• Tidak ada hasil yang ditemukan

BAB IV ASILING PANALITEN SAHA PIREMBAGANIPUN

B. Pirembaganipun

22) Tumindak Boten Pareng Ngapusi

Ngapusi menika lelampahaning tiyang ingkang ngandharaken bab menika boten ingkang nyata. Piwulang menika supados saged dipundadosaken conto lelampahan ingkang kirang sae supados pamaos boten nglampahi lelampahan menika.

Ing kempalan cariyos Tjampoer Bawoer ingkang irah-irahanipun Pangon karo Wong Desa wonten ingkang saged dipunlebetaken ing kategori piwulang ingkang ngandharaken gayutipun paraga kaliyan paraga sanesipun. Pethilanipun cariyos kados menika:

“pangon sumedya ambubungah atine sarana agawe guguyon marang wong desa mau, banjur alok-alok: tulung, tulung, ana macan, ana macan. Wong desa kang krungu padha metu inggawa gagaman, arep amateni macan, satekane ing panggonan takon: endi macane. Pangon mangsuli karo gumuyu: ing wana wonten sima, nanging ngriki boten wonten, wong desa banjur bali karo muring-muring sarta mimisuhi marang pangangon”.

Ing konteks saderengipun dipuncariyosaken bilih wonten pangangon ingkang angon wedhusipun ing ara-ara celak kaliyan desa. Saking pethilan cariyos ing inggil menika kaandharaken bilih pangon pengen damel seneng atinipun kanthi cara geguyon kaliyan wong desa lajeng anyuara seru nyuwun tulung menawi wonten macan. Wong desa ingkang mireng banjur anekani nggenipun swanten wau kanthi mbeta gaman. Nanging mangertosi bilih menika wau namung guguyon, wong desa amisuhi pangangon kalawan muring muring.

129 Perangan ingkang ngandharaken piwulang bab ngapusi menika kapacak ing ukara “pangon sumedya ambubungah atine sarana agawe guguyon marang wong desa mau, banjur alok-alok: tulung, tulung, ana macan, ana macan”. Bab menika dipunjumbuhaken kaliyan ukara candhakipun ingkang ngandharaken bilih ukara menika ngewrat bab piwulang ngapusi ingkang kapacak ing ukara “satekane ing panggonan takon: endi macane. Pangon mangsuli karo gumuyu: ing wana wonten sima, nanging ngriki boten wonten, wong desa banjur bali karo muring-muring sarta mimisuhi marang pangangon”.

Ing kempalan cariyos Tjampoer Bawoer ingkang irah-irahanipun Brahmana karo Macan wonten ingkang saged dipunlebetaken ing kategori piwulang ingkang ngandharaken gayutipun paraga kaliyan paraga sanesipun. Pethilanipun cariyos kados menika:

“Ana macan kang kacekel ing manusa dilebokake krangkeng wesi. Nalika samana ana brahmana liwat, macan acalathu ngasih-asih, tembunge : bendara, kula mugi sampeyan tulungi, ineping krangkeng punika kabikaka, amargi kula ngongrong sanget badhe ngombe. Brahmana amangsuli : eh macan Manawa kowe ucul, ora wurung aku komangsa. Macan acalathu : wda bendara, kula namung badhe ngombe, sarampungipun kula malebet malih, boten pisan-pisan amiawona. Brahmana anuruti, lawanging krangkeng dibukaka,Bareng wus menga, macan mancolot metu, acalathu : lah dalah, sak iki kowe dak mangsa, ing kono aku nuli ngombe”. ing pethilan cariyos ing inggil menika kaandharaken bilih wonten macan ingkang kacandhak dening manungsa lajeng dipunlebetaken ing krangkeng. Lajeng wonten brahmana ingkang lewat ing ngriku dipunsuwuni tulung kaliyan macan supados ambikakaken lawanging krangkeng amargi macan ngelak pengin ngombe. Ananging wanci sampun dipunbikakaken, macan metu lajeng badhe amangsa brahmana.

130 Perangan ingkang ngandharaken piwulang bab ngapusi inggih menika kapacak ing ukara “Macan acalathu : wda bendara, kula namung badhe ngombe, sarampungipun kula malebet malih, boten pisan-pisan amiawona”. Ukara menika taksih gayut ing ukara candhakipun ingkang nedahaken bilih menika ukara ngapusi, ukaranipun inggih menika “Bareng wus menga, macan mancolot metu, acalathu : lah dalah, sak iki kowe dak mangsa, ing kono aku nuli ngombe”.

Ing kempalan cariyos Tjampoer Bawoer ingkang irah-irahanipun Ratu karo Utusane wonten ingkang saged dipunlebetaken ing kategori piwulang ingkang ngandharaken gayutipun paraga kaliyan paraga sanesipun. Pethilanipun cariyos kados menika:

“Asu ajag acalathu : lah iki ing jero okeh madune, tutugna pangombemu. Bruwang tanpa piker, congor karo sikile ngarep loro pisan dilebokake ing kayu kang menga, bareng lagi malebu, paju diongak-ogak dening asu ajag copot, kayu kang sigar mingkem, bruwang congor karo sikile kajepit”.

Ing konteks saderengipun dipuncariyosaken bilih wonten alas ingkang dados sabanipun para sato kewan. Ing sawijining dinten, sang prabu ingkang lenggah ngadhep para punggawanipun menika andangu bilih asu ajag menapa boten wonten. Awit sang prabu menika badhe mariksa gugadipun para kewan ingkang dipunpaeka marang asu ajag. Saha sang prabu badhe ngawontenaken pangadhilan miturut panimbanganipun para punggawa. Salajengipun sang prabu angutus bruwang supados animbali asu ajag.

Dipunandharaken bilih asu ajag menika nalika mireng menapa ingkang dipunandharaken bruwang tuwuh pamikiripun bilih menawi asu ajag ngadhep ing

131 ngarsanipun sang prabu, amesthi asu ajag dipunukum pati. Lajeng tuwuh pamanggih sanesipun saking asu ajag angupadaya supados saged luput saking ukuman inggih menika ngapusi bruwang. Bruwang percados kaliyang menapa ingkang dipunadharaken asu ajag tanpa dipunpikir langkung rumiyin

Perangan ingkang ngandharaken piwulang bab ngapusi ing inggil menika kapacak ing ukara “Asu ajag acalathu : lah iki ing jero okeh madune, tutugna pangombemu”. Ukara menika dipungayutaken kaliyan ukara candhakipun ingkang ngandharaken bilih ukara menika namung ukara ngapusi ingkang kapacak ing “bareng lagi malebu, paju diongak-ogak dening asu ajag copot, kayu kang sigar mingkem, bruwang congor karo sikile kajepit”.

Ing kempalan cariyos Tjampoer Bawoer ingkang irah-irahanipun Wong Bodho Tatelu wonten ingkang saged dipunlebetaken ing kategori piwulang ingkang ngandharaken gayutipun paraga kaliyan paraga sanesipun. Pethilanipun cariyos kados menika:

“Ora antara suwe ana wong wadon liwat. Sawang-sawangane luwih bodho, dicalathuni mangkene : mbakyu, aku iki wong saka kherat, mara tulungana, aku wenehana panganan, sathithik bae, wetengku luwe banget”.

Ing konteks saderengipun dipuncariyosaken bilih wonten tiyang desa ingkang gadhah sapi cacahipun tiga masrahaken dhateng garwanipun supados dipunsade kanthi regi boten kirang saking tigangatus rupiah. Nanging luput ing garwanipun menika kapusan ngantos sapi kalih dipunbeta tiyang ingkang tumbas tanpa nyukani arta. Wong desa menika duka mangertosi garwanipun damel kuciwa nalika dipunpercados lajeng nguntab. Wong desa mikir menawi wontena tiyang ingkang ngungkuli bodho garwanipun menika lajeng metu saking griya.

132 Saking pethilan cariyos ing inggil menika kaandharaken billih wonten tiyang wadon liwat katingal langkung bodho lajeng wong desa wau calathu dhateng tiyang wadon wau. Tiyang desa ngandharaken bilih tiyang desa menika asalipun saking akherat lajeng nyuwun tulung dipunsukani pepanganan.

Perangan ingkang ngandharaken bab piwulang ngapusi menika kapacak ing ukara “mbakyu, aku iki wong saka kherat, mara tulungana, aku wenehana panganan, sathithik bae, wetengku luwe banget”. Wonten paribasan menawi ngapusi sapisan amesthi wonten ngapusi salajengipun supados nutupi anggenipun apusan saderengipun. Bab menika dipundadosaken tuladha ing cariyos menika. bilih wonten bab ngapusi ingkang dipunlampahi wong desa salajengipun.

Dokumen terkait