Jawa …

28. Kerep dzikir, yen ditulis nganggo aksara Jawa …

30. Fatmawati, yen ditulis nganggo aksara Jawa …

31. yen ditulis latin : a. Tanggal 17 Oktober

b. Tanggal 18 Oktober c. Tanggal 27 Oktober d. Tanggal 28 Oktober

32. yen ditulis latin : a. Wedhuse 76

b. Wedhuse 77 c. Wedhuse 78 d. Wedhuse 79

33. Watak dzolim, ten ditulis Jawa :

34. Zaenal lagi ngaji, yen ditulis Jawa :

36.

Padha gulangen ing kalbu Ing sasmita amrih lantip Aja pijer mangan nendra Kaprawiran den kaesthi Pesunen sariranira

Sudanen dhahar lan guling

Guru lagu lan guru wilangane tembang ing ndhuwur ……… a. 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i

b. 8a; 8i, 8u, 8i, 8a, 8i c. 9u, 9i, 9a, 9i, 9a, 9i d. 9a, 9o, 9i, 9u, 9i, 9u

37. Adhedhasar guru lagu lan guru wilangane, tembang kasebut kalebu tembang: a. Pocung c. Kinanthi

b. Mijil d. Asmaradana

38. Kita aja mung nengenake mangan lan turu wae, bab iki selaras karo isining tembang ing ndhuwur gatra ... .

a. Loro c. papat

b. Telu d. lima

39. Bocah cilik punika

Seneng kewan lan diadu – adu Ana pitik ana keyong ana jangkrik Wedhus barang sok diadu

Yen menang dheweke keplok

Bocah cilik kuwi senengane ngadu kewan, bab ikiselaras karo isining tembang ing ndhuwur gatra ...

a. siji loro c. telu papat b. loro telu d. papat lima

40. Manawa kewan sing diedu menang, dheweke keplok. Pratelan iki selaras karo isining tembang ing ndhuwur gatra ... .

a. loro c. papat

ULANGAN UMUM SEMESTER GANJIL

SMP ISLAM GURAH

TAHUN PELAJARAN 2014 / 2015

Mata Pelajaran : Bahasa Daerah Kelas : VIII Hari / Tanggal : Rabu, 16 Desember 2015 Waktu : 10.00-11.30

Pilihen salah siji jawaban sing bener!

1. Ngisor iki klebu jenise layang kiriman, kejaba………….

a. kitir b. Ulem c. lelayu d. wara-wara 2. Layang kiriman sing isine perkara pribadi dikirim marang keluwargane, diarani….

a. layang kitir b. layang pribadi c. layang lelayu d. layang ulem 3. Layang kiriman sing isine kabar kesripahan, diarani …………

a. layang kitir b. layang pribadi c. layang lelayu d. layang ulem 4. Layang kiriman sing isine kabar undangan sunatan, manten, diarani………..

a. layang kitir b. layang pribadi c. layang lelayu d. layang ulem

5. Perangan layang pribadi sing nerangake keslametan lan donga muga-muga slamet marang sing dikirimi, diarani….

a. adawiyah b. bebuka c. isine layang d. panutup

6. Perangan layang pribadi sing isine njaluk pangapura marang sing dikirimi, diarani……… a. adawiyah b. bebuka c. isine layang d. panutup

7. Salamku, taklimku, minangka unggah-ungguh kirim layang marang. …………

a. bapak / anak b. wong nom c. wong tuwa . d. kanca /sedulur tuwa 8. Sawetawis cekap semanten atur kula, bilih wonten kalepatan nyuwun pangapunte unen-unen

kasebut mujudake perangan layang pribadi sing diarani……

a. adawiyah b. bebuka c. isine layang d. panutup

9. Kanthi serat menika kula caos kabar bilih kawontenan kula tansah ginanjar rahayu wilujeng. Unen-unen kasebut mujudake perangan layang pribadi sing diarani………

a. adawiyah b. bebuka c. isine layang d. panutup

10. Ukara utawa tetembungan sing ngandhut pitutur luhur sing bisa nuwuhake greget panguripan, diarani...

a. parikan b. paribasan c. sesanti d. saloka 11. Sepi ing pamrih…………... jangkepe sesanti iki yaiku:

a. rame ing pasar b. rame ing gawe c. rame ing omah d. rame ing dal 12. Ing ngarsa……….jangkepe sesanti iki yaiku:

a. rame ing gawe b. sung tuladha c. madya d. tut wuri handayani 13. ………sanyari bumi, jangkepe sesanti iki yaiku:

a. sadumuk bathuk b. sadumuk puluk c. puluk d. sadumuk dhengkul 14. Tut ………handayani, jangkepe sesanti iki yaiku …….

a. wuri b. mburi c. runtut d. ngarep 15. Kanggo ngonceki lan mangerteni tembang macapat paling ora kudu digatekake...

a. sasmita lan wewatekane tembang c. wewatekane tembang b. gurulagu, guru gatra, guru wilangan d. sasmitane tembang

16. Tetembungan sing menehi araning tembang diarani ………..

a. guru wilangan c. wewatekane ternbang b. guru gatra d. saamitane tembang 17. Sasmita tembang kuwi biasane manggon ing perangan ………

a. Wiwitane tembang c. wiwitan lan pungakasan tembang b. Madyaning tembang d. guru wilangan lan guru lagu 18. Tembung roning kamalnyasmitane jenenge tembang...

a. sinom c. dhandhanggula b. gambuh d. asmaradana 19. Tembung kinkin, brantanyasmitane jenenge tembang.. .

a. Sinom c. dhandhanggula b. gambuh d. asmaradana 20. Tembungsarkara, madunyasmitane jenenge tembang...

a. Sinom c. dhandhanggula b. gambuh d. asmaradana 21. Tembung metu, wiyosnyasmitane jenenge tembang. . ….

a. Sinom c. dhandhanggula b. mijil d. pangkur 22. Tembung kukur-kukur,nyasmitane jenenge tembang. ..

a. Sinom c. dhandhanggula b. gambuh d. pangkur

23. Tembung gandheng, nganthilnyasmitane jenenge tembang………. a. megatruh c. inanthi

b. gambuh d. asmaradana 24. Tembung duduk wuluh, pegat yasmitane jenenge tembang...

a. mesatruh c. kinanthi b. gambuh d. asmaradana 25. Tembung kluwak, pincungnyasmitane jenenge tembang. . .

a. megatruh c. kinanthi b. pucung d. asmaradana

26. Nulis utawa ngarang tembang macapat kuwi kudu ngerteni paugerane tembang yaiku. . ... a. guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu

b. guru gatra, guru wanda, lan guru pada c. guru gatra, guru wilangan, lan guru pada d. guru gatra, guru wanda, lan guru lagu

27. Tembang macapat ing kasusastran Jawa uga dialani tembang. ..

a. gedhe b. cilik c. tengahan d. dolanan 28. Cacahe tembang cilik ing kasusastran Jawa sing wis lumrah ana.. ..

a. 10 b. 9 c.11 d.12

29. Cacahing gatra saben sapada jroning tembang macapat diarani. . .

a. guru lagu b. guru wilangan c. guru wanda d. Guru gatra

30. Cacahe wanda saben sagatra jroning tembang macapat diarani...

31. Dhong-dhing swara (tibane swara vokal) ing pungkasaning gatra jroning tembang macapat diarani...

a. guru lagu b. guru wilangan c. guru wanda d. guru gatra

Kanggo soal nomer 32, 33, lan 34

Pitutur bener iku, sayektine apantes tiniru,

nadyan metu saking wong sudra papeku, lamun becik nggone muruk,

iku pantes sira anggo.

32. Tembang ing dhuwur yen ditulis guru wilangan lan guru lagune...

a. 7u,10u, 12u, 8u, 80 b. 12i 6a 8i 8a c. l2u 6a 8i 12a d. 12u 8i 8u 8 33. Yen dideleng saka guru lagu lan guru wilangan tembang ing dhuwur jenenge tembang....

a. Maskumambang b. Pucung c. Gambuh d. Mijil 34. Isine tembang ing dhuwur yaiku.. ..

a. gelem nampa pitutur sing becik c. Yen omong-omongan sing becik b. gelem nampa omongan sing apik d. yen nuturi sing becik

35. Basa ibu sing digurrakake ing bebrayan jawa lumrah diarani basa jawa, bisa dibedakake ana...

a. basangoko, krama c. basa krama lugu, krama alus b. basa ngoko lugu, ngoko alus d. basa ngoko lugu, krama lugu

36. Basa sing tembung-tembunge nggunakake tembung ngoko lan wis umum digunakake masyarakat bebrayan jawa, diarani. ..….

a.ngoko alus b. ngoko lugu c. krama lugu d. krama alus

37. Basa sing tembung-tembunge kabeh nggunakake tembung ngoko kecampuran tembung krama alus lan digunakake masyarakat bebrayan jawa, diarani...

a.ngoko alus b. ngoko lugu c. krama lugu d. krama alus

38. Basa sing tembung-tembunge kabeh nggunakake tembung krama tanpa kecampuran tembung krama alus lan digunakake masyarakat bebrayan jawa diarani..

a.ngoko alus b. ngoko lugu c. krama lugu d. krama alus

39. Basa sing tembung-tembunge kabeh nggunakake tembung krama lan kecampuran tembung krama alus, wis ngetrapakake ajen ingajenan lan digunakake masyarakat bebrayan jawa, diarani...

a. ngoko alus b. ngoko lugu c. krama lugu a. krama alus 40. Basa sing biasane digunakake wong wadon marang lakine (bojone) diarani....

a. ngoko alus b. ngoko lugu c. krama lugu a. krama alus 41. Eyang Darno madharanipun gerah. Ukara kasebut nggunakake basa....

a. ngoko alus b. ngoko lugu c. krama lugu a. krama alus 42. Wis wengi Bapak durung kondur Blitar. Ukara kasebut nggunakake basa....

a. ngoko alus b. ngoko lugu c. krama lugu a. krama alus 43. Mas Kiki dipun kengken bapak tumbas tahu. Ukara kasebut nggunakake basa...

a. ngoko alus b. ngoko lugu c. krama lugu a. krama alus 44. Ukara tanduk bisa dibedakake ana loro, yaiku....

a. tanduk mawa lesan c. tanduk mawa lesan lan tanpa lesan b. tanggap lesan d. tanggap lan tanduk mawa lesan

45.Ukara tanduk biasane wasesane nggunakake....

a. tembung kriya c. tembung aran

b. tembung tanggap d. sakliyane tembung kriya 46.Ing ngisor iki tuladhane ukara tanduk mawa lesan....

a. Sastra lagi nangis c. Aminah lagi njoget

b. Sepatune wis disemir d. Adhiku nggawa sepatu abang

47.Sing nerangake panindake wong kapisan utawa utama purusa kapisan jroning ukara, yaiku...

a. atet-ater dak/tak b. ater-ater ko/kok c. ater-ater di/tak d.ater-ater di/kok 48.Ukara ing ngisor iki sing nggunakake ater-ater tripurusa, yaiku...

a. Sumanto lagi nggiring bebek menyang sawah. b. Barokah wingi dijaluki semangka limang kilo. c. Slamet wis kondur ngasta sawo telung kilo. d. Bahrodin ora gelem turu merga wedi ana lindhu.

49.Ukara ing ngisor iki sing nggunakake ater-ater anuswara, yaiku... a. Sumanto lagi nggiring bebek menyang sawah.

b. Barokah wingi dijaluki semangka limang kilo. c. Slamet wis kondur ngasta sawo telung kilo. d. Bahrodin ora gelem turu merga wedi ana lindhu.

50.Ukara ing ngisor iki nggunakake ater-ater tripurusa, kejaba... a. Sumanto lagi nggiring bebek menyang sawah.

b. Barokah wingi dijaluki semangka limang kilo. c. Wite sawo wis daktandur ing buri omah. d. Bukumu cathetan koksimpen ing ngendi?

Dalam dokumen ULANGAN UMUM SEMESTER GANJIL (Halaman 26-35)

Dokumen terkait