• Tidak ada hasil yang ditemukan

SERAT CATUR KANDHA serat catur kandha

N/A
N/A
Protected

Academic year: 2017

Membagikan "SERAT CATUR KANDHA serat catur kandha"

Copied!
191
0
0

Teks penuh

(1)

S ERA T CA TUR KA NDHA

Program digital ini dikembangkan untuk melestarikan dalam mendukung proses pelestarian sastra daerah di Indonesia. Hasil dari program digital ini berupa karya sastra Jawa yang disalin dalam bentuk teks digital format pdf . Semoga tujuan blog www.alangalangkumitir.wordpress.com adalah menjadi salah satu sumber digital karya-karya sastra Jawa dapat dibaca, ditelusuri atau diunduh oleh para sutrisna budaya ataupun masyarakat secara bebas.

Salam asah asih asuh. Nuwun.

@@@

Punika Wacan Sejarah Kagungan Dalem Bupati Cerbon R. Adipati Hariya Suradiningrat

DHANDHANGGULA

Catur kandha kang pinurweng gendhing dhenira sang kasubing rat kithal

kithung sabarang gawene winuwuhan ning bingung banget bodho budi taliti ing dhelap handhaluyah salamining tuwuh

tuwas wis sinambat esak kasok kurang ngakal nalutuhi marang Sang Trusing bisa.

Basakkena ing ngujar pamanci kumaya kaya mangun cirati

ing gendhing nging Sang katenben weruh tembunge wuruk

kumasengka hayengkut tulis patilasaning kuna

kang sami hanyatur raken sejarah Oliyah

ing sabrang ing Jawa kang winuri nuri malar hantukka barkah.

(2)

tulusa amanah pacandhiyan ning kang luhur martabate betah amaos tutur

tatrapang neng pandum pamilih malak mandar katungas

sangating Yang Ngagung hanggugonana pri esak

ngangsupenna ing tung-tung piniti kapti pemah wekasing gita

Purwa Nabi Muhammad sisiwi ayu terus manah kasuciyan Dewi Patimah jenenge antuk krama wong ngagung

kang mashur mancanning Yang Widhi Maha Baginda Raja

Ngali jenengipun waliyullah kang utama

gustining alulkak amirul mukminin nuli kagungan putra.

Maharaja Kusen ingkang sahid kang suhud natagama nibuat anuli miyos putrane

nenggeh ingkang wulangun Imam Anglam lenal ngabidhin budhi anata islam

karana Yang Ngagung nuli miyosaken putra

Jenalkubra sinebu Tajussalikin pon bangsa waliyullah.

Nuli puputra Jumadhilkabir ratu agung mulya pinandhita aneng kuswah negarane nuli iku susunu

Raja Ngumdah Ratu ing Mesir mapan ika puputra

Baniisrail Ratu

Sultan Kut ing namanira

(3)

Raja Ekut aneng Banisrail Apepatih rayine kang nama Patih Ngunkah pan jenenge salaminira lungguh

ratu ana ing Banisrail kang kakasihipun

Sultan Kut pramila nyebar potusan ngulati babakalan rabi angsaja ingkang simak.

Kelawan garwane kang wus mati juweting pangulatan wus mendhak instri nenggeh babaktane

wong kajji ingkang rawuh saking Pajajaran kang nawi Cakrabuwano ingkang kalih rayinipun

istri nama Rara Satang

hiya iku rupane kang hangemperi dhateng kang garwa Sultan.

Garwa Sultan kang sampun nagemasi kaya ta urip maning dhuk ana

Rara Satang tinemune jar si Rara punika

putrinipun jeng Siliwangi ingkang kabekta kesah kaji ing sadhulur

kang nami Cakrabuwana

sebab dening ing Pajajaran kasesih dhumeh remen ing islam.

Pramila karo mralalu kajji

tambuh ing manah amurang lampah kalanira tinemu

lan potusan sing Banisrail kalangkung ingormatan dhenira sang nemu pinituturan yen kersa

(4)

akarsa pinanggiya.

Kalayan dika sakalih sami ingandikanning karsa Molana ing banisrail pernahe

yata sakalihipun

dhatan kangkat langgana budhi sami anuting karsa

nira sang Popatus tan kacarita ing marga

kocapa sapraptane mring Banisrail Sultan Kut rena-rena.

Ninggali sang nembe prapti adhan Molana gupuh priksa he sira kajji sakaro

sapa kang duwe sunu

lan metu sing negara ngendi lan sapa aranira

kang liningan matur ngabdi dalem putra raja

saking Sundha pramilanipun na kajji saking sanget katiwar.

Dhatan angsal sihing rama aji dhumeh kawula mlebu islam asanget dedhe karsane karanten rama prabu

maksih Budha dereng atampi agami Rasulullah

pramilaning bendu dhumateng jasad kawula

Sultan Nekut pangandikane lah ngendi kang nyelamaken sira.

Cakrabuwana matur wot sari kawula sami malebet islam wau dhateng ngayunane Kanjeng Molana Guru

(5)

ilapi ingkang peparab

kang paring tudhuh lampah kawula mriki ngunjungi kabatullah.

Wondening wasta kawula lahip nami Sundha pun Cakrabuwana dhupi punika sadherek

istri ingkang sinebut rama ingkang njejuluki dhipun undang pun Satang lintang bodho bingung sang Maha Sultan ngandika iku sadulurira wadhon saiki sun jaluk sukanira.

Dheng rila kalwan ati putih

sun pundhut arsa sun kantha garwa Cakrabuwana sembahe

ing karsa dhalem katur

supadhos rehing sampun nakil sumangga pitarosa

pyambang jeng Sang Prabu dhumsteng pun nadhi Satang

awon panedhtan kilap karsa sang Ngaji Sultan Kat hangandika.

He ni wadhon Satang dhen sejati pakanira sun pundhut ing suka ing mangko seja sun gawe rabi ingkang satuhu

Rara Satang tan kangkat ing ling ing rembe ing kaweran

pangraweng nging ratu sudhi nampar kawias sarsa

sang nata sampun ngertos inggeking istri bilih amageng wirang.

(6)

suci pajenanisun prajanjiyan lan sira nini prayoga aneng kana lan iku sadhulur

rira lanang kon tut wuntat

kalawan pangulunipun Jalalludhin ngapingana kang tebah.

Adhan wiyose maha narpati saking pura Banisrail ngelan sapandeleng ing tebahe sampun ning kana rawuh anjejep birahining pambrih anaros ing Sang Rara dhuk ambal ping telu sang tinaros awacana

purun kawula pinantha jatu krami sainggah dhinuluran.

Dharbeya pecil jejer kang mangkin iyasa amuter Pajajaran

amekasana Budhae amimitana laku

iman islam kang sejati lah uen tanggoh Sang Raja dhumateng panuhun

kawula kadhi mangkana

inggih tan wandhe jiwa ragang lampahi ing sakarsa paduka.

S I N O M

Sang Maharaja kalintang kewuhan marganing pambrih sakedhap leng-lenging tunggal dhatan nantara tumuli

wonten syaraning uni saking jujurang karungu basane sanggupana iku panuhuning ngistri

(7)

Tumunten Sang Maharaja kandika ya sun sanggupi nalika nabda samana syaraning ketug nyahuri saking lambunging wukir Tursina ambal ping pitu adhat teng gunung ngika lah yen ana wong prajanji

kang kadhukuran ketugnya mangurawang.

Wusing tutug prajanjian sami mantuk dhateng puri enulusaken keng karsa wonten palandaning masjid kahormataning kawin Sang Ratu Agung ing riku sabadaning kang karsa akasukan sujang ratri

para raja kang kadep ana ing kana.

Rara Satang wus panindha jenengening prameswari ing Banisrail nagara nami Saripah Mudhaim kalangkung kinasihi angre pawistri ing wau caremming jatukrama ika sampunna garbini

nyidham kaworan salaminira wawrat.

Kang raka Cakrabuwana pon lami ing Banisrail ipe-ipe kumawula paparape wus den alih sinebut nami kajji

Ngabdullah Dhuliman estu tan kocap laminira

(8)

Sultan langkung rena-rena ninggali dhateng prayayi wulagang gelaraken tata adhat aneng Banisrail layen wonten prayayi mungel tangarana ratu gamelan kang winastan ika sang Tanyal Hibrahim

lan ungeling bedhil mas obar kastuba.

Nabanjengira munya prayayi wus den wastani Sarip Hidayat kang nama kalangkung kinasihi ing karsa sang narpati malah ing nalika wau yuswanipun dumungkap pitung sasi binekta mring

istana ingkang Madhinah Rasulullah.

Yen kitsa aneng Jawa ing mangsaning tedhak siti punika dhateng Madhinah Maha Sultan Banisrail dhuk andodonga maring kalaratira Jeng Rasul anametiking karna abaning mangsit yen iki

anakira gadhang angratu ing Sundha.

Amet pusakaning bujang ora angratu ing Mesir sakedhap Sultan ken tan ing prajanjiyaning dhingin sukur maring Yang Widhi satutuge karsanipun nunten sami abubar mantuk dhateng Banisrail

lan kocap lamine kang mageng wibawa.

(9)

kan uwa Cakrabuwana ingkang ajejuluk kajji Ngabdullah Dhulngimani ing Banisrail tinunggu ing puja-puja brata lami-lami angadhem

Nyi Mudhaim apuputra malih lanang.

Winastan Sarip Nurullah kang langkung kinasihi dhenira kang rama sultan pon duk yuswa pitung sasi binekta ngujung maring

kang ngastana Kanjeng Rasul nalika Maha Sultan

andodhonga dhipun wisik

dhening sawara yen ika anakira.

Kang enom iki kang gadhang angratoni aneng Mesir

amet pusakaning bapa Sultan sukur ing Yang Widhi satutuge anjati

nunten sami bubar mantuk tan kocapa lamining urip

Kaji Ngabdullah iman nekeseja.

Dhumateng kalarat Sultan yen pinareng wonten idhim kawula amit sumeja

tinjo dhateng nusa Jawi bilih mangke sapalih sapratigan sami anut dhateng agami islam Maha Sultan anduluri

ing sakajaten ipe Cakrabuwana.

Adhan saking Kajji Dhuliman intare sing Banisrail

(10)

kampir ing pase nagari ambarja manga ngelmi ing ngarsa Molana guru ing Pase ingkang nama Sekh Molana Dhatuk Sidik

musawarah mangripat karana Allah.

Malah lami aneng kene

Ngabdullah Dhuliman mangkin wus katela ing pranama

ing sabaring dhipun wastani dhening wong pase nami Pangeran Gagaklimayu rehing tansah aneha karamate narambahi

mandi kandikane ing sabarang tingkah.

Ing pramila ingormatan tus dadhi araga sukma tan kena kongkulan dening sesamaning dhumadi lamining lami tumulus ika Pangeran Gagak lumayu mantuk ngajawi lalayaran wus labuh ingkang baita.

Sampun ngingsik polatan enggen patapanna manggih gugung kang pedhek sagara ika prawastaning wukir katelah kang mastani

namanipun gunung Sembung adhan sira pinapar

kang gunung dipun saeni

wus sinungan yasa dhalem pakikinan.

Nuli senebut ing yasa

(11)

besuk kembene arawuh yen karsa angajawa aja liyan parna iki

kang dhen enggo ing besuk kumala sepa.

Kumalasepa ing Allah ming lahir tumekeng batin dhen gaweya kasuciyan cagare astana benjing lamining lami nuli

Pangeran Gagaklumayu ika angsal akrama putrinipun Kanjeng Kyai

Kuwu Cerbon dhalem Kuwu Srimangona.

Ika kang dhedhalem ana ing kuloning Siti Dhengklik sabab karaton kanoman ing waktu samono masih dhurung ana gatraning kraton meng pakuwonipun Kanjeng Sarimangona kang kagungan putra istri

kang peparab Nini Kencanalarang.

Ingkang kagarwa dhenira Pangeran Gagaklumayu careming ngajatukrama ika sampun namutrani istri dhipun wastani Nyi Pakungwati kang iku pinarma kudhul wetan Parek Jalagra anami

dhalem agung sabat kraton Kasepuhan.

(12)

ika angadhepi jalu Nini Kecalalarang iku amurtani malih

kocap Pangeran Cerbon kang nama.

Ingkang minarma magena kali kakine Jeng Kyai Kuwu Cerbon ika pernah adhalem ing pakuloning lemah wungkuk ing ngapti ing saguna gatinipun pon Jeng Kuwu nalika samono kawite tampi

ingkang aran pa agama Rasulullah.

K I N A N T H I

Pangeran Gagaklumayu amandhita maha puri ana ing hardi Amparan kagiri-giri kang ngungsi ing iman kalawan islam wong sabrang carub lan jawi.

Ing kana sami angriyung apa dhudhune bupati sembah ing kawula bala dhupi kapir arsa maring sang ratu ing Pajajaran

dhen kang putra wus dhumeling.

Ing karamtira unggul ing sa-Sundha angoceki dhadi isih mananira gegele sang Sribupati payung lan telan kendhaga dhumawah dhateng kang siwi.

(13)

Ariya Satang lumajang sinung cecangkok pasisir awit gunung Kromang ngetan wates kali Cipememali.

Ping ngalore ika tepung wates lawan Ratu Junti ping ngidhule Cerbon girang mung semono ingkang nami cecangkok Cerbon kuna pangambate iku akir.

Arya Lumajang kang mashur amangku pala pasisir

naban tahun pajegira serasi ingkang katiti ming pura gung Pajajaran dhumugi lamining lami.

Arya Lumajang ing ngriku selamine hambupati orana liyan pangajab kaponakan kang ing Mesir dhen karsaa angejawa sumeja sun kabekteni.

Lawan kabopatenipun sun pasrahaken ta benjing menawi uga kadhungkap Cerbon angreati benjing ming wilayat Pajajaran mimitana ratu mukmin.

(14)

Kang nenggeh peparabipun Siti Bagedhad kang nami kauni je Prabu Rara lan kaponakan sawiji ingkang nemba namanira punika Sekh Dhatuk Kapil.

Marmane sami arawuh ngajawa ya ika saking

kabendon dening kang rama pramila anglalu pati

ngambangaken kapal tiga sabalane dhen gawani.

Sebabe sami angratun ing Cerbon sila bedhemi ing ngarsa Arya Lumajang nunut suka manca bumi wus sinukan lampah manca praja wus kajiwa bumi.

Ing panjunan gen kumpul Sayit Ngabdulrakman nenggeh ketela ingkang pranama

Pangeran Panjunan Lewi pandhina gung ginatama balane kagiri-giri.

Mawi pacalangsal dhedhu masih ika anitihi

adhating ratu Bagedhad wus angadhegaken masjid ing panjienan tur kinarya bar jumangate berdhiri.

(15)

wateking pandhita ganas ora angringi Jawi.

Angaangge sakarsanipun ora mawa tari-tari

jengger lan sabalanira padha angkuhe dhumadhi angratu sabalanira

ora nganggo tata kering.

Adhat sabrang ngejor nepsu tingkahe sabagi-bagi

ngungkuli rerekan Jawa adhat Begadhad den siti sang Lumajang tan picul ing ngadhat Begedhad sami.

Ing sakarsane den eludh dhadi ika sanget ngancik wus urana liyan seja pyambake niyat ngratoni mila ing praciptanira Kuwu Cerbon semang ati.

Lan sapalih sapratelu

ingkang sami medhak maring ngarsa Sunan Kalijaga

nuhun kamit kamajati punapa punika ingkang gadhang angratu ing riki.

(16)

Ana kusuma kang rawuh tedhak Rasul bangsa Mesir ing pagurayanganingwang iku kang waris ing riki ngamet pusakaning biyung tan kilap karsa Yang Widhi.

Wene ingkang sami nungtung wangsit dhumateng Sang Wali bungko ingkang ngapaparab Sek Lemabang tinakeni punapa punika ingkang gadheng angratu ing riki.

Kandikanipun Sang Luhung dhudhu iku ingkang waris iku kusuma Bagedhad tan duwe waris ing riki ora bedha awakingwang

wong ungsen tan gadhah waris.

Tan bedha Pangeran Makdum kelawan Molana Magrib

iku ungsene kusuma saking negara Andalis tan duwe waris ing Jawa mangkono purba Yang Widhi.

Dhupi ing wetan tumuwuh Sunan Bonang sabat waris amet pusakaning biyung ibunipun saking Jawi putrine Ki Arya Tuban mamane angadheg aji.

(17)

Putrine dhipati ratu

Balangbangan kang sejati marmane angodheg Sunan ingkang sarta cacangkoking ibu praja Balangbangan ora angambat sawani.

Dhupi Sunan Kali iku atunggal pusaka Tuban ramanipun Wilatikta putrane Ki Arya Tubin cacangkoke iku ana ing Wilatikta nagari.

Supaya ora dhen tunggu dhemen ngumbar mempal keli dhedhepok nang Kalijaga Sunan Kudus mapan tunggil mulane ngadheg Sunan pon cacangkok saking Tuban.

Nininipun Sunan Kudus kang ngethu rayining Sunan Bonang hiyan nyata marga purbaning Yang Widhi amaningkaken kagungan maris warise waris.

Lha iku purwaning weruh wong Cerbon lakuning waris sarta ing tekadh nyata

Pangeran Panjungan mangkin mangsa ngadhega narendra mangka ing lamine lami.

(18)

humahumala dhesa ing kajaksan aneng jati ing Sembung ing Junti ama ngidul ning Jepura nisih.

Nanging papretahanipun sing Panjunan ikang niti dhatan suka pinarentah sabalane ika dhening liyane bosa Panjunan padha dhen belani pati.

Bala Bagedhad kalangkung rempuge dhen nanduweni pancakara lan wong Sundha nuli sadhesa ngebyuki ora andhapur urusan janji repuke sakalit.

Yuswa kawan welas warsi dhen gunem-gunem ingangkat ing jenenge pangratune

mangka ing sawiji dhina Sarip Hidhaayatullah amanggih kitab tinemu

saking gedhong pasimpenan.

Kang ngatulis mas kang ngadhi nengge kitab umulkalam

kang aricik kakekate Mukamadhiya kang nyata Nabi ingkang kiniga

ing Ngallah ingkang sinawung tang antara lawan Allah.

(19)

basa jahamit polatan.

Mukamadh ingkang sejati Ni Mudhaim sabdanira Rasulullah wis sumeren ing ngastana ing Madhina sing dhimargane tinemu sira aja lunga-lunga.

Kang putra esmune runtik esmune tan kena cinengkah Nini Mudhaim garete

sowara paring uninga maring papatih agupuh

sanget nggenipun nanyengka.

Sampun putra anglinggani pon punika raja-raja sampun akempal arahe ngistreni jeng Molana putra kang dhen ingangkat mangke jumenenge ratu ing Banisrail nagara.

Kang cinengkah amangsuli Apa karepe jeng paman kula mangsa jeng ngakampoh ajeng lunta paulatan

ingkang jeneng Mukammadh patingunkah wuwusipun Rasulullah sampun wapat.

(20)

Pinten dengune wong mati pinanggih aken lan kula poning Allah amurbare

wangun angel dhadi gampang sarya ika akesah

nguluk salam alumayu

ngidhul pra sami dhen udhag.

Sinusul susul sing wingking nging bandu kula santana ora karuwan keplage dhen ruru-ruru ing marga mapan datan kapendhak anggeyak alas lan gunung prandene dhatan kapendhak.

Ganti mara kang ngulati guwa peteng linebonan ing jurang rejeng dhen gosek sumawona pahumahan wus pirang-pirang dhina kang ngulati godhang ratu kang anglolos saking pura.

Tan kocapo kang ngungulati patut wong iko sedhadha dhen tutupi paningale dhenira karsa Yang Sukma kocapo kang ngasadhya angulati Kanjeng Rosul Sang Anom mlebu wana.

(21)

Gebyar-gebyar memadhosi napase gumrangsang kadya mendhung lisus pangesese sareng wus pedhek sang naga sigra njengek tumingal

maring sang Anom kang rawuh angakak akata jalma.

Sabdane sira wong ngendi marene pan dudhu ngedhai dudhu pasabaning wong sang Anom sabda wangsalan isun kaomba sasar

dhalan ing kene kapareng sejanisun paulatan.

Ingkang dhiri Kanjeng Nabi sang naga ika wacana Rasulullah wus sumeren dhen kubur aneng Madhine mustakil katemua

sang Anom ing wuwusipun ora sun ciptas pejah.

Munggung Allah luwih bangkit munggung Allah sipat murah ewuh apa dhen nagawe anemokena kang pejah kalawan raganingwang sang naga getem emuwus teka sira ketemuwa.

Kelawan dhiri Jeng Nabi poma mengko aturena salawat isun jatine

maring Kanjeng Rasulullah wis age sira kenta

(22)

Karanane kuljum miki iku panggonaning setan dhadya sang anom gerahe lampahe kebat tangginae watara sajumahat

lamine anglantrung-lantrung anuju witing camara.

Warnanipun kaki-kaki

anangging maksih tangginas kebat cukat ing tandange enggal sira atatanya e... wong anom ta sira sedhang tumaruna bagus aneng kene nambuh apa.

Nestapa ing gon asungil sang tinaya awacana panadyaning manehage kapanggiya Nabi Mukammad mengmijan dika punika sinten panjengandika.

Pianggih wontwn gen sungil ing seja punapa karsa dhatengipun saking kono warninipun narenggosan dhibedhag ning punapa sang pandhita wuwusipun isun ningkang panjenengan.

(23)

Mayu padha angunjungi menawi mengko ta sira sakajatira gengser katemu lan Rasulullah marga saking astana Majeti kang asung tuduh sang anom aris ngandika.

Inggih simananten mandi ing sapanabda jandika inggih kawula handherek sang ngipini asru ngucap la mengko entenana ing kene isun aruru

puwan nenggo pakan naga.

Karana pulo Majeti iku nagane lelaksan

kang padha galak sakabehe mulane isun renggosan kapriyu dening naga mung ngana siji kang estu naga kang asih marang wang.

Ujare hanjaluk redhi

puwan kang akeh dhrapona wuru sawuse mendeme iku je mehoken sawang sing kupiye kang dhadhya sisireping naga agung iku seja sun pilala.

P A N G K U R

Sang ngipini sigra kesah patilaran puwan anepis wiring let sadhina nuli rawuh

sarta ambekta puwan

(24)

sang Anom kali pandhita dhumateng pulo Majeti.

Ming astana Jeng Suleman

adhan ula kang ngasih wus kapanggih ngopini gupuh apasung

puwan adhan tinenggak

dhening naga wusing wuru dhadhi metu saking kupinge sasawang

enggal sira dhipun ambil.

Sawang ngika wus kaasta wus ginawe sisirep naga sami sabake sami aturu

ngijoni sigro lunta

kali sang Anom ming astana malabu kang layon Nabi Suleman

gilang-gilang aneng kathil.

Jamaninipun waluya ajaja jisime kang angrigrig mandhangane kang rinasuk dhening Nabi Sulaiman

selawase kabeh ora kena lusuh anyar bae katingalan

gilang-gilang saya wedhi.

Tinon kang layon Suleman kadhi mesem natyane larak-lirik mangga ngucapa ing wuwus anom sira miraya

kang tan awon aja sira campur pandung iku singipini ingkang

pandhita seja mamaling.

Sang anom tampi ing ulat sigra mire sauja aniniteni tandung ngipini lumaju ika sampun nangalam

(25)

seja nyolong aliyali.

Kang nang panudhu Suleman

cincin manlukad kang seja dhen ambil ora gnati dhawuhipun

ingkang gelap sayuta

pandhita Ngipini wus lebur katunu jasmanina burakrakan

kadhi gelepung ing siti.

Sang Anom sigra kabakta

dhening kukusipun gelap sakethi kajunjung raganipun

kangkat ming ngawang-awang

munjuk-munjuk limengan awor lan mendhung kanyalesatipun lebah

medhal saking dhundha mangkin.

Kasangsang maring jabalkap

ing kana Sang Anom sampunna manggih sawiji wong tapa gempung

tejanira wus kadhya

lintang rahina komaranira mancur pitungkur ana ing kana

bari hanyandhing ing kedhi.

Jomantening kang cahya

isine katon saking jabaning kendhi sang Anom aris amuwus

he sang adhine tapa

punika kendhi punapa aneng riku sang atapa sabdhanira

kawula tan nguningani.

Waktu kula nembe prapta

pon punika kendhi sampun ning riki tan uning pinangkanipun

sang Anom awacana

(26)

kendhi dharapon wawarta aja tewas dipun sandhing.

Sang Mahatapa lingira

hanglangkara kandhi dhen tatakoni atawi kinen sumahur

sang Adhan sigra

amedheki maring kendhi sarya muwus sira kendhi apa baya

lan nasalira sing ngendi.

Tang dangu kendhi angucap kula kendhi asal saking sawargi nyanyadhang tuwan satuhu kang sampun kawandasa

dhinten tuwan boten dhahar boten nginus punika cacadhang ing Yang

tuan minuwa tumuli.

Sang Anom wus lumaksana

dhahar toya sapratigan kang masih tinundha kendhi amuwus

dhen ta tuwan telasa

dhahar toya pinasthine anak putu tuan amadheg narendra

dhugining dhinten kari.

Boten mawi mendhang mendha amarentah sagunging kawula lit sang Anom wusing mintuhu wangsita ingkang mangkana

anginum malih dhugining telas sampun kendhi sineleh angucap

pasthi keselang ing benjing.

Anak putu tuwan ingkang

madheg ratu ngangge kaselang benjing kal pamarentahing ratu

sabab tuwan nadhahar

(27)

mangkana ical tumuli.

Sampuning sang kendhi musna sang atapa langkung gawok ningali mangkana ing pikiripun

ingsung iki atapa

windon takeran taun durung nganemu sihinh Allah ingkang kaya

sang Anom kang nembe prapti.

Nunten sang Anom pamitan saking ngarsane sang tapa tumuli ika sangsaya aneruh

ing lampah pangilaran

wau ingkang dhiri Kanjeng Rasul anurut paraning tindak

tambuh paraning lumaris.

Dhugi mangke satus dina

tan kaserepan dhahar kelawan guling dhadhi ingkana anemu

ing negaraning nyawa

ning wong mati perang sabil wus kadhulu nagara kang luwih mulya

apa dhudhune sawargi.

Karikil inten lan mirah

manusane kang padha berag sami jejaranan gumarudhug

nyandhang sandhangan swarg bari getihe pating kulawer metu tatune pating jurawing

gandane mebukka wangi.

Ora hangrasa dilara

Pijer suka bungah sabagi-bagi dhen wus kenal nuli kumpul mangan nginum asurak

(28)

ing pepajangan kang mulya saking pepajangan kang mulya saking tilaming sawargi.

Dhen wus wungu nuli sira

sami siram ing talaga kang wening wusing siram padhang rasuk saking busana swarga

nuli sami dharmani sakabeh iku pre sami asuka rena

anitihi sambarani.

Sang Anom gegetun mulat amikiri ingkang dipun tinggali iku manusa kang tatu

teka tan ngrasa lara

tan antara tumuli ana kang rawuh manusa kang bagus warna nitih kuda sambarani.

Iku ganjaraning Allah

dhen paringi rijki kadhi sawargi tan nana prayitnanipun

sadhina-dhina suka

bagjanira ing kene sinungan weruh katemu kalawan nyawa

hiya iki mamareki.

Sira gadhang kinawenang

sapatemon lan nyawa Kanjeng Nabi kang sira ulati ika

ing Allah sipat murah

lan iki tampanana pigegelisun wowohan saking sawargi dhingin olehingsun methik.

Dhuk jaman Nabi Nuk kuna

ora nganggo bosok dhumugi mangkin sih peparinging Yang Agung

(29)

dhadi raga Waliyullah dhen ta pekenira iki.

Lamun la dhurung gugupa kanabiyan yektine sira iki hiya nabi jenengipun supaya kanabiyan

ing mangsa iki iku sampun katutup dhining nibuwat Mukammad kang lagi sira ulati.

M I J I L

Sang Anom enggalipun natampi

wowohan kang ijo dhupi dhen dhahar ika raose sewu rasa sabagi-bagi

ning miqmat kang jati paringing Yang Ngagung.

Sang Anom nuli tatakon warti lah tuwan ing mangko

pinika punapa punapa panjenenge malekat punapa si ejin

kang kinugan nangling manira puniku.

Nabi kilir pan jengan mami marmane pinaos

taken umur dhining Yang Murbeng reh nggo pranti andhawuhakening

wakdhu ingkang kapi maring walinipun

Karana Jabrail wus tan kenging ngomong lawan wong

sabab wong yen sapocapan mangke lan Jabrail kukume nabi

(30)

Lawang kanabiyan wus den kunci marmanipun ningong

kang kinarsan dhawuhaken gunge wakyu kapi kang maring wali singaha kang bangkit

ngomong lawan nisun.

Kukume iku ajeneng wali kang masi malongo

lawang kawaliyan saluntane sahingga besuk jaman nakir panutuping wali

Imam Mahdi besuk.

Isun yen wus handawuhakening wakdhu kang marono

ming Imam Mahdi isun tan suwe paninisun ing ngriku benjing dhening ngajal sakti

sadidh patinisu.

Lha sira uwis deng becik keri nabi Kilir dhangdhos

nitihi kudha sambrani saweg ayun pinecut gasik sang Anom ilhaming manaharsa milu.

Dhateng hamburu hambocong ngaglis cinengkatan kampoh

dhadhya katut kagawa kudhane

keplas miber lir ta lereping kilat kang ngagesik dhedhelengan mamung.

Lor kidhul wus ara na kahaksi silep datan katon

(31)

lir syarga kadhulu.

Putut iku lamun kanthang puri Makmudh aneng kono

sang Anom ika sampun sineleh aken aneng lambunge wukir sinebdan sejati

dhang ngidhep hanunggu.

Nganti panarwe ingkang pinambri mengko uga katon

dhuk nabda samana dhatan suwe Nabi Kilir musna tan kaksi

sang Anom akari ing kana ki lusu.

Hanjejep tinggal tunggal anganti dhatan ana roro

anging nabi punika pandenge dhatan na dhangu

ana prapti manuk hayam putih sing puncaking gunung.

Lir pangundang-ngundang ngacarani tumili sang anom

ngunggahi puncak gunung tan suwe ningali masjidh komala-dhi

ingkang nganelehi ing ngarah lor kidul.

Nuli katinggal nyawa Jeng Nabi asumong mancorong

amadhengi ing jagad sakabeh sang Anom hamburu aglis seja hannyujudhi

ing nyawa Jeng Rasul.

(32)

lingnya ja samono

kapur sira dhen nembaha mangke padha hanya sira dheng jati

sujudhda ing wisdhi Pangeran kang Agung.

Kang asung ganda ming sira kaki mangsuli sang Anom

kawula nuhun satangat mangke barkah kabengat ingkang sajati salamatan ing

ngundha keratipun.

Ing nyawa Rasul mangsuli he sir wong anom

dhadhiya sira ing kana mangke gagantinisun dhipun eling

ing pasamayaning pati urip iku.

Tan bedha langgeng tan keneng lalis sukmanira anom

iku Allah aja salah mangge dhingin kari ora ana anging tunggal tan kakalih

ananira iku.

Ciptanen roro-roroning tunggal anging dhipun anggo

warana hangramehaken raje nudhuhaken kawula gusti poma dhenga mangkriby kang ngujar punika.

Hanyampunakakana ngamal lahir sarengat kang jatos

(33)

Aja ngilangaken adhat lahir sampuning samono

wising tutug banget sejatine sang Nganom nuli sajen maning tingal kang ngajaib

padha musna sampun.

Dhadhi hangrasa sang Nganom kadhi raja Ngajam gawok

katekan wengidhudhu prantine pepetenge anglang-langkungi dhiwegira sami

majemugan ngilmu.

Para pandhita pawong ngalim kumpul aneng kana

pra sami kagegeran petenge mangsa awan peteng lir wengi sasilaking wengi

sang Anom kandhulu.

Gilang-gilang cayane ajarning raja Ngajam panar

dhen nyana ika ejin angedheng ingkang nulerma ing mendhung riris sapindha mastani

lamon iku kudhu lamon iku kudhu.

Wanennyana waliyullah mangke lha iku ing kono

Sarip Hidayatullah katone karuruhe dhen iku wali

kaya wong ngedan si ibu dhewek karo adhinira ing puri

(34)

Dhen oyak keng ngalas tan kapanggih pamanira gawok

ngulati sira tan tinemune

dhadi kabeh-kabeh padha priyatin satus dina iki

ing nagara samun.

Lah kaprenan kan kang sira ulati ature sang anom

barkah ibu kanggih jatine ing masjidh patemoning gaib sampun nanjateni

ing bengat lan juruk.

Kinen kaula hangabekteni wangatuwa wadhon

layon kinenhangunjungi ing Bet layan kinen ngulari mursidh guru kang sajati

kadhos adhat sampun.

D U R M A

Genturanning kang bandu kula santana dhen putra ingkang gaib

samangke wus prapta ana ing dhalem pura enggal sami amanggihi idhin Molana

sami suka ing ati.

Patih Ngunka asmarahaken nagara sabdane lah puniki

kagungane putra sampun dhaweg kaasta Wilapati Banisrail sang Anom nabda sampun gemen saiki.

(35)

satuhu kang patwa wau Jeng Rasulullah kawula linena kajji lan pailaran

guru ingkang sajati.

Kanjeng ibu muga-muga ngidhinana kawula ayun kajji

layan pailaran guru ingkang utama Saripah Mudhaim angling hiya sok mara

amung dheng ngatiyati.

Sun sangoni iki tas kalawan dinar sewu lumayan kaki

go tulak malarat sukane atinira

anggawa mantri kang ngendi pilihen sapa

kang putra anahuri.

Boten najeng bakta sanunggal punggawa meng punika peparing

ibu sewu dhinar bilih mandi ing sabda ibu ngendika menawi tulak malarat

bilih mangke nemahi.

Kawula bilih manggih kamalaratan tiyang islam dhen nangling

ilok boten gagal

ing temah manggih nyata suwudh kawula kang mugi mangke katura

ing jeng ibu kang jati.

(36)

ingkang kawula titi sayektos kawula

nuhun barkah piwejang Saripah Mudhaim angling he anak ing wang

sira dheng ngatiyati.

Laku iku aja sira malar-malar ingkang ngebot-eboti

alung kang basaja aja turu ta sira

dhen nora katekan narip lan aja mangan

yen tan katekan ngelih.

Aja nginum yen nora katekan dhage telung prakara kaki

iku lakonana ing sakwasanira aja sumakeyan kaki

dhenga basaja angonaraken dhiri.

Pira bathine wong takabur ngaleman atemah dhadhi langip

balik apa nora

atemah dhadhi kuwat sun pujine sira kaki

mengko nemuwa karta sik legi.

Sang Anom adhan ngunjung sigra pamitan wus medhal sing nagari

Banisrail lunta

nyamur ing lampahira atuladh lakuning pekir samarga-marga tan nan kang pidhuli.

Watarane lelampahan pitung dhina nuju marga iringi

(37)

wong sapuluh wong Yahudhi abegal dalan

angadhamgi ing margi.

Pating jaringklak tandange kaya bajag surak suka-sukati

sabdane ladhalah iki bayangan kita

pitung dhina dhurung manggih wong liwat dalan

dheng yatna sira mangkin.

Wong ngadon leledhang dhewek tanpa rencang la hiya pisan iki

ngajarken sira

mengko lunta wuwuha yen karang sukur pinasti amulih aran

arep gudhi ming ngendi.

Siro wong siji anom tanjung lolohan pareng pedhek kaeksi

sang Anom wacana he sira wong sadhasa arep hambegal mring mami wong islam ora

bisa kumidhing milik.

Hiya iku sakathahe sangungningwang dhinar sewu ya iki

apa karepira

hanjuput la yen sira ora welas maring mami wong tunggal-tunggal dhinadheken ning widhi.

Hiya juputen sakabeh sanguning wang wong islam tegan pati

(38)

senadyan lunganing wang ora tanpa sangu maning mangsa nejaa

bebegal jepumeli.

Mengko uga saengon-engon tinaken rijki saking Yang Widhi

senadyan na ngalas iku dhen karsakena

dhening Allah padha mangkin pon dhadhi emas

pinangka sangu mami.

Mangka sapuluhih Yahudhi sami mulat ing ngalas kanan keri

sampun nambara dhadhi emas sadhaya Yahudhi lenglenging kapti

gawok tumingal wong anom apa iki.

Teka kaluwihane punjuling jagat la iki patut kenging

kita tut buriya

ngaumbana ming kita anuwukana ing tedhi kita sarowang

padha malebu muslim.

Malebu islam dharopan kacukupan ing sandhang panganan dugi anak putu kita

kabehe kararaban yata sapuluh Yahudhi pra sami tobat

sarta malebu muslim.

Wus winuruk kabeh kalimat sahadhat dhening sang Anom nuli

(39)

nyekat sewang mwnggal Yahudhi siji.

Kinawenang besuk lamon kurang mangan manjing ngangilas iki

pasthgi nemu dhinar yata sagunging begal sampuning islam pra sami seja tut wuntat

sang Anom tan nyukani.

Krana isun lagi nyamur ora kena padha sira tut buri

wis padha mulya maring pamohanira pon sira wus sun janjine yen kurang pangan manjinga ngalas iki.

Pasthi besuk amanggih sakarepira Yahudhi wus lumaring

kampo tan tumata

sang Anom wus lumunta lampahe hanbanjur nuli dhugi ning Ngarab lelakon bali sami.

Sasami tumurun sasami raratan hambeneri musiming

waktu kajji akbar Sarip Hidayatullah sampun andhatengi kajji kadhi adhat paranti.

Ing nagara Mekkah tan nana uninga lamon punika wali

(40)

kumalasepa

iku tememen nyanyantri.

Ing pangarsane Sek Najmudh Denil Kubra iku kang dhen guroni

dhenira wong mekkah miwa Sarip Hidayat dhadhi juru ladhen nyantri ngalabda bengat

dhateng iman Najmudhdin.

Wulanan kuimalesepane ing kana nutug pinra cantani

ing ngilmu kang mulya ing tarekah imtilah satarilam nakis bandi gempunging lampah lempenging irap sejati.

Sek Najmudhdin kalangkung ing ngesihira jantraning makripat

paparabe wus dennalih sinebut nama

Madhkurullah winuri.

Ing nama peparinge pandhita Mekkah rehing sampun ketawis

ladhen madhburullah gandhaning ginotama

kang pramila Sek Najmudhdin langkung pracaya

dhumateng ingkang muridh.

Muridh sing banisrauk sang Madhkurullah lami genipun ngabdi

ing pandhita Mekkah kedhep takeran warsa

ing ngayunan Sek Najmudhdin sampun sabadhan

(41)

M E G A T R U H

Madhkurullah ature ing gumunipun kadi pundhi ing jali

kang badhe kaula lulus sakenning lampah haurip Sek Najmudhdin sabdonya lon.

Ing ngurip ojo ngebot-eboti laku dhipun tega marig pati

yen wacana dhen satuhu dhen rila kukum Yang Widhi la iku among samona.

Telung prakara iku dhipunna kukuh Madhkurullah sampun tampi

ing wawangkidhde kang guru mangkana lamining-lami Yang Guru Mekkah nabda lon.

He Madhkurullah sedheng sira aruru guru saliyane maning

dhrapon kabukas iku dhadhanira ing prakawis paramehan adhining wong.

Ing kena ana maning molana guru aneng nagara Modhili

Sek Ngalaullah kang ngagung bangsa Askandar linewi

pinuja-puja dhening wong.

Ya Tamadhkurullah nut karsaning guru sembahira ing pamit

(42)

Aguguru malih ing molana guru aneng nagara Sadhili

Sek Ngataullah kalangkung sukanira sapraptaning santri Banisrail mangko.

Kang Namadh Kurullah sinung pamuruk pamulang kang jati lewih

ing dhikir maring Yang Ngagung sugul kiyaralan malih

minsar talkin waridhding wong.

Madhkurullah wus tampi wisiking guru kang sampunna mrancanteni

kranten wus binadhe luhung dhenira guru Madhili

hiya sole sipate nom.

Suhudhde hanglangkungi kang sepuh-sepuh nanging sakehe isineng

nagara Sadhlitan jeru lamun Madhkurullah wali masuhur dhen nenom-menom.

Kathelah santri Banisrail kalngkung dhipun kasihani dhening

guru Sadhili kasebut namane sampun dennalih dhining sayidh guru kuno.

Madhkurullah dhen pindhah jenengipun Amarullah matur aris

(43)

aja angebot-eboti

asa majamak aja langguk aja lok ngungkul-lungkuli ing sapadhaning wong nom.

Aja susah tapa aneng gunug-gunung utawa guwa kang sepi

iku muwuhi takabur balik ta tapaa mangkin ing parameane ngewong.

Krana iku mundhak ing mustajabibun lan duweya sipat arip

dhen ana luputing laku dhen agung pangapurane la iki amung samono.

Wangsitingsun kang telung prakara iku ing mangko hanjugalani

Amarullah tampisampun wisiking guru Sadhili nyabranga siro dharapon.

Bukaa dhadhanira lantaran guru ing kene ana wawasi

ing nagara Pase mashur iku guronana

Dhatuk Sidhik namaning wong.

Hiya iku guru kajatiyanipun ramane Susunan Giri kang nama Sek Sidhik iku yata Amarullah amit dhinulua karsa Sang Kaot.

Medhal saking nagara Sadhili tulus numpak layar ika maring

(44)

saking judhah wus kemiring dhumugi Pase maguron.

Ing ngayunan Dhatuk Sidhik guru agung langkung sukaning galih

kadhatengan sang arawuh santri saking Banisrail Amarullah jeneging wong.

Ing nagara Pase tan nana weruh lamon iku je wali

kaenom-enoming wuruk Amarullah sampun tampi bengat saking guru kuno.

Ing tarekahan pasujating kang ngagung kanggep genipun nyantri

wus dhen alih jenengipun Ngabdul Jalil namanipun ing kana wus taker warsi gennya supala supanor.

... ... ...

ingasampun numpak layar maring praune juragane lon.

Dhumugi nusa Jawi ika katurun ing Karawang panagari

tinemu ana ing riku

wali Sek Benthong kang nami kang ngagung santri ing kono.

Amenangi ing kana sembaranipun ika Jeng Pawistri Adhi

(45)

Nanging kasektene langkung ing ngapunjul tur ing salawasing urip

tan karsa laki masuhur lalu murag wenthang ngadhi sumandi anaa mondhong.

Pirang-pirang kang mejang lamar anuku Gedheng baya langu lewih

wus anjrag amanah pungun prandene tan dhen pidhuli mila dhumadi ing mangkono.

Sabarana sapa ngandhapana laku ing kasaktene pawestri

pinasthi ing jodhonipun pramila para bupati

kasundhan sejo mangayoh.

Dhalem iban sing palimanan akondur mamenak saking talagi

dhalem Digraja Galuh Dipati ukur pan sami

sadhayu tan angsal kardhos.

Susunan Bangbapang Menak Cibalagung sakae tan nangudhili

mung ana sawiji luhung tedhak Mutalib kang nami dipun sambating nguwong.

Pangeran Karangkendhal ingkang pikantuh ngandhapaken ning pawestri

kantos ingudhag lumayu lumajeng ming pundi-pundi dhugi ing ngarsa Sek Kenthong.

(46)

ing Sek Kenthong ing krawis kandhikane sang Hayaktu sapa bisa mamalangi ingkang janjine wus kawon.

Isun tan bisa hanjaksani kang iku hembuga la iki santri

kaot ingkang nembe rawuh sumangga dhika saksami iku kang pase mono.

Ngabdul Jalil ing kana sumaja tulung adhan wacanane mijil

he karo sang buru-buru dheng idhep ing jati wangsit sampun ta kadhi mangkonon.

Hamaksa-maksa maring kang dereng purun wonten dening ing prajanji

sampun kawon inggih estu dhika sajodho ing benjing akerat boten ing mangko.

Pareng sinabdan amana kang hamburu dhadhi manahe aririh

hangraos wirang dhumulur ing ngarsane Ngabdul Jalil tan anglimma seja panor.

Sek Kenthong prasaptane la iki santri teka bisa

angidhepaken kang sulit

dhuganingsun niki dhudhu samaneha.

Ngabdul Jalil duganisun wali yakti tan nantara

Ngabdul Jalil nabda aris

(47)

Nuhun bengat mugi Tuwan handulari sih wilasa

Sek Kenthong sabdane ririh boten kadhugi mejang ing Tuwan.

Karanten Tuwan sampun langkung utami saking kula

hameng kawula tudhuhi

punika ing gunung Gundhul wonten Tuwan.

Ginuron ingkang dhipun wastani aji juba

punika minaten ugi

karsa medhang salinggih tuwan.

Yen Ngabdul Jalil saking kana pamit malampaha

dhipun wijang ing sajati

Sek Kaji Juba sabdane boya kangkat.

Amejango dhika wong Banisrail kranten dika

ngetuning wali sejati

amung kaula tudhuhi dhika ngetan.

Ing ngriku ing wetan amargi masisir saking praja

Kudhus ngaler wonten wasi

ginotama Dathuk Bahrul namanira.

Patus punika mejanga kang sejati maring dhika

yata Ngabdul Jalil pamit

lampah ngetan wus dumugi kang sinadya.

(48)

dhen uluki salam nuli

katon marga geng pandhitane gumawang.

Dhatuk Bahrul suka kadhatengan santri anyar prapta

ingkang asal Banisrail

gelar panawe Ngabdul Jalil hanembah.

Nuhun wejang ing kana dhen sembadhani ing tarekah

jajiya madhama kikir

sampun katrap sakabehing kang pamejang.

Malah lami Ngabdul Jalil ngabekteni aneng kana

Sek Dhatuk Bahrul ngamini

langkung ngasih maring Ngabdul Jalillillah.

Malah wus panindha jenengane santri iku nama

Wujudhullah kang pra nami ature Wujudhullah ing gurunira.

Kadhosa pundi lampahing kang paniti muga Tuwan

Handhawuhanna ing wangsit

Dhatuk Bahrul ngandika he Wujudhullah.

Ing ngamung aja ngebat-ebati dheng narima

ingkang asal Banisrail

gelar panarwa Ngabdul jalil hanembah.

Nuhun wejang ing kana dhen sembadhani ing tarekah

jajiya madhama kikir

(49)

Malah lami Ngabdul Jalil ngabekteni aneng kana

Sek Dhatuk Bahrul ngamini

langkung ngasih maring Ngabdul Jalillillah.

Malah wus panindha jenengane santri iku nama

Wujudhullah kang pra nami ature Wujudhullah ing gurunira.

Kadhosa pundi lampahing kang paniti muga Tuwan

Handhawuhanna ing wangsit

Dhatuk Bahrul ngandika he Wujudhullah.

Ing ngamung aja ngebat-ebati dheng narima

ing sapanduming Yang Widhi lara enak pati urip aja bedha.

Tunggalane sakabeh dhipun kalingling dhipun awas

ing wekasaning ngaurip

dhen nastiti aja ilok kang gegampang.

Senadyan ana angeldh-deledhi ing kamarman

aja gugup anampeni

dheng sarante iku wawatake barkat.

Titenana milik ingkang ngora suci gelis ilang

dhupi wong ngambek nastiti

awet barkat tumeka ing putra wayah.

(50)

ing kana angawulani

maring Sek Dhatuk Bahrul kantos ngandika.

Dhatuk Bahrul ngadikane ing saki Wujudhullah

dhening Sunan Ngampelgadhing

dhen sadhuluraken lan kang putra-putra.

Sunan Bonang, Sunan Giri, Sunan Kali aneng kana

sampun ngalim mutakalim

Wujudhullah salamine aneng kana.

Kena mujaning Sunan Ampel kadhugi ing saguwa

garbanira dhipun wisik

kaken jati kabeh maring Wujudhullah.

Adhan matur Wujudhullah hangasyasi he jeng nama

kadhosa pundi pribadhi

ingkang kaula masyulaken ing lampah.

Mangka ngadika jeng Sunan Ngampelgadhing he ya putra

mung aja ngebot-eboti

dipun kendel angajak prakara islam.

Aja dhawaka anging krana Yang Widhi dhipun anom

maring gunging sanak wargi

lan putra sedheng ing mengko adhadhiya.

Molana guru ana ing Gunungjati mapanika

waris dika saking ummi

(51)

Waris Pakuwan dika kang darbeni mung Pacuwan

nuli ngetan karadaning

wates Ci Pamali maring Balangbangan.

Iku dhudu waris dika dhipuneling lawan putra

yen mengko anglaksanani

aja dharat margiya saking lautan.

Yata Wujudhullah ing kana wus pamit lawan rengga

ing larunging darapaih

saking nagara Keling dhen jaga-jaga.

Dhening wong satus ing kalarunging aji sabab adhat

raja Keling lamon mati

layone dhen larungsaluring baita.

Dhen kambangaken ning laut ing salami ora kena

ora kang dhadhi pepati

kudhu tunggu larung salawase gesang.

Sarta wong satus ingkang ajagi-jagi pareng ika

wujudhullah aninggali

maring patih Keling enggal sinabdanan.

He wong tunggu larung nging raja saiki padha islam

bareng isun ana jati

sumandi tunggu larung pedhahe apa.

(52)

adhon sira dhen pateni

dhening raja Keling ingkang masih gesang.

Putra wayah sing Keling masih ngomati ngirim pangan

maring kita kawasa ndi

wit tuwite kita arep mingat-mingat.

Wujudhullah wangsulanipun narirah aja melang

isun kang naggung sayakti

pati uripira sendhekna maring wang.

Patih Keling bramatya atudhang-tudhing mung ta sira

wong siji nangung balahi

ne wong satus kaya pa kasekteknira.

Cacak coba tadhahana tutujahing bangsa kasta

adhan sang Patih Keling

narajang nuja maring sang Wujudhullah.

Dhadhi kajungkel nubruk suku sang ngadhi dhipun sepak

kontalipun sapambedhil

kalebung sagaranggap penggap angudhag.

Sigra sobat ing ngayunane sang adhi boten sadhaya

boten pisan malih-malih

sandhi kalangkung karsanipun ing lampah.

P U C U N G

(53)

adhan bibnurak payong ning palarungan.

Padha dhen usung maring muhara sampun Wujudhullah mulat

ing Gunung Semung wus sae pakirkinan yasane Arya Lumajang.

Dhadhya ika payon larung wus tinuwuh pinacek ing kana

ing karsanipun ginawe

langgar patani panggonaning ngibadhah.

Ngibadhahe wong satus siyang lan dalu wus mashur ing kana

Molana Jati jenenge

kang kinudhang-kudhang satus manusa.

Ing ngardhi hamparan tinggale wus gemu sabab kang astana

dhurung ana dhuk samono

nembe katon patapan kang adhi mulya.

Dhangu-dhangu pawartane kapintuhu dhenira sang Arya

Lumjang dhuk aneng

sisih kidhul ana ingkang lalaywa.

Nuturaken dhen kagungan dhalem Sembung kajabel denira

kusuma kang anyar katon

pating jalegrik padha amacek langgar.

Boten bema marang kang kagungan Sembung gedhe nuhun lila

wontena tuture bae

(54)

Gedhe Pangeran Panjunan dhuk ing wau inggih nuhun lila

ing Jeng Arya ing kene

sapinten karsa dhalem resa punika.

Arya Lumajang mesem alon amuwus iku kaponakan

nisun panduga marene

hiya endama karepena kang karsa.

Mung sira poma lutura dhene gupuh maring arsanira

kanjeng Kyai Kuwu Cerbon

kon padha angriyung ming hardi Amparan.

Putanisun sekaro konen katemu lan kusuma anyar

mengko isun nusul bae

sang dhinuta kebat alur satitaha.

Maring Kanjeng Kuwu Cerbon sampun atur ing satita

muwajeng Pangeran Cerbon

Nyai dhalem Pakuningwati pon sinungan.

Warta teges dhadhya sami bubar munjung ming hardi Amparan

sarta padha pasuguhe

sarupana dhadhaharan lan wowohan.

Yata ing kana sampun sigra katemu lawan kang sineja

Molana Jati wuwuse

bagja sanak sanakisun padha teka.

(55)

pinanggih layon putra tan krana molar.

Inggih putra dhadhosa ing tunggal payung ing praja Pakungdhya

dhon tikel katur sakabeh

putra jumnenga ratu amurwa islam.

Pajajaran idhepena imanipun aja awet Budha

age-age islam kabeh

Milana Jati kandikane santosa.

Dhereng prayogi sapunika hangratu kaula sanyate

maksih remen ning hanganolong

gampil mangke ing wingking mashaallah.

Arya Lumajang sabdane langkung-langkung sakarsane putra

nanging Widhas kabupaten

Pakungwati dhadhos kagungan putra.

Molana Jati sabda sabar rumuhun dhuk nabda samana

tan antara sadhatenge

putri Mesir babu Dhampul nama nira.

Pan sanyata kang sadherek misanipun Molana Amparan

tunggal eyang sejatine

kapernah putu dhening Jeng Raja Ngumdah.

Marmanipun nengejawa hiya iku Babu Dhampul mulat

ing tejane ingkang angendheng

(56)

Hiya iku ingkang dhadhi brangta wuyung kasmaraning teja

dhadhya dhen susung manggone dhugi lelayaran tigang sasi malah.

Tinemune tegene ning wukir sembung enggal sira nembah

ing Molana Jati mangke

sarta basaja anyidhkasken badhan.

Muga kacangkinga ming akerat besuk tumut ming sawarga

tunggil sabadhan saeroh

Molana Jati sabdane sun pracaya.

Sira sunnaka rabi ngakerat besuk wondene ing dhunnya

dheng bisa anyakrib bae

sira sun maku babula dheng narima.

Babu Dhampul ature inggih dhumulur ing karsa Molana

pati urip sejan dherek

lah iku marmitane kadhi punika.

Krana dening Nyai Babu Dhampul iku adhon warnanira

dhening kalintang agenga

lan dhuwure kadhi ana telung dhepa.

Nuli ana karsane Molana guru ika aleledhang

ngingsik kepareng tumon

sang Adhi Cangkuwang ing lautan.

(57)

lagi ngulati impene dhuk pinake.

Nyupena kala wau ana kang rawuh wawangkidhding kana

tetela ing pamangsite

he ratu Cikuwang dhen sira karsa.

Ing pati ora bedha lan uripipun ya sok ngulatna

urang lanang urang wadhon sajodho iku marmane sapunika.

Dhipati Ratu Cangkuwang kalem timbul ana ing lautan

pinten lamine ing mangke

dhurung bae amanggih supenanira.

Samya pe alummaking ing madyaning laut sarya mbakta saya

waring prandene tan bahe

olih gawe dhumugi mangke kapendhak.

Kapendhak ing tinggale Molana guru tumuli ing kana

sakalih dhen awe-awe

sigra minggir ing kana pinituturan.

He sang Adhipati aja karya iku aja salah tanpa

ing prakarsa urung roro

urang lanang iku tegese manira.

Urang wadhon iku tegese Nyi Dhampul sang Ratu kinarsa

(58)

Ing pati tunggal kalawan urip besuk lawan nunggal dina

kayapa ing dhunya bae

pocapana lahir batin tan prabedha.

Ratu Cangkuwang leng-leng dhupi mintuhu ing sabdo Molana

marebes mili netrane

sabdane inggih kaulha aprecaya.

Seja malebet islam adhan winuruk ing kalimah sadhat

sampuna tamopimjatine

Patih Kering pon tumut malebet islam.

Malah tut wuntat mangke dhumateng Sembung ing hardi Amparan

kalintang dhening subudhda

ing tarekah ing iman kalawan islam.

Tan antara sabalane sangaprabu Cengkuwang nuta islam

wus den tetesi sakabeh

kalawan panuruh kalimah sahadhat.

Ram Cengkuwang dhen pindah naminipun ajeneng Pangeran

cerbon Girang peparabe

sing lar saking agama ming kabudhahan.

DHANDHANGGULA

Kapanggih ruru ing kadhang wargi pon Cangkuwang punika

putra Pajajaran nengge igkang peparabipun

(59)

kalawan kang kaponakan

Molana Jati sabadhan sarokani atas dadhalan islam.

Dhadi sangsaya muwuhi maring gedhene jamangahake Molana ing puser bumi namane

yaiku hardi Sembung dhatan nantraning ngalami Molana ing Ngamparan

ming ngidhul sapunna mendhak ing pikirnane ingkang ngapranami Pangeran Mandunharja.

Kang riniyung kula bala magrib sabab Pangeran Makdun punika sing negara magrib mangke asal pinangkanipun

putra nipun raja Andalis pra sami anglalana kalih rakanipun

Molana Magrib pon tunggal

putra Andalis Pangeran Makdum mangkin kasuhur Aklulbiat.

Dhennya maos kuran langkung becik sawarane lir suling lan gambang agetas renyah lidhahe

mageng bawa ta katur

malah Wagun Pangulu naminipun ika pangulu babanean

saking magrib amanca ing Pakungwati ing Makdun wus handasa.

Krawuhan sek-sek Molana Jati kalangkung-langkung ngormatira wus apramota palunggon

Molana Jati muwus kul mriki ayun anyantri

(60)

boten kadhugi menggeh kahula langip mejang dhateng ing Tuwan.

Aleng tuwan pasiyare maring arah kilen menawi amendhak ingkang dhumadhos lejare ing manah ingkang lesu

mewsem ingkang dhinuking gosthi sigra nuli pamitan

lampahe dhinulur

ngilen-nglen nuli mendhak

gedheng babadhan ta handurane aking padha kenang sasladh.

Kalangkung dhining sesekeling ngati aningali tetanduran pejah

adhan miyos panabdane sapa bisa anulung

tatanduranisun kang aking dhapak mangko waluya meger kaya wau

jar putrinipun kang pelag

sun go upa aja kapalang sun pundhi dhadhi sesembah ning wang.

Hanadhangu putranipun nistri malajeng baring gawa rasukan jubah saking jurban jene basane kula nemu kulambi begus temen niki bari arum kang ganda ki gedhe amuwus

Babu nini kenang ngapa

sira saloro temen ambil kulambi iku kok kawenangan.

Dhening kang dhuwe si Radhen Dali nyolong kulambi mangsa urupa lan nawakira regane

tangtu iku pangrasuk

(61)

jubah kaya iku

saking ngendi iku rara

sira juputa kalambi jubah kuning sang putra ris anabda.

Puniki kula jupute saking rajega tetandurane rama sumampir wikan kang dharbe nanging sita tanem tuwuh bareng wenten jebah puniki meger dhadhako dhadhakan pulih kadhosa wau

gwdheng babadhan garjita

dhen tinggali nyata tandhurane pulih waluya kadhi mula.

Adhan Molana Jati nututi gilang-gilang sarira liligan tan ngangge rasukan mangke Ki Gedhe wuwusipun

Gusti sutejaning ngabecik katur ing pejah gesang jasadh kula luput

cekap kula among anak

dharbe sasalah mendhet asukan gusti sumangga abdekena.

Badhe pangedhang panutu Gusthi kandikane Jeng Molana aja

dhadhi marasa Ki Gedhe kabeh seja sun puhung lan putrine seja sun ambil seja sun pantha garwa Ki Gedhe umatur

kalangkung karsa Molana

karsa nampir tiyang tawing lun kasesi tur ala tanpa rupa.

Iku awite Molana Jati

(62)

wus sampurna ing kawine binakteng ngardhi Sembung pacareming ngajatu krami nanging nimas Babadhan nengge istri gabug

boten namutrani pisan

salamine gemadhos ing guru jati ngestu dhatan na nyimpang.

Yata ing kana lamining-lami kagurnita ing rat Pajajaran yen mangke Ki Kuwu Cerbon pajeg tarasi ipun

sampun mampet boten ngiseni dhuk ta bangip warta

yen Ki Kuwu iku

sujudh maring Sek Molana

dhadhining mampet ing pajege tarasi mungkir ming bawa prentah.

Prentah nagara tan den pidhuli pareng wengi ratu Pajajaran ninggali teja sumorot

ing lor wetan kadhulu adhan sang Prabu animbali dhateng pepatihira

ingkang naminipun Kyai Patih Lembusasra

kinen amung tik ika amariksani baya tenaning ngapa.

Padha tumandang sang maha patih sartane hambakta satus bala

keng lengkep sagagamane lan pamuk patang puluh

sampun miyang lampahing mijil

sing pura Pajajaran lampah siyang dhalu hanjujug enggoning seja

(63)

angungak-ungak

nyata kaya tejaning Gunung Sembung puncake dhadhya surak alaju

malah ika dhumugi maring ing Gunung Petahunan prasami ing riku

amraceka layen seja

ning manusa ing ngabathara wus bukti padha rujagen enggal.

Dhupihira hambrondong lan bedhil sigra kumyus bedhil medhal toya tumbak keris runcat kabeh guethekan maruntuh Patih Lembusasra tumuli nyereg padha ngamuka lan jejer masudhur

tanapen popor dheng kebat

dhupihara prasami angkat ngunggahi ingkang hardi Amparan.

Sigra lumpuh sawancining jalmi Pajajaran ngalosodh ding lemah ing Patahunan genahe

sadhalu kaya kunyuk pating jerenguk aneng siti ulate pundirangan

dhumugi ming Subuh enjing Sek Molana tedhak

kalih Patih Keling sampun aningali ing bala Pajajaran.

Kang padha lumpuh pating jalerit padha tobat nuhuraken gesang paring usadha lumpuhe

Jeng Molana hamuwus ana tetambe lewih mandi ngaran kalimasadhat tampanen dheng estu yata bala Pajajaran

(64)

sadhaya sampun islam.

Wong satus dadhi tan bisa mulih kakukudh dhening Kanjeng Molana tan nemut maring gustina

marmane ika nemu

patang ngatus muridh Sek Jati satus wau kang untar

wong Keling kakukudh

wong satus saking Cangkuwang satus saka Kuwu Cerbon apa maning satus sing Pajajaran.

S I N O M

Mangkana siji nalika Kyai Kuwu sangkan urip dhuk naskalanira mahat are wus kadhuli-dhuli tantrung bengikepati pati pakasabanipun tali purwa dhaksina kasengsem ing siang latri

pijer angupadheni ing papahatan.

Mangka karsa Sek Molana karsa kaparing pakeleng maring Kuwu sangkan gesang dhen lantari nyamuraksi apindha-apindha santri liwat mring ajennging kayu medheki kang amahat sinabdanan apa kaki

masih milala dheresing papahatan.

(65)

Molana hangandika ana kalimah kang dhadhi

handeresaken lahang la tampanana.

Yata Kuwu Sangkan Gesang gupuh-gupuh hanampeni kalimah-kalimah sahadhat pareng winaos tumuli mampet ing sakathahing lahange tan nana metu adhan sapandheresan sewote acangcut gilig

pepisuhe ngumana etong wirasa.

Braga-brigi sejanira Molana Jeng dhen taboki dhen candhak gupuh lumempat dhen cawuk-cawuk nginggati Sek Molana lumari

sang panderesan namburu kiter dhen udhag-udhag ngalor ngidhul dhen tututi

pareng kesel Molana Jati lamabda.

Rika jaka bina-bina mrana-mrene hiya tunggil kadhunyaning kang dhen palar dhelengen ika mang buri dhupi mangke dhen lirik ing tetela ika muruh dhinar wus hambaranang dhadhi mangke abebalik

condhonge atine hangruroni dhinar.

Sek Molana sampun luntah mantuk dhateng hardhi puri sang panderesan natkala pakemut leng-lenging kapti dhadhi ing kana pikir

(66)

Sumeja sun suba-suba sun nidhepa gusten mami tan kocap laminira

sang wali sampun udhani ing sakleseking ngati nipun kang seja mangulun aneng sawiji dina

Molana leledhang manih

kapanggih layan Kuwu Sangkan Gesang.

Molana dhen sembah-sembah kantos Molana dhen sunggi minggahe ing palinggihan dhen suhun-suhun sajati sambate adhuh gusti ya iki bandaranisun sampun den suba krana dhadhaharan manca warni

kina gegelen sesembelehan Adham.

Kang lagi nganrem koncara dhennika kaliwat guruh Adhan Molana ngandika kenengapa iki kaki ayam lagi nguripi

endhoge teka rika bunuh papanggang Jeng Molana Jati

dhen ceweng mungel kadhok puliha gesang.

Dhen eculaken sakedhap mabur sang ayam kabalik munggah maring patrarangan ngangremi endhoge maning Kayai Kuwu tumuli

sujudh karuna hangguguk langkung dhening nalangsa ing tingkah kang dhen lakoni

(67)

Barkahipun Jeng Molana ingkang estu narambahai maring isining pakung driya mashur ing sanusa Jawi lamon wali utami

kaparek maring Yang Ngagung akadhang rijalullah

sampuna badhan rokani

ing barang sangandikane katemahan.

Dhatan nana kasangketan ing saciptane dhumadhi sampuning kadhya mangkana Molana mantuk ing hardi Amparan anithi

sakikirnan hardi Sembung ing sela andhan-andhan majeng ngilen ingkang puri

durung majeng ngidhul kang yasa.

Kocapa ing Pajajaran sang ngaprabu Cakrawati rehing samengko miharsa yen kang wayah aneng Jati sampun masuhur dhadhi waliyullah ingkang kutub mageng agama islam unggul karamate Jati

katilap ing nusa Jawa ora nana.

Kang badhe angungkulana tan liyan dadhi kamandhi ming nagara Pajajaran apa maning pan wus bukti mamampet pajeg trasi lawan sang patih kakukudh wong satus kang dhinuta ora ana kang bisa balik

(68)

Sami jar pinitarosan kaya pa kita saiki

reh ing anake si Santang semune kira silih dhadhi apa ing wekasanipun kaprabon Pajajaran bilih mangko memekasi

rasanisun kaya wis tan duwe barkat.

Sajage anake Santang nepis wiring aneng Jawi sun titeni teka camah saking pangaruh mepasi kasakten padha gaib ing sabawa rasanipun embuh ta sira padha niniteni apa belih

kang pinariksa sadhaya nem katuran.

Kawula pon sapunika boten kadhugi pamikir tan kilap karsa narendra sang prabu ngadika malih becik uga saiki

kita dhingini anungkul isun wong tuwa seja nyalondoh malebu maring

agama islam agamane si Santang.

Yata gunging putra wayah Pajajaran sami nangis tan kangkat anglangkungana ing karasane narapati

sampun reringkes sami seja anungkul ming Sembung reka asrah bongkokan

ora kaya sarawuhing

purwa kalising ngawang-ngawang tumedhak.

(69)

isun teka ora ngarti apa gawe lumiring ning agama bosok kutul tur kenang lara pejah

mung ta pusaka kang dhingin sadhabujengga iku gawene apa.

Ora ya iki pakaryan yata sigra narapati ngalap sadha tur sarya amisikaken ning aji pameraden kang maring Bandu kulawarganipun malem Kemis mutabar

malem Jumngah angunggahi

puncaking gunung gumuruh wus pinapag.

Ing sagung para jawala widhyadhara-widhydhari upacara kahiyangan

lan payung agung pangasri ning umbul-umbul kulit lutung ngakumbala buntut singa balereng jalang ganda rum anglaya hamrik wis sinatata ika kelawan dewa.

Pra samya miber awiyang amunjuk kang gayuh langit ngalor ngetan purugira hamgeng susirna gaib ana putri sawiji

ingkang katilar akantun Dhewi Balilayaran rehing wau hambangsuli

jangkula kancana marimane katilar.

(70)

dhumadi lara anangis saparan-paran nuli katemu lan Jaka Kabu je asal kalupira

wau prabu Siliwangi

wis tetriman lan Dewi Balalayaran.

Wus dadhi ing jodhonira ing kadhadhen wuri-wuri ing jaba kutha Pakuwan mashur padha dhen arani dhening kang nyambattasi Sunan Kaabuwaran mangke ing sajabaning kutha

wus sinatata bupati

pangriyunganing putra wayah Pakuwan.

K I N A N T H I

Sunan Kabuwaran niku lamilami amutrani

kang jalu ingkang winastan pucuk jumeneng ge benjing panungtunging ratu Budha ingkang awit anampeni ing agama Kanjeng Rasul saking Sek Molana Jati tapi mengke dhurung teka ing waktune anampeni krana mangke Sek Molana dhereng karsa hangratoni.

Lami-lami Sunan Kabu wara napuputra istri

kang nami Putri Mandhapa hiya iku wiwinihing

kang aran Ratu Manelang besuk aneng jaman akhir.

(71)

anggolendhang dhadhi alas ora nana ratu dhening anak putu Sundha pecah handum saenaking ngati.

Tan nana pogeranipun

sapandhum-pandhum pribadhi wus padha sawang-sewangan Sunan Pajengan kang linggih ana ing bumi Kuningan mangkana ingkang anami.

Baros ngorah ing Panjalu Sunan Mandya alinggih ing Taraju pernahira sang Panggajata palinggih ana ing Gunung Pawenang Raden Tetel kang ngalinggih ana ing bumi Kuningan mangkana ingkang anami.

Boros ngorah ing Panjalu Sunan Mandaya alinggih ing tarajiu pernahira

swang panggajata palinggih anan ing Gunung Pawenang Raden Tetel kang ngalinggih.

Ana ing prawta Bandhung Radhen Lawehan kang linggih ...

... ana ing ukur nagara mangkana sang adhipati.

Kartaman iku tuwuh ing Limbangan ngapit dhiri

(72)

ing Maleber sariyaksi

sang Hyang Mrayak ingkang lenggah ing Cilutung arja urip.

Dhalem nara kang alungguh ing kajaksan apa maning dhalem Nayu kang alenggah ing Ngendher ingkang pranami Dhipati Cengal Wibawa

Sunan Raja Mlaka malih.

Ratu Panten kang alinggih ing timbangan nagara Liman Sanjaya kang linggih ing Sundha larang wus mernah Prabu Sandhang lumuh mangkin.

Ing Sanggraherang tumuwuh Hyang Jampana kang alinggih ing Pering Bahulayang

sang Hyang Lutar mangke linggih ing panembong pernahira

mangka serpenna ciputih.

Ing Kawali nggennya lungguh Tajimalela kang yekti

tumendhak maring memenak sumedhang Ciasem malih Cyanjur Bogor mapan tunggal Punapa malih karawis.

Dhupi sarenging mintuhu Kanjeng Sek Molana Jati yen Pajajaran wus meradh dhumadhi karsa tumuli yen kesaha dhateng Arab angestreni ingkang raya.

(73)

ing wilayat Pajajaran pramilanipun kang rayi Nurullah karsa dhen angkat hanratu ing Banisrail.

Sampun weweling satuhu ming Babu Dhampul kang becik si Babu kari kalwan

patih Keling patih Kering patih Lembusasra poma sawuri dheng ngatiyati.

Bok bae ana tetamu kang becik angupadhemi sebab isun nora lawas pira kadhar angestreni rayi Nurullah aing kana ngadheg ratu Banisrail.

Sabab ika tangguh isun yen ora isun kang ngapti mangsa anaa kang padha amikir wilayat aji

sanadhyan uga anaa mangsa dharbea wewani.

Sembah sang wineling nuhun barkah Molana kepundhi salameta ing ngasambang kagungan dalem ingriki adhan Sek Molana kesah kalih tetekan anuli.

Lempeng nggenipun lelaku tan nyimpang-nyimpang sedhemi lautan wus linampahan

(74)

Kapanggih layan kang ibu Nyai saripah Mudhaim kalangkung ing rena-rena ing sarawuhe kang siwi sambate dhuh anakingwang apa wus tutug anyantri.

Wiangsulan inggih sampun malah cacaturan sagunging kalampahane ngumbara tan nana kaliwat siji

kang ibu kalangkung suka miharsa caturing siwi.

Kyan Patih ngunka agupuh angaturaken nagari

Molana Jati wus wakca he Ibu he Paman Patih si adhi Nurullah ingkang sun angkat mangon nyuluri.

Ing Banisrail hangratu pusakane rama aji

dhupi manira kang ngalap pusakaning ibu mangkin ing wilayat Pajajaran sejo mangko sun linggihi.

Yata sagung para ratu tan nana wani maloni ing karsane Sek Molana yata aneng Banisrail tukes angistuni raja kadhi adhat kang paranti.

(75)

nunten Molana basaja dhumateng ibu Mudhaim.

Kula ayun lumaku sapatwa ing guru sami kinen kula dhen kendela anggelaraken nagami singa bodho dhen wruhana ing manca-manca negari.

Arab sabrang kang karuju pundi kenta saking mangkin saangsal-angsal kula

ngestokaken sapatwa ing guru-guru layan sadhya

wangsul dhateng Cerbon malih.

Wonten dening kanjeng Ibu mejang-mejanga pun adhi ing lampahing karajahan bilih adhi kirang ngratu

benjang pun nadhi dhen kontap proyogi nyepeng nagari.

Jeng Ibu kaula pethuk maring Cerbon anglinggihi pusakaning Pajajaran Saripah Mudhaim angling hiya apa privatira

si ibu sadhya nuruti.

Hiyaya ing kene iku ana adhinira aji nanging ora kaya sira aidhap tuwa kang sajati muga salemata

(76)

Sek Molana pamit sampun miyos saking Banisrail lampahipun tanpa rencang kalih tetekan kapanggih kelawan putraning raja saking negara Kabeti.

Ngabdulkapi namanipun kang lagi kasereng dhening tinundhung ing wangatuwa marmane Ki Nagbdulkapi saparan-paran kapendhak kelawan Molana Jati.

Dhadhi ing kana atumut tut wuntat Molana Jati angunjungi ming Madhina Rasulullah ika nuli

ana maning kang sumeja tut wuntat namaning santri.

Ngadurrakim jenengipun nunten lampah ngaler maring nagara Ajahur kang nama sabranganing bawah Turki mangkana raja ing kana Raja Laut kang pranami.

Langkung ing pracayanipun maring sek Molana Jati kaya sadhulur sakalpa Raja Laut gemuyu ngapti serep sabadhan sanyawa anggepipun lair batin.

(77)

Nagara Cina punika he rencang kula pra sami ing riki angantosana sampun tumut anglebeti maring negaraning Cina endahing kula pribadhi.

ASMARADANA

Dhan lumebet nepis wiring ing nagaraning wong Cina tampa rencang ing lakune kacarita aran desa

Munjul kang rinawuhan marmane ana ing riku Cina wangun panjang jimat.

Hiya saking wuryataning Sek Molana dhuk ing kana isine kang dhesa kono Tumon kamet olihnya padha malebu Islam nyingidaken imanipun wedhi maring rajanira.

Dhangune Molana Jati wus kawarta ming nagara dhen ana pandhita kaot kalangkung ing saktinira mangka sang raja Cina nimbali pepatihipun

kinen dhen nika ngundanga.

(78)

wus kapendhak ing kana kalayan Molana wau marwang ingkang uteja.

Sampoalang dhadhya mangkin kawenanging tejanira

kalangkung lengleng manahe temah karuna sumeja

iman malebu islam nyingidaken imanipun wedhi maring rajanira.

Sampuning iman memuli wakca dhen pinotus ngundang Sek Molana wus handherek ing karsane raja Cina

dhuk mangke ing dhadhalan ana sawara karungu

abane heh Sek Molana.

Aja sira ngluwihi ngislamaken raja Cina luwih apa kang winakyon Rasulullah dhuking kuna pon ora kinawenang krana praja Cina iku

dhingine wus kenang sumpah.

Sumpahipun Nabi Esis lamon ora kena Islam dhuking kayamat kapire samono janjine Allah iku nagara Cina tan kinarsa Islamipun Molana Jati wus tampa.

Referensi

Dokumen terkait