• Tidak ada hasil yang ditemukan

Interview with Ngadimin Sarijo

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2021

Membagikan "Interview with Ngadimin Sarijo"

Copied!
21
0
0

Teks penuh

(1)

Royal Institute for Southeast Asian and Caribbean Studies Reuvensplaats 2 2311 BE Leiden Netherlands

tel: (+)31 71 - 527 2295; email: kitlv@kitlv.nl

Interview with Ngadimin Sarijo

Transcriptic summary

Jeneng lengkapku Ngadimin Sarijo, bapakku kualon Sarijo. Bapaku dewe Kartopawiro. Aku lahir neng Suriname, distrik Peperpot tapi nang pernansi, pernansi ki nggon kopi, perkebunan kopi. Bapakku isih bujang pas mangkat neng Suriname, emakku yo isih SD terus ketemu neng kapal. Maune ngene, arepe di gowo neng Deli, Medan. Ono kontrak nang medan, trus wong kui mau isih nggolek uwong, lebih bagus nang Suriname wae, okeh anune kono, terus di gowo neng Suriname. Neng Suriname di tekoki, bapakku. “saiki nek kowe manggon nang kono krasan, tekane 5 tahun krasan, terus nang kono entuk perkebunan prei, entuk

perkebunan, entuk ternak, entuk sawah to, nek kowe muleh ora krasan entuk duit premi Rp 40”.

(it was heavy rain so we continue next day) Serial number 02.17032010

(00:00)

Lahir neng Peperpot masih kecil kan, rumah pernasi, jadi kecil panjang. Nggak rumah sendiri. Terus sesudah itu kita terus pulang, ke kebunan, tempat bapak kita sendiri. Itu kan pak kualon ,pak Sarijo, nah situ pak Kartopawiro, di jak tani, jadi bapakku sendirian, ke mereka, di jak tani, sampai besar. Punya anak perempuan satu itu pertama, tapi kita belum suka sama perempuan kok di nikahkan. Aku belum, aku masih umur, waktu dulu gak sama seperti anak-anak sekarang itu 18-19 bisa seneng sama perempuan. Dulu ndak. 19 aku belum suka perempuan. Dinikahkan sama bapak, lantaran kepengen duwe anak mantu, kon masakne ngono kae yo?

Bapakku Kartopawiro, di Peperpot itu, sudah itu trus bapak kita pegatan, kita di, namanya Leiding nomor 5. Kita ikut bapak sendiri, pak Sarijo itu kan kesana-kesini,

(2)

tapi yang paling banyak ya pak Kartopawiro itu bapak kita sendiri, nah itu kan kalau hari-raya pho 6 bulan sekali ke tempat pak Sarijo. Pak Sarijo itu bapak kualon. Gak ada hubungan saudara, dia nikah sama ibu.

Waktu kecil sering main sepak bola. Ada lapangan, kita dulu ngasi pingsan kok, aku dulu main bola agak lumayan lho, di muka itu sering aku masuken pertama, dulu tapi, waktu masih lajang, masih kira-kira umur anulah 12, 18, 16. Sesudah itu kesenian kita suka dengan main ludruk. Biasanya jadi Cumpling, kan dulu Jeblok- Cumpling, anulah apa kuwi jenenge, banyolan. Dua itu pelawaknya, Jeblok karo Cumpling iku pelawaknya. Cuma nyekeli anu ono, keris ngene, iki, iki nggowo koyo Semar karo Petruk kae nganggo topi ngene, di anu ngono ngko nek ono wong, kathik iki, wah wes pokoke jeleklah dulu.

mulai belajar diajari. Jadi cumpling itu ndak gampang itu, banyolan, hebat itu, nyinden sama-sama orang nontoni sinden juga, dulu tapi, sekarang ndak, sekarang kita sholat. Ndak ada itu-itu.

Main sepak bola waktu, kita pingsan, bapak kita, “tidak boleh main sepakbola lagi kamu pingsan gak ingat apa-apa” di sepak konthole tibo aku, ora entuk. anu to, podho dene nyepak to, kek-i muntah to, oo.. iku aku trus di urut, di ngeneke baru mendeleke “kulo niki mati barang iku… main sepakbola rusuh, ehh..wong negro rusuh maine, aku diangkat disaduk kene… tibo gek.. Dolanne campur, lha wong campur aduk, yo negro, yo india…

(5:58)

Kalau latihan itu ya hari rabu sama hari sabtu, hari minggu pertandingan nanti, dulu. Di desa kita nomor 5 terus ke Kasabaulo nggone morotuaku sing ninggal nang kene. Iku nang nggone Pak Suwardi iku, aku dibawa situ. Liya desa gitu, bukan di luar bukan, desa sama desa ngono lho, kecil-kecilan gitu, bukan yang besar. Sudah itu trus kita ikut, aku bujang to sudah, ikut emak-e nang anu, nang pernasi kenal karo iku, Bramsopo iku, londo iku mau bojone Rubinem nang Kopijompo, nang Kopijompo kecanthol karo iku. Jami kui mau aku duwe anak siji nang kono, riwayate iku mau.

Bapakku mbiyen neng kebun kopi, kopine gedi-gedi semene, gedi-gedi kopine, semene gedene, kebun kopi, kebun pisang. pisange iki pisang koyo raja kae lho, pisang raja serai ngerti? Raja serai? Pisang raja…, Bana, nek londo jenenge banana. Neng Leiding 5 kui kebune dewe iku, ora kebune pernasi kebune dewe, 5 hektar

(3)

aku karo bapakku. Iya, kan 5 hektar, kalau panen paling ndak 500-400 goni. Padi, nggak jaga ndak mupuk, penak nyekeli thok, garuk, tanduri. Aku gotong royong karo konco-koncoku yo, sekali nandur mbeleh pitik 40, jago, anu kae, nang kono trang opoi, neng kene sopi koyo arak kae lho 4 botol-5 botol arak.

Iku sing arepe kerja ngombe arak dhisik, men kuat wes ora kroso adem, ora kesel, yoan, wes.. tandur, men udan pol. Le nandur sakmene-sakmene, yo sakmene ki eneng. Ngko nek mulai panen, mene lho rumpunane. Nek sing arang. sak telung cakupan baru diriti ngisor ngono, engko dirit ngisor di gepyok, gepyok-e ngko ki piye le nggepyok sewengi tatas iku. Wong 40. Piro-piro gepyokan iku, paling-paling 10 gepyokan eneng. Gotong-royong ora mbayar karoan, Rampung kene, nggone wong, rampung kono nggone wong liyane. Gotong-royong, gentenanlah. Sik ngewangi wong konco-konco biasa. Iki Gotong royong gentenan, bar nggonku terus nggone kancaku. Trus pindah, pindah, pindah ngono. Wong Jawa kabeh. Jik kuat-kuate isih umur 16 tahun, kuat-kuate 18, rung podho rabi, tunggale sing rabi siji-loro thok wes podho rabi. Gotong royong, podho mbeleh pitik okeh.

(11:04)

Pitikke di gule jarang neng kono. Ora seneng gule, di semur lah, kei kecap kae, ooo Le mangan wes, tapi mangane kurang mbek arak iku mau, ngombe arak ora kesel, tapi ngombene ora okeh tithik, sak gelas, aku gelase isih nggowo biyen aku, sloki kae. Saiki ora entuk ngombe arak iku, haram nek upomo islam iku. Nek nggolek ora entuk, ngombe arak.

Jenenge sopi, sing teko seko barat 100 opo kae jenenge. Sing nomor 100, ngko angger wes neng kebonan 90 iku di imbuhi banyu. Nek sing nang kono nang pabrik 100 nomor seratus. Nomor 100 kui mau sing tulenlah. Nomor 100 sing tulen, nek wedang sing ngisor-ngisor iku wes di campuri banyu, pait. Rasane panas, koe tak ombeni sethithik menowo ra kolu kae, tenan, iki wae nek di tempelke mak plug bablas sisan rak ilang. Tenan iku. Nek dhisik kuat-kuate maune aku, tapi ra pernah loro aku blas. sehat aku, neng kene ki loro-loro wae, neng kono gak pernah loro, rematik, asam urat ki segala ndak ada sama sekali. aku maune neng kene yo nggraji barang, saiki ora, wes tuek, saiki wes insaf neng ngomah wae. Mbiyen aku merantau, neng padang barang lho, Bukittinggi Padang, Mbandar, merantau, Mbandar jalan ngko nek ra nganu, nggowo rombongan sak metrike piro? 25 rupiah. Nek karo ibu sing saiki wes ora mbandar aku, wes tuek kok, nek sing ninggal

(4)

maune, iku anakku sing jenenge Ngadimun, iku lahire teko Suriname, kena di tekoki yo an, ning tapi mbuh kelingan mbuh ora, isih cilik kok, sik cilik.

Gaji neng kono (perkebunan di Suriname-red) seminggu sepisan, wong gaji cilik, nang kono setengah, anem ece, ngko telung talen ki wes besar sekali, ora sing okeh yo setengah. Anem ece, anem ece ora nggadek gaji ijik, tapi jaman semono. Lha aku tuku kathok karo klambi wae regane wae isik, kathok karo klambi piro? 1500 rupiah. Timbangan kene upomo kene padang to, piro susuk, seringgit. Neng kebunan, tapi yo ngko nek bar tandur yo, tapi iku maune kan, aku nang dalan meteri wingi kae …, ngukur tanah nggawe jalan Groningen, Nickerie tekan Groiningen. Aku ki ngukur dalan pirang bulan, gawe jalan besar, sakmene jerone.

Ngukur tanah niku dibelajari karo wong Jawa, jenenge Sayan, saiki wes ninggal. Sayan iku mau, sing nggowo opo kae jenenge, meteran kae didegne, diukur, kon kurang ngene-kurang ngene,ngko pirang jerone, tanah ngenene, pirang meter, tekan kono tekan pirang kilo, ngerti kabeh.

(17:26)

Sekolahku ora tamat, sekolahane sesobo, kelas loro po piro. Pokoke wes ditulisi sithik wes kon ngewangi bapakku, aku ngewangi bapakku kan mesakke, jik ngewangi yo, ngewangi kerja, kan ku rumahtangga iki. Ngewangi kerja. Digoleki guru tapi goleki yo mbantah, di goleki ngko yo sekolah ngko bar sekolah lha iki suwe-suwe, suwe-suwe macul meneh, bujangan pula, di goleki aku sing mbantah. Pas arep mulih N’Jowo dijak karo morotuaku sing giliki tak gowo mrene iki, iku jenenge pak Suwardi, iku anu opo iku, morotuaku kan bestir partai, pak Suwardi. Bapak pengurus, dadi aku arang-arang melu rapat, mbuh pisan mbuh piro aku le rapat? Arang-arang melu rapat mergane pakku bestir, anu kimau, nang kono dadi mandor, nang kene biyen yo mandor juga. Pak Suwardi nang kene yo mandor sing mbukak alas iku, neng kono yo mandor, dadi wong duwe, wong sugih iku, ora wong mlarat iku, lha wong sapine piro kae, 36 ekor, lha aku dewe neng nomor 5 wae akeh sapiku, 21 sapiku. Murah sapi iku, sapi wedok gede iku piro, 25, 20, pedet iku sepiro, 15 rupiah, pedet gede pedete, nek sapi sing lanang guedi kae teko 35, 40, guede sapine neng kene berkelandutan, guede, lemu-lemu, suket akeh kono suket. Dijupuk daginge keneng susune keneng, aku neng Kasabaulo, nang Kasabaulo nggone morotuaku iku, nek esok meres karo jenenge Basdur, aku jam 4 wes tangi, meres sapi papat kui mau, ngko tekane jam 7 isih bar. Susune dawane semene lho,

Met opmaak: Engels (Verenigde

(5)

penak merese, ngko nek di sondol anake, di sondolke trus tarik taleni, pertama tak guwang kedua, ki angger srot,srot,srot… tarik dua-duanya, srot,srot….Koyo kowe nek nyusuni anak mbesok, nyusuni ngene di guang dhisik, jane ora koyo cah saiki ujuk-ujuk disusoke byek penyakiten, yo nggak boleh, iyo susune ngene iki di peres ming anu di guang disik, kedua di ombekke anake. Bocah saiki ujuk-ujuk di loloni ndak boleh sakjane, makku maune nggak, nyusoni pertama nyusoni di guang, ngomongi karo aku, guang, mulane anake sehat-sehat ora duwe penyakit. Pertama dibuang disik, kedua diombekke anake. Susu pertama kali dadi kentel, dadi opo kae, kesehatane ngene lho, gurihe. Sapi siji susune sakmene gedene, sapi plonteng kae sapi opo jenenge? Ooo sapi kae neng Indonesia kae kan akeh, ireng putih, ireng putih susune sakmene guedene, kae sak anu, iso sak ember guede kebak. Sak sapi, iyo no. Ngko nek arepe ngedol ora campuri banyu, ngko di kir karo ngko mentri sing nge-kir susu teko, di leboni meteran, dileboni kal-kil lah brarti tulen, nek di leboni lus, dendo kowe, ora tithik dendane. Dendane 6 bulane, nek anu piro kui mau, 8 perak, 10ewu, oh.. 10 rupiah kok ewu, nang kono raono ewuan.

(23:03)

Aku duwe tanah 5 ha karo sapi 21, tapi ijik rung lungo neng Indonesia. Trus aku melu morotuaku, trus pak-e embuh, pek pak-e dewe, lha aku terus melu morotuaku to, lah kono wong sugih ra eneng karyawane ora eneng, dadi aku neng kono mbantu, kono wong sugih duwe jaran, ngerit rong dino sepisan, makani jaran, tarik, suket okeh kono nggok ku kono wong ndi-ndi rono, sing paragrasi kae, sing akeh lugute kae sing nggo pakan sapi. Padet kono,asal engko wes garing, thukulane separo omah iki wes rong grobak eneng. Padet. Iku neng Leiding 5, gowo neng Kasabaulo, nek iku ora di bongkot, di jereng men muat akeh, aku ngejak bocah cilik-cilik tak wehi seketip,anu setali, telung ketip cah siji sedino. Nggo sing nggawani, karo nganggo grobak , aku sing noto kono sing nggawani, ora adoh kok piro-piro 300-200 meter, kono ra eneng tanah kok ngene-ngene gak. Roto Datar. aku getun melu rene, aku ngerti Indonesia. Aku di omongi bapake Yanti (Pak Salikin Hardjo-red) to omonge nang kono, kowe ninggalke sak piring, neng kene entuk limang piring.

Pajek, aku pajek kebon iso-iso keneng 15 rupiah, tapi omah nek disemen ngene ki mbayar pajek. Nek kayu gedeo kae ra mbayar. Omahku kayu, gak mbayar aku, kayu, ora semen, ngisore ning rung disemen, nek semen mbayar. Eneng sing omah

(6)

tingkat yo 15 rupiah dalam setaun, sing ora tingkat yo eneng sing 6perak 5perak setaun. Aku nganu opo iku, wong lia-liane sing wegah mbayar yo upomo gedeo kae iki ora di lantai di tuthuki ngono kae ora di semen. Wegah mbayar pajek, turno murah to rung, kono ora eneng nek ora penyakit kacange, kadang sak jabutan sak uwit sakmene ki lho, kacange dowo-dowo gede-gede. Murah kacang, segoni telung ringgit, 5 perak 4 perak, segoni, ora cekekan ora, segoni. Pinter wonge asal dijunjung ngene iki, gonine rodo enteng, murah, nek sing anteb padet. Neng kene cokekan. Neng kono nandur kacang, nandur pari, galukane nandur pari ki welut, ngko galengane banyu ne bablas mrono, welute semene gedene, nek bar udan kae welute metu ta? Bacok ngono, goreng.

Pas diajak morotuo teng Jawa, ngomong mbantu wongtuo, pak-e lara. Wongtuo lara, seminggu-rong minggu mbantu, pak-e wes tuo, tapi lara. Terus aku muni yo, suwe-suwe gawekno omah arepe, lha iku aku mesakne ora entuk, arep gaekne omah, piye iso entek? Iki njabut gae omah telane, iki dijabut ngencepne maneh ditugel dincepne maneh, njabut kene ngencepne maneh, yo kene entek kon wes njabut maneh, kene meneh netek kono njabut meneh, ngono ta? Ngko leren-leren, ngopo leren-leren? Ngunduh kopi, kopine mateng-mateng, tandurane neng kono kopi, jeruk, jeruk semene, jeruk uwe’ jeruke guede-guede jeruk uwe’, pinggirane iki nongko, sak unduhan 2 montor trik karo nongko guede-guede, nongko digowo neng kota, ono sing marani , aku sing ngunduh dituku wong. Jeruk uwe’ soklat aku wegah nandur soklat.

(29:41)

Morotuane ora nandur padi, genahe nandur padi kepiye ora duwe sawah kok, genengan kabeh. Sing eneng anu, setor tuek iku sing eneng, nek Lelydorp ra eneng. Lelydorp nggone genengan kabeh. Genengan iku anu tanduran ora sawah tegese lah, genengan iku mau nandur, ora, genengan iku tegese nandur singkong, palawijo, ora nandur pari, pari ki rak sawah. Pas bali aku ngejak bapakku, bapakku pak pupon, pak Martam, karo mas Mardi. Mardi ki sing neng mburi iki neng panembahan. Mbayare mergone wes tuo ra iso mbayar, sing mbayari aku. Duite seko kerja, yo ngewangi kerja, yo dodol. Dodol wit-witan yo bana, nandur bana, nandur suket. Suket barang yo nandur kok.

Bali nggowo anak telu, siji Ngadimun, si Thukul, karo Rambat. Jenenge Mardi Rukun, iki Mardi Santosa. Tapi wes ninggal kabeh tinggal siji. Mardi Rukun, Mardi

(7)

Santosa. Bapak kandung ora di jak. Isih neng Suriname. Dulurku ra eneng sing melu blas ra eneng, kabeh ketinggalan, trus aku ngerti nek sing ninggal dulurku iki, aku wes neng kene ngguwang layang, dulure ninggal iki,iki,iki,iki… dulurku okeh tapi sing ninggal wes akeh, sing ninggal ki 6 mbuh 7 sing ninggal, aku nomor 2, mbakyuku wes ninggal, adiku nomor 3 ninggal, nomor 4 ninggal, nomor 5 ijih, nomor 6 ninggal.

Pas neng kapal iku mabuk aku lho nang kapal iku, sesasi sepuluh dino, 1 bulan 10 hari nang kapal, mandeg nang kapstat (Cape Town-red) sepisan ngisi minyak. Ngene nggone, aku ngliwati, batasane dunia, laut merah kalo laut biru, iku banyu di terak kapal yo ora gelem campur iku. Yo wes tetep rino-wengi udan iku. Tengah-tengah donya, rino-wengi udan, bar iku terang wes ora udan maneh. Ora main-main iku neng kono, kapale kurang kiro-kiro setengah jam wes ditutupi kabeh kapale. Lha wong ilok, kapal sakmono duwure banyu iso munggah neng dhuwur kapal. Kapale ngene lho, ngene kapale, ombake terlaluan. Batesane donya iku omonge, iku omonge mantune si nek wong jawa iku mantune sopo suroboyo, iku batasane dunia lho wong, jo kaget, kapal terus mlaku terus tapi alon ora kenceng, ngko nek wong-wongane begitu krungu baru kenceng maneh, liyane. Mbulan karo srengenge ki, nek mulane aku ngomong mbulan ki nek dong njedule neng kono, nek dong njedule neng kono, nek dong neng kono, mergane puter kapale, nggo pandom to kapale? Lha iki tujuane arepe ngetan iki nggone Indonesia ngetan, ngetan bener, ngetan tapi iku ta, puter iku mau ta? Srengenge mau mutere. Dadi ngetan-ngulon, tujuane ngetan, ngetan bener tapi menggok ngene tapi yo ngetan maneh. Koyo ngono. Aku mandeg teko kono, nang kapstat iku wes mandeg nang iki, ngenteni banyu anu, springi nang kene ya, nang niki nang padang, Teluk bayur, ngenteni banyu gede, banyu gede masuk kapale, ora iso mendarat kapale, saking gedene kapal, kapal langkuas.

(36:00)

Aku maune kapal Langkuas. Dadi neng kono ki mau rino-wengi mangan sego rangsum, ngko nang kono di rangsum buah-buahan, dirangsum roti, susu, trus di rangsum sego sego rames sego biasa. Ape jaluk sego goreng yo eneng, gari njaluk wae kok. Enak no, tapi mbayar, lha bayarane kapal rak wes setiti ta aku, 350 golden, jaman maune golden aku renene, golden iku neng kene pirang ewu, neng kono 350 golden. Lha anakku telu 750 anu, 1000 anu opo iku, 750 rupiah wong

(8)

siji, aku dadi wong 3 karo anakku yo punjul seko sak juta. nek anak 175 bocah siji, dadi anakku rambat, thukul, iku anu 175. Rene ki mbayar, ora mbayar wes ono sing mbayar. Neng kene koyo ngene, ngertio emoh aku rene, yeahh.. penak neng kono. Omonge maune Aku ra ngerti nek neng kene, omonge neng lampung po ngendi biyen ya? Lampung ya? Ninggalke Suriname. Wingi aku arep di gowo adiku aku emoh aku mesakne mbahe wedok situ mesakne wes tuek, kasihan nek ijih enom tak tinggal, tuo to yo, tuo trus kepiye nek ditinggal, dadi matine. Awake cilik saiki lemu, maune cilik awake rene pertama yo. Cilik awake, kuru, kerjanane jam 5 esuk kae wes budal kerja nggo kathok dowo karo nggowo berang babadan kae ta, ngko jam 4 mulih gajie piro 9 perak-8 perak nang Pujorahayu, naik gunung.

Perasaane pas pertama neng Tongar yo ra krasan, neng kono sasate kota kok, yo ra krasan wong yo kelulusen mati, okeh sing lungo, hurung sui okeh sing lungo to seko kene, okeh sing neng pekanbaru, medan. Okeh sing lungo karo sing neng Indonesia iki, eh, Tongar iki. Akeh sing lungo, ora krasan, aku dewe yo ra krasan, arepe ngomong piye ra krasan, tapi sih ra iso lungo yo aku, Pak Suwardi matine neng kene, tuo, mati tuo. Pak Martam ki matine, bapakku pupon iku matine neng Pekanbaru. Aku duwe anak siji jenenge Sarini, karo bojo sing ninggal iku jenenge tuek Sarinah.

Tekan Tongar, aku neng blok sing pinggir dewe, blok opo kae, kae blok nomer, ora ngerti aku, sing pinggir dewe. Bareng bojone Basar, Wagiyem, iku tunggal sak bedeng karo aku, tunggale lungo, iku sak bapakke, sak mboke, sak mbahe, nang ono kabeh jejer aku urut ngono, sak bedeng, tapi okeh sing lali aku saiki, wes lalene akeh kok yan, tuek, padahal isih umur 81 aku wes lalen. Iki tekoki ngene wes lali aku. Ra kelingan eneh, ra kuat nyambut gae.

(41:48)

Neng bedeng sekamar aku karo bojoku, bapak Suwardi karo mak-e. Edi panaris iku melu mak-e sing neng padang, aku karo anakku, anak-anakku melu ki mau karo mak-e. Kan bedenge dowo. Aku karo bojo karo anak, morotuo pisah kamar. Kamar sitoke, tuk-til ngono, tunggal gedeg kene karo kono. Bocah-bocah yo nangis, wong bocah kui, yo nangis yo ora, maklum lah lemute okeh, jaman maune. Neng Suriname, bocah-bocah biasa sarapan roti, roti murah kok. Roti sakmene iki sak sen 2, semene gedene iki, nek di wenehi butter 8 sen, sing gede semene gede kae 8 sen, nek sing cilik 3 sen. Di wehi sarden, po diwenehi mertega. Mbau ternak londone.

(9)

Nek neng kene, telo, roti larang kok, yo telo iku, yo telo kaspo iku mau. Di godog, wes ngono wae kene wes ra oman kok, tapi maune ra ono babi kok yo, nandur telo di encep-encepne ngono ra ono sing ngganggu opo-opo, kethek yo ra eneng. Saiki jagungku entek to, kenok onggrok iku.Mbiyen ora eneng kethek, babi, okeh macan, tapi yo ra ngganggu wong yo, macan ra ngganggu wong. Nah nek macan seko kerinci mrene iku nganggu wong. Mangan wong, jarene iku, ono wong kerinci, kan aku isih merantau neng kono kae dongeng karo aku, kono eneng sing macan di beleh nggon kartosonto, kelingan kartosonto kae. untune ki ono patike, iku wong dadi-dadian. Macane iku dibeleh, di gowo neng nggone pak durat to, iwake dibage-bageke wong sak Tongar, nggo obat. Tor dinane maneh, ono wong kerinci teko nggoleki, neng ndi nggone le mendhem. Embuh ra ngerti kan kabeh kompak, neng ndi nggone le mendhem. Embuh ra ngerti, ora diomongke, nek diomongke ketemu daginge semene pulih maneh.

(46:02)

Pas pertama neng Tongar, yo tani, babad alas, maune ora anu tani, babad alas di bayar karo yayasan bapake iku. Dibayar 8 perak sedino, harian.babad alas sui kui mbuh pirang taun, takan yo bangsane 8 taunan, 7 taun 8 taun. Iku rampung trus kerja neng pabrik, kerja ning pabrik papat, kene ono pabrik papat iku opo eneng kertas. Yo yayasan. Mbuh saiki entek kabeh. Ak ra pengen pindah seko Tongar, ora duwe ‘ikine’ (duite-red).

Aku neng Suriname ora seneng main kertu. Aku senengane ngombe, ngombe ngko ora ngasi nggliyeng trus lungo, dansa ngene ki pernah, karo londo-londo wedok, cantik-cantik. Biasane yon eng kota kono, paramaribo, kota paramaribo, iku nang kotane. Aku wes duwe bojo jenate mak tuek iku iso njoget ludruk kok. Aku njoget ludruk sing nduduhi pertama jeneng Kasminah iku wes mati wonge.

Ora neruske ludruk, wes males, aku merantau. Neng Tongar aku nandur iku kacang, jagung hurung, nandur kacang, maune rak nandur kacang hurung ono gangguan babi. Nansur kacang, kacang ono sing nandur 2 hektar 3hektar. Iki pak darman besanku nandur 5 hektar kacang. Panene okeh, tapi nek di tunggu, maune, suwe-suwe babi okeh ra kuat nandur. Nandur sak hektar wae, lha iki nandur iki pasang jarring mubeng, jaringe di ungkel-ungkel. Nek babi masuk kecanthol jaring.

Nggok ku nimbo, wegah le mbayar listrik. Listrike iku aku kenang 8 perak, 80, kok 8 perak, 80 rupiah, saiki di duke meneh 60 saiki. Nggonaku tuku sanyo, koyo

(10)

wong-wong tuku sanyo, mesin cuci barang kae, ahh gak, keneng 60 wae wes mblenger. Tapi ndilalah InsyaAllah ya, nek arepe pembayaran lampu yo iso mbayar. Ketoke perjuangan. Durung-durung wong, ngko diwenehi anakku sak panene satus, pendak panen satus karo klambine sing neng pekanbaru, Ora akeh nek kur mbayar, satus. Padahal gajine gede, wong-wong podho ngumel kok, seje karo wong tuane ngono, omonge alas an nggo naik haji. Saiki naik haji yo mbuh ki saiki , putuku telu sing nang pekanbaru, sing kuliah siji, sing wedok loro wes rabi kabeh. sing sitok wong batusangkar. Sitok wong pekanbaru. Sing sitok batusangkar wong minang. Sing nang mburi kae wong jawa, ngunduri putu kari siji. Iku maune dikuliahke kabeh nang padang, nguliahke, loro kabeh kuliah.

Mbiyen nate merantau neng Pasir selatan. Mbandar, mbandar dalan, melu mbandar, 25 rupiah sakmeter, aku wong loro. Dadi setengah hari aku wes 50 meter potong 75 meter, sedino, ngukur sedino yo ora, ora luweh seko 400 meter 300 meter wong loro, karo pak Salam bandarku. Cepet aku, aku sing tukang, nggawe dikeruk karo mesin, lemahe neng pasir, ngluruske ngono to, engko Salam sing ngguang. Mek ora nganu, morok, nggowo garpu wesi.

(53:44)

Merantau sekali iku. Iku nang kono 2 sasi aku bali, iku merantau sing keri iki, wes karo mak-e iki, bojo saiki, bojo sing dhisik wes niggal, bojo sing dhisik ninggal wes ono 30 taunan punjul. Punjul 30 taun. Lara kanker. Kanker weteng, mulane aku bola-bali ngomong, nek karo kucing ngono kae di dupak, dupak, bola-bali di dupak gak boleh itu. Nek asu di dupak rapopo, nek kucing nyamari. Ngandel kowe, wong montor bar nindes kucing yo, neng kono numbuk uwong. Aku dewe, aku mlaku numpak. Aku maune kan dodol biyen neng Tongar, yo dodol bengkoang, nanas, jeruk iku, jeruk uwe’ kae, yo bengkoang iku okeh bengkoange iku 2 goni. Numpak sepeda jam 4 cul ngko teko kono sasak jam 9 awan, teko kono grubut-grubut entek wisan saking larise. Sak unting 2,5 rupiah, 5 rupiah. Ngingak-nginguk ra ono uwong, di naike ngono le ngedol, begitu banjir 2,5 rupiah, nek wong okeh ora eneng dinaike 2,5 ngasi 5 rupiah, nyampe ngko 3 ringgit 7,5 rupiah. Yo entuk duit akeh. Duit maune seringgit isih payu kae. Suwe-suwe ganti duit, di jolke, oalah saithik. Lah seringgit di jolke gari piro? Gari seperak.

Tanah pembagian janjine maune 5 hektar, tapi di wehke wong kono, 2 hektar. Ak entuk telu, telu aku entuk iki sak hektar, dadi kan telu kelong sak hektar, dadi ijik 2

(11)

to, 2 nang kono setengah hektar, dadi siji sepotong hilang mbuh, ora tepat. Ngomonge aku adol, trus kon tandatangan, adol TR, kapan aku adol TR, aku ra iso tandatangan apik, aku nek tandatangan yo urek-urek ngono uwes, iku apik tandatangane mbuh sopo sing ngedol. Aku di celuk neng kepolisian barang.

(58:41)

Iyo ak tahu diceluk karo iku pak darman. Aku ora adol tanah yo emoh. Diceluk polisi, pertanyaannya iku, dodol tanah-tanah, aku ra adol yo embuh kok sing ngedol sopo.

Nek neng Suriname, neng kebon kerja nganggo baju biasa, baju kanggo tani yo kathok sakmene, ra mbelet. Kono tanahe raono batu sithik raono batu. Tanahe tanah lincat ra enek batu, di pacul iso sakmene di pacul, gak ada batu disana.

Nek dansapakai jas pakai dasi, aku rambute kriting maune tapi saiki ora saiki, nek ora nganggo topi pil, tapi aku seneng anu, dibelah ngene, tapi kriting maune aku, ilang ni kritinge, tapi cilikanku kriting. Tapi dirumat lengane lengo wangi. Lengo wangi wes. Dansa biasane di gedung gitu, engko upomo anu yo, kowe njagong ngene iki , njoget dansa arep melu, ora iso ngomong ora isom di blajari sajake ngono, ditarik wong wedok-wedok aku njagong ngono diparani langsung kon ngene, dansa. Aku muni yes. Dansa. Aku muni ra iso ngene ki yo di ajari, sajak butuh, di joke. Satu, dua, tiga, ngono ta nang anune, diblajari opo-opo dibelajari, londo iku seneng karo wong jawa. Sing wong jawa wedok ditarik karo londo lanang, wong wedok londo yo narik karo wong jawa. Aku maune arep dipek londo, emoh aku. Lha iku purunanku barang neng Nederland kawin karo, Bram iku kawin karo wong jawa. Purunanku jawa kawin karo bram, tapi gelem secara jawa, disunati manut sunati, wes umur 40 sunati. Disunati deke manut, disadati jawa, kembar mayang barang, ketoke aku duwe potrete. Di ketokne yo ketok neng kono. Iyo, eneng kembar mayang, di dandani, manut baram iku. Mulane deke umur 40. Tepi deke ngomong, londo ki sifate nek aku hurung sekolah hurung pindah hurung gawe omah emoh rabi. Iku opo kae pangkate opo, tukang anu tanah kae opo jenenge. Gede gajie iku, iki kadung wes pension dadi anu iku wes omahe dewe wisan kok, tapi yo adoh omahe, aku biyen duwe fotone, fotone omahe di pelem neng kono omonge tapi ngomonge ngomong belanda.

(1:04:05)

(12)

Tongar crita karo sedulur neng Suriname yo crita tani, bangsane tani. Ngomong koyo ngono genah getun aku, dadi kok kene, nang kene janjine ora tepat kok. Kerjaku maune kerja yayasan, yo alesan entek duite yayasan. Kerja tani dewe to malahan. Koyone maune, nah makane nek, menowo aku, wes sugih nang kono maune aku yo duwe, paling mlarat nang kene. Yo nyuwun sewu iku yo mlenceng seko, nggone morotuoku ra bakal, cedek karo kota, tapi campur aduk wonge, campur negro, campur india. Seko Leiding 5 tekan Paramaribo biasane numpak montor, montor bis. Yo arep adoh no. Nek Kasabaulo tekane anu setali tekane Leiding 5, trus teko kono mrono 3 talen, 3 talen tekane Paramaribo kota. Aku mubeng numpak sepeda. Brompit, India iku, ora Honda udu, brompit, ngko nek wes di genjot, gas murup, muni tet…tet….tet….. nang ngisor ngene iki, mesine cilik ngene iki, banter iku tapi nggo boncengan ra kuat, cilik iku ethek….ethek…..ethek…. tapi enak, sepedaku ora ahli standar. Dinamone ngarep mburi eneng, nek bengi rujine kae murup, lampune nduwur murup, ngisor murup, mburi murup, dinamone 2 kok. Kui le arep muni tak dol piro. Aku rene nggowo sepeda 2. Sing tak tinggal nggone saporo eneng. Sepedaku okeh, 4 mboh telu. Sing dinggo obrokan duwe aku. Ora, sepeda murah kok, 100rupiah. Iku ora ahli standar iku 100 rupiah, tapi nek montor entuk 100, opo iku 350-400, montor iku montor sedan, montor bis iku 700. Lha nek Honda iki 400 entuk Honda, merk opo, milih lah merk-e. Neng kene nggowo sepeda 2, tak dol sakjuta ra dinyang e, dibayar langsung.

Neng Suriname sering nonton tapi ra eneng bioskop Indonesia, londo kabeh. Pake bahasa belanda. Bahasane campur, ngomong jawa, ngomong negro, ngomong india, campur aduk. Tapi yo sehari-harine ngomong negro.

(1:10:47)

Leiding 5 cuacane panas kono karo kene, podho panase, panas kono. Kono kan 6 bulan, udane ngko nek wes arepe anu, opo rendengan.

Mbiyen sedulur-sedulurku sekolah emboh ora kelingan aku tekan kelas piro, ono sing tamat ono sing durung, tak tinggal, tak tinggal nek nomor 5, sing melu pak-e sok-sok aku kok, sing ninggal barang iku melu mak-e kabeh. sing melu pak-e kur aku dewe. Aku sunate nang nggone pak-e kok. Tapi aku coro nglaku, aku karo pak sarijo, kota nang kantor, aku coro nglaku mulane jenenge sak donge ngadimin kartoprawiro, iki ngadimin sarijo, dadi coro nglaku karo bapakku kualon. Nang

(13)

kantor, arepe bapakku dewe arepe ngengken aku, iki diengken anake, lha sopo sing ngengken. Pak Sarijo. Yo wes salahe sopo. Dadi anake pak Sarijo, ora pak Karto. Pas gede melu pak Karto lah, isik cilik maune aku melu pak Sarijo, rono-rene lah sak krasane, tapi nek suratnya anake pak Sarijo. Tapi aku anake pak Kartopawiro jane aku. Aku sing tunggal bopo. Yu Ponirah, Ngadimin, alek Tunggak, iku anake pak karto kabeh 3 iki, lanange telu wedok siji, oo Sariman, papat.

Neng Leiding 5 kabeh wong Jawa, sak deso koyo Tongar iki mbek sak deso, wong Jawa iku. India nang ngarepe eneh, ora entuk di campur kok. Nang kono ki di batas 2 kati setengah po 3 kati ambane, dawane sak geleme. Ngiwo-nengen, ngiwo-nengen, kene dalan kono omah, kene omah. Ora entuk gawe pasar. Pasare yo Paramaribu kono.

(1:15:48)

Kalau belanja harus ke Paramaribo. warung-warung biasa yo enek. Sing dodol wong jawa iyo, buah-buah neng kene sing raono apel, anu apra. Kowe ngerti ora apra? Apel sak meneki lho, ono sing item ono sing merah, eh putih, ngono dibukak ohh legine. Apra, Landane apel. Ora apel sing anu kae, buah-buah sing cilik-cilik kae udu, apra iku apel. Lha londo bana ki le njenengi yo banana.

Neng Leiding 5, kepala desane wong Jawa. Eneng kaum, lurah, kebayan, carik, kamituo, eneng kabeh iku. Masyarakat lah sing milih. Dicari, dikumpulke sopo sing pantes dadi carik, sing wonge di delok becik opo ora, sing anu yo ra dipilih. Lurah iku mau entuk bengkok 2,5 hektar. Bengkok duwe iku. Opo iku gelem ngerjani kae ki, masyarakate sing gotongke-royong. Upomo arep nandur pari, bergerake kan masyarakat, “wo iki arep nandur pari pak lurah”, ngko ono sing ngluku, gruduk sedino rampung sak nandure. Enak anu, tapi nek salah jangan main-main, di kroyok karo wong ndeso, nganti korupsi. Engko nek musim penyakit, nang kono dileboni dokter ora mbayar, prei. Tiap-tiap 3 bulan, leboni dokter, bidan. Dokter asli dokter, seko pemerintah, wong Suriname, engko dipanggili, diperiksa loro opo, loro sing jahat digowo nang kota ra mbayar, neng rumah sakit kota, ra mbayar. Kabeh gratis. Nang kene opo-opo mbayar.

Pas awal-awal neng Tongar tani neng kebun, budale jam 7, setengah pitu budal bar sarapan, neng kono yo babad, nandur jagung, nandur pari, nandur telo, nandur-nandur telo.

(14)

nandur pari karo nandur telo, tapi gangguan, dadi kurang, tapi saiki nandur bana barang. Pari yo nandur, saiki wes ra eneng pari, pari saiki wes ditanduri liyan-liyane. Le masang polder percuma.

(1:21:01)

Polder iku nggawe dandang, trus masuk ke kebunan, irigasi, percuma itu gak jadi, wong podo tanduri sawit kabeh kok saiki, karang sawite payu. Padi gak jaga, Sawit enggal-enggalwoh, dua minggu sepisan buah, dua minggu sepisan buah kan enak, sayange aku ra duwe sesok. Iki sak hektar kono setengah hektar. Wes tanduri sawit kabeh, tapi iku lho uwohe kurang, ono stengah hektar iku entuk 100 ribu. Nggo nempur wae, 30 ewu wes okeh. 64. Mongko aku tuku 2 cokek, kae putuku 2 cokek, 4 cokek, 2 minggu dho entek. 2 cokek iku 60 ewu. Nek dong entuk, ngko telung sasi, po 2 sasi sepisan po opo, entuk beras seko negara. Seko nggone maune segoni kae, segoni cilik kae, iku pirang cokek, saiki iso 2 cokek setengah. Iku mbayar 20, 15 ewu. Raskin kuwi. BLT (Bantuan Langsung Tunai-red) maune entuk aku nang bank, njupuke nang bank, maune entuk saiki ra entuk, kae ora kabeh, dipilih-pilih ta. Sing ora mampulah, mbuh pirang taun aku aben entuk. Saiki ora entuk, saiki entuke beras saiki. Neng jawa isih yo saiki. 100 ewu per sasine 100. 3 sasi 300 ewu. Kepisah karo sedulur-sedulur rasane yo getun lah, perasaane yo getun, entuk koyo ngene yo getun, tapi okeh sing ninggal kok wisan kok, okeh sing lungo okeh sing ninggal, kepiye meneh ra getun ta? ninggalke sedulur, ninggalke wongtuo. Saiki wongtuoku wes ninggal kabeh dadine, sedulurku ninggal. Aku rono mulih nang sing ngomah kae yo ora pethuk kabeh, ninggal kabeh, ono sing mulih ko kene aku dijak ra gelem, ninggal teko kono, kangen. Adiku sik nomer 4, mrene ngejak aku mulih mrono aku emoh, arep diwehi kendaraan, aku duwe kendaraan 8, pilih sing ndi, fotone diduduhne, milih sing wuss., sing muat 40 orang opo milih sedan opo milih, untukmu iku aku tandatangan. Diwenehi kapal terbang yo emoh aku. Anakku nang kono sitok, nang kene akeh banget. Mesakne ibu, nang kene ki ibune wes tuek, tak tinggal mesakno, anak yo eneng neng kene. Aku durung tau neng Suriname, lha diparani arep dijak aku emoh ngono kok. Aku gelem mrono tapi balikne rene meneh ra entuk, harus nang kono. Ra entuk bali rene, delok weruh keadaan kene. Koyo ngene. Sing nang kene ki, mbuh lah, sing korupsi, sing ngono-sing ngene, ngono-sing nyekolahke mbayar. Nang kono ra mbayar. Ngko nek sekolah ULO-MULO iku nang kene SMP-SMA iku mulai mbayar. Rak yat ki ora mbayar.

(15)

(1:27:08)

SD tekane kelas 6 iku ora mbayar. Mulai anu, prembule, nang kene opo, kelas satu iku mau, sakdurunge kelas satu, TK ya, tekane kelas 3 ki mau. Roti entuk, buku diwehi, potlot ora, pulpen, pulpen kelas 3 keatas, nang kene kabeh pulpen. Nggak nang kono ora gampang, kadang nek salah le nulis, di urek-urek karo idu.

aku ra tau tekon yayasan soal janji-janji, aku, ra ketok aku, yo podo kumpul-kumpul le ngomong ra tepat-ra tepat, tapi ra wani ngomonge. Ndak, wes dho anu kok. Iyo rapat,tapi yo ora sing podho nagih janji-janji. Bagiane bapakku barang di dol-i karo yayasan kantor, lha mebuh, ilang kabeh, angel kok. Rumah yang bangun kita sendirilah. Aku bayar tukang iku. Tukangnya anak-anak sini, dari sini juga. Kayunya beli sinilah, maune ikulah, iku wes entek kayu, kayu elek-elekan, maune kayu kir, ke toko, ndak iku, iko wes dindinge wes gapuk kabeh wes tak ganti kok, podho keropos, wes 35 taun kae omah kae, keropos. Tapi nak yang dulu yang punya bapak ini dulu, ketoko ikir asli ikir tapi, sing besar-besar gini, sing jual mesin, saiki gelem gapuk wae ora.

Pas neng Leiding 5, rumahnya bikin sendiri, tapi aku rung mbayar pajek, karena gak di mesteri, gak disemen, omahe apik tapi ra disemen, suwe-suwe lantai lemah ngono di tokok ngono. Rumahnya gak tingkat, biasa, seng ya, seng murahe kok, seng. Cuma kalo disemen, mbayar pajak, 8 perak setengah, 6 perak, setaun. Ono sing periksa, nambah kebon 15 rupiah. Nek omah ki paling 10 setaun. Nak kowe arepe nandur pari ora duwe tampang, iku nang lambour. Lambour itu pemerintah, perkebunan, ngko upomo siji yo mbaleke siji, pomo jupuk segoni yo mbaleke segoni punjule embuh pirang kilo aku, nang kene nggak. Di utangi nang kono karo pemerintah. Kan enak neng kono, pemerintah gampang kok. Loro di obati mbayar pajek, kon 15 rupiah. Tapi nek aku 5 hektar ae sok-sok mbayar 15 rupiah ora diuber karo anune, ambane kas Negara mburine adoh, mburi adoh memburi ora mbayar. Ngko banyune njupuk seko polder pemerintah sing gawekne pendak 3 bulan sekali, babad. Dadi polder iku saluran air ini tiap orang satu, satu punya. Ngko kowe upomo kowe hurung nandur aku wes nandur, aku wes njupuk, kowe ora, ditutup nggokmu, nggokku di buka. Nang nggokku kabeh, woohhh iwak okeh, iwak kuwik, iwak gabus.

(1:34:02)

(16)

mlaku-mlaku, di senter. Kowe seneng nang kono, ayo rono ayo. Iwak-iwak dipancingi. Bebas. Ra ono opo-opo. Dipancingi bebas. Kowe sekolah ora duwe biaya, di biayai pemerintah nang kono, kowe arep kuliah ning ra duwe, kowe pinter tapi pingin kuliah dibantu pemerintah, ngko nek wes bar kerja dipotong gajimu nggo mbayar. Sing ora pinter yo ra mbayar, nek wonge pinter-pinter yo mbayar. Enak neng kono, opo-opo ra mbayar. Luwih enak neng Suriname. Jane tesih kepengen neng kono tapi wes tuo, kepiye maneh. Iku sing arepe tilik Suriname. Nek selingkuh-selingkuh biasa boleh. Menungso. Aku mane jih enom yo selingkuh biasa, saiki wes tuo, bojone dew e ae ra di demek saiki, tenan turu yo gletak wes ayem, aku yo , aku turu biasa, pek, ra mikir ngene-ngene. Seje karo wong enom yo, grayahan. aku mulane saiki wani ngurut wong wedok-wedok barang, wong yo cantik-cantik. Di urut yo ra opo mergane iki wes ra duwe, ra duwe pikiran opo-opo lah. Ngurut yo ngurut. Kanggo sehari-harine yo ngurut, kerja ora kuat kerja. Paling-paling wes ra kuat kerja saiki. Dadi nang ngomah, babad-babad kiwo tengene omah. Sithik-sithik wes liren. Ngunduh soklat di dol. Jambe, anakku, ooo putuku iki mau nggowo diwehi, nggone polisi, manen sawit mau diwehi jambe dipek di gowo mulih, aku tak belahi, tak cukili, kae nyukili jambe.Di dol. Di dol karo, 3 ewu sekilo, jambe. Soklat, seko nggone modo, Bangli ki yo duwe soklat saiki entek soklate. Pirang taun ra pethuk. Ora pethuk meneh. Wes tuo iki mau, gari neng umur. Panjang umur. Opo diwehi, sing anu yo panjang umur, sing murah rejeki, golek sandang pangan sing gangsar. Arepe sugih, ora iso wes, maune duwe saiki arep duwe meneh wes ora. Yo wes mlarat ki yo, koyo dene air ki grujug-grujug. Nek dong yo ithir-ithir, nek dong yo ngurut yo ngono yo. Nek dong telung dino patang dino ra ono wong ngurut. Nek dong 5-6 teko. Kuat dong, alon-alon. Nek dong aku entuk 100 ngasian, nek dong 200, aku neng Pekanbaru yo pernah, aku kon ngurut, di ngene wae wes 200, 100, aku entuk hampir sakjuta.

(1:40:22)

Bali Indonesia embuh umur piro yo? Nang kene 56 taun, wes suwi no yo? Aku nang kene, le rene embuh taun piro, lali aku kok. Mungkin umur 25. Wis duwe anak 3, eneng sing sekolah yo eneng sing ora. Maklum ya bocah, sekolah yo sekolah rakyat. Sing sekolah rodo tinggi yoiku franklin iku,sing SMA trus neng pekanbaru iku. Gak kuliah gak, ra kuat duite.ra duwe bapake, ra duwe duit. Yo SMA. Terus nglamar kaltek mlebu dek-e. Kerja caltek wes pirang t aun wes rangerti aku, maune

(17)

mlebune payah kaltek iku tes-tesane ping pindo iku.

Bapakkku ra tau crita, ora tau di critani pak ku aku teko njawa ngene-ngene. Le ngomong ki yo, makku karo pakku yo podho-podo neng Deli, kontrak. Sih gadis karo joko, nang kono terus di gowo rene karo londo iku. Kurangan uwong neng Suriname. Dadi campur iku, eneng sing wong minang, eneng sing wong batak barang iku gowo neng Suriname. Wong minang yo eneng. Perjanjianne, kowe yen gelem neng kono terus tak wehi kebon. Kebon ora mbayar. Tapi nek kowe mulih, duite premi diwehi nek nang kono. Tapi nek mulih nang njawa ora metu duite premi, 40 rupiah. 40 rupiah, nggo premi. Jaman semono 40 rupiah, wooww.. Untu-ku entek, iki entek iki tibo aku, seko numpak sepeda, lha ndronjong, jempalik. Tibo entek iki. Teko Air bangis numpak sepeda aku lho, kerja numpak sepeda. Mulihe numpak sepeda. Neng kono mbandar. Ujung gading, mbakul. Aku wes tahu mlaku teko ujung gading. Dalane krikil isihan. Taun piro kuwi, neng pucuk, hurung gestapu kok. Seko Suriname nggowo opo-opo, yo nggowo, bakal lampu, beras, iku kawat listrik. Nang kene rencana mbek lampu ta? Nggowo kawat listrik.

(1:47:40)

Iku rak mbandar iku yo nggowo, cangkol, sekop, pacul gawanane, tali seko Suriname. porok iku yo cangkol iku, garpu.

Aku ra tau cerito pengalamnku karo anak-anak, malah pake koyo ngene-koyo ngene wes jarang aku ngomong. Podho ngerti to ngadimun wong ngadimun cilikane ngadimun ki ngerti nek aku nang kono. Anak liyane ra ngerti, lahire kene kabeh kok, sing lahir kono yo ngadimun. Ngadimun umure wes 52 po 57. Wes meh setahun setengah kliwat. Piro setahun setengah kae ngadimun rene kae, gur mlaku-malku kok, pengen mlaku-mlaku. Koyo putuku kae lho. Kebirut keputu, mobile di dol ra genah. 29 rakyate (putune-red). Iki eneng sing ora tak etung lho. Buyutku okeh, lha iki anake sing iki omahe nang kono. Buyut, omahe sewanke, merantau. Iki neng kene buyut. Okeh buyutku. Dilut meneh meh canggah aku lho. Iki nek iki buyutku rabi, wes gede, gadis wes umur wes SMA. Nek nikah po ra wes. Lha iki sing neng kene iki wes kerja neng padang. Nang kene, kui nek rabi duwe anak rak canggah kui. Bojoku sing nang Suriname, wes canggah wisan, wes canggah sing nang kono. Sing bojo sing tak tinggal iki. Wes sasat wes canggah kui. Aku ra tau dilayangi kok (bojone neng Suriname-red). Deke arepe nglayangi rene yo ra ngerti alamate. Bapakku ijik urip ora yo ra ngerti. Mulane aku ngomong karo Sarmuji nak

(18)

nang Suriname, tak kon mampir nang Kopijompo. Nak menowo ijik kae. Tak kon gelem ngape. Blas ora ngerti kabare. Sakplok tak tinggal. Aku yo ra pamitan rono, salahe.

(1:53:04)

Ora pamit, kesusu kok. Menowo ngiro aku wes mati iki. Wes ra, Suwi banget kok. Sakplok cah hurung, nyampe bojo si sing tak jak rene iki kok. Dadi ki wes ninggal trus kawin meneh iki. Bojoku 4, ping pat. Wes wareg, terakhir iki thok, tuek. Iki wae sih sok konco rino-wengi ae kok. Nek karepku ora rabi. Trus saiki nek aku mriang, sing masake sopo, sing ngumbahi gombalanku sopo, kan mikir iki yo, mulakne, bojoku yo nrimo dilalahe, koyo jenate mak-e, aku ra nduwe duit deke meneng, mangan sak-enenge, nek duwe yo blonjo. Ra duwe piye meneh? Ra duwe opo nggo blonjo. Tapi yo rejeki ki dilalaheyo eneng, rejeki mbuh seko ndi, mbuh dodol-dodol opo-opo. Mbuh ngko, ki diwehi anakku iku sak panenan 100 ribu. Tetapi yo panen pindo 200. Karo nggo blonjo prasasat, cukup yo cukup, piye meneh. dicukup-cukupke lah. Nggo bayar lampu, okeh aku, nggo bayar lampu. Wis ora duwe crito, crito opo. Entek wesan, critane sok nek wes nang kono wes suwe, pake ditiliki mrene.

Nek pakku anu Madiun, mbokku Madiun, Bapakku Tegal pekalongan. Tapi ora ngapak ann. Ak ra tau mrono, ora ngerti nggone kok, maune arep mrene ra tekok karo bapakku salahe, sakdonge maune rene tekok iso sakdonge goleki dulure. Jami, bojoku sing nang Kopijompo.

Aku nek dong dolan rono, aku belajar main kertu yo neng nggone mbokke iki.Ya diblajari, tapi aku gak main aku gak. Ra tau neng pajak, eman-eman duitku tak nggo main. Hiburan aku yo nonton, ngko nek ono dansa melu dansa. Nek ono ludruk melu ludruk, ngombe jarang aku ngombe nganti mabok ngene-ngene ndak mau, ndak mau. Ludruk neng Peperpot yo eneng, latihanne tiap minggu, latihan neng nggone lurahe.

(1:59:43)

Nggokku eneng carik kamituo, kebayan, lurah, eneng nang nggonku. Aku nang kono karo wong tu ngajeni aku, celuk pak, celuk wo, celu lik, aku numpak sepeda nek ono wong tuo mudhun. Nderek langkung, mbah nopo pak, kulo bade langkung ajeng bade tindak mriko. Ngono, ngomong. Bocah saiki, wonge arek di tendang, aku arep ditendang. Cah saiki, lha numpak Honda nang ngarepku kae, ngasi tak

(19)

palangi kayu kae. Di getne, weng-weng, kan yo ra bener ta? Nang ngarepe mbahe mongko, putu-putu. Putu-putu, wes ra ngajeni, nang kono di gemplang nang Suriname. Karo mbahe dewe wae, nek karo mbahe wong liyo wae ngajeni. Anu, ngladeni, rewang ngene ngladeni, teko kene teko kono, aku wes mulai ndodok aku, lha nang kene, njengking wae nyak. Kari njengking, ngladeni nang kene cah saiki. Sih nom lah, ndak boleh, monggo kulo aturi dahar mbah po pak. Koyo wong Jogja wae. Mosok koyo bocah kene. Gak. Kadang-kadang ra boso, mangan mbah. Ora ngajeni babar pisan ora ngajeni karo wong tuo.

Nang Leiding 5, bahasa jawane campur aduk lah, campu aduk, yo halus yo campur aduk, biasa boso biasa. Aku biyen macake, nek nang jawa mbuh, nak melekan ngono udeng-udengan miring, nggo klambi, anu kaos putih sabuke songketan sakmene kae, kathoke komprang. Nek nggo ndodok kan enak. Kostum-kostume tukulah. Trus nek tayuban, nggo das, nggo klambi nggo das, nggo jas, nggo dasi. upomo kathoke iki ireng iki sepatune putih. Nggo jam.

Aku bali yo nggowo, aku le nggowo, jase aku nggowo telu, nek dasine akeh aku le nggowo tak wehke wong-wong. Ga pernah dipake disini. Suriname klambine iki dasine iki, klambine iki dasine iki, lha po le pasang dasi kleru wae, weruh wong londo. Ahhh sempitne, byak, ngomong kleru iki le masang, pasangke, iki le dipernahne, yo uwes deke mlaku meneh. Nek wong gadis-gadis, nek weruh wong kleru, anu, di tatakne, jase, lha iki baru apik. Mlaku wes, ora pacare ora apa-apane tapi yo natake apik.

(2:04:19)

Nek bojo nganggo jarik lah, jarik kathok klambi dowo jarik, nggo iki nggo gelungan nggo cucuk, mubeng cucuke. Anu, nggo anu opo iku, bojoku Kopijompo, sanggulan, mubeng cucuk, jungkat emas, gelang. Kabeh didol neng kono. Aku wae nang kono yo. Iki, jam iki rego 100 rupiah, iki emas lho, keno di gadeke emas iki. Ali-aline 2, ali-ali nikah siji, ali-ali biasa siji, bolpene iki nang kene 2, emas iki. Uwes ganteng kuwi, tapi nang kono ra ono carane wong nyopet gak.aman polisi pirang-pirang kok, kene disebrot wong no. Cucukke mubeng iku, bojoku, ora eneng wong nyebrot, nyebrot iki, aku nek lungo ngerti opo? Nggowo, peso, ro di kalung. Nggowo iki, nek nyebrot hemm… lho tenan. Tapi aku ra tau geger, aman kok. Tapi nek iku, wong negro, ake wes pernah di keroyok wong negro. Arep di jaluk duite. Arep ngrampok, arep tak antem keno kene, nggeblak. Tak hindari wae. Itu malam,

(20)

siang ndak beranilah, nang ndalan lah. Aku kendel maune. Wong enom kae, mlaku. Ngger kepethukan gadis, yo iso bareng, yo ora kepethukan gadis yo ayo bareng, tapi nek ra kepethukan yo ijen mlaku. Uwis ono listrik tapi neng nggonku durung. Kebonan durung isih dumar pompan, pertama-pertama,hurung eneng, dumar pompane kui yo karo gantung ngene ki lho. Teplok, gantung, gantung kae larang kae lho, dumar gantung di dhukne diunggahne keneng di kerek mudhun. Larang kae, nek cino meh 100 rupiah, sakmene wadahe, nggo minyak, ngko nek pas disilih wong diwehi jadah njero, iyo, men awet. Ngko teko ngomah, ngomong iki ono isine jero pak. Teko kono jikuk lengane dibuang, le iki jadahe digoreng karo sing duwe.diiseni nek ngulihke, yo ra nggondo minyak,ra nggondo minyak lampu. Ra eneng minyake lampu, wes minyak caltek kabeh dadi gathuk. Uripe ki anteng ngono lho, ora menceng-menceng, ora, menthore ora koyo minyak lampu, nek lampu kan menthore lain, iki menthore anteng. Apik, rene aku biyen ora nggowo aku. Nek neng kono seje.

(2:09:14)

Neng Leiding 5, langgar eneng mesjid eneng. Bangune gotong royong. Pertama langgar, lha iki bar main sodor hari raya, mulai poso kae. Bar sodor, turu to jam siji kae bar sodor. Kae ki turu, eneng manuk hur… ktekuk kuk kuk…. Ngono kae, ono sing kenene suwek barang, kene, kene, mlebu nirokne to, awake dewe nirokno neng njero mesjid karo turu. Iki nggawe iki lho, sigar iki maune daginge, lha iki nggo tenger karo dulurku. Aku maune ra nduwe iki, mbak. Isih piro, umur 12 taun, turu nang mesjid. Eneng sing perasaanku sigar neng kene, njumbul ngene iki,

matane cemlorot koyo senter. manuk hantu, burung hantu guedene. Pengajian ono, kono ono sing special, di pal karo lurahe kok, ngajari ngaji, ngajari sembayang, tapi gede-gede ndugal ra gelem sembahyang aku, trus saiki tuek sembahyang maneh. Maune nang kopijompo rung sembahyang aku. Tak tinggal sembahyang, kadung mulih rene, tuek, umur 70 keatas aku wes sembahyang. Iki anaku wes saiki sembahyang ngadimun, maune rung gelem, di kongkon emoh, saiki sembahyang dewe. Saiki deke duwe putu, wes duwe putu duwe anak, kon sembahyang manut saiki, maune di kongkon pake emoh sembahyang, aku wae emoh sembahyang maune. Maune opo-opo dipangan, iwak opo-opo di pangan, saiki gak. Iwak ulo barang di pangan maune aku, saiki gak. Tapi neng cino dek durung sembahyang aku yo, tapi kirike kirik opo iku ora sembarang kirik. Kirike di ingu kok. Cino

(21)

wuuhh le ngolah..dimasak semur kae, tapi uenak, tapi koe ngertine enak gur iwak pitik. Ndak ngerti saya. Rasane uenak, rasane koyo iwak sapi wae, karo iwak sapi enak kui gurihe. Nek iwak babi barang iku enake ngungkuli iwak pitik lho. Ijik enom kan isih ndugal. Saiki insyaf. Iyolah wes insyaf, wes tuo. Mung aku nak nang ngomah kesinggung perasaanku, naik darah, gampang jengkele aku. Tapi nek ra disinggung, wes nendang. Kon ngungkuli nendang wae iso, ojo ngasi kesinggung perasaanku. Iki soyo tuo ki, maune aku nek ndelok darahe aku 140/180. Normal aku, anu barang ki yo ngomong normal aku, bidane barang ngono, doktere yo ngomong aku normal. Tapi nek dong kok, ra popo kok yer,yer, wes tuo mbuh piye, ra dong aku.

Referensi

Dokumen terkait

Demikian pengumuman ini disampaikan untuk dapat dipergunakan

[r]

Setelah selesai mempelajari tulisan ini, pembaca diharapkan dapat melakukan secara professional apa yang lazim dilakukan manajer investasi, memilih sekuritas, membentuk

It can happen when your body and mind get so much stress from working too hard, feeling unappreciated and concerned about job security, getting confused about expectation

Pada penelitian kali ini peneliti ingin mengetahui melalui mahasiswa di kota Bandung bagaimana interactivity, online completeness, ease of use, entertaiment dan trust

Tujuan penelitian adalah untuk mengetahui ketersediaan input usahatani bawang merah per petani/ha, untuk mengetahui besarnya harga rata-rata input, harga output,

PENGELOLAAN PELATIHAN HYPNOTHERAPY FUNDAMENTAL DALAM MENGUASAI KEMAMPUAN HYPNOSIS DI VIGOROUS LEARNING CENTER (VLC) KABUPATEN BANDUNG BARAT.. Universitas Pendidikan Indonesia |

The in¯uence of traditional intercropping (TI), disk-harrow ploughing (DH), no-tillage (NT), and Wischmeier bare fallow (BF) on runoff coef®cient, soil loss, organic carbon (OC)