• Tidak ada hasil yang ditemukan

Ayumu Jebul Ora Tulus

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2017

Membagikan "Ayumu Jebul Ora Tulus"

Copied!
5
0
0

Teks penuh

(1)

Ayumu Jebul Ora Tulus

Posted on December 26, 2009 by niniklenyem

Jaman saiki, wong lelungan yen ora nduwe kendharaan dhewe jan rekasa. Yen mung jarak dhekat, ing jam-jam budhale bocah-bocah sekolah utawa pegawe mesthi kebak mencep. Malah akeh wae sing mung trima nggandhul neng lawang sing sejatine banget mbebayani. Ning ya piye, mbok menawa timbang tekan nggaweyan utawa sekolahan keri/telat. Mula direwangi nggandhul ya dha dilakoni. Kaya dene bis kota sing tak tumpangi wektu kuwi, lakune nggremet merga kakehan

penumpang. Ewadene ing sadalan-dalan kenek isih bengak-bengok tawa, mangka njeron bis wis jejel riyel.

Bis sing wis nggereng-nggereng kabotan penumpang mau, sedhela-sedhela mandheg, saperlu ngunggahake utawa ngudhunake penumpang. Wis jan ora ana nikmate babar pisan kanggone

penumpang, sing lungguhe tansah terus ditetel kuwi. Sopir lan kenek sing dipikir rak mung daya-daya entuka dhuwit akeh, ra tekan nggon mikirake kenyamanane penumpang. Ya begjaku, dene wiwit munggah mau, aku entuk jejeran bocah ayu. Senajan lungguhku jejer, ora bisa nyawang mat-matan, ning yen mripatku nglirik jam ? aku kudu kepingin weruh terus bagiyan-bagiyan awake. Wiwit saka sikil sing kuning mulus, kanthi kuku dikitek abang getih, njur tangane, sing drijine mucuk-mucuk ri uga diabang kukune. Eman, aku mau munggah kok ora gage kenalan. Awit bocah mau lagi katrem maca koran, sing sajak asyik banget. Mung rambute sing ketel njanges ireng kuwi, angger-angger nampegi raiku kena isise angin jroning bis mau, nambahi nikmatku.,Aku bisa ngrasakake segere ganda parfum sing dienggo bocah kuwi, cetha dudu parfum murahan sing bisa marahi neng sirah

mumet. Saking notole olehku kepingin kenal, tak bukani pitakonan sing dheweke bisa ngalihake olehe maca.Wonten kabar ingkang hangat, mbak?, ngono pitakonku timbang anem mundhak diarani lara gomen. Kabar pembunuhan semakin menjadi, mas?, ngono wangsulane cekak. Bar kuwi bali maca maneh. Wih, angkuhe bocah iki, dupeh ayu, njurjual mahal. Pancingan pitakonan gagal, wong nyatane ora ana tanggapan lan kawigaten. Ning dudu aku Suwarto sing kondhang gawe lakon, yen nganti ora kasil nelukake cah ayu sing mung siji iki. Aku bali muter utek, nganggo cara piye, supaya bocah iki gelem nggatekke aku. Bareng wis entuk bahan gage ndak uncalake pitakonan maneh neng dheweke.

(2)

kajarag kados pundi ? pancinganku kena, jebul bocah iki akeh guneme, kemrecek kaya grontol wutah ora kena diselani. Tiwas mau tak sengguh angkuh. Gage aku mangsuli karo ngguyu. Inggih mbak, amargi menika rak namung nuruti skenario sinetron. Si Dul Anak Sekolahan ingkang kaping kalih. Krungu angsulanku mau, cah ayu mau kontan njaguri pupuku, ndadekake bungahku. Wusana dheweke takon, Mas ini kayaknya wartawan ya ? ngono kandhane nganggo basa cakecandhake. Bukan,

kandhaku gedheg. Kalau bukan wartawan, pengarang ya ? Aku gedheg maneh, ndadekke cah ayu kuwi ngguyu karo kandha Apa malah perayu, mas ? Aku nyawang dheweke tajem. Uh jebul ayune uleng-ulengan bocah iku. Yen ngguyu dhekik pipine, untune rintik-rintik rapi rinengga janggut nyanthik, lan lambene. Ah, aku dadi nglameti lambeku dhewe. Ngerti olehku nyawang nanjakke, cah ayu mau kecipuhan anggone ngendhani panyawangku, saya nambahi gregetku. Dheweke njur kumlawe nganggo epek-epeke nutupi raiku karo kandha, Uwis mas, lehe mirsani, ndhak sesuk njur jeleh, kandhane. Epek-epek tangane tak cekel banjur tak remet-remet, cah ayu mau meneng wae mung pitakone ndedhes terus. Mas, mbok ngaku, penjenengan kuwi ngastane neng ngendi ? jawabku, Penganggur, mbak, sekaligus pelamun. Cah ayu mau gage nyaut, Ta rak tenan, penjenengan mesthi, nek dudu wartawan ya pengarang, loro-lorone Kuwi ora bisa dipisahake, mas, mbok ngaku ta !. Sidane aku ngaku, wong nyatane wis kepojok ora bisa menggok lan nutup-nutupi maneh, Iya mbak, aku pancen nduwe andhil minangka skenario ing sinetron Si Dul Anak Sekolahan. aku ngaku jujur. Mula, mas, ra mungkin wong lagi kenal kok wis ndang nakokke kahanane bintang film sing wis kondhang yen ora ngerti seluk beluke. Kandhane cah ayu rumangsa menang. Oh iya mbak, awake dhewe rak durung kenalan ta? Jenengku Warto. Kandhaku karo ngathungake tangan. Cah ayu mau nampani tanganku digegem kenceng karo nyebut jenenge Ningtyas. Sawise padha meneng-menengan sedhela aku takon. Daleme ngendi mbak ? Aku Semarang mas, kuliahku mbiyen neng Yogya, ning saiki wis rampung, saiki aku reka-reka nerusake pakulinane ibu, dagang bathik adol lan kulakan sing kerja sama karo bulikku sing neng Yogya. Nek penjenengan, mas ? Ningtyas genti takon. Asalku mono Sala mbak, ah kok mbak, nek aku ngaturi Jeng ngono piye, kersa ta?, wong nyatane tuwa aku.Wis kono sak kersamu, mas, wong diundang Ning ngono wae, aku ya gelem kok.? Kandhane polos. Asalku Sala jeng Ning, ning rampung sekolah aku njur ngumbara neng Jakarta, katut omku sing ngasta neng penerbitan surat kabar sing wis bonafide, wiwit tahun sewu sangangatus sangang puluh wolu. Omku wiwit enome pancen seneng neng jurusan jurnalistik, sing njur kersa nuntun aku neng bidhange. Njur njenengan neng Yogya iki arep tindak ngendi mas ?, Ningtyas takon. Mung arep neng nggone kanca lawas Jeng, Yogya akeh pakar-pakar sastra sing pinter gawe crita, jeneng-jeneng lan novele aku nganti

(3)

ngono kuwi. Mula wangsulanku sak kecekele, Sing marahi seneng ya kabeh, luwih-luwih sliramu sing sulistya kuwi. Wiwit aku weruh sliramu munggah bis mau, atiku kok njur tansah pingin nyawang sliramu terus. Denea sliramu pinaringan rupa ayu sing sampurna. Iba begjane mbesuk sing kagungan ya, Jeng. Kandhaku tulus, merga atiku pancen kandha ngono. Ningtyas ngawaske aku mesem njur kandha, Aku dhewe ya gumun je, mas, bareng aku wis ngobrol karo penjenengan, atiku kok ya njur ketuwuhan rasa seneng. Ning penjenengan rak ora ngagem guna-guna aji pengasihan, apa jaran goyang ta, mas ?, pitakone karo nyekikik, sing njalari atiku saya gregeten kepingin nyiwel pipine sing dhekik nggemesake kuwi. Ning bareng aku eling neng njeron bis kabeh ndak ampah, kanthi ora diweruhi penumpang liyane, Ningtyas ndak jiwit cilik iringan pupune. Dheweke njingkat ning ketok yen seneng. Gandheng wis mlebu Yogya, aku sing rumangsa durung marem ngobrol karo dheweke, aku mancing takon, Nek sing sliramu jujug daleme bulik, njur ngendi kampunge, sapa ngerti aku bisa nggoleki sliramu mrana Jeng ?. Daleme bulikku Tamansari, mas, ning penjenengan ora sah rawuh rana, bulikku kuwi watake seneng praduga, mengko dikira aku cah sing seneng kangsen-kangsenan karo priya. Kandhane Ningtyas elik-elik kekarepanku, kepingin nemoni dheweke. Ning sidane, dheweke njur kandha maneh, Ngene wae pa mas, yen penjenengan kepingin nemoni aku ? Ningtyas meneng mikir. Gandheng atiku selak notol, gage aku ngoyak takon. Iya wis Jeng, aku manut ketemu neng ngendi aku ndherek, angger diparingi ancer-ancer utawa alamat sing gumathok, mengko mesthi ndak goleki. Iya, mas, nek ora kleru baliku suk emben dina Kemis, dadi aku rong ndina ana Yogya, gandheng aku dititipi ibu nebus resep, entenana wae neng apotik Sumber Waras kira-kira jam loro awan neng Jl. Wonosari, awake dhewe ketemu ana kana. Piye ? Ningtyas aweh keterangan. Ngono ya becik, pokoke sapa sing teka dhisik, ngenteni. Bubar kandha ngono, njur gage aba sopir, Pak sopir kiri, pak !. Bis minggir njur mandheg, Ningtyas nyangklong tase ngadeg njur siap arep mudhun ndak tutke kanthi mripatku sing kamitenggengen. Mudhune wong ayu Ningtyas, gawe growahing atiku. Atiku sing mau kebak kembang-kembang endah, saiki dadi angluh lan pepes. Upama bocah cilik mono, pindhane direbut dulanane, sing lagi nedheng-nedhenge disenengi. Mesthi wae beka lan nangis. Gandheng aku jaka sing wis diwasa, growahing atiku ndak samudana. Isih ana saplethik pengarep-arep, yen rong ndina maneh aku bakal bisa ketemu karo dheweke. Grayah-grayah, aku reka-reka bukak Koran sing mau diulungake Ningtyas marang aku. Ning ya kuwi mung ndak enggo wangun-wangun. Wong mocoa ya ora ana sing nyanthel neng utek utawa pikiran. Sing ana mung wewayangane wong ayu Ningtyas, sing tansah gumawang neng pardo ning netra. Nganti bis mandheg neng Terminal Umbulharjo, aku lagi sadhar yen wis entek rutene. Aku melu-melu penumpang liyane klunuh-klunuh mudhun kanthi tanpa tujuan. Acaraku sakawit, sing arep nekani omahe kanca-kanca pengarang dadi ambyar, merga tekane widadari sing ora kenyana-nyana kuwi. Ah, pancen kok, urip mono aneh. Mula saiki aku ora nggumun, yen ana wong sing uripe wis diprogram, dirancang tharik-tharik, ning gagal. Iki wae aku saka ngomah mung ngrancang tilik-tilik kancaku lawas saka sanggar kayata,

(4)

tulisane wis sasat angger irung ngerti lan padha disenengi. Klitih-klitih metu saka terminal bis, aku wis ditawani taksi, becak, sing pating craek, ning ora tak gape. Aku ngunyluk mlaku sing tanpa tujuan, embuh mengko tekan ngendi, aku dhewe ora ngerti. Aku pancen wis diwasa, wong umurku wis ngancik wolu likur taun, ning aku durung tau ketaman rasa sing kaya ngene iki. Mangka sasat saben ndina, aku srawung wong-wong ayu (para seleberitis), sing padha ngayahi main ing sinetron sing aku melu nangani. Apa ya ngene iki ta, sing diarani gandrung karo prawan utawa jatuh cinta ngana kae. Ah, ya embuh. Sing cetha, kabeh kekarepan sing tak gantha-gantha saka ngomah pingin kangen-kangenan karo kanca lawas dadi ambyar.

Ganti gawang-gawang lelawane sang ayu anyar katon, sing kumantil neng telenging pikir, sing angel ndak kipatake. Sidane aku njur neng Suryabrantan njujuk neng daleme budheku nak sanake ibuku. Neng kana ana mas Wawan, putrane sing isih anaS.M.A. bocahe pinter nggitar lan nyanyi, wis pokoke serba bisa. Nyanyi apa wae bisa. Apa maneh yen gitare disetel banjaran, njur lagune lagu-lagu langgam utawa kroncong, jan, neng ati bisa nganyut-anyut, rumesep neng sanubari. Ya iki sing bisa njur malah nggugah atiku aku daya-daya inggal cepet kepingin ketemuNingtyas.

Dina sepisanan aku neng nggone budheku, dikancani Wawan, aku bisa neng Nitiprayan nggone mbak Widi Pratiwi, njur neng Pirak nggone Mas Krisna, lan dina sing kaping pindhone, aku neng Kotagedhe nemoni mbak Ardini sing putrane pancet lagi siji wae kuwi, durung tambah.

(5)

sedhela karo pegawene, bariku njur bali marani aku karo kandha. Mas, obat sing dibutuhake ibu entek, sesuk wae tak golekne neng Surabaya, kandhane santai. Njur iki kersane arep neng ngendi Jeng?, aku takon, mergane tak sawang jeng Ning kok sajak riwut ora tenang. Wis golek hotel wae, mas, neng kana bisa ngobrol karo ngaso, merga budhalku rak kudu mengko pesawat terakhir sing jam wolu take off. Jeneh kok ya mulih pesawat sing budhale wengi ta, Jeng?. Dikensel wae rak bisa lewat tilpun, kanggo budhal sing sesuk-esuk. Kandhaku aweh pamrayoga. Ora bisa, mas, wong aku wis kebacut janji, wangsulane serius. Wah urusanmu dagang kok nguras tenaga lan pikiran ta, jeng? Kandhaku. Lha piye, mas wis kebacut, dhuwit lan dagangan wis ana tangane wong-wong, penjenengan ora seneng, ta mas? Olehe seneng ya seneng, jeng, ning mesakake slilramu, wangsulanku. Wis ayo, neng hotel ngendi lehe arep ngaso, aku tak golek taksi, pangajakku mbarengi tekane taksi, jeng Ning ngangkat tas sing gage tak jaluk. Karo mlebu taksi jeng Ning aba, Pak, teng hotel Gadhing, taksi banjur budhal, aku wong loro neng njeron taksi mung meneng-menengan. Jeng Ning polatane surem, ora ceria kaya nalika ketemu aku sepisanan neng ngebis kae.

Tekan hotel njur mlebu kamare dewe-dewe, bengi aku ora bisa-bisa turu, lam-lamen citrane Ningtyas sing ayu. Ning denea atiku rasane kok melang-melang lan kebak rasa samar. Lagi bareng wis kliwat tengah wengi aku lali keturon. Tangiku wis awan therong-therong terus adus. Awak rada krasa seger, njur metu lungguhan ing njaba. Koran anyar sing gumlethak neng meja tak saut tak iling-ilingi. Kagetku ngluwihi krungu bledheg ing mangsa ketiga, bareng aku weruh fotone jeng Ningtyas ukuran gedhe kapacak ing surat kabar mau. Karo ndredheg ndak waca tulisan ing ngisore, unine, Telah tertangkap otak sindikat perdagangan narkoba di bandara kemarin malam, dalam perjalanannya menuju ke Bali. Di dalam tasnya terdapat heroin setengah kg, surat-surat/KTP palsu dari beberapa kota dengan sedhabreg nama contoh : Ida Ayu Artini, Neneng Anisah, Rr. Prabaningrum, Ayuningtyas dan masih banyak lagi. Sejak masuk kota Yogya sudah dikuntit oleh yang berwajib. Diantaranya di Apotik Sumber Waras, di hotel Gading, dan akhirnya ditangkap di bandara. Sekarang sudah diamankan di kantor polisi. Dheg ? atine Suwarto njola, dheweke rumangsa ngancani sak awan neng hotel iki, ning blas ora ngerti. Malah dheweke wis kober kecanthol atine. Warto gage neng kasir mbayar, lan cek out wektu iku uga. Karo ninggalke hotel grenenge Warto, Oh, Ning kowe kuwi cah ayu, jebul ayumu ora tulus, ning tega ngrusak generasi bangsa lan penerusmu.

Referensi

Dokumen terkait

Tujuan dari penelitian ini adalah untuk mengetahui pengaruh penggunaan multi representasi pada materi Fluida Statis terhadap hasil belajar siswa dan untuk

PRODUKSI PADA PENGRAJIN BATIK MUKTI RAHAYU DI KABUPATEN MAGETAN” yang disusun sebagai syarat akademis dalam menyelesaikan studi program sarjana (S1) Jurusan Manajemen

Salah satu faktor yang mempengaruhi hasil dari pelatihan adalah model yang digunakan. Model dihasilkan dari proses filtering dari pengolahan sejumlah jurnal pada

[r]

Komponen ‘proses’ yang dominan pada teks menunjukkan bahwa seluruh nilai budaya dan norma-norma sosial masyarakatnya merujuk kepada ajaran Islam dan setiap ungkapan-ungkapan Melayu

Mengidentifikasi penataan cahaya secara artistik sesuai dengan program acara televisi 13.4. Mengoperasikan peralatan tata

Periode minggu II bulan Februari 2012 terdapat 86 berita kehutanan dari 17 media massa nasional dengan fokus utama mengenai Flora Fauna dan Konservasi kawasan (TN, HL, CA, SM,

Penelitian ini dilakukan untuk mengetahui realitas sosial seperti apa yang ingin disajikan Kompas.com terkait pemberitaan kasus dugaan penistaan agama yang dilakukan oleh Gubernur