• Tidak ada hasil yang ditemukan

BAB IV ASILING PANALITEN SAHA PIREMBAGAN

B. Pirembagan

11. Wujud, Makna, saha Fungsi Simulfiks pa ‒ an ingkang

Wuwuhan simulfiks wujud paan ingkang nggambaraken citra paraga utamanipun nggadhahi 2 alomorf inggih menika paan, saha paNan. Variasinipun badhe dipunbabaraken wonten ngandhap.

a. Simulfiks paan kanthi variasi paan

Wuwuhan simulfiks wujud pa‒an kanthi makna „nerangaken jinis ingkang dipunsebat ing tembung lingganipun‟, ugi nggadhahi fungsi basanipun inggih menika ndhapuk tembung nomina. Babagan menika saged kapirsani saking data wonten ngandhap.

Luhur ya kepranan atine, wong Lirih Nagari nduwe pawujudan rupa ayu, luruh, grapyak semanak, wicarane tetes. (dt 32: CP/84//P1/K1)

Wuwuhan paan ingkang ngraket wonten tembung andhahan „pawujudan‟ kalebet simulfiks amargi wuwuhan (ater-ater kalihan panambang) dipunraketaken kanthi cara gentosan (selang-seling). Tembung ingkang dipuncithak kandel menawi dipunrimbag kados ngandhap.

pawujudan pawujudan

Tembung „pawujudan‟ menika saking tembung lingga „wujud‟ pikantuk wuwuhan ater-ater {pa-} saha panambang {-an}. Pramila wujud wuwuhan simulfiks-ipun inggih menika paan. Caranipun ngrimbag tembung andhahan pawujudan‟ inggih menika kados diagram wonten nginggil ater-ater {pa-} dipunraketaken rumiyin dhateng tembung lingga „wujud‟, dados mujudaken tembung andhahan „pawujud‟ kanthi makna nedahaken jinis ingkang dipunsebat ing tembung lingganipun „wujud‟. Lajeng tembung „pawujud‟ dipunraketi panambang {-an} saengga mujudaken tembung andhahan „pawujudan‟.

Wuwuhan simulfiks paan ingkang ngraket wonten tembung andhahan pawujudan‟nggadhahi makna „nerangaken jinis ingkang dipunsebat ing tembung lingganipun‟. Lajeng bilih makna simulfiks-ipun dipungayutaken kaliyan konteks data „Luhur ya kepranan atine, wong Lirih Nagari nduwe pawujudan rupa ayu, luruh, grapyak semanak, wicarane tetes‟ maknanipun nerangaken jinis ingkang dipunsebat ing tembung lingganipun „wujudsaking Lirih Nagari. Wondene ngengingi citra Lirih Nagari ingkang saged dipuntingali saking makna simulfiks saha konteks-ipun, inggih menika saking aspek fisiologis Lirih Nagari nggadhahi praupan ayu saha nggadhahi citra psikologis luruh, grapyak semanak, wicarane tetes. Data menika nedahaken bilih Lirih Nagari wonten cariyosipun dipungambaraken nggadhahi pawujudan rupa ingkang anggun. Saengga panci leres bilih Lirih Nagari kalebet wanodya sulistya. Mboten namung ayu Lirih nagari ugi kalebet wanodya ingkang nggadhahi kapribaden luruh, grapyak semanak, saha wicaranipun tetes.

Wuwuhan simulfiks paan ugi nggadhahi fungsi ndhapuk tembung nomina (aran). Pratanda nomina inggih menika tembung ingkang ngewrat makna kebendaan asipat konkrit saha abstrak, kados wonten data menika „Lirih Nagari nduwe pawujudan rupa ayu, luruh, grapyak semanak, wicarane tetes. Tembung „pawujudan‟ wonten ukara menika nggadhahi makna jinis benda ingkang dipunsebat wonten tembung lingganipun inggih menika „wujud rupa ayu, luruh, grapyak semanak, wicarane tetes‟. Lajeng menawi tembung nomina ugi saged dipungathukaken kaliyan adjektiva kados „kang‟ utawa „sing‟, wonten datanipun bilih tembung „pawujudan‟ dipungathukaken kaliyan tembung „kang‟ utawa „sing‟ tasih nggadhahi makna inggih menika „pawujudan kang‟. Adhedhasar saking pratandha-pratandha kasebat saged dipunmangertosi bilih wuwuhan pa‒an wonten tembung andhahan „pawujudan‟ panci leres nedahaken fungsi simulfiks paan menawi ngraket wonten tembung lingga andhapuk tembung nomina.

b. Simulfiks paan kanthi variasi paNan

Wuwuhan simulfiks wujud paNan kanthi makna „nerangaken babagan ingkang dipunsebat ing tembung lingganipun‟, ugi nggadhahi fungsi basanipun inggih menika ndhapuk tembung kriya pasif. Babagan menika saged kapirsani saking data wonten ngandhap.

Kowe wis ngreti kelantipanku. Yen ana panggawean kantor kaya mengkono aku ajokna, ya. Aku iki saprene rak pengangguran”. (dt 49: CP/133//P1/K2)

Wuwuhan paNan ingkang ngraket wonten tembung andhahan panggawean‟ kalebet simulfiks amargi wuwuhan (ater-ater kalihan panambang)

dipunraketaken kanthi cara gentosan (selang-seling). Dados menawi salah satunggaling wuwuhan mboten dipunraketaken, tembung menika tasih nggadhahi makna. Tembung ingkang dipuncithak kandel menawi dipunrimbag kados ngandhap.

panggawean panggawean

paN‒an + gawe

Tembung „panggawean‟ menika saking tembung lingga „gawe‟ pikantuk wuwuhan ater-ater {paN-} saha panambang {-an}. Pramila wujud wuwuhan simulfiks-ipun inggih menika paan. Caranipun ngrimbag tembung andhahan panggawean‟ inggih menika kados bagan wonten nginggil panambang {-an} dipunraketaken rumiyin dhateng tembung lingga „gawe‟, dados mujudaken tembung andhahan „gawean‟ kanthi makna nedahaken wujud utawa jinis ingkang dipunsebat tembung lingganipun „gawean‟. Lajeng tembung „gawean‟ dipunraketi ater-ater {-paN} saengga mujudaken tembung andhahan „panggawean‟.

Wuwuhan simulfiks paNan ingkang ngraket wonten tembung andhahan panggawean‟ nggadhahi makna „nerangaken babagan ingkang dipunsebat ing tembung lingganipun‟. Lajeng bilih makna simulfiks-ipun dipungayutaken kaliyan konteks data „Kowe wis ngreti kelantipanku. Yen ana panggawean kantor kaya mengkono aku ajokna, ya. Aku iki saprene rak pengangguran‟ maknanipun nerangaken babagan ingkang dipunsebat ing tembung lingganipun „gaweanbabagan kantor. Wondene ngengingi citra Lirih Nagari ingkang saged dipuntingali saking makna simulfiks saha konteks-ipun, inggih menika saking aspek sosiologis bilih Lirih Nagari dereng nggadhahi pakaryan (pengangguran).

Data menika nedahaken bilih Lirih Nagari wonten ngakeni piyambakipun dereng nggadhahi pakaryan, saengga Lirih ngendika dhateng rencangipun supados menawi wonten penggawean kados mekaten Lirih dipunajokaken.

Wuwuhan simulfiks paNan ugi nggadhahi fungsi ndhapuk tembung nomina (aran). Pratanda nomina inggih menika tembung ingkang ngewrat makna kebendaan asipat konkrit saha abstrak, kados wonten data menika „Yen ana panggawean kantor kaya mengkono aku ajokna, ya. Tembung „panggawean‟ wonten ukara menika nggadhahi makna jinis benda konkrit saha abstrak ingkang dipunsebat wonten tembung lingganipun inggih menika „gawean kantor‟. Lajeng menawi tembung nomina ugi saged dipungathukaken kaliyan tembung ingkar dudu‟. Wonten datanipun bilih tembung „panggawean‟ dipungathukaken kaliyan tembung „dudu‟ andhapuk tembung andhahan „dudu panggawean‟. Tembung menika wonten basa Jawa tasih nggadhahi makna. Adhedhasar saking pratandha- pratandha kasebat saged dipunmangertosi bilih wuwuhan paNan wonten tembung andhahan „panggawean‟ panci leres nedahaken fungsi simulfiks paNan menawi ngraket wonten tembung lingga andhapuk tembung nomina.

12. Wujud, Makna, saha Fungsi Simulfiks kamien ingkang Nggambaraken