• Tidak ada hasil yang ditemukan

1. Kula wau inggih winding Sang Prabu lamun kelakona

Uprup angesi kardi

nyirnakaken sesuker Uprup ginanjar. 2. Utangipun tigang ewu limang atus

kang dadi ganjaran sampun dika anauri

sampun pasthi timbalane Sri Narendra. 3. Duk angrungu Uprup langkung sukanipun

alon wuwusira

yen mangkono Ki Ngabehi

wurungge nuwunaken Mbok Wisarsa. 4. Pan Sang Prabu wus dhawuh timbalanipun

sigra dennya kesah

sakedhap Uprup wus prapti

mbekta kanthong isi keton wolung dasa. 5. Malihipun bakal kalambi baludru

kalih balakira

ireng lan ijo satunggil

lan diwangga kuning rangkepane pisan. 6. Tembungipun lah puniki reyal satus

lan bakal rasukan puniki warni kekalih

urmat kula Ki Ngabehi marmg dika. 7. Yata manthuk trima kasih Tuwan Uprup

pisungsung andika nanging cacade puniki

boten keni dipun angge padintenan. 8. Sigra Uprup kesah sarwi manthuk-manthuk

tan adangu prapta sarwi ambopong pribadi

telung kayuh sembagi biru lan pethak. 9. Kang sekayuh bakale arupa mesru

daweg sampun susah lah puniki Ki Ngabehi

inggih badhe ingkang dadia padinani. 10. Pamit mantuk sira Ngabehi Pasliyun

sontenipun seba

ngandikan neng taman prapti

sampun katur satingkahe Uprup Beman 11. Sang Aprabu langkung suka miyarseku

dhemen si Wisarsa

nanging ta kang anglakoni

mbok nora rep iya alaki Walanda. 12. Sigra matur wau Ngabehi Pasliyun

nanging inggih datan siyos anuwun pawestri

sareng kula ndhawuhi timbalan Tuwan. 13. Utangipun kalilan boten anaur

dadia ganjaran punika suka tan sipi

mantun nuwun dhateng pun seleg Wisarsa. 14. Kula dipun urmati den umpuk-umpuk

sukak lepas utang pisungsunge sadayeki

wonten kalih atus pangaos sadaya. 15. Kuneng wau enjinge ing dinten Septu

sonten miyos watang sabubare watang nenggih

16. Be warseku mangsah paguting pakewuh bahyaning Narendra

anuju pareng pinasthi

sinengkalna Brama Astha Obahing Rat. 17. Purwanipun bramantyanira Jeng Ratu

duk ningali watang Jeng Ratu aneng sitinggil mulak ana Apanji Suradilaga.

18. Laminipun sinenggrangan duka dhawuh Sang Nata lir ingkang

nuruti marang kang rayi

dukanipun mring Panji Suradilaga.

19. Kadangipun pawestri kang dadi manggung winedalken lama

ratu pasang sangga runggi

mring kadange Apanji Suradilaga.

20. Nonton Septu kawenangan Kangjeng Ratu nilap pamacanan

Ratu Mas angandika ris

ngendi ana wong kaya Suradilaga. 21. Enak-enak denira suwiteng ratu

nora mantra-mantra seba ndadak animbangi

den palaur meng-ameng sasukanira. 22. Nora patut asesawah telung atus

lawan dadi abral prajurit jro den lurahi

piyangkuhe lir rajaputra Makasar. 23. Konduripun Ratu Kencana agupuh

ngrasuk prajuritan

dhuwung wasiyat sinandhing

24. Rawuhipun Sang Nata duk arsa cucul, kampuh sangking watang,

Ratu Mas pagut ing runtik,

aturipun mring kang raka Sri Narendra. 25. Kangmas Prabu kula langkung salang gumun,

ing karsa sampeyan, boten keni den gugoni,

timbalane kaya ujar pepasaran. 26. Kadya dudu raja Bali ing Kalungkung,

katarik ing duka, ing tegese dukaneki,

ing jethote marang kadange wanita. 27. Jamak ratu yen duwe karsa amundhut,

singa kinarsakna,

wong wadon sajroning puri,

pasthi kula saosken samangsa-mangsa. 28. Malihipun kula kang Gandawitarum,

sok angajak-aiak

Sang Nata duk amiyarsi,

ing ature kang garwa Ratu Kencana. 29. Pan kumepyur lir kapregok ngula dumung,

mangap meh nyembura, ilate katon kumitir,

sakelangkung pangkarage kang salira. 30. Sauripun maras-maras Sang Aprabu,

nyata bener sira,

nanging ta maklumireki,

agegampang marang wong arabi kadang. 31. Kangjeng Ratu yata malih aturipun,

malih kula nedha, inggih pejahe pun Saki,

dipun pejah inggih sadalu punika. 32. Dosanipun tan patut wong ngabdi ratu,

Saptu boten watang, pijer meng-ameng pribadi,

nonton Septu angiras ningali macan. 33. Angkuhipun kadya anak ratu Wangsul,

tur durung karuwan, kaprawiraning ajurit,

kaya kang wus tate ambedhah nagara.

34. Kumalungkung karyangkuh kelangkung-langkung, Sang Nata ngandika,

iku ngong durung miyarsi,

panjenengan para ratu kuna-kuna. 35. Karya lampus tan sumurup dosanipun,

wedi dhendhaning Hyang, kang garwa umatur malih,

inggih lamun boten nuruti paduka. 36. Kula nuwun ing wong ala patinipun

kula den bucala

sampun wontena jro puri,

Sri Narendra alon denira ngandika. 37. Yen mengkono sun turut karepireku,

Sang Nata gya medal, praptaning pandhapa aglis,

animbali prapteng ngarsa Jangkungpacar. 38. Lah den gupuh metuage sira Jangkung,

si Suradilaga,

kon dandan iya den aglis, lan adhine den gawaa den arikat. 39. Wengi iki sun metu sangking kadhatun,

wus medal sangking jro puri,

Sri Narendra gugup wedalira ngetan. 40. Rewangipun mung panakawan tetelu,

kang alit satunggal

kang ageng amung kekalih

banon wetan sigra den pasangi andha.

41. Gupuh-gupuh Sang Nata wus prapteng luhur, supe tan lancingan

panakawan ingkang alit

kinen nyambut saruwale Jangkung pacar 42. Jangkung suwung wus dangu denira metu,

kasusu Sang Nata

melorot wus prapteng jawi

aneng ngandhap Sang Nata pasang cawetan 43. Kyai Jangkung mempis-mempis wuwusipun

Heh Apanji enggal timbalan nusul Sang Aji atetanya Apanji Suradilaga.

44. Lurah Jangkung dhateng pundi Sang Aprabu Jangkung megap-megap

napase kecer neng margi

wau ngetan angonc'ati sangking pura. 45. Den agupuh gawanen arinireki

mring loji badhenya den aenggal den anteni

geger usreg wismane Suradilaga.

46. Kang sinambiit kang cinandhak-candhak luput dyan wonten susulan

panakawan andhawuhi

dipun enggal Sang Nata mundhut lancingan. 47. Kedhunglumbu angantosi Sang Aprabu

wau ing jro pura

Ratu Kencana sru runtik

wus angrasuk ing wau kaprajuritan. 48. Dhuwungipun nyuriga tinarik sampun

Kyai Bojiparang

Ki Urubjingga winangking

ngiras kestul Ki Kancaka Rupakinca. 49. Akelangkung herga benting malang-migung

mbebujung Sang Nata undhake pawarta jawi

lir pinusus gegere Suradilagan.

50. Sigra wau nusul aneng Kedhunglumbu wus panggih seksana

Sang Nata enget ing galih

wedana kang akemit Sasradiningrat. 51. Sang Aprabu gugup Heh balia Jangkung

marang ing jro pura iya wedana kang kemit

bebisika marang si Sasradiningrat. 52. Konen tambuh aja idhep aja weruh

lamun tinakonan ingsun iki marang loji

Ki Pasliyun konen tutur Kakangemas. 53. Lamun ingsun wus metu teka kadhatun

wurung sun merana kang perak bae mring loji

XIX. DURMA

1. Prapteng pura Jangkungpacar wus apanggya lan wadana kang kemit

sigra dhinawuhan Raden Sasradiningrat

lan Ki Jangkung ngutus malih mring panakawan

ndhawuhi Ki Ngabehi.

2. Kang timbalan maringa Mangkunagaran dhawuhingsun turpeksi

kalamun Sang Nata wus mijil sangking pura badhe akarsa mring loji sigra lampahnya

panggih wus den dhawuhi.

3. Lajengira Ngabehi Pasliyun prapta panggih Sang Adipati

sampun dhinawuhan Pangran Mangkunagara sigra lir gumrubyug prapti prajuritira

neng palataran baris.

4. Sigra ngutus Dipati Mangkunagara mring dasih andombani

mring ari narendra mesat carakanira sinareng lawan duta Ji kang kawuwusa wau sajroning puri.

5. Kangjeng Ratu Kencana panyananira kang Raka Sri Bupati

marang Suradilaga ngendi enggone mateni baya ing taman

cethi mariksa aglis.

6. Prapteng taman gusis tan ana manungsa kantun rare lit-alit

gya wangsul cengkelak Ni Mbok cethi Berambang prapta umatur wotsari Gusti ing taman

mamring tan wonten jalmi.

7. Duk miyarsa Ratu Mas langkung bramantya grit sasmita rereg ing

jlog tedhak sakala marang ing palataran sarwi angliga Ki Boji Ki Urubjingga

curiga kang cinangking.

8. Pistulira Ki Kincaka Rupakinca sumampir pundhak kering cindhe jo lancingan abajo kesting abang bentinge kenanga wilis udheng jumputan bangun tulak tinepi.

9. Pasemone lir garwa Sang Girinata bieg Sang Hyang Durga Dewi duk sanget krodhanya tedhak arsa anigas marang Prabu Maispati Aijunasasra

prang wana Sriwedari.

sampun dangu amamring gumyur ing tyasira asru dennya ngandika ya Si Jangkung ana ngendi ujarku apa

gustine den ubungi.

11. Golekana ing kono gedhong kang wetan ingubres tan kapanggih

gedhong binalengkrah ratu asru ngandika katemua ya si Dhengklik sun ungkrak-ungkrak wadhuke mring Ki Beji.

12. Yen ajana si Jangkung pan ora napa tingkahe Kangmas iki

lan si Tutuskajang iku sok thuk-anthukan mengkone adhine iki si Jangkungpacar iku setan bagejil

13. Pariksanen wismane Suradilaga manawa Kakang Aji

iya aneng kana

nora wurung sun langgar arok campuh rebut pati

singa tiwasa

ciyum tanah sekali.

14. Nembah mesat sigra mbok cethi praptanya Suradilagan sepi

tan ana manungsa wangsul prapta ing pura wotsari matur yen gusis

Ratu duk amiyarsi.

15. Sangking bingung angamun-amun dukanya gumrubyug jroning puri

pinungseng ngulatan tan lyan Ki Jangkungpacar pan dereng medal ing jawi Ki Jangkungpacar

momor wedana kemit.

16. Neng jodhange Rahaden Tumenggung Sasrang ampingan wakul njengking

kungkulan tumpengnya ndhepes neng pojok jodhang pan dereng kongsi binukti sangu wedana

selak geger jro puri.

17. Wiratmaka matur ing wadananira boten eca puniki

lurah Jangkungpacar mbok tinitik konangan pasthi mulari bilai tanpa kukupan inggih kabeh puniki.

18. Angandika Tumenggung Sasradiningrat Jangkung ngaliha aglis

manawa pinaran ewuh sesauringwang dadi mesakke sireki yen konangana pasthi yen den jejuwir. 19. Setrajaya eteren parenahena

pojok lor wetan kecik ing lalaren kana

Dokumen terkait