• Tidak ada hasil yang ditemukan

SULUK JAYALENGKARA

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2017

Membagikan "SULUK JAYALENGKARA"

Copied!
5
0
0

Teks penuh

(1)

SULUK JAYALENGKARA

PUPUH I DHANDHANGGULA

1. //Amestuti ruwiya utami / Suluk Jayalengkara pramiyan / prakawis

ya rayasane / nistha madya tameku / kanang murweng gita sawitning/ Pangran Pekik ing sura / kaya duking dangu / sinawung jawindrasmara / sinancaya saarsa tinedhak sungging / dening Sang Drengge Sastra//

2. //Kaping nembelas ri Soma manis / wulan Rabingulakir Je warsa /

nuju Kulawu lambange / Sancaya ingkang windu / sinengkalan angkaning warsi / pamuluking dahana / ngesthi jagat agung / pinurwa murtining kandha / Prabu Santya Gnyana Sunya wirya nagri / ratu gung pinandhita//

3. //Amenga wak nirada sutengsi / tumanggah karya ambeg

apanggah / ngapus ing ngrat pungkasane / kapandhitanya putus / tuhu prabu anyakrawati / prakatha dipaning ngrat / ing ngrat kang pinulung / lulutaning lokatara / prabu luwih jejulukira Narpati /

5. //Kwulaning wadya den uningani / uninganira sangking sinuksma /

sinukma salir kawane / bawaning ratu luhur / tan angendhak manahing bangkit / bangkit kang karya sura / surasa biyantu / anuntuni manah midha / anrepaken wadya ingkang manah tunggil / tunggal sapari-polah//

6. //Kakasihe Kangjeng Sri Bupati / Maha Pandhita Sang Kala Sonya

/ tuhu patut prawirane / sembada tengranipun / prabu anom wicakseng luwih / garwanirayu endah / lir kumala murup / lir Supraba ayunira / tuhu endah warnanira sang suputri / pideksa pengadegnya//

7. //Angripta Kumbacarana kadi / ing sakalire pradikanira / kang

amadani kaya oleh / supana ayonipun / pan tegese angreka kadi / tulis pamolahira / kumba artenipun / kadi ukiran kencana / acerana lir warana yen kaeksi / lir wulan karahinan//

8. //Angripta ika tegese kadi / antuke anyipta hayonira / anawenga

(2)

yen dereng arengu / pinten lamine kagarwa / mring sang nata tan kena pisah salatri / lan Dewi Wiladmara//

9. //Adarbe putra tetiga estri / kalih jalu tur awicaksana /

Jayalengkara kasihe / lampah yukti tan sinung / dene Kangjeng Sri Narapati / tan suka cinacada / langkung sih sang prabu / pan putra ginadhang nata / gentyanana ing rama sri narapati / aneng sunya wibawa//

10. //Kaduk mindel semunya awingit / Kangjeng Rahadyan Jayalengkara / andhap lusrah andikane / bagus semunya luhur / ajatmika ambegan wingit / tansah karya la-ela / kang anem sang bagus / Dyan Subekti kekasihnya / angler kembar citrane rahadyan mantra / anglir sang maha dewa//

11. //Awayah umur patbelas warsi / lagya remen angadu ing bala / kang ginulang-gulang tang nglen / ing sandi sastra putus / wiru tameng sudigbya luwih / pratameng baya gita / ngenaki tyas wadu / angsung la-elaniredyang / samya brangta mintir atur burat wangi / sekar ruming kang seda//

PUPUH II M I J I L

1. //Amangun kiswa tuna sawawi / pangaskartanya wong / Dewi

Ragasmra luwih sedune / anglungita jro tur angenteni / ing ngrenah ing dasih / bisa anir wuyung//

2. //Tan kuwasa amarnaa malih / pangaskartanya wong / mapan

dene ramaji tan aweh / sun limpe de araning sun benjing / lah kaya pa yayi / temahe tumutur//

5. //Ingsun uga sung wingit busari / dadya mrih mak gallon / anawun

tyas amrih atunggule / tigang candra geng mendra mong resmi/ ana wong ajawi / wayang wong kaburu//

6. //Sanamun-samun tan kena lali / ing panduganing nyong / sampun

lipuh kang rayi rahaden / sangking wagete anawun kapti / denya mrih sukaning / yayah lawan ibu//

7. //Langkung lembahe raden meh silip / kawarna sang katong / arsa

(3)

8. //Sotya balut sayembuh kang manis / angres tyase katong / amlas arsa kang garwa ature / kakang aji kadi paran benjing / solah patik haji / yen ki putra nglangut//

9. //Tansah ketang ngen-angening ati / sinten yogya katong / yen

suruda paduka ing tembe / raden putri-putra samya nangis / nangis pyuh tyasnya nerpati / jinejel ing atur//

10. //Pukulun yen tulus kaki mantra / atilar kedhaton / kadospundi patik sang arajeng / suka pejaha ing Wanagiri / raden putri anjrit / kawula bu tumut//

11. //Kewran tyase sang sri narapati / jaja lir tinonyog / mulat ing putra sanget tangise / kumembeng waspanira tyas rujit / nanging tyas tan lali / dhateng ing Hyang Agung//

12. //Sang nata ngling Allah sira yayi / dening tresnaning ngong / nanging yayi tan ana wandene / kaki putra atilar nagari / nging panduga mami / tyase during lipur//

13. //Angur yayi kesahe ki mantra / leheng ta rinojong / sinung mantri kang milu lampahe / kang ngawruhi lara patineki / sanggone ki yayi kawruhana rehe / ing tumuwuh suka duka pati / pan sangking Yang Widi / tan kena winangsul//

16. //Sapa nulak karsane Yang Widi / yen wus pesthining wong / supa ngrusak yen suksma sih mule / sapa sanggup rumeksa ing pesthi / yen Hyang Suksma amrih / rusake wong iku//

17. //Iku yayi sira ywa kasilip / ujar wus mengkono / titahing Yang sira aywa kaget / parandene yen Hyang Suksma asih / pinanggihken malih / kaki putra wangsul//

18. //Lawan kesahe putra yayi / datan watak awon / dudulange iku ta solahe / kaya amrih kasenten sun liri / prameswari anjrit / miwah Raden Galuh//

19. //Maturira ta tan pegat nangis / sebda pegat-pegot / dhuh sang aji swawi sami dherek / karsanipun ki mantra mring pundi / sampun wonten dasih / ingkang atut pungkur//

(4)

21. //Wijiling sabda asepet gendhis / kendela riningong / ingsun arsa sinewaka angger / tigang candra ingsun tan tinangkil / lah paliwara glis / priksanen wadyengsun//

22. //Kang anangkil dyan paliwara glis / lampahira alon / sakpraptane ing jawi / lampahe tinon pesat sagunging kang nangkil / tan owah ing linggih / ing saprehipun//

26. //Akarya la-alaning kang ati / prabanya sumarot / pan wus tedhak sang nata miyose / plara-lara neng wingking sang aji / sawijiling kari / upacara dulur//

27. //Sumrek lampah ingarsa narpati / pacara tan kledhok / prang wedani asri pawohane / puh jenggi gandhek kacuja rukmi / kidang sawunggaling / ardawalika gung//

28. //Horeg kabeh wadya kang anangkil / sawiyosing katong / ajrih lamun yen nyama pengangge / yen ana kang nyama kampuh aji / winangsulken aglis / wong tan wrin ing angkuh//

29. //Wus mliringa mring kancanereki / wong tan wring ing kewoh / anyenyampat wekaning sang rajeng / wus tinundhung medal sekala glis / dadya samya uning / niti krameng prabu//

30. //Lan sang nata tedhak ing sitinggil / sumrek wadya tumon / para mantri tilar ing lantene / sampun lenggah kangjeng sri bupati / ing dhedhampar rukmi / cahyane umancur//

31. //Angsung cipta mring sagunging mantra / majegan wot sinom / para mantra atata silane / mukane sewa sri narapati / seseg ngarsa aji / kya patih ing ngayun//

32. //Sinang arya tumenggung dipati / datan kena adoh / demang rangga ngabehi jajare / asya duaji tandha myang mantra / nomnya anyambungi / gandhek lawan manggung//

(5)

34. //Demang Urawan andeling jurit / tan kewran tinaros / Dipati Jagalaya ajare / mong wasita paniti prajeki / pandaming nagari / andel karyanipun//

35. //Datan nana swarane kumlisik / miwah kang kekayon / datan nana kumresek swarane / miwah peksi tan ana kang muni / mung kemasan gendhing / lawan manuk engkuk//

Referensi

Dokumen terkait

juncea mampu meningkatkan efisiensi translokasi fotosintat ke dalam biji sehingga hasil biji yang diperoleh jauh lebih tinggi dibandingkan dengan hasil biji tanaman

Bacillus yang digunakan telah diuji resistensinya terhadap logam Cr, dengan hasil uji semua isolat Bacillus mampu tumbuh dengan baik pada media nutrient agar 300

Walaupun tujuan utama bangsa- bangsa Eropa menjajah nusantara untuk memonopoli perdagangan rempah-rem- pah dan terakhir menjajah fisik, namun mereka juga baik disadari atau

Oleh sebab itu norma dalam perwujudannya dapat berupa norma agama, norma kesopanan, kesusilaan, hukum dan norma sosial. Dibalik ketentuan tersebut ada nilai yang

verification ), penarikan kesimpulan dan verifikasi adalah tahapan terakhir dalam teknik analisis data pada penelitian kualitatif. sebagaimana model interaktif yang

Dari hasil penelitian yang diperoleh berupa pengukuran diameter zona hambatan ekstrak etanol Daun Dewandaru (Eugenia uniflora L.) terhadap bakteri Streptococcus

Panjang tanaman dan diameter bibit nyata lebih tinggi pada bahan tanam umur 7 bulan. Persentase tumbuh tunas nyata tertinggi diperoleh pada penggunaan bahan tanam

seks bunga drlakukan dengan metodc deskriptilyaitu dengan nenghrtmg rasio scks bunga.. lantan, bclina dln hcmaprodlt dalan saru